Skip to main content

Kyai Tanpa Beban | Gus Baha | Resep Hidup Tenang



Kyai tanpa beban
Lho kulo niku sering, kulo gak sombong, santri sarang niku tangklet kulo
Gus sampeyan ki kyai nom, kok sawangane gak beban.
Beban piye? Ra piye2. Konco kulo kan taksih katah, latihan ngiyai lak digetingi wong kepikiran. Lak kulo sak mitsqola dzarroh blas.. Ngoten. Mboten kepikiran blas, wong sopo nganti digetingi tak pikir. Lha sampeyan mikir menungso kabeh makhluk e alloh, kabeh menungso dikersakno pengeran. Wong wong do gething, menungso tak anggep ra ono ngono ae. 
 
Sing penting rodhiyallohu ‘anhum wa rodhu ‘an
Sing penting ridhane Pengeran, sampeyan digeting wong kepikiran mergo, nganggep menungso iku jek ono, jek penting. Berarti maqom mu jek ndek, nganggep menungso nopoo?
Mulane jare Pengeran
Ala bidzikrillahi tathma’inul qulub.
Sing marai ati kemrungsung mergo eling menungso. Digethingi wong tersiksa, lak disenengi wong beban, Disalami templek wong akeh beban, lak digetingi tersiksa, mergo kowe jek eling menungso, eling pengeran lak wis selesai. Nggih to eling Alloh lak selesai to? Kabeh kersane Alloh, sing geting kersane Alloh sing seneng yo kersane Alloh. Wis kulo njaluk mugo2 dadi apik sedanten, selesai.


Ingat Alloh Dulu
Mulane Ala bidzrikrillahi tathma’inul qulub, mulane kulo lak guyon teng konco2. Kowe sok mben lak mati lak nangis, mergo wedi nasibem mlebu surgo tha neroko. Lak aku moh mati nangis, kowe nangis perkarane wedi mlebu neroko. Lak kowe eling pengeran kan mboten, nggih selesai to nggih. Gusti kulo jaman urip ambek njenengan, njeng lek mati nggih ambek njenengan, ambek sinten maleh. Yoiku inna shollati wa nusuki wa mahyaya wa maamati lillahi robbil ‘alamin. Kulo sholat nggih kerono njenengan, kulo ibadah haji nggih kerono njenengan. 

Kulo jaman urip sing nguripno njenengan, njeng lek mati sing matekno nggeh njenengan. Lak biasa mawon. Lak biasa biasa mawon to nggih, urip kambek njenengan, njeng lek mati nggih kambek njenengan. Sing marai kowe bingung mergo mikir haddun nafsi, nasibku piye..Kowe mati ra muni Alloh Alloh malah muni nasib nasib, malah loro kabeh. 


Hati akan lembut
Mulane Ala bidzrikrillahi tathma’inul qulub. Pokok angger sing mbok eling Alloh ati ayem. Damai, kuwi sing jenenge ilmu hakikat. Lek ning ilmu tasawuf sing diarani maqom fana, maqom sing wes membunuh betui haddun nafsi. Sing berbau bau haddun nafsi, saya siapa itu, lereni, gampang to nggih. Tahun baru hijriyah tak warai carane ikhlas. Minal quwwati (saking kekuatan) ‘alal ibadati (ing ngatase ibadah) wal rizqi, wal maghfiroti (penyepuranan), wa kulli dzalika, lan sak liyane rizqi lan ibadah. Kulla yaumin fi sya-nin. Kulla yaumin, ing ndalem saben2 dino, (saben2 waktu) huwa Alloh fi sya-nin (in ndalem kehendak). 

Maksude setiap saat itu Alloh dalam keputusanya. Saiki ono wong mlarat, sakniki ditekdir wong sugih, ono wts ujug2 dadi wong ibadah, ono kyai saiki dadi wong rusak. Setiap saat alloh iso molak malik keadaan. Mulane teng kitab2 ono kyai barseso ibadahe koyok ngono ditekdir jatuh. Ono mantan wts dadi wali, iku nunjukno lek manungso ben eling lek Alloh yo ora ono nggletek ora ono opo nggih biasa2 mawon. Wong pancen biasa, 
wa tu’izzu man tasya wa tudzillu man tasya.
 
Wes wayahe, Mulane antik e hikam ngarang, kata pertama hikam ngarang,

min ‘alamatil i’timat ‘alal amal nuqshonur roja’ inda wujudis salam.


Alamate kowe tetanggenan mbek amal. Iku kowe ora pati roja’ ning Alloh lek bar salah. Lak misale santri lak ngoten nggih. Lak ibadah terus tahajjud, sawangane pareg pengeran, tapi sekali maksiat.. Misale ngambung rondo mbuh ngrasani wong. Langsung kambek pengeran ngroso salah.wes ra pati roja’ ning Alloh, jare sing ngarang hikam. Kowe iku nakalan mbek pengeran, pas maringi kowe ibadah, kowe ra pati syukur, pas maringi doso, kowe eling. Pancen padune kepengen enak terus. Sebenarnya kita ini kan punya masalah klasik, dipek menange dewe. 


Rasa Syukur atas Ketaatan
Mulane jare Imam Ghozali, niki penting lho ilmu niki, niki mumpung wulan muharrom. Njenengan tak ulang, misale hari ini, satu hari ini, saya tadi ditakdir sholat subuh, habis ditakdir sholat shubuh, saya tadi juga ditakdir sholat dzuhur. nggih ditekdir sholat ashar, bar sholat ashar, kulo ditekdir ngaji.bareng maghrib nggih kulo sholat.. ba’dho niku misale kulo ditakdir maksiat. Maksiat itu sesuatu yang nyata, tapi tho'at yo sesuatu yang nyata. Tapi manusia ketika tahu maksiat, sawangane koyo Alloh ora ngekek i rohmat. Mulane jare Imam Ghozali,
min talbisi iblis,
termasuk godane iblis,
wong sholeh2 muk dielengno dosane tok.
Sehingga menghancurkan rasa syukur. Lha lak rasa syukur kuwi maeng wes hancur, akhire wong gak nyaman mbek pengeran. Ketika wong gak nyaman mbek pengeran i syaitan wes menang. 

Kyai Barseso
Mergo wong wis gak nyaman mbek Pengeran, dadi gampangane wong i kon ngeluh, misale sampeyan dadi kyai, amen eling ae salahe. Lha kowe kok ra eling thoatem lha kowe yo ditakdir sholat ditakdir zakat, ditakdir ibadah. Lha wong lak wes ra nyaman karo pengeran mergo ngroso salah terus, kuwi syetan menang. Mulane critane kyai barseso nggih, critone jarene sebagian ulama diarani maudhu palsu. Tapi saget didamel i’tibar, dadi ono crito kyai barseso, kyai sing ibadah terus. Syetan ngganggu kakuati (kangelan), teng durrotun nasihin syetan ngganggu kakuati. 

Crito niki bisa palsu artine sebagian ulama ndarani maudhu. Tapi roto2 ulama itu hanya i’tibar (nggo perbandingan) Bareng ndekne iku ibadah suwi, ijek kalah mbek santrine, syetan ngganggu wes kakuati, akhire syetan iku mendo2 dadi santrine. Kabeh ibadahe kyaine dikalahno, soale kyaine mulai tahajjud jam telu, syetan mulai jam 11. Ditandingi, misale kyaine lomane 100ewu, syetan shodaqohe setengah juta. Wes pokok e kalah terus, Suwe2 takok kyaine, cung… 

Kowe kok ibadah ngalah2no aku, resepe opo? Maksude syetan ben takok ngono, kulo niku nate maksiat. angger eling maksiat kulo, arep sholat leren, mboten sido leren. Ape turu, ra sido turu, akhire kulo ibadah terus, lha lek kepengen niru kulo nggih kedah nate maksiat. Lha kyaine suwi2 penasaran, mergo pingin ngibadah sing luwih koyok biasane. Maksiat opo cung? Nggih selingkuh? Oh keduwuren. Mateni wong, keparahen, akhire nyabu.. Ngefly nopo kyaine.. Nggih minum, kan sedengan.. Nggih cocok, kan sedengan. Akhire nggolek warung minuman, lha warung minuman roto2 mulai riyin bakule wedok. Sampeyan delok ning kitab durotun nasihin,bareng minum ngefly mboten sadar. 

Merkosa, bareng bar merkosa, bojone sing adol minuman teko, muleh dipateni, sempurno. Dadi bar minum merkosa mateni tiyang. Sebab iku doso sing paling gede opo? Tapi quran iku mbohas mbahas malah minuman. Mulane niku teorine ilmu nggih, quran niku lek mbahas roto2 king sebab. Mateni wong sing dibahas, ojo mateni, malah tapi lak mbahas minuman dibolan baleni. Karena sebenarnya sampeyan lak ndelok teng brita brita kriminal. Seorang pemuda mabuk membunuh orang, seorang pemuda mabuk mbacok orang. Karena awal dari dosa iku pancen mabuk. Mulane dibahas quran yas alunaka anil khomri nopo? Wal maisir. Akhire mabuk, bar mabuk, kan wes mboten terkendali to nggih. Terus merkosa, bar merkosa mateni. Mulane ilmu iku sing iklas, lha carane ikhlas iku? Ken nyebut. Ken nyebut Alloh, Mulane kyai kuno, ikhlas niku nopo? Ikhlas iku..sing ngibadah kerono Alloh. Sing paling gampang ta’rif e sing isnad, sing nyendekno kabeh amal ing alloh swt. 


Ingat Alloh, pasti Ikhlas

Eling Alloh mesti ikhlas,

hadzun nafsi


buang jauh2 Iku nunjukno lak menungso mung sepiro. Menungso iku gampil o, Menungso jebule gampang akal2 ane. Misale gus utowo kyai nerangno nasab, nasab iku penting. Anake kyai dadi ngene2 mergo turunan nabi dadi ngene2. Bareng muleh ngaji ono wong uayu uduk anak e kyai, wes rubah, gak penting nasab, sing penting.Wes rubah, menungso iku gampang, Menungso iku gampang rubahe ono fakta sitik gampang rubah. Mulane lek jare kyai kuno, kowe lak wes dadi kyai ora iso ora ngelem pengeran. Teorine menungso iku kalah kabeh, misale sampeyan dadi kyai. Roto2 kyai kan seneng santri. 

Olehe mulyakno santri entek ngamek, tapi nak wes dadi kyai ra patio. Mergo angger santri sowan crito masalahe. Rabi rung nduwe omah, mbuh rabi bojone judes, mbuh rabi...ra tahu nduwe duwek. Sementara. Sementara sing ora santri ngaturi kyai, bupati sowan, ngekeki duwik sak juta. Wong setengah abangan ra pati sholat ngaturi kyai. Lak wes ngoten niku fakta. 
 
Mulane jare kitab2 tasawwuf, kadang wong sholeh medit, ra pati sholeh lomo. Mulane Nabi mbiyen ngelengno,

inna laa yu'ayyidu hadza din bi rojulin fajir

Kadang wong ra bener semangate ra karuan. Lha kowe nggawe pengajian utowo ngedekno masjid, ngajak wong sholeh kabeh, ra dadi. Wong ciri utama wong sholeh iku plindang plinding. Wes mulai ndisik ciri utamane wong sholeh prindang prinding. 

Coro bapak jaman almarhum iku, wong sholeh i mbekar mbeker. Dijak urusan ra kasil, dijak urusan nopo? Ra kasil. Mulane butuh wong nekat. Mulane Nabi iku pinter, Nabi iku lak ngelem Abu Bakar sundul langit. Mergo Abu Bakar, afdholush shohabah.

Tapi nabi yo ra bento, soal perang yo ngongkon kholid bin walid. Mergo butuh preman, Kabeh sejarah, lak Nabi perang panglimane Abu Bakar opo kholid bin walid? Kholid bin walid preman nopo mboten? Preman

Mulai ndisek pancen ngoten. Aturane pancen ngoten, sami lek sampeyan wes dadi kyai, nggih ngoten sing ra pati santri sowan ngotar ngaturi. Sing santrine crito masalah. Lak sampeyan geting yo kliru. Ngangge ilmune hikam wes, entekno ning pengeran. Wis kersane pengeran modele urip ngono, kowe ape opo? Selesai kan? Kowe yo ra geting santri yo ra geting wong dzolim. Wong dzolim, dolan rene ben tobat tak ajari yo kersane Alloh. Santri rene kangen kyaine yo kersane Alloh. Sing marai kowe bingung iku haddun nafsi. Iki ngekeki aku bati, iki ngekek i aku rugi. Bingung tho... 

Pokok bolak balik haddun nafsi ngelu ngelu. Mareni.. Paham yo, iki pumpung bulan muharrom.


 قُلِ ٱللَّهُمَّ مَـٰلِكَ ٱلۡمُلۡكِ تُؤۡتِی ٱلۡمُلۡكَ مَن تَشَاۤءُ وَتَنزِعُ ٱلۡمُلۡكَ 
مِمَّن تَشَاۤءُ وَتُعِزُّ مَن تَشَاۤءُ وَتُذِلُّ مَن تَشَاۤءُۖ 
بِیَدِكَ ٱلۡخَیۡرُۖ إِنَّكَ عَلَىٰ كُلِّ شَیۡءࣲ قَدِیرࣱ 


Mboten cepet dos pundi. Wonten ning elek, gara2 elek ra payu rabi. Ono wong biasa uayu..dirabi sayyid, anak e wes sayyid, cepet tho..Ono wong biasa uayu, dirabu gus opo kyai opo sayyid, cepet tho, periode kedua.. Periode kedua wes langsung snake gus utowo sayyid. Ono ning elek, anake kyai elek, dirabi wong biasa. Yo anak e langsung biasa. Yo kuwi gampange

wa tu’izzu man tasyaa wa tudzillu man tasya.

Mulane kulo ditangkleti kalian konco2 ngalim. Gus njenengan kyai anyaran kok damai, ra damai piye. Ra damai goro2 nuruti

hadzun nafsi. 

Lha lek nuruti Pengeran raono bingung. Kulo umpomo nggih, umpomo ditekdir gak nduwe pengaruh, misale njenengan ra seneng kulo, santri ra seneng kulo. Mboten susah. Sitik mawon mboten susah. Lha sing marai susah mergo perkoro ndelok makhluk (menungso). Menungso iku penting, Pengaruh penting, lha lek awale mbok anggep ra penting kan selesai tho nggih?

Dadi bolak balik susah, goro2 eling

hadzun nafsi,


lha lek eling Alloh,
Alaa bidzikrillahi tathma’inul qulub
. Nah niki penting, sak jane nggih, wiridan2 thoriqoh sing salah teng mriku. Dadi mboten perlu eling Alloh dengan jumlah tapi akibat. Sakjane tiyang2 mursyid iku ngajak eling alloh suwi maksude ben sampek dadi mental. Dadi dijak bareng2 istighosah kubro. Tapi maksude mursyid2 zaman abu yazid al bustomi, abul hasan asy syadzili, mboten niku, jumlah niku gak penting, tapi. Tertanam betul faktor sing jenenge Alloh. Kuwi sing paling prinsip tertanam betul faktor sing jenenge Alloh. 

Lha sampeyan nyebut perkoro jumlahe thok... lek nyebut ping sewu marai ngene.. Lek moco ping limangatus marai ngene, terus itung2an. Terus itung2an jumlah ambek alloh jik dagang. Roto2 ijazah lak koyok dagang to nggih, lak moco ping sewu koyok ngene, lak moco ping 2000, opo maneh lek kelar moco sepuluh ewu sewengi, malah..ngene.. Jadi sebenernya, mursyid2 thoriqoh iku ono salahe ko jumlah. Tapi nggih sae, bagaimanapun wiridan nggih tetep sae. Tapi ya harus, Dadi sing penting ditanamkan inti eling Alloh itu untuk membunuh, utowo melumat, utowo ngilangno.. Haddun nafsi. Lha lek eling jumlahe thok, sampeyan nyebut Alloh ping satus ping sewu..yo sampeyan gampang takabur, gampang putus asa, gampang salah. 

Iku maksude ala bidzikrillahi tathma’inul qulub, lek eling alloh ati tenang. Mergo kowe ra ngarah hasud, misale sampeyan nduwe tonggo, rizqine akeh, anak e akeh, lek elengem ko alloh mesti ra hasud. Allah lagi maringi ndekne rezqi akeh, yo wis tho.. Kowe arep ngasud i Alloh? Tapi kowe lak nyebut wong iku, trimo parman...kok duwik e akeh, entuk ko ndi? Awale kan wes nyebut wong kan nggih, trimo parman...parmin kejane ngono kok duwik e akeh, entuk ko ndi? Tapi lak sampeyan nyebute Alloh kan selesai tho nggih? Alloh ngekek i ndekne rizqi akeh, urusane mbek Alloh tho. Malah keren tho nggih, dadi onok opo ae urusane langsung mbek alloh. Alloh lagi ngekek i ndekne rizqi akeh, Alloh lagi ngekeki aku rizqi titik, sak jane sampeyan medun derajat urusan mbek wong iku. Trimo parmin kok duwik e akeh, akhire urusane sampeyan mbek parmin tho? Nggih mboten? Lho nggih a? Katah kan kyai pertuntang pertuntung, mergo ono bupati dzolim. 

Cah iku gus, nasab e uelek kok dadi bupati. Gak trimo aku. Lha aku malah ra trimo mbek ilmu mu. Kowe ngaji ket cilik kok ra trimo mbek keputusane pengeran? Angger mbok awali, Alloh lek ngersakno, angger parmino iso dadi bupati. Gampang tho nggih? Gampang pundi coro nglatih ikhlas, alloh iku lak ngersakno parmin lah iso dadi bupati. Tapi niku gus, lek ndekne dadi bupati melanggar ilmu syariat. Tapi iku wes kewajibane ulama ngandani, tapi lak drengki..tetep salah. Soal ruh bupati dzolim kito nduwe kewajiban amar ma’ruf nahi mngkar. Tapi soal drengki tetep salah to nggih. Trimo parmin iso dadi bupati. 

Lha niku ra nduwe nasab kok ngiyai. Ora nduwe nasab kok ngiyai barang mbok bahas. Yo mergo gara2 sing mbok sebut nasab, gak nyebut Alloh. Lha lek nyebut Alloh kan selesai tho nggih? Niki jenenge

alaa bidzrikrillahi tathma’inul qulub

Pokok e angger sing mbok sebut, faktor Alloh, mesti ndadekno damai. Maksude Thoriqoh ken nyebut Alloh terus niku, ngoten niku, ben tertanam pentinge faktor Alloh. Lha sakniki muk disebut jumlahe tok, sakniki yuk didandani, yo jumlahe yo atine, lak raiso salah sitok..salah sitok yo ati ae. Kulla yaumin huwa fii sya-nin Tegese ing waktu Alloh fii Sya-nin ing ndalem urusan. Amrin tegese keputusan yudziruhu kang ngetokno sopo? Alloh. 

Kang ngatase nyocoki sopo….. qodaruhu kang wes nekdir sopo? Ing zaman azali. Min ihyain saking nguripno wa mataatin lan saking mateni. Wa ‘izzatin lan mulyakno wa’idzlalin lan nginakno. Kabeh wes ditekdir pengeran mulai urip mati, dan mulyakno lan nginakno . Marai sampeyan janggal yo perkarane iku, trimo parmin ora nduwe nasab kok dadi kyai. Trimo parman kok dadi bupati? Salahmu dewe ora ngunsurno Alloh, lak ngunsurno Alloh, selesai… Allah lak ngersakno cah, wong ko hino dadi mulyo. Podo wae, lak onok wong mulyo sampeyan janggal, wong kyai jebule ngono. Marai kowe nyebut makhluk jenenge kyai. Nak alloh ngersakno piro wene, wa idzlalin lan nginakno, wa ighna in lan nyugihno. Wa idamin lan mlaratno. Kabeh kersane Alloh, nguripno mateni mulyakno nginakno wa ighnain lan nyugihno. Wa idamin lan mlaratno. Wa ijabati dain lan nyembatani wong sing ndongo, lan ngekek i wong sing njaluk. Wa nggoiri dzalika, fabi ai aalaai robbikuma tukadziban.

Comments