Skip to main content

Nashoihul Ibad 1 | Catatan Ngaji Gus Baha | Menjelaskan Sanad -Muqodimah Nashoihul 'ibad


Catatan Ngaji Gus Baha. Sengaja kami mencatat apa yang disampaikan Gus Baha di dalam pengajian. Agar kita bisa mendapatkan manfaat lebih, dalam menerima ilmu yang beliau sampaikan. Ini juga sebagai upaya, agar kita mendapatkan ilmu dari Gus Baha itu lengkap, maksudnya jika kita mendengar potongan nasihat gus baha, kita bisa cari, dari video yang mana? yang secara lengkap dikutip ilmu beliau yang itu, dan ini (misalnya). Atau pada bab apa beliau berbicara tentang ini dan itu. Seperti itulah kira2, harapan kami sebagai penulis, pencatatat, kajian2 Gus Baha. 

Berhubung catatan ini dalam bahasa Jawa, maka kami coba terjemahkan ke dalam bahasa Indonesia di dalam teks berwarna merah. 
Semoga catatan sederhana ini bisa bermanfaat untuk kalian semua. Semoga bisa bisa menghibur kalian temen2... Jangan lupa bahagia ya.. temen2....

Mari kita mulai....


--




مقادمة الشارح

الحمد لله الذي جعل العلم أرفع الصفات الكمالية، وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له الذي خص من شاء من عباده بالمآئر الحكمية، وأشهد أن محمداً عبده ورسوله الذي خصه الله تعالى بجميع كمالات العبودية، وصلى الله على سيدنا محمد الذي ملأ الله تعالى قلبه ﷺ من جلاله الأعلى جل وعلاء وعينه  ﷺ  من جماله الأستي، فصار ﷺ مسروراً منصوراً، وعلى آله وأصحابه والسالكين على نهجه فنالوا خيراً وافراً 

أما بعد، فيقول المرتجى غفر المساوی، محمد نووي بن عمر الجاوي : هذا شرح وضعته على الكتاب المشتمل على المواعظ للعلامة الحافظ الشيخ شهاب الدين أحمد بن علي بن محمد بن أحمد الشافعي الشهير بابن حجر العسقلاني ثم المصري تغمده الله تعالى برحمته أمين، 

وسميته

Dados niki, kulo gadah azam, wau sing diaturaken lek lukman, dados kulo ngaji ahad nggih kitab niki, ngaji seloso pagi nggih kitab niki. Jadi saya punya keinginan, ini sudah saya utarakan kepada paman saya Kyai Lukman. Jadi ngaji ahad dan selasa, pakai kitab Nasho-ihul 'ibad

Nanti yang gak ikut di selasa pagi, nanti diumumkan terusane. mergo logikane mesti banyak yang (gak ikut) selasa pagi. Mungkin yang hadir itu banyak ahad sore, tapi jumlah saya ngaji itu banyak ahad pagi. 

  • Dadi sing rumongso PNS (sibuk) yo rausah ngaji. 
  • Sing rumongso nganggur yo nopo?.. ngaji. 

Wes pokok e ngono.. kerjo nggih ngibadah, ngaji nggih ngibadah. Nganggur ning omah nggih ibadah, wong ninggal maksiat, faham nggih. 



TAAT adalah? 

Dadi sing diarani tho'at iku ninggal maksiat. Lak kowe ning omah, kukur2 i yo ninggal zino, ninggal maling, niku nggih thoat. Tiyang2 narukan lak mati sing nglepas kulo, mergi kulo terangno, Pokok lak njenengan bingung ning omah ngitung reng, ndelok tikus liwat, niku nggih ibadah. 

Mergo sing diarani ibadah iku separone min baabi tarki (pada bab menghindari/ menjauhi), niku ijma'e ulama. Separo thoat niku min baabit tarki, sing diarani thoat kan 

امتثال الأوامره     واجتناب النواهيه

imtitsalul awamirihi (nglakoni perintah Pengeran), 
wa ijtinabun nawaahihi (ninggalno pelarangane Pengeran).  


Paham khin yo.. dadi ngitung tikus iku ra maksiat, sing maksiat niku ngitung wong ayu ning desamu, faham nggih. Berarti lek ora maksiat jenenge? ngibadah, jenenge thoat. Gampang to? makane wong kampung2 seneng. Berarti bapak kulo tiyang sae gus? lak dalu teng omah.. masio kukar kukur teng omah, yo wes apek. Sing perlu tahajjud iku kyai, aku muni ngono. Nak wong awam sing penting ora maksiat.

Kutipan bab ini bisa kalian lihat di kanal youtube di bawah ini ya temen2. Kalau ingin yang versi bahasa Indonesia, tinggal temen2 aktifkan cc-bahasa Indonesia

Versi Video, bisa temen2 lihat DISINI ya...



Sanad Keilmuan

Terus niki kulo ngroso utang mbek Syaikh Nawawi Al Jawi. Niki kulo terangaken sanade. Dados.... kulo ahad kemarin niku pas haule syaikh sayyid Hamzah Sato, sedan. Biasane sing ngisi ngaji niku kulo teng masjid. Sehingga ahad kulo tunda ahad niki. 

Kulo terangno silsilah sanad kulo, nggih sanad e wong sak Indonesia, niku sami. Misale Mbah Moen niku riyin ngaji kalian Mbah Karim Lirboyo, empat tahun beliau di Lirboyo. Mbah Karim niku ngaji mbah Hasyim Asy'ari. Mbah Hasyim Asy'ari riyin teng mekah ngaji kalian mbah Mahfudz Termas. Mbah Mahfudz termas niku ngaos kalian Sayyid Abi Bakar Sato - shohibu i'anatith tholibin (penulis). Sayyid Abi Bakar Sato ngaji kalian Sayyid Zaini Dahlan niku Al Hasani, pun teruss....ngantos Syaikh Utsman Ad Dimyati dugi Rosululloh Shollallohu 'alaihi Wa Sallam. 

Nak mpun Imam Asy Syafi'i niku gampil. Imam Syafi'i ngaji Imam Malik, Imam Malik ngaji Imam Syihabuddin Az Zuhri (Imam Zuhri), Imam Zuhri Ngaji Imam Nafi' - Mboten Nafi' Qori' - tapi Imam Nafi' ahli fiqh. Imam Nafi' Ngaos teng Ibnu Umar, Ibnu Umar menangi Rosululloh Shollallohu 'alaihi wa sallam. Nah njenengan sok lak ditakoni Pengeran, kulo Ngaji Gus Baha ngko sing nerusno aku.... kowe tak kon ngapalno raiso, faham nggih. Misale Mustofa ape ngapalno dewe, lali malah repot. 

Nggih, nak Mbah Moen ngangge sanad keluarga, riyin alite mbah moen ngaji mbah zubair, Mbah Zubair niku ngaji Mbah Fakih Maskumambang-Gresik. Mbah Fakih Maskumambang ngaos kalian mbah mahfudz termas. Mbah Mahfudz termas ngaos Sayyid Abi Bakar Sato (terus) Ngaos Sayyid Zaini Dahlan. 

Sakwise Mbah Moen alim ngaos teng mekah, teng mekah ngaos Sayyid Alawi, Abahe Sayyid Muhammad. Sayyid 'Alawi ngaos kalian abahe Sayyid Abbas. Sayyid Abbas niku menangi Sayyid Zaini Dahlan. Mangke terus sambung maleh.

Intinya semuanya (terhubung). Misalkan pondok Ploso ya sama, misalnya Mbah Jazuli ngaji sama Mbah Zainuddin mojosari, kadang mbah jazuli nggih ngaos mbah hasyim asy'ari. Nggih sami, Mbah Hasyim terus Mbah Mahfudz. Lirboyo wes karuan sami.

Lha nak sanad Jowo, Mbah Karim Lirboyo Ngaos Mbah Hasyim, Mbah Hasyim teng jawi nate ngaos mbah Kholil Bangkalan. Mbah Kholil ngaos teng Pondok Sidogiri teng mbah Nawawi, kalian Syaikh Abu Dzar, tapi mboten menangi syaikh Abu dzar. Terus Mbah Kholil nate ngaos teng Syaikh Nawawi Banten, Syaikh Nawawi banten ngaos Syaikh Arsyad bin Abdul Shomad, Banjar. Tapi kepanggihe nggih teng pundi? mekah. 

Makane Jogja ono ngaji sakjane waras. Riyin diantara sanad pondok sarang niku ngliwati Syaikh Bakir. Syaikh Bakir Jogja, mboten bakir sing jadub mboten, niku lak sing nduwe tombak numbali tanah jowo. Ben gak ono danyange, saiki danyange ganti mustofa. Ucul sitok niki.... Syaikh Bakir Jogja, kulo nate dicritane bapak kulo, syaikh bakir iku ndek ha'...  lha njenengan kok ngertos, aku tahu ketemu dek e jarene bapak. Dados sanad niku sama (jalure)

Terus sing ahad wingi kulo ngaos teng haule Sayyid Hamzah Sato. Biasane nggih bapak, tapi sakniki sing mau'idzoh hasanah nggih kulo. Biasane niku lak khatamal quran niku sing taushiyah ulumil quran niku kulo, terus hari berikutnya Mbah Moen yang pengajian umum. Mulai riyin, ngantos sakniki. Riyin Bapak, sakniki kulo. 




Ngaji Sing Penting Apal

Sayyid hamzah sato niku bin Abdulloh, ben sampeyan ngerti. Abdulloh niku bin Umar Sato, Sayyid Umar Sato niku kakak e Sayyid Abi Bakar Sato sing gadah kitab I'anatuth Tholibin. Sing ngarang i'anah iku alim2 e wong, saking alime lek moco kitab niku kitab gede2. Dinyek mbek kakak e mbek sayyid Umar, Kowe lek moco kitab gedi2 sok mben muridmu marai bento. Lek coro gojlokane ngoten. Iku lak sing ngaji wong pinter tok. Ngaji iku sing penting apal. Sehingga Sayyid Umar niku gadah Manhaj, lek ngulang niku kitab cilik sing kenek diapalno. Imrithi, jurumiyah, alfiyah pokok e sing kenek diapalno. Intine beliau nduwe metode intine wajib muhafadzoh. Dan Muride Sayyid Umar niku mbah Mad Sarang. Mbah Ahmad Sarang niku mbahe Mbah Moen. Dados Mbah Moen gadah ibuk, namine Nyai Mahmudah, Nyai Mahmudah niku binti Ahmad. Akhire Mbah Ahmad niku wangsul teng sarang wajibno Tradisi nopo? Muhafadzoh. Dadi Pondok Sarang Lirboyo kabeh tradisi Muhafadzoh niku idene Sayyid Umar, faham nggih.

Korbane nggih kulo2 niku, Ning Pondok kon Ngapalno. Lha Rukhin ra apal ra mondok ken ndisek. Dadi ning pondok sarang iku angger ra apal alfiyyah yo ra munggah. Nah mbah Ahmad Sarang niku kagungan Putri Nyai Mahmudah digarwo Mbah Zubair, nglairno Mbah Moen. 

Nah kulo gadah buyut, adik e buyut kulo namine Kyai Zubaidi niku dadi mantune Mbah Ahmad, terus nglairno mbah Hafidz, terus dugi Kyai Lukman. Dados Sayyid Hamzah teng Sedan niku, gadah mantu namine Habib Haidar, Habib Haidar niku Haidar bin Hasan bin Shodaqoh bin Zaini Dahlan. Dados mbah2 e niku muride Sayyid Zaini Dahlan, Akhire dzurriyahe Sayyid Umar niku entuk mantu putu2ne Sayyid Zaini Dahlan. 

Nah niku mirip Syaikh Mahfudz, Syaikh Mahfudz niku kapundut, ninggal lare alit namine Muhammad. Karena Sayyid Mahfudz niku gurunya Mbah Munawwir Krapyak. Muhammad kecil dibawa Mbah Munawir teng Jogja. Mboten dibeto teng termas adike Mbah Mahfudz namine Mbah Dimyati, tapi dibeto teng Jogja. Akhire Muhammad kecil niku dadi wong Quran. Dididik Mbah Munawwir dadi hafal Quran, terus iso sab'ah. Terus dinikahno wong sugeh teng mbetengan, demak. Terus nduwe anak namine Kyai Harir, Kyai Harir bin Muhammad bin Mahfudz. Akhire Kyai2 kitab niku kesengsem coro wong jowo niku kepingin entuk sanad ko Mbah Mahfudz. 

Mantune Kyai Harir niku, tiang2 kitab sedanten. Wonten Putrane Gus Imam, Imam Mahruz - Gus Iip. Terus ono putune Mbah Zubair, namine Alawi, misanane Kyai Lukman.  Dadi putu2ne Mbah Zubair entuk Putu2ne Mbah Mahfudz, putu2ne Mbah Mahfudz. Terus wonten sing mindoane bojo kulo, pondok sidogiri, carum, nggih mantan mantune Mbah Harir. Dados ben sampeyan ruh sanad. Jadi ndisek guru2ne do besanan, termasuk keluarga kulo nggeh besanan Kyai Mbah Ahmad Sarang. Kowe rausah arep2 besanan marai ngelek2 i, faham nggih. Senengane kok Ge Er, iki crito.. senengane kok Ge Er, wes biasa wae

Versi Video bisa temen2 lihat DISINI ya...




Butuh Guru

Ben kowe ngertos silsilah. Mergo wong lak raruh silsilah, kados wong ngaji sakiki. Wong ngaji kok tanpo guru? ko internet ko buku. Akhire sitik2 muni sunnah Rosul. Repoott.. padahal wonten pepatah, 

من تعلم بلا شيخ فشيخه الشيطان

man ta'allama bilaa syaikhin wa syaikhuhu syaithon

Wong belajar tanpo guru, gurune syaitan. Karena diluar ilmu itu ada ahwal, mpun niki tak niyati suronan tak khutbahi sampeyan, kepekso niki. Tapi kulo bar khatam kitab niki. Mengke kulo ngaji, tak cuplik. 

Kenapa ngaji tanpa guru itu kok gurunya syaithan? karena diluar hukum yang diterapkan oleh Rosululloh itu ada ahwal, ada perilaku, ada karakter, ada ciri khas. Misalnya gini contoh gampang. Semua ulama mulai guru2 saya, sampai Rosululloh itu semuanya mengatakan Nahi Mungkar itu Wajib. Tapi mulai dulu, itu mereka gak punya tradisi jadi ekstrimis. Meskipun meyakini nahi mungkar niku wajib. Mereka punya ahwal, punya tradisi, lak ono wong nakal ngundang (pas) anak e nikah, yo teko. 

Wong kulo bolak-balik, ngakadno bocah, anak e wong abangan. Bapak e teko teng nggen kulo, "ngapunten gus, mengke akade jam 9". "Kok saget?" lha mengke bar dzuhur dangdutan". "Njenengan rawuh sing akad mawon gus", Cangkemu yo mesti ae aku... (ora) kurang ajar piye.. Yo wes terang2 an. Mengke bar dzuhur niku (dangdutan). Kulo teko wes ono sound system macem2. Artise kadang yo wes teko mus. Macem2 macake mus. Coro mustofa ruh, yo muni Astaghfirulloh. Lak kulo yo wes raruh, wong maqomku ruh e Pengeran, yo embo2 raruh ngono wae. 

Mergo wong lek kekhusyu'en, niku wiridane salah. Mustofa sering kulo nyek, ono wong khusyu' teko ning resepsi. Lanang wedok kumpul, padahal keluarga kyai. Wiridane ngene, Jaman wes rusak, acara nggone kyai lanang wedok kumpul. Neroko tok, neroko tok. Wiridane ngono. Terus kulo tegur, Mbah lak wiridan Subhanalloh, wiridan kok neroko2.. Sampek akhire Kyaine, Astaghfirulloh, berarti kulo goblog gus? Yo goblog tenanan. Wong teko ning acara nikahan, Kyai sakniki wes rusak, lanang wedok kumpul, neroko tok. Mbah wiridan niku Subhanalloh, wiridan kok neroko. Ono jamane Nabi wiridan, Neroko, iki jaman rusak... wiridan i  Subhanalloh Alhamdulillah. Wiridan kok neroko, jaman wes rusak, raenek sing kenek dinut. Wiridan sing diulangno nabi 

wal baqiyatush sholihat. 

Subhanalloh wal Hamdulillah

Dadi wong lak ke ekstrimen iku dadi wiridane kliru, faham nggih. Hayo wong2 ekstrim lek wiridan piye? Jale.. takok? Lha takok mustofa...? Mulane wong ojo nemen2 ekstrim. Tapi lak terlalu sekuler ora ono bedane maksiat mbek Tho'at. Sedengan sak kulo, sak kulo niki sedengan. Yo ora ngalim, yo ora bodo. Lha lek kowe wes parah khin, parah. Mergo kunane kuno niku, thoat niku butuh proses. Nabi niku iso nahi mungkar niku sakwise 13 Tahun dadi Nabi, yoiku sakwise (Ba'da) Fathil Makkah. Sak durunge niku, meneng ae, ono opo ae, meneng ae. Intine kabeh niku butuh proses, kabeh niku butuh nopo? proses. Lha niku jenenge ahwal, Lha niku jenenge ahwal. Dadi hukum netepi nahi mungkar iku wajib, tapi yo ono tradisi ahwal. 

Ahwal sing dilakoni Nabi iku, wong sing ra seneng nabi iku, amen dikak kek i. Ambek Nabi dikek i duwek, diservice. Sampek dadi kesenjangan, yoiku wong sing elek dikek i nabi terus, sing apik? (jarang). Sampek sahabat anshor do protes ini gak adil. Akhire nabi memberi penjelasan, imanem iku wes bener, biasa heroik, biasa ngekek i, yowes kowe terus ae ngekek i ben tetep apik. Lak wong abangan senenge dikek i, (soale) lagi seneng kyai. Yo wes kudu ngono. Iku jenenge, aku ngekek i iku 

أتألفهم على الاسلام

ata-allafuhum 'alal islam. Ben gelem nopo? islam. Akhire ono istilah, 


 إِنَّمَا ٱلصَّدَقَـٰتُ لِلۡفُقَرَاۤءِ وَٱلۡمَسَـٰكِینِ وَٱلۡعَـٰمِلِینَ عَلَیۡهَا وَٱلۡمُؤَلَّفَةِ قُلُوبُهُمۡ وَفِی ٱلرِّقَابِ وَٱلۡغَـٰرِمِینَ وَفِی سَبِیلِ ٱللَّهِ وَٱبۡنِ ٱلسَّبِیلِۖ فَرِیضَةࣰ مِّنَ ٱللَّهِۗ وَٱللَّهُ عَلِیمٌ حَكِیمࣱ

wal muallafati qulubuhum, sing diapik2. Yoiku jenenge ahwal. Nggih niku jenenge ahwal, kita punya ahwal, diluar hukum nahi munkar itu kita punya ahwal. 

Lha lek nuruti ngaji ning nggone media massa, utawi teng internet, utawi teng media sosial, yo ngeri... Indonesia Sudah Thogut. Indonesia sudah penuh dengan maksiat. Sehingga harus kita hancurkan. 

Orang yang maksiat itu juga orang yang sujud. Jaman akhir itu orang berstatus ganda, membunuh orang sujud itu boleh gak? Nabi itu disuruh merangi orang 

أمرت أن أقاتل الناس ، 

حتى يشهدوا أن لا إله إلا الله ، وأن محمدا رسول الله ، 

ويقيموا الصلاة ، ويؤتوا الزكاة ، فإذا فعلوا ذلك عصموا مني دماءهم وأموالهم إلا بحق الإسلام 

وحسابهم على الله تعالى 

hatta yasyhadu an laa ilaaha illalloh, wa anna muhammadar rosululloh. wa iqomish sholah, wa itaa-iz zakah. 

Sekarang orang2 yang biasa dangdutan, iku sujud opo ora? (sujud). Sing biasa riba rentener, yo wonge? sujud. Yo Sowan Kyai, CSR e dikekno pondok mbek masjid. Proposale yo ko masjid, ko pondok. Orang yang sama, sing maksiat yo wong iku, sing tho'at yo wong iku. Lha lek hukumi, wong iku oleh dipateni, berarti kowe ngolehno mateni wong sujud. Tapi lak ndarani wong iku wong apik yo kliru, wong sering maksiat. 

Lak coro aku? lha ora ndarani iku ra wajib, laopo ndarani barang. Mulane kulo lek ditakok i, Gus wong iku lek coro sampeyan tho'at opo ora? Lak (aku) ditakok i (ngono) wong iku jenenge Rukhin. Laiyo apik tha elek? Alloh ra majibno aku ndarani wong apik, opo wong elek. Muk Alloh majibno aku, lak nyelok iku jenenge. Aku ruh jenenge rukhin. Yowes ngono tok, tapi orang2 sekarang karena ngaji tanpa guru, memaksakan tahu status, orang itu sholeh atau tidak sholeh, layak dibunuh apa ndak. 

Lha itu memaksakan, takalluf. Nopo? takalluf... Iku ora oleh ning agomo wong kok takalluf. Yoiku sing saya dari guru2 saya. Faham nggih, dadi kulo nggih gadah sanad saking bapak kulo kyai Nursalim, mbah kulo niku tukang tirakat, jenenge mbah nursam saking bapak. Niku riyin bapak kulo ngaji, kalian buyut2 saking ibuk kulo, ngaji kalian Kyai Zubaidi (Tuban). Terus sak teruse nganti dugi Rosululloh Shollallohu 'alaihi Wa Sallam. 



Perjanjian Hudaibiyah

Dadi sampeyan kudu ngerti, ono tradisi guru niku penting. Umpomo nuruti tradisi barang haq kudu ditegakno, barang bathil kudu dihancurno, iku raono shulhul hudaibiyah. Shulhul Hudaibiyah iku ono perjanjian dimana Orang Kafir Quraisy diwakili jenenge Suhail bin Amr. Niki rungokno tenan, sampeyan ben ra dadi wong khowarij. Suhail bin Amr iku delegasi wong kafir, Rosululloh dadi ketuane wong islam. Ketika Nabi tuk Hudaibiyah, sing diarani Sulhul Hudaibiyah, iku ono perjanjian kok ngeten, Mad.. (lek nyeluk nggih njangkar) kowe rausah kaji tahun iki, tahun ngarep ae. Jare Nabi, iyo... Nomor Loro lak ono wong kafir masuk islam kudu mbok balekno mad, piye2 habitat asli iku kafir. Tapi lak enek wong islam masuk kafir, mbarno, kembali ke habitat. Piye kowe njajal? mangkel tho ora?? Mangkelno, tapi nabi yo muni iyo..

Sangking marahe Sayyidina Umar. Iki wong2 sing rodok khowarij ben krungu. Yo Mus yo.. rungokno yo. Sangking marahe Sayyidina Umar takok e Nabi iku sengak. Alasta bi Rosulillah (Engkau sampai sekarang masih Rosululloh kan?) Nabi yo njawabe tenang, Balaa (iyo, aku ijek Rosululloh). Alasnaa ‘alal haqqin wa hum ‘alal bathil? Bukankah kita benar, mereka salah? Iyo, kita yang salah, mereka yang benar. Fa limaa tudhoyyifa lanaa? Kenapa Engkau menghinakan kita? Wes arepe Umroh rasido, perjanjiane ngrugekno kito. Nggih tho? Teksih Rosululloh to? Iyo aku ijek Rosululloh. Terus nabi njawab, iyo aku ijek Rosululloh Walaa tudhoyyi’anhu abadan Gak bakal Alloh nyio2 aku, wong aku kekasihe. 

Umar gak marem, marani abu bakar, (terus) abu bakar diprovokasi, (kowe) jek yakin lek iku Rosululloh? Jawabe Abu Bakar yo.. huwa Rosululloh Aku yakin lek ndekne Rosululloh. Abu bakar yo apik lek muni, ndekne rabakal disio2 Pengeran. Nah pas perjanjian itu, wong kafir masuk islam kon mbalekno, gak boleh diterima, harus sesuai habitat kafir. Nak Islam kon ngembarno, karena masuk ke habitat. Di saat itu juga, Suhail bin Amr iku nduwe anak Abu Jandal. Abu Jandal iku ndekne Islam, diborgo ambek wong kafir. Niku mlaku ngesot mbek nabi nangis2. Ya Rosulalloh terimalah Islam Saya. Pun borgole ditaleni, terus Jare Suhail bin Amr, Muhammad ini awal kamu melakukan komitmen anda. Masih di depan umum (peristiwa itu). Abu jandal sampek nangis, Ya Rosulalloh terimalah saya sebagai orang islam. Nabi iku, yo nuwun sewu ambek A’rodho ambek ramentolo ndelok, Ora abu jandal, kowe tetep ojo melok aku, kowe tetep melok wong kafir ae. 

Jare Umar ngenang Shulhul Hudaibiyah, Abu Jandal tak parani, pedangku iku tak pasno tangan tengene, nak menowo dekne bludrek terus mbacok bapak e. Abu Jandal niku anak e sinten? Suhail, Suhail bin Amr, niku anak e (punya anak, namanya) Abu Jandal. Dadi Umar ono kanjeng Nabi ngono, ora urusan. Abu jandal dikek i Isyarat, pedange kon njupuk, kok mbacok sopo? Bapake. Mulane bareng wes mekah, kabeh wes menang, Abu Jandal angger ruh Umar jek eling Pas iku kok goblok temen, kok kon mbacok bapak ku. Akhire Abu Jandal niku, mbalek ning negoro kafir, dalam keadaan seperti itu. Beliau nangis, kanjeng Nabi lah yo nangis. Ketika ada perdebatan itu, kanjeng Nabi mung ngendikan ngene tok. Mar Umar, Agowo iku wek e Pengeran, umpamane coro jowo iku, teorine kliru lak lah, ngko lak Pengeran sing Ngurusi. Mulane Agomo Islam iku ora usah diurusi wong bener nemen2, faham nggih. Kliru lak lah, tetep diurusi Pengeran. 



Kisah Kyai yang....

Kulo nate penelitian teng bandung tiga bulan, teng cimahi tiga bulan. Niku ono kyai quran, niku anak e wes do prawan, niku nggih katok an cekak. Kyaine niku dagangan bulus, yakin to… Lho ngono iku sing ngaji yo akeh, sing khatam quran ko ndekne yo akeh. Mergo agomo iku raperlu digowo wong sing bener nemen2. Kyaine tak takok i, santri2ne tak takok i, lho coro sampeyan anak anak e Pak Kyai niku sing wes ABG katok an cekak haram opo gak? Yo haram pak baha’. Lha kowe kok tetep manut kyai iku? Ya haram ya haram, anut ya anut? 

Lho kok penak? Santrinelah yo yakin lek bulus yo haram. Dadi kan biasa, kyaine rodok proposal, rodok syubhat politik. Tapi santrine tetep nyucup. Engko lek pas bangunan pondok, santrine melu nunggoni. Pokok e agomo iku penak, ngono ae kok repot. Faham..? koyok mustofa iki kadang mamang ambek mas rum, tapi yo ngono mora moro. Dadi agomo iku wes unik, kliru2 sitik sing penting mlaku ngono ae. Mergo sing ngurusi Alloh Swt. 

Ayo.. presenter2 ning tivi, pak quraisy syihab moco tafsir presentere lanang ta wedok? (wedok) terus mustofa mbek qoul Ajnabiyah kumpul wong lanang haram. Horam haram, saiki wong ruh tafsir nasional iku ruh kok mustofa opo ko pak Quraisy Syihab? (pak Quraisy Syihab) Saiki, sumebare tafsir iku lewat sing haramno, utowo lewat sing ora muni haram? Loh jawab en mus? Mustofa gak gelem njawab. Sing muni haramlah, menengae tetep entuk ilmu tafsir. 


Agama ini Unik

Dadi agomo iku unik, kunane kuno agomo iku unik. Dadi wes diurusi Pengeran, dadi kowe rausah melok2. Wong ngiyai ket ndisek misah miso nganti saiki yo payu. Sing ra tahu misoh, tawadhu' ora payu, ra mesti. Wong Pengeran sing ngatur, kowe arepe opo? Mergo sing sak enak e dewe yakin mbek Digjayane Alloh, sing tawadhu kadang yaqin mbek amale dewe, dadine iku ujub. Dadi tak terangno.. ora mesti. Sing sak enak e dewe, alasane nganggep yo ben, iki agamane Pengeran, wes ngono lah, ngko ono sing ngurusi. 

Tenan, akhire Ketika nabi iku berperilaku simpatik, wong kafir iku fikirane rubah. Pancen Abu Sufyan gento tenan, Suhail yo gento tenan, perjanjian kok gak adil. Muhammad iku didzolimi, akhire akeh sing masuk islam. Piye ngono kuwi njajal?, kuwi wes Pengeran, carane molak malik fikiran, wes ora ono sing eruh. Yaa Muqollibal qulub, tsabit qolbi 'alad dinik. Ora ono sing eruh, mulane beragama iku, rausah mikir. 

Jare hikam niku

أَرِحْ نَفْسَكَ مِنَ التَّدْبيرِ. فَما قامَ بِهِ غَيرُكَ عَنْكَ لا تَقُمْ بهِ لِنَفْسِكَ

Pengeran rausah mbok atur, wayahe sholat, sholat. Kowe rausah mbayangno ideal, sholat kudu bener, kudu ati2, fatihahe kudu ati2, tuma-ninahe kudu ati2, wedi ra ditompo sholate. Lha kowe iku ditompo opo kerono sah e sholat? kerono fadhol e Alloh. Sing penting iku, kowe dzuhur 4 roka'at, 4 roka'at. Lek 5 roka'at mushodeq. Faham nggih, wes biasa ae. Pengeran sing ngatur agomo, kowe tumon ono kyai sing iso ngislamno wong? jarang. Tapi mahasiswa sing pacaran, mbek non muslim, kadang iso ngislamno wong. Terus kowe muni pacaran halal? goblok...pacaran tetep haram. Tapi kowe ngomong ngislamno wong tetep haram, yo goblok. Ngislamno wong kok haram? 

Kulo niku nikahno wong muallaf wes lali jumlahe.  Bocah kuliah ning semarang, niki riyin anak e pendeto gus, islam. Sing lanang nyahadatno. Kulo niku nduwe tonggo, di korea, rabi jepang sing lanang. Yo do islam, goro2 seneng cah wedok iku. Kowe muni pacaran haram? yo wajib. Tapi kowe muni ngislamno wong haram? hayo.. kowe wani muni ngislamno wong haram? Akhire ditekok i wong, lha ngoten niku hukume piye gus? Pacaran yo doso, lha lek ngislamno wong? yo apik. Yo tunggale wong jaman akhir, lek ngel2no malaikat, moro masjid katokan cekak, nggowo rukuh, padahal wong moro masjid iku dosane do ceblok. Faham nggih, tapi wong mbukak aurot iku dosane akeh. Lha ngono iku malaikat nulise piye? 

Kabeh hadits iku, wong sing menjangkah ning masjid iku dosane ceblok. Tapi nabi lak ngritik, wong sing mbukak aurot, dosane ngene2. Kyaine yo meneng ae, tak lorohi malah ra moro masjid. Mboh lek kyaine mustofa, terus tegas, raruh aku. Haaraaammm...

Saiki iku harame haram aurot e? opo haram wonge? tak tekok i. Haram, sing kenek haram iku sing ndelok. Wong kok ra tahu mikir. Sing haram iku wing ndelok e sik, muni haram kok, marai ayu gus.. lho kok ruh ayune barang. Mulane lakmu ngomong ping pindo mus, mbukak aurot iku haram, ndelok haram. Mlayokno wong ko masjid, yo haram. Ngalalno mbukak aurot, yo haram. Lha kuwi, peng piro kowe ngomong hukum. Mlayokno wong ko masjid haram to ora? (haram) dan diantara wong mlayu ko masjid, lak mbok lorohi ekstrim. Kowe ngalalno? haram. Mlayokno wong ko masjid? haram. Jawaben mus, ben kowe tambah ngalim, lha ndekne ruh hukume mek mbukak aurot i haram. Tak elingno ndekne, ben tobat, ben ra khowarij. Mbukak aurot haram, ndelok haram, mlayokno ko masjid? haram. Membiarkan tradisi maksiat, yo haram. Orangnya satu, itu sudah ada hukum empat, minimal.  Lha aku alim, gak iso mbok bantah. Lha papat sing mbok ruhi muk sitok (sing mbok eling2 i). Iyo ra mus? berarti kurang piro? telu kan? Baleni yo.. mbukak aurot,haram. Mlayokno ko masjid? haram. Membiarkan maksiat, haram. Ndelok iku.. haram. Lha saiki sing ndelok iku, sing kenek kyaine opo cah iku? Lha mulane roto2 wong alim iku gak ngambil sikap, akhire malah dinyek kambek wong islam2 saiki. Marai gus baha gak tegas, wong alim2 gak tegas. Loh ra tegas iku mergo ilmune akeh. Kowe tegas, mergo ilmumu sitik. Enek tha wong ilmune akeh iso tegas i? wong katah pertimbangan. 

Lha niku termasuk guru2 kito, kunane kuno wes ngoten niku. Ono wong sing ata'allafuhum alal islam. Dadi dijogo, ben islame iku terjaga. Ini muqoddimah opo mboten, pokok e maknane ae, anggep ae mulai ngaji. Terus niki kulo woco, pokok e kulo wingi dugi jogja, kulo khatam kitab niki. 



Nashoihul Ibad

Terus kitab niki (nashoihul ibad), niku karangane Ibnu Hajar al Atsqolani. Kulo tak nerusno sanad nggih. Ibnu Hajar Al Atsqolani niku sing nyarahi bukhori. Kitab Shohih bukhori niku disyarahi ibnu hajar al atsqolani, namine kitab fathul barri. Alim2 wong teng mesir riyin, nggih jenenge Ibnu Hajar Al Atsqolani, sing ngarang kitab niki (nashoihul ibad) terus disyarahi ambek Syaikh Nawawi. Namine nawawi bin umar, al jawi

Niku tiyang banten. Niku qila, kulo mboten ngerti data lengkape, qila Ma'ruf Amin sing sakniki Rois aam niku termasuk dzurriyahe sinten? syaikh nawawi. Tapi lak kulo sing roh mesti, niku sing teng suroboyo. Mergi Syaikh Nawawi banten niku nate nggarwo Nyai Hamdanah. Nyai hamdanah niku kudus. Garwane ulama kan katah2. Yo ra mek katahe tok, yo alime barang, senengane kowe kok arep niru



Raden Asnawi

Nyai Hamdanah mbok nom niku akhire digarwo, muride Syaikh Nawawi, jenenge Raden Asnawi. Nyai Hamdanah kalian Syaikh Nawawi niku (kulo sering dicritani mbah moen). Gadah anak namine Zuriyah (putri). Ketika digarwo Raden Asnawi nduwe anak lanang dijenengno sopo? zuhri. Mergo wes kadung ono zuhriyah, nduwe anak lanang jenenge sopo? Zuhri niki nduwe anak Minan, terus Minan Gus Hafidz, gus Hafidz niku sing dadi mantune Mbah him Sarang. Mbah him niku paklik e sinten? Mbah Moen. Nha Syaikh Asnawi niku mbah2 e sami kalian mbah kulo. Mergo mbah kulo niku, buyut kulo wedok niku namine Hafshoh, Hafshoh niku binti Maksum, bin Sholeh bin Asnawi Ageng. 

Dadi induke kyai kudus niku nggih Asnawi Ageng. Artine sampeyan ngaji kulo niku wes bener, coro sanad e niku wes bener. Karek sampeyan ni ngrusak sanad ku gak? sakwise (ngaji karo aku). Aku raroh, lak bar aku nasibe piye iku raroh.  Lhaiyo kowe nduwe sanad lewat aku bener, bar kowe dadi kyai, terus wong ngaji lewat mustofa bener to ora? nah iku aku wes mulai raroh. Dadi sing ngrusak iku kowe ora aku. Tapi wes apik, jaman akhir wes apik. 

Dadi sampeyan ben ruh, ulama niku silsilahe podo, visine podo. Masyhur niku guyonane raden asnawi niku. Ono chino pingin mempermalukan raden asnawi. Ndek e iku anti chino. Dolan ning chino disugohi daging kalbun. Mbuh kalbun mbuh hinzirun pokok e sing haram. Bareng bar mayoran, di depan umum. Pak Kyai tahu? tadi daging apa? itu tadi daging Anjing. Nyongkone kan Raden Asnawi malu. Jebule Raden Asnawi, Alhamdulillah, beneran yo cong yo.. menowo ra dibodoni ratahu mangan daging asu. Piye ngono kuwi njajal...? Kenek wong alim rusak... Nyongkone kan wes malu di depan umum, jebule Alhamdulillah yo cong yo.. Umpomo ra dibodoni ratahu mangan daging nopo? Kuapok sing nyuguhi, waduh.. jebule ra isin. 

Mbah misri nduwe tonggo, non-muslim apik, bareng mati ditekakne keluargane kon nyolati. Nyolati wong kafir raoleh. Akhire mbah misri sholat isya ning kono. Mbah biasanya gak ada rukuk sujud, kok ini tadi ada rukuk sujud. Woh ini spesial... Perkarane lak nyolati wong kafir iku haram, ora teko tonggo. Wes...jama'ah (mawon).  Wes pokok e kyai2 niku wes pinter, ngakali niku wes pinter. Kunane kuno niku wes pinter, bangsa ngakali niku kyai wes pinter kabeh. Mergo kyai ndisek niku nganggo ilmune abu nawas. Abu Nawas nggih nate, ken ngimami sholat janazah lali, dek e Rukuk, Sujud, wong iku podo bingung kabeh. Bareng bingung takok. Niki dos pundi, wong sholat janazah kok rukuk sujud barang. Bapakmu iki dosane akeh, dadi lak kon ngadek tok niki gak cukup.  Kudu nganggo rukuk? (karo sujud). Padahal perkarane yo lali. Suatu saat ndekne ngimami (pas eling) ngadek tok. Kok mboten rukuk sujud? Dosane ringan. Mulane wong alim niku nduwe guyonan.

Kulo gadah kitab ithaf. Ithaf niku syarahe ihya. Iku kan kitab serius, Niku yo ono bab guyone Kanjeng Nabi. Padahal kitab ithaf niku syarahe ihya, 14 Juz. Niku yo ono guyonan2 ne kanjeng Nabi, shohabat. Niki wonten crito, niki ahwale ulama. Bak e ulama wajib ndarani nahi mungkar i yo do biasa guyon. 


Kisah Sahabat Nu'aiman

Nu'aiman niku shohabat paling sering guyon, Nabi iku wes kakuati, (ambek) sing jenenge Nu'aiman. Senengane nggowo duwek, nggo blonjo, nabi diaturi, ngko angger ditagih, Njenengan melok dahar sing nyaur. Nabi lho.. (sing di ngonokne). Nha ndekne iku pembantune Abu Bakar. Nate teng iraq dagangan, ape mangan i ra oleh kambek kancane, podo pembantune. Mergo Abu Bakar pas sholat ning Masjid. Kamu harus pamit Abu Bakar, muangkel ndekne, juan*** perkoro pakanan ae kon pamit. Akhire ndekne nggolek pembeli. Aku nduwe budak tak dol, misale 1000 dirham. Wes ngko tuku ae, tapi ndekne cangkeme elek, ngko mesti ngaku wong merdiko ndekne. Walhasil dituku, dibayar ning Nu'aiman. Terus cah iku dicekel, cek dadekno budak. Ndisek kan onok ngoten niku, penjualan budak. Bareng Abu Bakar rawuh, lha endi? cah iki mau? pun payu.... Digolek i ambek Abu Bakar, dituku maneh mbek Abu Bakar. 

Nu'aiman niki sing nate kulo critakno teng ithaf, sing mbodoni Dhorir. Jadi ono wong wuto tuek, dhorir namine. Crito niki teng Ihya. Dituntun mbek Nu'aiman, kepingin nguyoh. Mbek Nu'aiman didudohno ning tengah Masjid. Nguyoh otor2 ning tengah Masjid. Riyin kan masjid ngangge pasir. Wess.. bareng bar nguyoh.. (parah tenan Nu'aiman guyonane). Bareng bar nguyoh, suwe2 dingerteni.. Masyaalloh, balaa fil masjid. Wong2 geger, niku sing mbodoni njenengan  jenenge Nu'aiman. Hari kedua ketiga, wong tuo iku sumpah, Demi Tuhan aku nak ketemu Nu'aiman tak pukuli. Nguamuk e ngono, lha wong buta. Dituntun ambek nu'aiman, njenengan nggolek i Nu'aiman? nggih. Ono opo? ape tak tutuk i, wong kok kurang ajare ngono. Dituntun, ditukno sayyidina Utsman pas sholat. Pas iku Sayyidina Umar Amirul Mukminin, Presiden. Gueger... Amirul Mukminin ditutuk i. Bareng Sayyidina Utsman ruh Nu'aiman, .......  dadi ndekne iku sing nggolek i Nu'aiman, lha sing nuntun iku Nu'aiman. (arepe) tak tutuk i, wong kok mbodoni wong. Ditukno ning pinggire Sayyidina Utsman, mpun pas niku Nu'aiman. Iku Shohabat.  

Ketika Nu'aiman, iki rungokno tenan, ben sampeyan gak ekstrimis. Wonge iku sering salah, mergo mabuk. Ndekne iku mabuk ning terminal ora gelem, ning prapatan gak gelem, senenge mabuk ning Masjid, mergo kangen kanjeng Nabi. Sampek sahabat (do muni) wong kowe ki pareg nabi, kok mabuk. Nabi sebagai imam profesional yo dihad (dihukum). Wong mabuk kan had e 80 pukulan bi mi'al, ditutuk i sandal. Yo mabuk maneh, kon mabuk ning ndalan gak gelem (wong kangen nabi). Sampai Sahabat do nglaknat, ini sampeyan lihat,  di kitab bukhori. Sing crito masalah niki, masalah mabuk e. Akhire sahabat do nglaknat Nu'aiman, La'anahullohu Nu'aiman, Nu'aiman kok kurang ajare ngono. Tapi apa kata Rosululloh. Laa tal'anuhu, fa innahu yuhibbulloha wa rosulah. Kowe ojo geman nglaknat Nu'aiman, Nu'aiman seneng Alloh, seneng Rosul. Nah iku dadi dalil Ahli Sunnah lak wong maksiat, ora iso diarani Kafir, wong maksiatlah iso seneng Kanjeng Nabi Muhammad Saw. 

Mulane kowe rausah ngomong, lak maulid Habib Syaikh do teko,  ra gelem sholat. Yo keben, wes ragelem sholat, raseneng Nabi malah nemen, ngomong aneh2. Ngajimu iku ra khatam. Wong iku iso ae, maksiat iku syai-un, seneng Pengeran iku yo syai-un akhor. Ora iso nganggo ilmu koyok mustofa, mau kan 4(hukume) sing iso njawab muk sitok. Saikimu wong moro masjid, wong seneng Pengeran opo ora? Seneng... mergo ape sholat. Lha mbukak aurot? mbok arani nglecehno Pengeran,, ora mesti. Lha ndekne sadar lak ayu, ndekne gaul. Ora mesti niate nglecehno Pengeran. Loh kyaine kan? sing menuduh... Lho bocahe dewe iku niat engkek, opo niat nglecehno Pengeran? (iku lak)Kyaine sing nyimpulkan lak maksiat iku nglecehno Pengeran. Lha lek sing nglakoni? faham nggih? Dadi bedo... dadi butuh ngaji, butuh guru, lek ngaji. 

Wes.. misale ruhin mbodoni aku, niat nglecehno Pengeran tha? lha wong hukume mbodoni iku haram? Niate (kebutuhan) lha lek ora mbodoni ora urip. Faham nggih, opo perlu tak baleni maneh. Wong sing mbodoni, kan iku santri, kadang wong sing biasa ning Masjid. Niate nglecehno Pengeran ta niate bertahan hidup? Tapi lak pas sholat niate ngormati? Pengeran. Lha iku mulane Nabi ngendikan, Nu'aiman ojo mbok laknati, ngono2 yo Yuhibbulloha wa Rosulahu. Nu'aiman iku lak aku gak awor nabi iku gak seneng. Kuangen ambek nabi, tapi lak kon leren maksiat, (moh...(kebutuhan) jare ndekne. Piye njajal ngono iku? Koyok sampeyan rene ngene iki, ngrungokne aku, tenanan. tapi kadang2... mergo pas ra ning ngarepe. Yo wes ngono (kersane) Pengeran, wong pancen (kito) i ora nabi. 



Tentang Kekafiran

Lha mulane coro madzhab ahli sunnah wal jama'ah wong iku raiso diarani kafir, sebab nglakoni doso gede. Mulane man qola laa ilaaha illalloh, dakholal jannah. Nabi sempat ngendikan, wa inzaana wa in syaroqo. Senajano tau zino tau nyolong. Ora terus zino dadi halal yo ora, zino selawase yo haram, tapi ora iso gara2 wong kuwi maksiat, terus mbok arani orang itu keluar dari Islam. Mergo lak mbok arani, wong maksiat yo metu ko islam. Maksiat i ora zino tok.. hasud yo maksiat. Adu2 yo maksiat. (Lha lek ngono carane) Kyai lak raono sing islam, wong kyai tahu hasud. Kulo yo hasud mbek mustofa, iri aku, aku dadi kyai selawase ratahu ngeduk kuburan, ndekne tahu. Coro prestasi dramatis ndekne. Aku dadi kyai penak, angger ngimami mesti ono santri....... Artine coro prestasi hebat ndekne kan? Coro dishooting kan luwih dramatis. 

Faham nggih, dados niki ngaji, ben sampeyan ngerti, dadi wau kulo terangno sanad. Kulo dari sanad keluarga nggih niku, buyut2 kulo niku, ngantos mbah asnawi ageng. Kulo gadah sanad saking Raden Asnawi nggih muride Syaikh Nawawi Mbanten. Sampeyan nganggo mbah karim, mbah hasyim asy'ari, mbah kholil bangkalan, Syaikh Nawawi Mbanten. Dados sanad kulo niku katah, ben sampeyan ngertos, aturan2 dalam islam. Dadi ba'dho niki kulo woco urut, tapi untuk hari ini kulo wacakno halaman 45, niki damel cuplikan nggih.  Sing alinea ketiga, wal maqolah ats tsalatsun. 


Nashoihul 'ibad Maqolah KETIGA PULUH

Wal Maqolatu Ats Tsalatsun, Mulane ono makalah nggih (goro2) kitab niki. Maksudnya makalah ke tiga puluh. 

(و)

المقالة الثلاثون   

(عن علي رضي الله عنه أنه قال: أربعة أشياء قليلها كثير)

فيتأذى الناس بذلك القليل 

أي الألم   (الوجع) 

(والفقر)  أي فقد ما يحتاج إليه

(والنار والعداوة)    أي قصد الإضرار المتمكن في القلب 


قال رسول الله ﷺ : رأس العقل بعد الإيمان بالله تعالى النودة إلى الناس 

و قال سيدنا سليمان عليه السلام لابنه 

لا نستكثر أن يكون لك ألف صديق

فالألف قليل ولا تستقل أن يكون لك عدو واحد  فالواحد كثير


أربعة أشياء قليلها كثير

Jare Sayyidina Ali ngeten, ono barang papat, Sing sitik e ae ngel2no wong akeh

Yoiku 

satu: kowe lak loro, 

dua: kowe lak fekir. Kuwi wes repot, ngel2no wong akeh. Dadi dibahas niku kaleh Sayyidina Ali. Pun niku (ra penting) maksude ra penting marai nyindir wong akeh. Tapi yo tetep tak terangno, ben roh kowe.

tiga: api
empat: permusuhan


Dawuhe Nabi ngeten nggih, 

رأس العقل بعد الإيمان بالله تعالى التودد إلى الناس

Ro’sul Aqli (utawi puncak2 e akal) - MUBTADA
kepalane akal 
ba’dal imani (sak wise) 
billahi ta’ala (kelawan Alloh Swt.) 
iku At Tawaddudu (gawe seneng) - KHOBAR
ilan naasi (maring menungso). 

Nggih niki cekeli tenan nggih, lak sampeyan kepingin slamet ketemu Pengeran cekeli tenan hadits niki nggih. 

رأس العقل بعد الإيمان بالله تعالى التودد إلى الناس

Ro’sul aqli b’dal iman billahi ta’alaa at tawaddudu ilan nasi. Dadi apik2 e akal sakwise kowe iman, yoiku supoyo wong liyo iku simpati mbek kowe. Opo maneh kowe wong sholeh, barokahe simpati mbek kowe, wong terus dadi kepingin sholeh. 



Lihat TIVI
Kulo niku nate ditangisi seorang Kyai mlarat, fanatik hukum, niki kisah nyata. Misale nduwe anak sak hasan, anak kulo niku namine hasan kelas papat SD. Bapak e niku ngaramno tipi. Tivi haram, sepeda motor haram, Lha terus anak e ndelok tivi iku ning tonggo, lha tonggone iku rapati sholat. Pertama entuk sepeda motor, sing masilitasi nggih kanca2 ne tonggo. Intine crito Ketika dia puber, guetinge sak pole jenenge dunia Kyai (dendam) ambek bapak e. Sampek cita2ne ojo sampek dadi Kyai, tivi gak godak, tuku sepeda motor? Gak godak. Akhire dia merantau di batam, bapak e tangisan teng kulo.

Sementara kyai2 alim, misale mbah moen teng nggriyo nggih enten tivi. Kulo ruh wong alim2 alamah mbah ali maksum nggih wonten tivi. Ning omahku malah malah telu, ojo ditiru, kakean… Artine ngeten, ora kok tivine, kulo seneng aliran koyok mustofa, ndelok sinetron marai fasiq, tapi terus ojo gak nduwe.. Ndelok sinetron pancen elek mus, tapi masalahe cah cilik, angger kowe ra nduwe, ndelok ning tonggo. Akhire cah cilik iku tertanam dek ora utang jasa ambek bapak e, tapi ambek tanggane. Akhire seorang kyai sing biasane ning masjid, sing biasane nderes quran gak dadi idolane anake, mergo anak e trauma nduwe bapak sing raiso nukokno tivi, nukokno sepeda motor. 

Sebenarnya kita itu tetep hati2 dengan tontonan tivi, tapi niku mangke lek difahami ekstrim oleh anak, ndadekno anak iku raseneng kito, padahal carane beragama iku, at tawaddud menciptakan kesenangan. Yo tentu kita akali, misale ngeten, misale anak kulo Anak kulo sing SMP, kowe tak takok I tenanan, lak ndelok tivi kudu sing mbok senengi tenanan. Mergo lek sing disenengi tenanan, ndelok iku puas, ojo kok peh2 nganggur angger chanel di delok, iku arogan mus (terus digonta ganti). Loh lak gitu ra bar bar. Tapi lak asal disenengi kan ono durasine kan? Lak sing disenengi kan ono durasine, terus selesai. 


Mulane kulo niku terkenal mbek tonggo2, Gus Baha kok ambek anak kok wedi, misale hasan melek njajan, tak turuti. Mergi fikiran kulo sederhana, iki rungokno tenan. Andaikan saya punya tetangga kafir, umur cilik. Terus aku pingin ngislamno ndekne, kiro2 saya service gak? Gak jawab saja… (saya service kan?). Sekarang ada pendeta nyervice anak itu, ndadekno seneng Pendeto. Kyai nyervice anak itu, ndadekno seneng kyai. Sekarang kebalikanya, anak itu diservice pendeto sehingga tertarik, kyainya angger ketemu, wo anak zino.. bocah ra jelas bapak e. Kira2 anak itu melok kyai opo melok pendeto? Dan gara2 melok pendeto gara2 sinise kyai apa ndak? 

Nah disini ada keharaman besar bagi kita, makanya kita at tawaddudu ilannasi. Istilahe Quran nopo? 

Fa bimaa rohmatin minallohi linta lahum, walau kunta fadhdhon, Nggolidzon qolbi, lan fadhdhu min haulik
Mad kowe kudu alus, lek kowe ra alus (wong bubrah). Makane syarate wong alim i kudu longgar, ojo sinis. Termasuk jarena syaikh Abdul Qodir Al Jailane Qillatul ma’unah, kowe lek dadi wong alim kudu berbiaya murah. Ape seneng nabi ae, ntek e Uakeh… pengajian entek e uakeh.. 
Ngaji wes murah ngene iki, ngaji plang plong (murah). Pangerten ra pangerten buen, wes karep2 mu dewe, urusane dewe. Buen wes.. ora usah salam templek, ora usah nyucup. Mergo lek nyucup ra pati ikhlas malah nggremeng, malah kangelan kabeh. Mergo kadang wong ta’dzim tenanan bersyarat. Gus Baha kudu ratau salah, wong ra nabi ko kora oleh nopo? salah. 

Iki rungokno tenan nggih, kecelakaane zaman akhir niku kurang at tawaddudu ilan nasi. Mulane kulo ambek anak wedi, piye2 anak ku wes kadung islam. Seneng kyai, ojo sampek dikecewakno, saya ini kyai, kalau ndekne kecewa, ndekne ora nduwe cita2 ingin kayak bapaknya. Lek ora pingin koyok bapak e kadang dekne ngidolakan bapak e yang kadang fasiq. Mulane lak dadi santri, anak iku dimanja, paling gak anak em ben nduwe cita2 koyok bapak ku Pak Rukhin, seneng ngaji mbek wong alim. Tapi lak kenangane ambek rukhin amen disentak terus? Kuapok nduwe bapak kriting, mpun (nggrundel tok). Sok mben lek angger ruh wong kriting, kelingan bapak e, kan ruepot. 

Tapi lak kenangane mbek rukhin apik, suatu saat ngaji mbek gus baha, aku ngritik wong kriting, wo gak bener gus baha’ i. Bapak saya kriting ternyata baik, Gak semua gus, orang kriting buruk. Saya punya pengalaman punya bapak kriting baik. Tapi misale angger ndelok rukhin (elinge elek e) tak khutbahno (wong kriting biasane ngene…) Who pas gus…. (repot). Repot ra? (repot). 

Loh niki tenan, mulane… Jangan2 orang gak seneng kita itu karena kita gak punya reputasi at tawaddudu ilannasi



Tentang Akal
Makane ngendikane kanjeng nabi, oran gitu menggunakan akal itu, yang paling pokok itu dua. SATU pastikan dengan akal anda, iman anda itu benar. misale kowe yakin lak Alloh itu wujud, Pokok e wujud, piye2 pokok e Alloh iku kudu wujud. Kenapa kok Alloh i wujud? Mergo kadung ono bumi. Hubungane opo? (barang) adam itu raiso yuakhliq, raiso yakhluq. Iku jenenge akal sing wes permanen. 

Tak bedek i nggeh, barang sing raono iku iso gak? Dadi factor wujude bumi? Njajal sampeyan jawab… Al 'Adam (sesuatu yang gak ada) bisa gak? Jadi faktor wujudnya bumi? Gak bisa kan? Karena al adam laa yakhluq, sesuatu yang gak ada tentu gak bisa menciptakan. Maka akal kita pasti tahu, pasti ada yang menciptakan. 

Fa innal adam, laa yakhluq, karena sesuatu yang gak ada pasti gak bisa menciptakan. 
Iku sing dawuhe Pengeran, 

am khuliqu min ghoiri syai-in am humul? Kholiqun
Sesuatu yang gak wujud, pasti gak bisa menciptakan. Sudah ini akal kita permanent. Bahwa Al Kholiq itu pasti ada dan itu kita namai Alloh. 


Terus KEDUA akal kita kita gunakan suapaya kita dicintai manusia. Toh setelah kita dicintai, karena kita orang baik, pasti mengajak….? Baik. Carane macem2 misale kulo, kulo dadi kyai, Kulo jarang terbuka, mergo lak kulo mbukak sowan, paling sing sowan2 sing rodok nganggur2, sing rodok nduwe duwek wani sowan, sing ra nduwe duwek rawani. Kan malah repot… ora usah sowan kabeh, ketepak an ketemu, lek ora yowes, ngono ae kok repot. 

Opo maneh lak sing ngajak sowan makelar, nyilih mobile wong,, weehhh malah repot kabeh. Ngeten niki murah meriah, diridani Pengeran, wis gampang wis. Jadi rungokno tenan nggih, kulo suwun sing berkecenderungan khusyuk berlebihan kuwi eling2, diantara aturan penggunaan akal itu adalah at tawaddudu ilan naasi. Dieling2 nggih, dadi ro’sul aqli ba’a iman billahi ta’alaa iku attawaddudu ilan naasi. Mulane kulo suwun, sampeyan ojo sinis ambek bojo, wesa nguamuk o kyok opo, Anggep ae normal, pancen ora mbok rejekin secara konsisten, ngamuk itu bagus, wong protes mbek ra jelas itu bagus. Kalau bojomu menerima ketidakjelasan itu kelainan, wong ora jelas kok ditompo. 


Anakmu rewel njaluk es iku normal, pancen cah cilik apik e rewel, cah cilik moro ning toko lak ra kepingin tuku kan aneh… idiot iku jenenge. Iyo to ora?? Loh endak jawab wae. Lha tapi lak njaluk an terus, koyok bapak e. Jadi jelas nggih, 

ro’sul aqli ba’da iman billahi ta’aalaa at tawaddud ilan naasi.


سبحان الله ملء الميزان 
ومنتهى العلم 
ومبلغ الرضا
وزنة العرش

Comments