Skip to main content

Nashoihul Ibad 2 | Catatan Ngaji Gus Baha | Menampakkan Ilmu

Catatan Ngaji Gus Baha Kitab Nashoihul 'ibad yang kedua. Jika anda mungkin mengalami masalah kurang jelas pada audio kajian, bisa terobati dengan membaca catatan ngaji Gus Baha. Semoga bermanfaat... Amin.




باب الثنائي

وفيه ثلاثون موعظة أربعة أخبار والباقي آثار 
و نعني بالأخبار أقوال النبي صلى الله عليه و سلم 
و بالآثار أقوال الصحابة و التابعين



Bismillahirrohmanirrohim


باب الثنائي
Baabus Tsunaaii (utawi bab, nasihat sing bongso dua kalimat) - MUBTADA

وفيه ثلايون موعظة أربعة أخبار والباقي آثار 
Wa fihi (lan iku tetep ing ndalem, al baabu tsunaai) - KHOBAR
Tsalatsuuna (utawi telung puluh, 30) 
Mau'dzoh (napane? nasihate) - TAMYIZ

Arba'atun (utawi kang papat iku)
Akhbarun (piro2 hadits)
wal baaqi (lan sisane)
Aatsarun (piro2 atsar)

و نعني بالأخبار أقوال النبي صلى الله عليه و سلم 

wa na'ni (lan ngarepno ingsun)
bil akhbari (kelawan istilah khobar, )
aqwaalin nabii (ingsun ngarepno... piro2 dawuhe kanjeng Nabi Muhammad Saw)

و بالآثار أقوال الصحابة و التابعين
wa bil atsari (lan nagereno ingsung... kelawan atsar)
aqwaalush shohabati (piro2 dawuhe shohabat)
wat taabi'in (lan piro2 wong sing anut poro shohabat)



Kitab Fathul Barri
Nah niki kulo terusno nggih, dados, Matan e kitab niki niku karangane Ibnu Hajar Al Atsqolani. Niku sing nyarahi kitab Bukhori. Teng nggene ulama sing dipegang (al mu'tamad), ning bab hadits niku pegangane Sayyid Muhammad bin Alawi, nomor siji nggih kitab Fathul Barri- teng bab syarah lho nggih. (dados) Syarahe Bukhori sing dipakai sayyid Muhammad nggih Fathul Barri.


Habib Zain bin Smith, piyambak e crito, Rumiyin niku teng yaman niku wonten tiyang habib2 alim mengkaji Bukhori, bade nyarahi Bukhori, tapi sak wise wonten kitab Fathul Barri, 


لا هجرة بعد الفتح 

maknane gak ono karangan kitab (sing nandingi, syarah kitab bukhori) sak wise ono kitab nopo? Fathul Barri.  Nah kitab Fathul Barri niku dikarang Ibnu Hajar Al Atsqolani, niku muride Zainuddin Al Iroqi. Niku sing nakhrij hadits teng ihya. Dados teng kitab ihya sing dicetak niku lak wonten, takhrij haditse teng ngisore garis, niku takhrij e al iroqi. 



Zakariya Al Anshori

Terus Ibnu Hajar Al Atsqolani gadah murid, namine Zakariya al Anshori, alim2 e tiyang Feqih teng madzhab Syafi'i ning era niku, sinten? Zakaria Al Anshori. Zakariya Al Anshori nduwe murid, ibnu Hajar Al Haitami, terus (Ibnu Hajar Al Haitami) nduwe murid Zainudin Al Malibari, (sing ngarang) kitab Fathul Mu'in. 

Niku Pengeran lak ngersakno ngoten, mulane Masyhur guyonane Ulama2 niku. Ibnu Hajar Al Atsqolani niku jenenge Ahmad bin Ali, tapi ndilalah terkenale Ibnu Hajar Al Atsqolani. Al Haitami niku Ibnu Muhammad, terkenale Ibnu Hajar Al Haitami. Zakariya Al Anshori niku alim2 e tiyang, niku Umure tuwo, asline rapati pinter tiyange, Zakariya Al Anshori. Tapi rapati pintere Zakariya Al Anshori......

Riyin niku wonten ijtima' Ulama Al Azhar, Ndilalah ndekne niku melok, nganggo sorban. Terus wonten tiyang ngenyek, ngundang Syaikhul Islam. Dekne isin, ora pati ngalim kok diundang Syaikhul Islam. Terus sinau tenanan rino wengi, tirakat sinau, ngantos dadi alim alamah, ngantos dadi syaikhul islam tenanan. Dadi soko wong sing digawe guyonan. Bareng dek e kondang, nduwe guru Alim Alamah, Al Muhaddits Al Kabir, yoniku Ibnu Hajar Al Atsqolani. Nduwe murid, mulai cilik cerdas, alim alamah Alim Fekih Ibnu Hajar Al Haitami. 

Makane wonten tiyang tangklet bareng ndekne alim, saget ngarang kitab, alim alamah Yaa Syaikhul Islam (niki mpun mboten ngenyek) wes alim tenan. 

Yaa Syaikhul Islam, limaadza takuunu 'Aliman 

Njenengan alime kok koyok ngono, ngarang kitab Syarkhur Rowi, Fathul Wahab... katah..



Diantara dua Batu

Jawabe lucu, Zakariya Al Anshori seneng guyon, Ulama tertua dalam islam niku namine Zakariya Al Anshori, uripe 100 tahun. Niku ngendikane lucu, 


li anni duqiqtu baina hajaroini. 

Aku kok ora alim piye, wong kok digebek watu loro. Aku nduwe guru cerdas, nduwe murid cerdas, ngono jenenge Hajar (dua-duanya) watu. Jadi aku iku, umpomo gabah iku, ditumbuk ambek watu loro. Mergo wong iku lek nduwe murid cerdas susahe rakaruan, arepe ra alim kan isin, mergo muride cerdas, (begitupun) guru yo cerdas. Dadi lak ape ninggone guru yo sinau, lak arepe ngulang yo sinau, mergo nduwe murid cerdas. Mulane jarene 


Duqiqtu baina hajaroini.

Akui digebek watu loro. Dadi perkarane gurune yo hajar, muride yo hajar. Mulane jarene mbah Moen iku alamate wong alim iku lak nduwe murid alim. Coro aku raono muridku sing alim, dadi kyai isin dawuhe Mbah Moen. Lha lek kulo mpun tak isini, wis gak isin2 an pokok e wes ngono... wayahe...wes Qodho Qodar ngono ae. 

Jadi Zakariya Al Anshori alime ngoten mergi muride Ibnu Hajar Al Atsqolani, Zakariya Al Anshori alime ngono mergo nduwe murid Ibnu Hajar Al Haitami, sing nulis kitab Fathul Mu'in. 




Sanad Guru2 Kita

Dadi njenengan sing seneng, dadi guru2 kita i alim. Kulo nate crito Mbah Munawwir Jogja niku, ngaji fekih e kalian Syaikh Mahfudz,  Ngantos Syaikh Mahfudz niku, titip anak rupane Gus Muhammad niku tenggene Mbah Munawwir, dadi tiyang alim, hafal quran terus dirabikno ambek....... 

Kulo gadah crito saking keluarga lasem, Gus Muhammad niku... Gus Muhammad nduwe anak gus Harir. Lha mbah mahfudz niki muride Sayyid Abi Bakar Sato sing ngarang I'anathuth Tholibin. Nah Sayyid Abi Bakar Sato niki muride Sayyid Zaini Dahlan. 

Mbah Moen, muride mbah Karim. Mbah Karim Lirboyo muride mbah Hasyim Asy'ari. Mbah Hasyim teng mekah paling lami, nggih ngaji kalian mbah mahfudz.

Misale ngangge sanad alawi,  Mbah Moen terus ngaos teng mekah teng Sayyid Alawi, abahe Sayyid Muhammad. Sayyid Alawi ngaji abahe Sayyid Abbas, Sayyid Abbas ngaji Sayyid Zaini Dahlan, Sayyid Zaini dahlan nggih menangi gurune, Sayyid Abi Bakar Sato sing mulang I'anatuth Tholibin. Dadi guru kito niku sami, nggih silsilahe sami. 

Versi Video bisa kalian lihat disini ya temen2...



Mbah Mahfudz Termasy

Kulo gadah kitab karangane Mbah Mahfudz, Hashiyatut Tarmasyi. Niku sekitar pitung Jilid. Jenenge niku Al Manhalul Amin, nyarahi kitab karangane Mbah Fadhol. Niku yo alim tenan, niku karangane persis gaya Kitab I'anah. Saking suwene dadi putu murid, (eh murid e). Gaya2ne persis I'anatuth Tholibin. Pokok e mboten ngguwak blas. Kulo sinau detail niku, persis kitab I'anatuth Tholibin. Jadi wong jowo niku mulai alim2 niku, sekitar tahun 1880 ngantos 1960 niku jek alim2. Termasuk.... Syaikh Bakir.

 


Orang Alim di Tanah Jawa

Niki ben sampeyan ngerti nggih, barokahe ulama2. Niku nganti pemerintahan Arab Saudi, Sayyid Husein niku lek arepe mutusno kebijakan arab saudi niku, njaluk pertimbangan ulama jawa. Sangking akehe wong alim teng mriki. Mulane era niku ono 

  • Syaikh Nawawi Mbanten, 
  • ono Syaikh Mahfudz At Turmusyi, 
  • ono Khothib Minangkabau, 
  • Syaikh Arsyad bin Abdush Shomad Mbanjar

Wolak walik e zaman, angger mondok rono mesti wong alim. Kulo niku, buyut2 kulo niku katah sing kapundut teng mekah. Niku mertuane mbah moen niku teng mekah 4 tahun. Terus Mbah Muhaimin adik e Mbah Baidhowi. Terus Mbah Maksum abahe Mbah Ali Maksum, Terus Kyi Shiddiq, kyai Shiddiq niku bapak e Ahmad Shiddiq sing nate Rois 'Aam, niku lak tiyang lasem. 

Ahmad Shiddiq bin Shiddiq niku tiyang pundi? lasem. Dadi tiyang lasem riyin niku sing mimpin NU niku riyin Mbah Maksum, Terus Mbah Ali Maksum Rois 'Aam, terus Ahmad shiddiq muride teng Jember tapi turunane Lasem. Terus Kyai Hamid Pasuruan, Hamid bin Abdulloh bin Umar niku tiyang pundi? lasem. Niku sami, sanade sedanten lewat Mbah Maksum. Sehingga terkenal teng mriko 100 Ulama Jawa. 


Mbah Muhaimin

Termasuk Mbah Muhaimin, Mbah Muhaimin niku adike Mbah Baidhowi, dipek mantu mbah Hasyim Asy'ariy. Dadi Mbah Hasyim Asy'ari nduwe mantu alim terkenal niku kaleh. Mbah Ali Maksum niku yo Alim, Maksum Ali yo Alim. Mbah Ali Maksum niku sing teng Krapyak. Maksum Ali niku sing ngarang Amtsilatut Tasrifiyah, Maksum Ali nduwe adik, Adnan Ali sing nduwe Thoriqoh ning Jombang. Nah Mbah Muhaimin niku sing ngarang Samrotul Roudhoh. Sing cikal bakale NU sing ngarang niku Mbah Muhaimin. 

Mulane wolak walik e zaman, mbah Hasyim Asy'ari terkenal pendiri NU, nduwe putu Gus Dur. Mbah Muhaimin niku nduwe kakak Mbah baidhowi, mbah baidhowi nduwe putro Mbah Hamid Baidhowi. Mbah Hamid niku wani Gus Dur, NU kok jarene wakane wong Jombang, NU Niku Wakane wong lasem, mergi sing gawe naskah niku sinten? Mbah Muhaimin, saking lasem. Makane Mbah Hamid niku lak teng Gus Dur niku podo2 putune pendiri NU. Makane kowe rausah melok2, mergi kowe ora putune pendiri.  

 


Nashoihul Ibad

Ben sampeyan ngerti, Dados kito niku mpun bener, dan diantara pilihan2 ne ulama, kados mbah karim muride mbah hasyim, mbah hasyim muride mbah kholil bangkalan,  mbah kholil bangkalan niku nate ngaji teng sidogiri, sakwise teng mekah ngaji syaikh nawawi mbanten. Diantara pilihan naskah sing dipilih niku naskahipun Ibnu Hajar Al Atsqolani namine kitabe 


Al Munabbihat Alal Isti'dat li yaumil ma'ad

Pengingat siap2 ngadepi mati. Terus ambek Syaikh Nawawi disyarohi jenenge Nashoihul Ibad. Jadi kitab niki dikarang dua beliau, Matan e dikarang Ibnu Hajar Al Atsqolani, Syarahe utowo halul ma'anine (ngudarine Ma'no) disyarahi Syaikh Nawawi. 

Kulo wingi niku Dzulhijjah kulo sinaoni khatam, amen sering ngipi, kulo kok kepikiran ngulang niki. 



Orang Alim Ngulang

Kulo bolak balik crito, kulo lak mulang niku seneng... mergo ngulang niku sifate Pengeran, 

 الذي علم بالقلم   اقرأ وربك الأكرم

Iqro' wa robbukal akrom, alladzi 'allama bil qolam. 

Alloh nyifati Dzate niku Dzat sing mulang. 

الرحمن  علم القرآن خلق الإنسان  علمه البيان

Alloh nyifati dzate niku sifat mulang. Cirikhase mulang niku piye? 'allamahul bayan (lak mulang dadi kepenak) bayan niku jelas. 

Mulane wong ojo wani wong alim sing ngulang, mergo wong alim ngulang niku wes kondang2 e wong. Mergo wong alim ngulang ning alam malakut disebut 'adziman (orang besar). 

من علم وعمل وعلَّم فذاك يدعى عظيماً في ملكوت السماوات

Wong alim terus gelem mulang, niku disebut wong gede tenan lek teng alam langit. Faham nggih. Tapi lak wong 'alim ra gelem ngulang, tapi nak dihormati tetep gelem, (nggowo)  proposal ngalor ngidul, niku yo rapatek gede. Tapi lak ning bumi gede, lak ning langit? mpun mboten populer, mboten keren maksude. 

Dadi sing dindarani niku (adziman) wong sing alim ngulang. Niku Muta'alliman. Mergo Alloh menyifati dzate niku, dzat sing ngulang. Nggih niku wau, 

 اقرأ وربك الأكرم

iqro wa robbukal akrom

Pengeran iku sopo? 


الذي علم بالقلم

alladzi 'allama dzat sing ngulang

Bil qolam.. mulane nggowo pulpen iku sunat, mergo Alloh nyifati makhluk e lek mulang iku nggowo? Pulpen. 


علم الإنسان ما لم يعلم

'Allamal insana maa lam ya'lam

Ciri utama Pengeran iku mulang, barang sing wong ra ruh. Lha wong alim, iku diwajibno ngulang, sing wong raruh, dadi... ruh. 


Versi Video, bisa temen2 lihat DISINI ya...



Mendoakan orang Alim yang sudah meninggal

Kulo lan njenengan iki sing entuk dongane Ibnu Hajar Al Atsqolani, sampeyan raperlu, ndongakno beliau ning suargo rausah mbok dongakno. Lek eling mbok dongakno, lek ora yo wis, paham nggih. Sing wajib ndongakno malah beliau, ojo kito sing ngadepi zaman terus mbulet, nopo?? 

Kulo terangno nggih, guru2 mu fatihahi, tapi matihahine matihahi ta'dzim, beliau itu guru2 kita, tapi ora usah berlebihan. Mergo hakikote sing urip iku sing ndongakno sing gak ono, mergo sing ngadepi cobo macem2. Mergo kulo barang niku.. dados mantep didongakno wong sing wis kapundut2. Mergo ngendikane Rosululloh Saw, sing sering didawuhno guru2 kulo. Sing sering didawuhno guru2 kulo, nabi nate dawuh. 

'alaa khulafaai rohmatulloh.. 

mugo2 wong sing ngganteni aku dirohmati Pengeran, niki dongane kanjeng Nabi. Terus sahabat takok, wa man kholafaauka yaa Rosulalloh. Sing nggenteni njenengan niku sinten? 

alladziina yuhyinaa maa amatahunnaas min sunnati

Angger wong gelem ngulang, ngurip2 sunahku sing wis mati, kok ono wong ngulang ngurip2 iku mesti entuk dongaku, jare Nabi. Faham nggih, dadi.. sing kapundut malah ndongakno sing Urip. Dadi wong do salah kaprah, Lek ndongakno wali iku do nuangis, do tenanan koyo2 waline entuk dongane ndekne. Yo oleh ngono, tapi rajelas ngono kuwi. Yo ndongakno tapi rausah berlebihan, ndongo2 ihdat (ndongo sing sifati hormat). Ihda- hadiyatan, hadiyah iku berarti kita yang menghormati leluhur, ora kok ndongo sing koyo2 o mereka butuh kita (lha kuwi ndongo sombong) faham nggih, nah kuwi  makane disebut ihda-ز

Ihda- niku.. sing kulo baca.... kulo hadiahaken lir ruhi Rosulillah Saw, (niku jenenge ihda-). Kalau ihda- iku berarti kita memberi hadiyah, kita hormat, kita takrim. Faham nggih. Nak kowe ndongakno Syaikh Abdul Qodir Al Jailani, dengan makna kowe ndongakno, tak dongani tenanan syaikh abdul qodir. Ben kuburane padang. Wehhh....kuwi wonge tersinggung tenanan. Ngenyek uwong.... Dadi wong iku kudu mikir, donga iku ono donga sing ihda-, Ihda- niku memberi hadiyah. Yo ndongo tapi berdasar ta'dzim. 



Dipuji Ulama
Ibnu Hajar Al Atsqolani niki sing dipuji2 ulama, Sing kados Ulama Modern sing kulo ngerti nggih Sayyid Muhammad. Sayyid Muhammad niku setiap ngarang Al Manhalul Latif, tulisane kamaa bi fathil barri. Lak Habib Zein bin Smith, ning Manhajus Sawi nyebut, Al Kutubu Mu'tamad bi shurohil hadits, pertama sing disebut Fathul Barri. Kitab2 pegangan dalam pensyarahan hadits, niku sing disebut nggih Fathul Barri. Fathul barri niku karangane Ibnu Hajar Al Atsqolani. Sing beliau nduwe karangan cilik nggih kitab niki. 

Al Munabbihat alal Isti'dat li yaumil Ma'ad

pengingat siap2 ngadepi mati. Tapi kowe rausah terus Ge R siap kulo Gusti... Siap sinaune, tapi lak matine..... rausah ngono.. pokok e, jenenge ning ndunyo niku siap ra siap...yo.. yowis pokok e ngono iku. 

Nah eling mati iku marai.... dadi kowe iku rausah khawatir, Dawuhe Nabi iku wong kok angger eling akhirat, mesti urusane ndunyo diparingi gampang. Angger urusane ndunyo kangelan, berarti rapati eling nopo? mati. 

 

 


Baabuts Tsunaai

باب الثنائي

و فيه ثلاثون موعظة، أربعة أخبار والباقي آثار، ونعني بالأخبار أقوال 

النبي ﷺ، وبالآثار أقوال الصحابة والتابعين 

Bab sing bongso nasihat rong kalimat. Niku ono Akhbar maknane dawuhe nabi. Ono Atsar maknane dawuhe shohabat. 

(فمنه)

 أي فالمقالة الأولى من المنبهات الثنائية 

ما روي عن النبي ﷺ أنه 

قال: خصلتان لا شيء أفضل منهما : 

الإيمان بالله والنفع للمسلمين

 بالمقال أو

بالجاه أو بالمال أو بالبدن 


  

(فمنه)
 أي فالمقالة الأولى من المنبهات الثنائية 
Fa minhu...  fa minast tsunaai, ai fal maqolatul ula. Makalah yang pertama. Dadi istilah makalah iku istilah kuno. Maqoolah, dadi bahasa Indonesia Makalah. Dadi dosen2 dadi narasumber raruh lak asal usule dari fal maqolatul ula. Mongko (kuwi) maqolah sing pertama. 
 
Minal Munabbihat, AtsTsunaiyah, nasihat sing bongso loro, maknane dua kalimat utowo dua poin, utowo dua item. 


ما روي عن النبي ﷺ أنه قال

Maa ing perkoro, ruwiya anin nabi Shollallohu alaihi wa sallam annahu qol




Hadits Pilihan Ibnu Hajar

Artine ngeten, kulo crito ibnu hajar wau. Lak hadits teng mriki kowe rausah mamang, iki wes dipilih ulama sing ahli hadits. Kowe wes rausah peduli ambek Albani, Albani i wes ora levele. Saiki wong intelektual titik2 senengane nganggo tashihe sinten? Al bani. Coro wong teng mekah ahli hadits opo Al Bani... tukang reparasi Jam. 

Wingi kulo dados narasumber kambek gus ghofur teng sarang. Nggih wonten syaikh2 sangking syiria, jarene gus ghofur. Beliau nyarano santri kudu ahli hadits. Lak ora ahli hadits nyorooo.., Kitab2 ahli Sunnah, haditse ditakhrij Albani.  Kabeh kok sawangane Doif. Tapi sing cocok karo madzhab mereka (jarene doif) tapi hasan. 


خصلتان لا شيء أفضل منهما

الإيمان بالله والنفع للمسلمين

بالمقال أو بالجاه أو بالمال أو بالبدن 


Khoshlataani (utawi ono tingkah loro/ keapik an loro) - MUBTADA
Ono dua perilaku, 
Laa Syai-a ( kang ora ono perilaku iku maujud) - SIFAT
Afdholu (kang luwih utomo) - SIFAT
minhumaa (sangking khoslataani)
Ono barang loro sing gak ada sesuatu yang ngalahkan kedua hal ini. 
Siji iku Al Imanu Billah (yoiku Iman kelawan Alloh) - KHOBAR
Loro Wan Naf'u lil muslimiina (lan manfaati piro2 wong islam)


Apik2 e barang ndonyo iku mung loro
  • siji Iman, 
  • nomor kalih manfaati wong islam. 
Lha niki dawuhe kanjeng nabi sing ditulis Ibnu Hajar Al Atsqolani. Terus Syaikh Nawawi Mbanten niku nambahi, manfaat iku piye? 

SIJI Bil Maqooli (kelawan omongan) misale mulang, nasihati sing apik. Jadi iku jenenge manfaat kelawan omongan. 

LORO Au bil jaahi (utowo kelawan pangkat). Kowe lek iso dadi Bupati dadi bupati. Wong Sholeh lek iso dadi bupati dadi bupati. Dadi Gubernur yo dadi Gubernur. Mergo lak sing dadi, mergo lek sing sholeh iku dadi Pemimpin, manfaate luweh sumrambah. Mulane sampeyan lak ono pilihan bupati kudu mbok dukung, angger ono calon wong sholeh kudu mbok dukung. Sing jenenge dukung i yo urun, ojo malah diuruni. Mulane kowe lak dadi wong sholeh, yo disalami templek iku Bupatine, piye2.. sing nggowo Benderane Islam. Sing mbok anggep sholeh kudu mbok dukung. Mergo lak ora mbok dukung, lak sing menang uduk wong sholeh yo repot tenan. Mangkane manfaati wong islam kudu bil maqool utowo bil jah (kelawan pangkat). 

TELU Pilihan ketiga bil Maali (utowo kelawan duwek). Kowe lak iso sugih, yo sugih,, niati manfaati wong islam. 

 
Dadi bil maqooli bil jaahi au bil maal

PAPAT Terakhir au bil badaani (utowo kelawan badan). 

Lak ora iso kabeh? yo kerok an ae, kerjabakti. 


 
 

 
 
Man (sapane wong)
asbaha (isuk2 an, sopo? man) - tangi turu
Laa yanwii ( ora niat, sopo? man)
'ala ahadin (ing ngatase wong siji)
ghufiro (mongko den sepuro)
lahu (kang keduwe)
maa (perkoro)
janaa (nglakoni, sopo? man)
 
Dadi disepuro Pengeran i ra kudu istighfar, kowe tangi turu. Ora terbersit niat, mendzolimi orang lain. Iku otomatis salahmu otomatis disepuro. Opo maneh kowe tangi turu niat, Ya Alloh kulo ra kepingin dzolim, iku yo disepuro. 
 
wa man (lan sapane wong)
asbaha (isuk2an sopo? man)
yanwii ( hale niat sopo? man)
nushrotal madzlumi (ing nulungi wong sing didzolimi)
wa qodhoo hajatil muslim (lan niat nekani hajate wong islam)
kaanat (mongko opo ono ikilah)
lahu (keduwe man)

Khoslaah maknane 
utowo kaanat utowo ono nushroh, nushrotul madzlum
Utowo Khoshlah iku nushrotul madzlum.

Kowe tangi turu, kok niat nulungi wong lemah. Misale kyai tangi turu niat, nyayang cah ndalem. Nyayang santri, santri niku seringe ra nduwe duwit. Nyayang tonggo2. Pokok e niati tangi turu iku niat. Siap memposisikan diri, menolong wong sing didzolimi, lan siap memposisikan diri, siap qodhoil hajatil muslim. Iku ganjarane podo karo, ganjarane hajji mabrurotin (kan apik). Pokok e kulo suwun, sing ditekdir mlarat2 pokok tangi turu ngono, mosok tangi turu hasud, mosok tangi turu wiridan, nduwe dulur sugeh yo ra nyafa'ati. Iku wiridan opo? faham nggih. Bareng ora nduwe duwek, nduwe konco sugeh, yo ora nyafa'ati. Wiridan ngonooo ae... Yo mbok ora usah ngono, wis pokok tangi turu, sing mlarat niati... nggo percontohan, masio mlarat tetep seneng Pengeran. 
 




 
Mendzohirkan /Menampakkan ilmu

Makane coro kulo sholat jama'ah niku penting, sing sugih tunjukno ning wong akeh, nak aku sugihlah tetep sujud ning Pengeran. Sing mlarat tunjukno ning wong akeh, nak aku mlaratlah tetep sujud ning Pengeran. Sehingga jama'ah i harus di depan Umum. Mulane jarene Ulama kok onok wong jama'ah ning njero omah iku ora iso nggugurkan fardhu kifayah. Jama'ah itu harus di tempat terbuka dan di depan Umum. Coro kulo pentingnya seperti itu, ben wong ruh Sing sugih yo nikmati sujud ning Alloh, sing Mlarat yo nikmati sujud ning Alloh. Mulane sampeyan mbesuk lek sugih nduwe mushola pinggir ndalan, sebagian kesunatane niku nggawe koco, koco terbuka. Ben wong ruh, lak kegiatan wong islam niku paling inti sujud. Diketokno, pancen agomo iki kudu ketok. 

  

هو الذي أرسل رسوله بالهدى ودين الحق 

ليظهره على الدين كله وكفى بالله شهيدا
 
idzhar iku ketok tha ndelik? dzuhur iku maknane ketok. Sholat pertama dipraktekno nabi, Sholat dzuhur. Nabi pertama sholat yo di depan Umum, rupane di Ka-bah. Mergo diantara kebanaran syarate kudu diketokno. Faham nggih.. 
 
Mulane nyimpen ilmu iku hukume doso. Wong alim, alim tenan kudu ngetokno alime, lek ora malah dilaknati Pengeran. Mulane katah wong alim tawadhu' tambah anake nakal2. Lha ngko ngetokno ternyata goblok, terus wong ra ngakoni.. yo leren. Sing penting pokoke ketokno disek. faham nggih.. nganti bareng ngetokno jebule...? ora alim. Yowes pancen ngono.. Dawuhe kanjeng nabi, idza dzoharo fitanu wa bid'ahu fal yudzhir 'alimu 'ilmahu, wa in laa fa alaihi la'natullohi wal malaaikati wan naasi ajma'in. Donyo lek wes kakean fitnah fal yudzhir.. mongko ngetokno o sopo? 'aliimu wong alim ngetokno 'ilmahu. Lak ndonyo wis rusak, wong alim kudu ngetokno ilmune idzhar.. Faham nggih.

Rapopo, lak kowe pancen uripmu nguati masjid, rameni. Ngko lek (misale) nggoleng pun.. karuane... Mangkane syarate kebenaran niku kudu ketok. Fashdaq bimaa tu'mar. Ma'nane Fashdaq mongko ngetok2no siro bimaa tu'mar. Liyudzhirohu alad diini kulihi. Idza dzhoharu fitanu wa bid'ahu fal yudzhir (mongko wajib ngetokno, sopo? ) al alimu (wong alim) 'ilmahu (ing ilmune wong alim iku). wa in lam.. fa'alaihi la'natulloh wal malaaikati wan naasi ajma'in. Kowe yo rausah nuduh wong, kulo yo sering ruh wong alim tawadhu', sangking tawadhu' e ragelem ngulang, padahal ndekne dititip Ilmu Pengeran (kagem) Ngulang, roto2 niku anak e nakal. 

Ora oleh.. wong alim iku kudu ngetokno alime. Loh soal kowe tawadhu' gampang to.. Tawadhu' iku iso diekspresikan dengan gaya yang berbeda. Misal kulo, sowan teng njenengan, Kulo gaya mlete lah, tetep sopan teng Pengeran, kulo sowan njenengan, njenengan ra sowan kulo. Teng narukan mriki nggih adoh, wolong jam. Ra Tawadhu' piye.. wong sowan teng njenengan. Posisi yo sederajat, kurang apane tawadhu' e. Sampeyan sowan kulo.. malah repot. Ngel2no kulo.. ngel2no wong. Coro kulo sowan kyai niku pancen parah tenan, misale kulo teng omah wis wayahe (karo) anak, (ngono sik diparani) Ya Alloh.. cek dzolime, 

Nggih pokok e gus baha rene i.. tek e njenengan semua, wis tak nikmati. Kulo nak teng jogja, anak kulo sms kulo niku rawani,bojo kulo sms rawani. Perkarane (mereka) tahu mulang teng Jogja. Misale teng omah, kulo nggih wek e santri kulo sing teng naruk an. Yo ngulang tenan kulo teng mriko. Misale teng sarang, nggih kulo mulang tenan teng sarang. Wes bar ngulang ning kene.. terus awakmu rono.. (waduh2) temu maneh. Coro kulo lho... iki tak terangno, ben wong iku ngerti. Lek gak ngono grudak gruduk. Opo maneh pas ziaroh wali songo mampir, ngrepoti wong tok. Coro kulo lo.... kecuali njeng mben kulo wes sepuh, raiso rene. Kulo yo wes sepuh...

Dadi eling2 yo.. dzuhur iku ketok, dzuhur iku ketok. Mulane lak wong alim ra ngulang iku raiso tobat, nganti mati raiso tobat. Senajan istighfar nganti mati, ora iso. Tobate wong nduwe ilmu kok ra gelem ngulang, tobate.. 

illalladzina tabu, wa ashlahu, wa bayyanu. wa bayyanu maknane memberi penjelasan, artine gampangane yo ngulang. Ora ono ning ayat, tobate wong alim, illaladzina tabu wastaghfaru.. raono.. Illalladzina taabu wa ashlahu, wa bayyanu. Nah iku lagi ditobati Pengeran. Dadi lak kowe ngroso alim, alim niku rausah alim alamah, nggih mboten. Balighu 'anni walau ayah. Sing spesial kowe iso nglakoni iku ulangno. Misale kowe wong fekir, ngerti tenan fadhilahe fekir, Yo wis iku ae ulangno. Fekir rapopo, terbukti aku fekir mulai cilik nganti saiki yo rapopo. Sih urip.. (opo maneh) lemu, terangno. Jebule fekir iku ra menghalangi wong lemu. Terangno ben wong ruh. Fekir iku bukan sesuatu sing menakutkan, buktekno, lek kowe happy, yo ojo utang duwek, ngko dadak utang yo ojo buktekno, tapi rausah mati, faham nggih. Pokok e buktekno. Jadi jelas nggih. 








ahabbul ibadi ilalloh (utowo luwih diseneng2 i kawulo ilalloh). Wong sing paling disenengi Alloh iku sopo? 
Anfa'unnaasi (wong paling manfaat) 
linaasi (maring menungso). 

Yoiku mau, misale kowe alim, iso ngaji, ngulang nung wong. 
 
 
afdholul a'mali (utawi apik2 e amal) 
idkholus suruuri (nglebokno kesenangan)
ala qolbi mukmin (ning atine wong mukmin)




NGAJI sering GUYON

Mulane niku sirrine (rahasiane) teng nopo kulo ngaji sering guyon, ibadah paling apik iku nglebokno seneng, wong urip kasuse wes akeh, tambah diweden2 i, tambah nemen. Bingung utang, bingung bojo, malah ngaji diweden2 i. Mulane ibadah sing apik, 

idkholus suruur ala qolbil mukmin
Nglebokno seneng ning atine wong mukmin. 

Kanjeng nabi niku nate, pidato teng nggene multazam, wong diwedekno akhirat, nganti nangis kabeh sahabat, nabi kan lek ngendikan wibawa, nangis kabeh. Pas tengah2 niku jibril turun, Yaa Muhammad, engkau dapat salam dari Alloh, dan anda ditanyakan limaadza....  iku nggawe kawulaku putus asa. Nabi langsung nangis langsung...Niki dicritakno ambek nabi, barusan aku ditegur Jibril, ora oleh ngeden2 i kowe, wes kowe sing seneng. Wong lak dosa, sepuro.. syafa'atku. Niku terakhire Nabi Muhammad Saw, kulo melu sing terakhir, wong2 melu sing pertama. Tapi dadi wong alim sing wibawa, dadi guyon lah, sik maringi khosyah, ojo guyone gento, tambah nemen. Wa afdholul a'mal, idkholus suruur, ala qolbil mukmin. Eling2 nggih, 
 
 
 افضل الاعمال ادخال السرور على قلب المؤمن
 
 
misale maqomu sik ngene2, sik ngopi ambek rokok2 an, sing penting iso ngguyu yo ibadah. Rokok e makruh,, tapi nyenengno wong i yo ibadah. Ngko akeh ndi... ben malaikat sing ngitung, awakmu rausah melu ngetung. 

Misale ngekek i rokok rukhin, Gus.. kok ngekek i rokok? niatku idkholus suruur, ala qolbil mukmin. Ngko lak ono itungane dewe. Kowe rausah ngono...ora usah ngritik (maksude)

yathrudu  (kang iso nolak sopo? wong mukmin)
'anhu (sangking wong mukmin liyo)
nolak..?
juuu'an (ing lesu). Misale lak ono sing lesu, dikek i mangan. 
Au Yaksyifu (utawa mbukak, sopo? wong mukmin)
'anhu  (sangking wong mukmin liyo)
karban (ing kesusahane)
 

Lak ono konco susah yo dihibur nggih, 
 
Terus Au Yaqdhi (utowo nyauri sopo wong?)
lahu (maring mukmin)
dainan (ing utang)
 
Lak onok konco sing ijek masuk akal, yo disaur.  Ojo nduwe utang modal.. wahh, wong mlete nduwe utang 100 juta nggo modal, kon nyaur yo kukut. Maksude utang2 (biasa) i lho.. misale rukhin, utang beras rong kilo, tapi lak utange investasi seket yuto, wah iku ra utang iku (wong ngawur). Jadi jelas nggih, Wa Afdholul a'mal idkholus suruur ala qolbil mukmin. Mulane rausah medek2no konco, kulo niku ra cocok ambek kyai sing senengane ngancam, wis ngene ilmu ra manfaat ngene2.. Iku marai ketakutane santri, yo santri mesti salah wong santri, yo kowe lak racocok yo meneng, ojo terus mbok ancem. Ra manfaat ilmu mu, iku jenenge menakut2 i wong mukmin. Padahal apik2 e ibadah iku memberi kesengan pada wong mukmin. 

Kulo jek eling tenan, jaman mbah moen mutusno santri diboyong. Ada beberapa santri sing salah, dan menurut aturan pondok itu diboyong. Kulo ulang lagi, ada kesalahan yang menurut aturan pondok itu diboyong. Kulo jek eling, Mbah Moen pas iku ikut memutuskan. Iku angger ono santri diboyong niku dawuhe ngeten. Cong kowe tetep santriku, soal diboyong iku aturan pondok, yo aturan pondok. Mergo pondok i butuh aturan, kowe tetep santriku, kowe sok mben dadi wong apik, diboyong iku aturan pondok. Dadi wong sholeh yo tetep sowan mbah moen.Faham nggih..  Ojo kok peh2 santri diboyong, wo ndisik diboyong, kyaine ra ridho. Itu bikin ketakutan, padahal apik2 e ibadah iku idkholus suruur. Faham nggih, niki tak ijazahno kagem njenengan. Soal kowe gelo ambek cah mbeling yo wajar, jenenge menungso, tapi yo biasa ae, iso wae cah iku sok mben dadi wong apik. 

Kurang piye (gelane) Nabi ambek Wahsyi..padahal afdholul kholqi. Padahal digelani Nabi.. wong mateni Sayyid Hamzah. Tapi malah ono ayat, laisa laka minal amri syai-un au yatuba alaihim, au 'adziba. Iku hak e Pengeran, sing sik iso nyepuro. 

Coro Rukhin mondok teng nggen kulo nggih tak boyong, Ora tahu nderes, rokok an ngalor ngidul. Bar mangan nyoplok kaos, terus ndangak2 rokok an. Iku mesti tak boyong, yakin tho... Mesti dadi percontohan yang buruk, faham nggih. Tapi terus aku ngomong, yo khin, coro pondok kowe tak boyong, tapi aku yakin kowe entuk rohmat akeh, buktine iso lemu (tak terangno ngoten). Nah niku jenenge idkholus suruur. Mulane ngaji, dadi kyai iku yo kereng, kereng tegas. Ojo kereng sing menghambat hak e wong mukmin seneng mbek rohmate Alloh. Piye2 kito dikongkon seneng, Qul bi fadhlillah wa bi rohmati, fa bidzalika fal yafrohu. Wong iku kon eling fadhole Alloh, kon eling rohmate Alloh, terus Fal yafrohu, mongko sing seneng. Lha Alloh ngutus seneng, kok kowe dadi kyai ngancam2. Kowe iku sopo? Wong Alloh ae sing Pengeran sing nduwe nikmat ae ngutus seneng, kok kowe ngajak susah. Itu apa2 an. 

Faham nggih, dadi kowe kudu eling, lho soal kadang ngamuk, menungso kadang ngamuk. Tapi kito iku mentale ra ngono iku. Tetep idkholus surur ala qolbil mukmin. Eling2 yo.
 
 افضل الاعمال ادخال السرور على قلب المؤمن
 
Nggih niku wau, dawuhe Pengeran
Qul bi fadhlillah wa rohmati, wa bi dzalika fal yafrohu

قل بفضل الله وبرحمته فبذلك فليفرحوا 
هو خير مما يجمعون
Surat Yunus: 58


 فبشره بمغفرة وأجر كريم
Surat Yasin: 11

Angger wong kok iso ngamal apik? fa basysyir mongko kek i berita gembira, sopo? siro 
hu (ing man)
bi maghfiroti 
wa ajrin karim.
 

Saiki kyai2 iku walik an, Wes ibadah istighfar, ngko ora ditompo, sebab atimu ra bersih. Shodaqoh kanggo riya, ora mesti ditompo. Yo kito iku ramesti, kabeh menungso iku selawase ora mesti. Tapi yo ora ngono, Pokok angger wong ngamal
 
 فبشره بمغفرة وأجر كريم
Surat Yasin: 11


Mpun to anut kulo, piye2 ae ayate ngono, fa basysyirhu (mongko ngekek i berita gembira, sopo? siro), hu (sing ngamal). Lek wes ngamal dikek i berita gembira bi maghfirotin wa ajrin karim. Soal ono masalah2 sing macem2 biasa jenenge menungso. 

Yo wong shodaqoh ono riya sitik2, wong sholat ono pamer sitik2. Wong pancene menungso. Pokok e asal mukmin, 

الذين يحملون العرش ومن حوله
 يسبحون بحمد ربهم 
ويؤمنون به 
ويستغفرون للذين آمنوا 

ربنا وسعت كل شيء رحمة وعلما فاغفر للذين تابوا واتبعوا سبيلك وقهم عذاب الجحيم
Surat Ghofir: 7

Asal kowe mukmin entuk doane malaikat sing hamalatil arsyi. Malaikat sing nggowo 'arsy (iku) ndongakno wong sing iman. Ndongakno ne piye? ndongakne Apik. 


ربنا وسعت كل شيء رحمة وعلما 
فاغفر للذين تابوا واتبعوا سبيلك وقهم عذاب الجحيم
Surat Ghofir: 7


Gusti rohmate Njenengan iku jembar, wes ta wong iki salah sitik2 lah, Njenengan sepuro. Yo soal salah yo salah, kadang wong alim lah yo ujub, ngko sing ngaji ngene (diniati, salah) timbang ning omah nganggur... ngaji. Wes macem2, lek nuruti ora ideal ora ideal. Jare imam masjid istiqomah, jebule wedi direbut wong liyo. Iyo to ora?? tapi misale ra istiqomah yo malah lucu, takok imame sinten? imame pak rukhin, biasane (jam sakmenten dugi) niki kok mboten (ben gak keceluk istiqomah) loh.. malah ngel2no wong to. Tapi misale istiqomah terus, alumni pondok liyo rakeduman, marai (panggah) mbah iku (ae) nganti watuk2. 

Kulo nduwe konco jenenge... konco kulo muride bapak. Lucune ra karuan, niku ono khutbah niku guyu ra barbar. Perkarane kyaine tuwek moh pensiun. Tiyang engkang takwa... (terus watuk...) bareng bar watuk.. Alloh mlebu suargo. Mestine kan tiyang engkang takwa Alloh, mlebet suargo. Lek ngguyu ra bar bar, piye iku.... Jare sing mburi2 pensiun mbah2.. pon dimangertos keadaane. Lha iku istiqomah, opo malah ngganggu? lhaiyo.. tapi kito yo kudu khusnudzon, wong iku yo disepuro Pengeran. 
 
Wong jek cilik kulo niku, Ono khotib sing (ketuek en) Khutbah niku kitabe didelekno ambek konco kulo. Lak didelekno jek apik, kadang khutbahe (bulan) safar ngene iki, teks e dibatesi dipindah (bulan) sawal. Bareng mulai khutbah, wong2 ngguyu kabeh...mergo ndekne nggolek i kesuwen. wayahe niki, teks e dipindah, niku mulane dadi khutbah ra barbar. Bocah2 i parah tenan, Iku yo.. cah cilik iku disepuro, sing khutbah yo disepuro, cah cilik iku yo rapati doso. Yo wes ngono.. pokok..

افضل الاعمال ادخال السرور على قلب المؤمن 
 
Mboten nopo2 kang, sampeyan dadi kyai keras mboten nopo2, tapi terus piye wae diniyati sing apik. Piye2 teks e hadits.. 

افضل الاعمال ادخال السرور على قلب المؤمن 
 
pun niku.. wong sing apik iku loro, yoiku sing iman lan sing manfaati wong islam. 






 
 
 
Saiki walikane, 
wa khoslataani (ono tingkah loro/ perilaku loro)
laa syai-a (ora ono barang iku maujud)
Akhbatsa (kang luweh elek)
maknane 
Anjaza ( kang luweh najis)
luwih njemberi coro kyai kuno. 
minhumaa (dibanding khoshlataini)
yoiku
Asy Syirku billah
wadh dhurru bil muslimin

Elek2 e kelakuan iku syirik, lan madhoroti wong islam. 
madhorotine iku

fii abdaanihim (ing piro2 fisike wong islam)
au amwaalihim (atau donyane wong islam)
nduwe utang ra nyaur, berarti madhoroti ndunyane wong islam?
laiyo.. molane,, pancene abot tenan
mulane lek nduwe utang ojo akeh2 ben iso nyaur,
lek raiso nyaur jenenge madhoroti ndunyane wong islam.

Fa inna jami'i awaamirillahi ta'ala (mongko sak temene piro2 sekabehe perintahe Alloh ta'ala)
tarj'u (iku balik opo? awamir) 
ila khoslataani (maring tingkah loro)
siji at ta'dzimilillah (yoiku na'dzimne Alloh Subhanahu wa Ta'ala)
wa syafaqotihi (lan welas)
li kholqihi (maring makhluk e Alloh)
Barang apik iku ning ndunyo muk loro, siji Ta'dzim ning Alloh, nomor loro welas ning nggone makhluk e Alloh. 
 

Ka Qoulihi ta'ala wa aqimush sholat wa aatuz zakah 
Aqimush sholat yoiku ta'dzim ning Alloh
Aatuz zakah (maringi zakat) berarti syafaqoh ning makhluk e Alloh. Mergo zakat iku ibadah sosial. Dadi sing omong ngono mau ora LSM saiki, saiki kan onok sholeh ritual, terus sholeh sosial. Aneh2 wae, wong kunane kuno niku wes ngendikan ibadah iku loro. Ta'dzim lillah wa syafaqoh likholqihi.
Yoiku Aqimush Sholah makili Ta'dzim lillah
wa Aatuz zakah, makili Syafaqoh li kholqihi


wa qoulihi ta'ala Anisykur lii waliwaa lidaik
Lii kuwi berarti Alloh 
waliwaalidaik berarti makhluk.




Uwais Al Qorni

Terus.. Ruwiya (den riwayatno) 'an Uwais Al Qorni (sangking Uwais Al Qorni). Uwais Al Qorni kan terkenal wali, waline Tabi'in. Dados beliau menangi (masa) Nabi Shollallohu 'alaihi wa Sallam, tapi mboten nate ketemu. Yo menangi, tapi mboten nate nopo? ketemu. Dadi Uwais niku nopo? ngguanteng, mripate biru. Sampek tangga2ne ngarane si mata biru. Dadi laqobane beliau itu si mata biru, ngguanteng. Ngganteng gadah penyakit baros, sing ora iso ilang kecuali mung sak koin dirham. Niku gadah ibuk... 

Mulane lak ngrumat ibuk, sing sabar. Ning ndi nggon wong wedok iku egois, zaman prawan egois, engko wes rabi setengah baya yo egois, nganti tuwek, tambah nemen.. nopo? tambah nemen. Uwais Al Qorni iku nduwe ibuk, ibuk tenan yo mukminah, tangga2ne iku wes sowan nabi, lho uwais iku arepe sowan Nabi iku raoleh mbek ibuk e. Kowe lak sowan nabi sing (ngejak/ngrawat) aku iku sopo? Ibuk iku manjane pol. Lak mlaku iku yo nggendong, ngguanteng anak e. Lho wong kok egoise ngono, wong anak e arep sowan Nabi ora oleh, kuatir lak ndekne ora ono sing nopo? (ngejak). Egois to ora? tapi mbek uwais dituruti, mergo birul walidain iku segala2nya. 

Mulane kulo niku lak ono santri boyong, arepe ngewangi ibuk e niku kudu oleh. Wong Nabi wae ngolehno Uwais Al Aqorni ngrumat ibuk e ra sempat sowan kanjeng? Nabi. Kok trimo kyai, kon khidmah gurune... (Wong arepe ngrumat ibuk e?) kok gak oleh, iku kliru. Ibuk iku nomor siji, mboh lak bapak? Bapak ora pati jelas, bapak iku egois, egoise wong lanang iku ora pati dititeni Pengeran. Mergo wong lanang iku kuat. Gus.. anak kulo ben boyong, kon ngewangi kulo, lek wong lanang ngomong ngono iku, Malaikat nggyu, wong lanang i priya sejati, rapati butuh anak. Lak ibuk, pantes butuh nopo? anak. Mulane teng hadits2 mesti ibuk. Yo lucu to misale koyok kulo misale, kulo niku lanang, anak kulo mondok tak boyong ben ngewangi bapak, kan yo ora keren?? Malaikat (kan nggumun) wong lanang kok sik njaluk? bantu. 



Uwais Al Qorni bertemu Umar bin Khothob

Kanjeng Nabi sik jaman sugeng, kanjeng Nabi iku pancen nabi tenan, nabi iku mukasyafah. Semua riwayat2 itu yang shohihah itu menyatakan lek uwais Al Qorni itu gak tahu ketemu Nabi. Memang ada riwayat2 yang menyatakan pernah, tapi riwayat2 itu tidak pernah. Dawuh ning Umar, ya umar.. sok mben iku kowe ketemu wong rojulun min qornin. Iku golek i.. terus kowe njaluk dongo, dongane cah iku ( Uwais) dawuhe Kanjeng Nabi mesti disembadani Pengeran. 

Terus kulo dos pundi ya rosululloh. Pokoke angger ono bocah tahu penyakiten baros, terus diilangi Pengeran, kiro2 sak koin sek ora ilang. Sayyidina Umar iku tiap ono tamu kontingen ning beberapa daerah iku dicek. 

Aiyukum min qornin
apa diantara kalian ada yang dari qornin? bilang ndak.. yasudah. Tiap ono tamu/kafilah iku langsung dipetuk i. 

Suatu saat ono tamu rombongan, aiyukm min qornin? na'am (iya). Diteliti sitok2 tangane, wajahe, tapi bareng ndelok Uwais Al Qorni, Sayyidina Umar (ngendikan) mesti iki sing dimaksud Kanjeng Nabi, auranya luar biasa Uwais Al Qorni. Masyhur, terus Sayyidina Umar nangis2 njaluk dongo, terus uwais ndak gelem, perkarane njenengan sahabate nabi, kudune njenengan sing dongakno kulo. Terus Sayyidina Umar crito, Rosululloh iku pesen ning aku kon nyampekno salame. Dawuhe nabi lek ketemu sampekno salamku. Terus Uwais Al Qorni ndongo, mergo diutus kanjeng Nabi. Sayyidina Ali nggih nate njaluk didongakno. 

Bar niku ndelik, mlaku terus. Tiap digolek i wong iku ratahu gelem, terakhir ketemu kalian era tabi'in. Wonten sing moco hayyan bin Haron. Niku pas ketemu dolanan tenggene sungai dajlas. Jadi wali mulai ndisek yo enek sing lahir coro (jadab2), mlaku ngalor ngidul. Tapi wali lho.. ora stress lho yo. Lha lek saiki rajelas bedane jadab mbek stress. Muni setress yo dosa gede, muni wali yo goblok gede.  Wes mbar no.. ora usah mbok hukumi. 

Ketika Hayyan bin haron (ketemu) niku dijak salaman langsung mboten purun. Masyhur niku, dadi Uwais Al Qorni termasuk orang yang gak mau salaman. Mulane kulo matur bolak balik teng njenengan. Lak ulama iku sing salaman yo akeh, sing ora iku yo akeh. Lak sing ora iku (nirukno) Abdulloh bin Mas'ud, sing nyucup hino, lek sing dicucup rawan ujub Sombong. Mbok salami tok, tapi ora mbok salami templek, malah ngrepotno tok. Atuk ora usah nopo? salaman. Lak kowe atimu wes apik yo ora popo salaman. Walhasil (ulama ) sing salaman yo akeh, sing ora salaman yo akeh. Mboten purun dijak salaman. 

Terus ndekne terus nyeluk tiyang wau (Harron bin Hayyan). Njenengan kok ruh kulo, padahal kulo ra tahu ketemu njenengan. 

Ya'rifu ruhi ruhak (ruh ku iku ruh kowe), jare Uwais Al Qorni.
Uwong lak (gede) tenan ruhe iku roh kowe. Makane ngendikane Nabi khoirul Quruni Uwais Al Qorni, apik2 e gernerasi ... Uwais Al Qorni. Niku terkenal, tiyang khusyuk e pol, ngguanteng. Niku dek e ngoten niku barokahe ngrumat ibuk sing sangat2 egois, wong kanjeng Nabi jek sugeng kok anak e ape sowan kok raoleh. Uwais iku nangis, mergo tonggo2ne wes podo sowan nabi, ndekne ora iso sowan mergo ibuke (menging). 

Mulane jarena rukhin, wong (wedok) tambah tuwo, tambah nemen (egoise). Tapi niku, sing marai kelas A nggih tambah nemene niku. Yo seneng, dirawat cah ngganteng (Uwais Al Qorni). Kulo gadah kitab hilyatul auliya, diantaranya beberapa lafadz sing nerangno manaqib e Uwais Al Qorni. Niku senenge pol ambek Pengeran. Dekne iku seringkali ora jum'atan mergo ora nduwe Pakaian. Sangking zuhude ndekne iku ora wani nduwe opo2. Angger luwih dikekno wong, angger luwih dikekno wong. Jare alasane, aku moh dihisab Pengeran. 



Abdurrahman bin Auf

Yo wong iku macem2, ono wong sing senengane sugih koyok Abdurrohman bin Auf. Jare alasane aku lak ora sugih ora iso nulung wong.  Sugih pol, nganti ketika Rosululloh wes wafat niku sing mbiyayai garwane Nabi sing mbiyayai segala kecukupane sing mbiyayai sinten? Abdurrohman bin Auf. Nganti kanjeng Nabi ngimpeni garwane kon ndongakno Abdurrahman bin Auf. Abdurrahman bin Auf ngipi ketemu Nabi, Nak beliau ngendikan Matur nuwun, lak kecukupan garwane nabi, sakwise beliau wafat iku dicukupi Abdurrahman bin Auf. Iku saking sugihe, lek kulak an unta iku madinah goncang, sangking banyaknya kafilah. Ora koyok kowe, dagangan ning bedukan ora popo blas. Iku kafilahe ko syam iku lak teko, Madinah iku horok, koyok onok gempa, sangking akehe kafilah. Lha dek e iku kulak an unto kadang 500 Unto, lak Untane sitok 50Juta ping 500 piro jajal? Iku lak kulak an, sampek 500, iku untane urung kafilahe urung isinya. Sugih banget... Beliau termasuk al mubasysyarina fil jannah. Padahal sugih banget. 


Yo ono sahabat Mubasysyar (mergo mlarat) koyok Bilal, saking mlarate iku ning suargo gak nganggo sandal  carvil (tapi) nganggo bangkiak. Mulane teng hadits2 Bilal mlebu suargo kok krungu klotak2, jebule ikut bangkiak, nganti tekan suargo. Lho coro carvil kan nabi ora mireng? kan suarane alus, gara2 bangkiak iku akhire (metu suarane).

Dadi sahabat ndisek lucu2, jare sopo sahabat ndisek ra lucu. jenenge sinten niku? Subhanalloh. Amr bin Jammuh niku pincang, nak mlaku dingklang dingklang. (Niku pas perang uhud matur) Ya Rosulalloh kulo elokno perang, (beliau nduwe anak loro ganteng2, gahah). Nabi sek datar ngendikane, Yo Amr, anakmu loro iku gagah2, iku ae sing elokno perang. Nggih pak, sampeyan ora usah melok perang, kito ae sing gagah2 sing melok perang (kata anaknya). Amr, aku dikandani Pengeran laisal alal a'ma harojun wa laa 'alal a'rodhi harojun wa laa 'alal maridhi harojun. Wong iku lek pincang utowo picek iku rawajib perang. Kulo ngerto nabi, lek kulo rawajib perang, tapi kulo nduwe cita2 sitok, ben suargo ruh rasane diidak i wong pincang. (Nabi lek ngguyu ra bar bar) perkarane dekne Sumpah, Demi Alloh suargo ben ruh rasane dileboni wong pincang. Dadi kowe kudu nduwe cita2, ben ruh rasane suargo dileboni wong goblok ngene iki, kok penak mek dileboni nabi ambek wong apik2. Ben ruh rasane dileboni wong rajelas. 

Akhire bareng perang mati tenan, Jare kanjeng Nabi aku ndelok Amr bin Jammuh, yalqou bil ardhatil jannah dadi suargo wes roh rasane dileboni wong pincang. Sahabat2 riyin niku pede2. Ora kok coro wong jowo, pincang lah insyaalloh wonten gunane, ora ngono lek ngendikan suangar. Duhai Pengeran Gusti.. cita2 kulo niku biar suargo niku ngerti rasane diidak i tiyang pincang. Gusti.. lek Nabi niku entuk suargo niku normal, tapi lak tiyang rajelas mlebu suargo, niku prestasi besar. Panjenengan biasane nunjukno Mukjizate Penjenengan. Njenengan gadah adab menunjukkan keajaiban. Innaka 'ala kulli syaiin qodir. Mbuh aku raruh teruse, mbuh ning suargo sik pincang opo ora, tapi dek e pertama mlebu niku sik digawe Pengeran pincang, mergo cita2ne niku ben suargo ruh rasane diidak i wong pincang. Sangar tenan, aku seneng mbek sahabat2 pedene niku. 


Handholah
Ono crito maneh, pas kelon mbek bojone, yo kelon tenan khin, ono panggilan perang. Langsung berangkat, gak adus. Jenenge handholah sampek laqobane Ghosilul Malaikah. Bareng ndekne mati tenan, kan standare wong mati syahid niku ora usah didusi. Niku dipendek, bareng dipendet Nabi kuaget. Nah niku nunjukno nak Nabi tenan, mulane wong niku tambah ngalim tambah ngerti Nabi tenan, mergo ruh mukjizate kanjeng Nabi. Mergo liya2 niku lek mati perang, angger dipendem niku standar aja perlakuan malaikat, diterbangno ninggone pundi? suargo, standar. 

Lak Handholah iku ora, malaikate kangelan ngedusi disek. Loh nabi ngedusi kan rawani, wong prosedure wong mati syahid (langsung dikuburno). Kaget.. kok didusi, gueger malaikat (bagian pemandian). Akhire takok mbek bojone, nduk wong sing mati syahid iku langsung terbang, lha bojo mu kok dadak didusi disek, kok ribet malaikat. Nyuwun ngapunten, pas kelon wonten pengumuman, mboten kok terus adus, niku langsung nderek njenengan. Mulane kowe lek junub perang, ngko ben didusi Malaikat. Merge ndekne rakepingin terlambat ra kepingin, junub lak lah. Ndisek adus angel lho,  wong ning mekah iku banyu uangel opo2 angel, (ngko) gek adus malah telat melu Nabi. Mulane Handholah disebut ghosilul malaikah. Nah niku ketok, lak nabi muhammad nabi tenan, nganti wong sing junub ae ketok (didusi malaikat, mergo ribet ). Lha kowe utangmu akeh ngene iki, paling malaikat ribet nggolek i duwek, nyauri duwek. Kenek opo sih? malaikat nyauri, iku utange katah, wah yo repot lek ngono. Kulo nggih punya cita2 ngoten, gusti lak tiyang sae mlebu suargo niku katah, lak sing mboten jelas niku kudu wonten gusti, ngge nunjukno lak njenengan 'ala kulli syai in qodir. Wani khin, kowe muni ngono? yo diwanek wanekno. Koyok sinten? Amr bin Jammuh. Ben Suargo ruh rasane di-idak wong pincang. Ngono paling suargo yo sambat, waduh...ono iki... tapi yo seneng suargone, lha wong sholeh yo seneng. 





                      

ruwiya 'an uwais Al Qorni, annahu qol
marortu (kelewatan ingsun)
min ba'dhi syiyaahati (ing ndalem kepergian insun)
Shiyahah niku mlaku2, kadang2 alamate wong sholeh niku seneng mlaku2. At Ta'ibunal 'abidunal sak teruse, diantara sifate nopo? as saaihun. Wong wedok sing apek iku kadang disifati Pengeran, Saihat. Barokahe mlaku2 niku saget ngatahi iman. Mulane Uwais Al Qorni, akhire wong saiki ngaku wali senengane mlaku2. Ora niru waline tapi niru mlaku2ne, dadi (ngono iku) jaman akhir. Nganggo surban sunnat, jubbah sunnat, saiki ora niru waline tapi niru jubahe, akhire dadi dimas kanjeng barang niku, faham nggih?  Jaman akhir ora melu sunnahe tapi niru mbulet e. Sing sholeh yo rapopo, tapi sing ora sholeh dinggo modus, 

bi rohibin (ketemu kelawan rohib)
Pendeto riyin, sak derenge pendeto sing ngalami takhrij. Sing ora nglakoni perubahan

Faqultu (mongko matur ingsun)
Ya Rohib, maa auwalu darojatin yarqohal murid
maa (  opo?)
auwalu darojatin (utawi tekan iku iso munggah ing darojat)
al muridu ( ing ngrambah jalan thoriqoh).
Mulane diarani murid, koyok kulo njenengan iku diarani murid. Murid iku wong sing ngarepno apik. Mulane coro jowo, santri disebut murid. Murid iku bahasa arab, wong sing ngarepno apik iku jenenge murid. Guru jenenge Mursyid, utowo. Murid, pertama saene nglakoni nopo? 

Qola Roddul madzolim ( mbalekno (nolak) sifat2 kedzoliman)
Lak nduwe utang ndang nyaur, lak nduwe salah njaluk sepuro. 
wa khifatudz dzohri (lan ngringanno geger)
minattabi'ati (sangking piro2 hak adami)  
Diusahakno urip iku seminimal mungkin ora nduwe hak adami. Mergo....

ألم نشرح لك صدرك
ووضعنا عنك وزرك
الذي أنقض ظهرك


Doso iku opo? 

الذي أنقض ظهرك

Doso iku barang sing ngabotno geger. Mergo mbenjing ning hari kiamat iku dosaem dikon mikul. Dadi gegermu kesel, lha carane murid piye? wa khifatudz dzohri minat tabi'at, Kowe lek melek ngringan no gegermu berarti minimalno o songko hak2 adami. 

fa innahu (mongko sak temene, kelakuan iku)
yus'adu (ora diunggahno)
lil 'abdi (ing kawulo)
'al 'amalu (opo? amale)
wa 'alaihi (lan ing ngatase)
tabi'atu (hak adami)
au madzlamatun (utowo kedzoliman)

Wong amal sholeh iku ra diangkat Pengeran, lek ndekne iku sik nduwe hak adami. Mulane kulo suwun, dadi wong ora usah sing sinis sing sepaneng, sing ceria. Mergo lek awakmu ceria mbek kancamu akrab tenan. Iku umpomo utang ra mbok saur yo ikhlas tenan, mergo akrab tenan. Mulane tak ijazahe njenengan, kowe lek nduwe konco sing akrab tenan. Barokahe akrab tenan, umpamane kowe nduwe utang, ditekdir raiso nyaur, kancamu ridane tenanan.  Mulane ojo geman utang mbek wong kenalan, ojo geman, lek utang karo wong sing akrab tenan. Lak kenalan kan potensi gak ikhlas tinggi. Carane akrab tenan piye? kowe yo sering nulung. Taruh saja misale aku sering kancanan rukhin, sering tak kek i duwek sering tak jajakno, suatu saat rukhin sugih, terus aku nduwe utang sak juta. Ngonolah rukhin arepe nagih tetep mikir, Utange Gus Baha karo shodaqohe, sik akeh shodaqohe jaman ndisik. Mulane ikhlas iku dadi gampang. Misale sampeyan iku medit, ketemu gur sak kadare, bareng butuh.. tenanan. Abot... mulane disebut wa allafa baina qulubihim, Mu'allafa iku saling 'allif saling akrab. Barokahe akrab iku ngko lek enek masalah luwih gampang ridho. 

Mulana..
wa laa takuluu amwaalakum bainakum bil bathil, terusane piye?
illa antakuuna tijarotan antarodhin minkum. 

Barokahe sering loma iku, wong maleh gampang ridho. Yo akeh shohabat sing nduwe utang yo akeh, tapi gampang ridho, mergi jaman normal loma. Tapi lek jaman normal gak loma, yo berat. Yoiku carane ngono, diantara carane ngoten. Mulane eling2 nggih, kados riyin sahabat anshor, riyin pertama muhajirin teko niku dikak kek i duwek. Suatu saat wolak walik e jaman, wong muhajirin luwih sugih tinimbang anshor, gantian wong muhajirin nulung tiyang anshor. Yo ra masalah, mergo tadi... mulane dieling2 yo.. ngendikane Nabi. 

Tahaddau tahabbau.
Wong iku sering memberi hadiah, ben saling mencintai

Ngko lak saling mencintai, lek enek nyrempet2 e hak adami, gampang saling memaafkan. Lha tapi lek kowe kancanan medit, terus utang, jebule gak nyaor. Walah..Sing diutangi nggremeng, wes medit, lek utang gak nyaur, ruwet. Padahal lak kowe nduwe hak adami, 

fa innahu laa yus'adu lil 'abdi 'alamalun wa 'alaihi tabi'atun, au madzlamatun. 

Mestine kan? 

yash'adu kalimut thoyyib, wa 'amalus sholih yarfa'uhu  

Tapi kowe ora iso,, gara2 nopo? 
wa 'alaihi tabi'atun, au madzlamatun






wal maqolatuts tsaniyati (lan maqolah sing kedua iku)
qolannabiyu shollallohu 'alaihi wa sallam (dawuhe Nabi)
'alaikum bimujalasatil 'ulamaai

'alaikum (netepono siro kabeh)
bi mujalasatil 'ulamai (kelawan nglungguhi ulama/ mareg i ulama / nyedek i ulama)
ail 'aamiliina (utowo sing iso nglakoni ilmune)
wastima'il kalaamil hukamaai  ( lan rungokno tiyang2 sing ahli hikmah)
Ahli hikmah riyin maknane ilmuwan fadhol, ora ahli hikmah sing saiki. Sakniki ilmu hikmah maknane nopo? dukun. Mondok ning opo? mondok ning hikmah, teng kyai sopo? iku... Lek maknani benten, nopo? Jadub. Hikmah teng mriki mboten dukun lho, mboten jadub. 

Ahli Hikmah ai al 'amilina bi dzatillahi ta'ala 
al mushibina (kang bener kabeh) 
fi aqwaalihim (lan piro2 dawuhe hukama)
wa af'alihim ( lan piro2 perilakune hukama)


Fa innalloha ta'ala (mongko sak temene Alloh Subhanahu wa Ta'ala niku)
yuhyi (iso nguripno, sopo? Alloh Subhanahu wa Ta'ala)
al qolbal mayita (ati sing mati)
bi nuril hikmati (dengan nure hikmah)


Wis kunane kuno, nak carane ati urip, ngancani ulama. Ora iso ati urip kelawan istighfar tok mboten saget, carane ati urip kudu bi mujalasatil ulama. Jadi Ulama iku sing iso ngurip2 ati. Mergo ulama warosatul anbiya. Jadi jelas...

 'alaikum bi mujalasatil 'ulamai wastima'il kalaamil hukamaai 
Fa innalloha ta'ala yuhyi al qolbal mayita
bi nuril hikmati 

Dadi Hikmah teng bahasa al quran teng bahasa hadits niku maknane ilmun nafi'
kados

Fa man yu-til hikmata faqod...... khoiron katsiron


Kama yuhyi (koyok olehe nguripno, sopo? Alloh)
Al Ardho ( bumi)
al mayyita (kang matin)
Alloh Nguripno
bi ma-il mathori 
(kelawan banyu udan)




wa fi riwayatith thobroni (lan tetep ing ndalem riwayat thobroni)
'an abi hanifah

jaalisal kubara (lungguh karo tokoh2 sing gede, ora mek gede ning ndunyo)
wa sa-ilul 'ulama (takok o siro kabeh, al ulama  ing ulama)
wa kholithul hukamaa (lan kumpulo siro kabeh ing piro2 hukama)

wa fi riyawatin
jaalisal Ulama (lungguho siro kabeh, ing ulama)
wa shohibal hukama (lan ngancanono siro kabeh, ing hukama)
wa kholithol kubaraa (lan campurono siro kabeh al kubaraa (ing tokoh sing gede))
Gede indalloh maksude
fa inal 'ulama (mongko sak temene piro2 ulama)
tsalatsatul aqsami (ono telu piro2 bagian)
siji al ulamau bi ahkamillah (ulama tentang hukum2 e Alloh Swt. )
wa hum ashabul fatwa (iku sing nduweni fatwa). Coro sakniki fuqoha.
wal 'ulamaa bi dzatillah ta'ala
Ulama sing spesial nerangne dzate Alloh Swt. Maknane sing nerangno sifat2 e Alloh,
wa hum al hukama. Yo iku sing ahli tauhid, sing ahli ilmu kalam. 

wa fii madkholatihim (mongko ing tetep mlebu/sowan/kumpul)
him (ulama kabeh)
lil akhlaqi (ning piro2 akhlaq)
bi annahum ( kerono saktemene hukama iku)
asyroqot (iku cumlorot)
asyroqot iku maknane cumlorot. Kados tenggene quran niku

وَأَشۡرَقَتِ ٱلۡأَرۡضُ بِنُورِ رَبِّهَا
Wa Asyroqotil ardhu bi nuri robbiha
(surat Az Zumar: 69)

li annahum asyroqoti qulubuhum (cumlorot/padang banget, opo? kulubuhum /ati2ne )
para hukama
bi ma'rifatillahi (kelawan ma'rifate Alloh Swt. )

wa asyroqot (lan padang banget)
asrorohum (sarirohe, utowo atine - ati sing ning njerone ati). Dadi qulub iku ati, lak asror iku bagian sing ning njero ati. Iku padang kabeh bi anwari jalalillah (kelawan nur2 keagungane Alloh). 

wal 'ulama (lan utawi ulama)
bilqismaini (kelawan bagian loro)
yo ngerti hukume Alloh, yo ngerti sifat2 e Alloh. 
wa hum al kubaro (iku sing gede)
Dadi ulama iku ono ulama sing tukang feqih, ono ulama sing ahli tauhid. Lak wong nguasai loro2ne disebut Al Kubaro (Ulama papan atas). Lha lak wes kubaro tenan, iku jenenge Ahlulloh, dianggep keluargane Pengeran.  Keren tenan, wong kok dianggep Ahlulloh. Kowe lak wani yo kualat tenan, wong kok wani Ahlulloh. 

Kados dawuhe kanjeng nabi, 
inna lillahi ahlaini (Alloh nduwe keluarga loro)
sinten Nabi?
hum Ahlulloh wa khoshshotuhu ahlul quran
wong sing seneng quran tenan, sing seneng ilmune quran tenan, sing seneng tadabbur quran tenan, niku gelare nopo?   ahlulloh (keluargane Pengeran) wa khoshshotuhu (lan wong spesiale Pengeran). Tapi syarate niku wau, siji nguasai ahkamulloh berarti nguasai ilmu fiqh. Nomor loro nguasai ahkamu sifatillah coro sakniki ahli ilmu tauhid. 
fa inna mukholathota ahlillahi (mongko saktemene nyampuri, ahlulloh)
iku taksibu (iku iso mempengaruhi, opo? mukholathoh)
nyampuri ahwalan (ing piro2 tindak lampah)
saniyatan (kang agung) 
wan Naf'u (lan utawi manfa'ati)
billahdzi (kelawan ningali poro ulama / utowo ulama ningali njenengan)
iku
fauqo naf'i (sak nduwure manfa'at)
bil lafdzi (kelawan muk krungu dawuhe ulama)
Nah mulane kesunatane ngaji iku yo ora nganggo cd tok. Mergo lak nganggo CD berarti muk manfa'atno lafadz (tok). Lek iso yo manfa'atno ruh wajahe ulama. Mergo ning kono piye? manfaat ndelok ulama iku sak nduwure manfa'at muk ngrungokno lafadz songko ulama. 
wan Naf'u billahdzi
fauqo naf'i  bil lafdzi 
fa man (mongko sapane wong)
iku
nafa'aka (manfa'ati, ka ing siro)
opo? lahdzuhu (opo olehe ndelok man)
nafa'aka (mongko manfa'ati, ka ing siro)
opo? lafdzuhu (lafadz e man)
Wong lak wali tenan, iku ndilalah ndelok wong liyo marai barokah. 
wa man laa falaa (yen ora... ) ora yanf'au lahdzuhu mongko ora manfa'ati lafdzuhu. 





Wa kaana suhrowardi
Imam Suhrowardi sing ngarang kitab awariful ma'arif. Terkenal niku...
iku
yathufu 
(iku senengane mubang mubeng, sopo suhrowardi)
fi ba'dhi masjidil khif (ono ing panggonan masjid khoef)
Ono sing moco khif, ono sing moco khoef. Pokok angger sing iso  qiro'ah sab'ah iku gampang.

وَلَا تَكُ فِی ضَیۡقࣲ مِّمَّا یَمۡكُرُونَ
Surat An Nahl 127

Ono sing moco dhoiqin ono sing moco dhoqin. Mergo angger ono yak, iku potensine tetep dhoiqin, yo potensi dhiqin. Mergo limunasabatil ya. Mongko onok sing moco khif, onok sing moco khoif. 

ولنا المعلی وخيف منا ، فاعلمن هذا وکن زکن

ولنا خير الأنام أب ، وعلي المرتضی حسب

Masjid Khoif ini masjid sing teng mina niku. Mergi sowan teng ka'bah, niku i'tikafe teng mina. Mergo lak sowan teng ka'bah rawani, dianggep ka'bah iku kerajaan. Mereka mung ning pelatarane kerajaan, niku jenenge mina. Mulane wali2 lek mukasyafah nak ketemu poro nabi2 (pas) haji niku pundi? teng mina. Mulane kulo syukur sanget, kulo nate sinau al nashr fi qiroatil ashr. Kulo pas haji niku sinau qiro'ah ashr teng mina. Mergi kulo niku angger dalu kepingin, ruh... meskipun kulo mboten ngalami mukasyafah. Nanging kulo kepingin kumpul min atsarin nubuwah. Dadi mlaku2 ning masjid khoif. Mulane 

نعرف البطحا وتعرفنا ، والصفا والبيت يألفنا

ولنا المعلی وخيف منا ، فاعلمن هذا وکن زکن

ولنا خير الأنام أب ، وعلي المرتضی حسب

Kulo nganti sakniki ora ruh, kenopo sampek sakniki kok wakun wakuni. Jane niku, coro riwayat niku wakun zakini. Kulo moco wakun zakini nentang wong akeh iku ora apik, aku yo melok goblok wakun wakuni ngono ae, aku yo bingung. Mulane dadi wong alim apik e nggih koyok kulo niku, ora usah kakean ngomong, meneng ae. Kulo yo bingung, maknani wakun wakuni yo oraruh tenan. Teng riwayat niku wakun zakini, tapi wong akeh wakun wakuni. Coro kulo nggih mungkin bener, wakun wakuni. Wong arab niku biasa taukid, taukid niku lafadz diulang. 

وما مِن التوكيدِ لَفْظِيٌّ يَجِي -- مُكَرَّرًا كقولِكَ ادْرُجِي ادْرُجِي
Jadi coro ilmu nahwu lek kepingin taukid, iku mesti kum -- kum, uqud-- uqud, diulang dua kali. Lha lek ngono berarti kun, kun. 

Dadi wong ndisek niku pede2. Mulane aku sueneng mbek ulama ndisek. Lak ngendikan niku...

نعرف البطحا وتعرفنا ، والصفا والبيت يألفنا

na'rifu (kenal kito)
Al bath-haa (ing hamparan tanah ning mekah)
hamparan tanah ning mekah niku jenenge nopo? bath-haa
wa ta'rifunaa (tanah bath-haa yo kenal aku)
Aku yo kenal tanah iki, tanah iku yo kenal aku. Alamate jelas, statuse jelas. Mulane kulo niku umroh niku tahun 2009 niku sinau kulo niku senden ning pinggire mimbare nabi. Soko niku Kulo jek eling, aku yo kondo bojoku, dek.. aku ra ngarah ra balik ning mekkah. Kok Ge-er Gus...? Soko ning Madinah iku mesti kangen aku, Mergo pas haji niku wong senden nglamun, aku senden sinau. Lak soko iku ra ndongakno aku, yo kliru tenan. Mergo disendeni nggo ngantuk wong iku wes pirang2. Tak sendeni, sinau kok ora eling, bangkune... Walhasil kulo niku kaji tahun 2013, yo sek eling ambek soko iku. Kulo berangkat mbek hasan, tak golek i soko iku. Dadi wes kenal aku khin, soko iku, tak takoni ora kenal kowe, mulane ora ndongakne. Makane kudu pede... 


نعرف البطحا وتعرفنا ، والصفا والبيت يألفنا


Jadi kowe lak kaji ning ka'bah, ka'bah, eling lho mbek kulo... awas lho lak ra eling. Dadi ba'do niku ka'bah niku kenal kowe, kowe yo kenal ka'bah. Tapi lak ra maqome yo aneh ngomong ngono. Tapi lak maqome yo do muni ngono.  


نعرف البطحا وتعرفنا ، والصفا والبيت يألفنا

wal baitu ya'lafuna 
akrab, sopo? baitulloh.. akrab..
Lha tapi sing ngarang niku pancen putu2ne nabi. 

ولنا خير الأنام أب ، وعلي المرتضی حسب
Mulane sing dawuh ngono ben habib syaikh, pantes... 
Mulane kulo niku mulai alit niku apal dhiba'. Maksude alit niku umur pitulas. Kulo riyin teng sarang niku paling seneng apalan dhiba'. Gara2 dicritani mbah  kulo. Mbah kulo sing jenenge (53.27)


Mulai sak iki yo sik eling soko niku, lek teng mriku yo tak golek i. Ba'dho niku kulo nggowo kitab bukhori ning masjid bukhori. Imam Bukhori niku tuku tanah teng kawasan Masjid Bukhori. Kepingin anak e gede, dolanane ning cedek e kanjeng nabi. Wes gede ditukokno tanah teng mriko, akhire dinggo sinau. wolak -walik e jaman dadi wong alim alamah, terus teng mriko diabadekne dadi masjid nopo? Masjid Bukhori. Kulo nggih nate iktikaf teng masjid niku. Wong ndisek niku sampek ngono, saking senenge nabi iku, anak kecil dibiayai. Saiki ae urunan muludan ae 10ewu, ya Alloh ya Alloh. Kadang malah ragelem muludan, bid'ahno muludan tambah parah meneh. Kowe lak wes raseneng muludan, yo seneng nabi ning bentuk liyo, tapi yo sing muludan rausah mbok komen barang. 

Ada ndak? muludan Nabi. Yo Nabi ora ngarah, muludan dewe...malah lucu tho? Nabi misale muludan dewe malah lucu tho? 
wa lana khoirul anami abu Loh njenengan i bapak e, kok...


Pancen Nabi ora perlu diba' an, aneh2 kowe. Yo coro kulo niku misale ono tiyang sing nduwe keyakinan maulid iku ora ono tuntunane, wes ora usah ngenyek, wes biasa wae. Ngko sing muni ono tuntunane ojo terus dingge bisnis Ben laris..... ojo ngono, kok ngge laris2 an. 
Jadi jelas nggih, sihro wardi niku mlaku2 teng masjid mina, lak menowo ono wali sing ndelok ndekne. Mergo yakin lek ono wali sing ndelok wong mesti, aksabuhu sa'adatan. 

......

Qola Nabiyyu Shollallohu 'alaihi wa sallam. 
Saya-ti (bakal teko)
zaman (ing zaman)
'ala ummati (ing ngatase ummat insun)
Yafirruna (podo mlayu, sopo? ummati)
minal ulama (saking ulama)
wal fuqoha (lan piro2 ahli fekih)
mulane sampeyan bejo ora mlayu. Ono aku malah mbok golek i, tapi ora usah tuk narukan, kadohen, wis ning kene ae, aneh2. Dadi alamate wong elek niku mlayu songko? Ulama. Lak wes mlayu songko ulama lan fuqoha,

fayabtalihimullohu (mongko nyobo, sopo? Alloh akan mereka) 
bi tsalatsati baliyatin (dengan 3 cobaan)
Wong kok geting ulama, iku cobane telu, opo maneh bid'ah2no ulama.  

Ulaha (utawi kawitane cobo iku ngene)
yarfa'ullohu (ngangkat, sopo? alloh)
al barokata (barokah)
min kasbihim (dari pekerjaanya)
mergawe opo wae ratahu barokah. 

wa Tsaniyatu (sing kedua iku)
Yusallitullohu ( 
sulthonan (pemimpin)
dzoluman (sing dzolim)
Mulane onok wong kok nganti nduwe Gubernur dzolim, opo maneh gubernur kafir, iku bukti ora barokah. Mergo alamate coba iku nduwe Pemimpin sing dzolim. Nggih alamate cobo niku nduwe pemimpin sing dzolim. Opo maneh kafir, tambah parah...dzolim ae parah, opo maneh kafir. 

Watsaliyatu (sing ketiga)
nah sing medeni iku
yakrujuna minaddunya bi ghoiri iman 
sing paling medeni, metu soko dunyo kelawan tanpo iman. 






Comments