Skip to main content

Surat Al Hajj 40-41 | Gus Baha | Sistem sosial yang variasi

Pun nggih, kulo terangaken nggih masalah Rububiyah / masalah kePengeranan dadi kito kudu yaqin, 'ainul yaqin, nak wong kristen yo nyembah Pengeran, tiyang yahudi nggih nyembah nopo? Pengeran, nggih. Tiyang2 apapun nyembah Pengeran Dan tiap makna nyembah itu, pasti secara simbolis, secara simbolis itu ada tempatnya. Misalnya ada yang nyebut itu sinagog, utawi niku grejo utawi niku... nopo.. nggih wonten mawon. Nopo Pagoda, nopo mawon, Pokok e kabeh niku wonten tempat Ibadah. 

Terus ngendikane Pengeran, niki biasane didamel dalil2 tiyang2 sing radi2 sekular nggih. Alloh itu akan menolak, (membuat keseimbangan) satu kekuatan dengan kekuatan yang lain. Umpomo raono iku, malah sistem ibadah iku kocar kacir. Dados, lak ayat sing umum kan?

 ولولا دفع الله الناس بعضهم ببعض لفسدت الأرض 
 ولكن الله ذو فضل على العالمين 

Surat Al Baqoroh: 251 



Konflik itu Barokah
Mulane ngaji niki rungokno tenan nggih. Dados konflik itu, barokah. Sing mboten barokah niku lak sampek paten pinaten bi ghoiri haqin. Tapi lak tukaran, niku barokah. Ora cocok nggih, barokah Karena misalnya gini nggih, andaikan semua Toko itu sepakat, itu nanti harganya tinggi semua, Korbanya konsumen. Berhubung ra cocok, jorjoran rego, akhire ono sing banting rego. Berhubung ono banting rego terus ono jorjoran kualitas, Sing enak nggih Konsumen. Karena banyaknya persaingan itu sing enak konsumen. 

Begitu juga menyangkut sistem sosial. Banyak partai Politik sing enak nggih konsumen. Opo meneh sing kyai, sowan kabeh bati. Na lak caleg e sitok, kan oleh sitok lak pirang2? entuk pirang2. Masyarakat lak caleg e sitok lak entuk sitok, lha lak papat? Tapi yoiku ngko mau, dosane mbodoni wong papat. faham nggih. Dadi entuk amplop papat, tapi mbodoni wong papat karena mileh sitok, berarti mbodoni wong telu. faham nggih. 

Tapi intinya sistem sosial yang variasi itu baik. Malah kulo pernah neliti tentang sunatulloh. Gak ada bangsa terhormat, kecuali mbek Alloh diingatkan butuh bangsa sing gak terhormat. Meskipun menurut pandangan manusia. Ketika Rosululloh ndidik tiyang mekah supados sopan, karena tiyang mekah zaman itu sudah mulai bangga dengan nabi ibrahim. Sudah mulai agak2 bener gitu. Dengan bangga nduwe bapak Tauhid, namine sinten? Nabi Ibrahim dielengno..Kowe iku lek ambek amad sing apek, mergo ibukmu iku amaq. Mergo Nabi Ibrahim niku angsal Siti Hajar, Siti Hajar niku (binti) amaq. Lho niku ndilalah keturutan, jamane Rosululloh niku garwone songo niku, diantara sing nduwe putro niku malah garwo sing Maria Qibtiyah niku nggih hadiah. Hadiah saking raja mesir 



Sistem Sosial diatur sedemikian rupa

Dados Pengeran ngoten, kadang wong mulyo mbuh anak e presiden, mbuh anake kyai gede, mbuh kyai gede, mbuh pejabat ning Jakarta, nggletek niku seneng prawan nduwur gunung. Kadang yo anake bakul sabut, yo anake bakul mie yo raroh. iku Pengeran, kowe mbok arani iku kelemahan nggih mboten saget, pancen sistem sosial akan diatur sedemikian rupa. 

Presiden mletene ngono iku, butuh suarane Rukhin, lak gak ngono yo ra dadi Presiden Dadi nak wayahe caleg2 an ngeten niki, wong2 pejabat butuh kyai zuhud. Jare kyai zuhud dongane mandi. Ngko kyai zuhud wayahe mbangun, butuh Proposal. lha niku Pengeran, dadi mulane ora kenek mbok welehno yowes ben, iku kersane Pengeran. Makane, sebagian ayat iku luweh jelas olehe nyindir. 

 ورفعنا بعضهم فوق بعض درجات ليتخذ بعضهم بعضا سخريا ورحمت ربك خير مما يجمعون 
Surat Az Zukhruf 32 

Sukhriyan maknane nyek nyekan, mboten trimo ngatur, tapi nyek nyekan 
Menungso lak nggon nyek nyekan (kan)? misale sekarang begini, kamu melihat Presiden orang terhormat, Mentri orang terhormat, mbukak lawang ae ora gelem. Tapi lek mbok delok mletene ngono kok mangan duwek ku, perkarane mereka digaji dari uang rakyat. Tapi rakyat mbok arani lebih terhormat timbang mentri opo2 dilakoni dewe, mangan ae kangelan, ruwet. Begitu juga, wong sing mlete2 sing dadi pejabat, nggih kadang2 kecobo seneng wong wedok sing wong2 ndeso. Begitu juga kyai, wong sholeh wes Pengeran (ngono iku), makane Sukhriyan maknane nyek nyek-an. Mboten trimo Pengaturan, mboten nopo? Sukhriyan jadi bahan tertawaan. 

Sampeyan tak critani saya dicritani orang. Diantara pesawat boeing bikin pesawat banyak itu, diantarane (yang diitung) itu ngitung haji Dadi gak ada sistem transaksi terbesar Penerbangan kados sistem haji. Wong Islam kaji butuh pesawat, pesawat gaweane Amerika. Ketika kowe cilik ati ngono orang Amerika gak iso mbayangno, larise pesawat, tanpo nopo? tanpo ono nopo? Haji. Nah sing luwih butuh sopo saiki? Sing kaji yo butuh pesawat. Pesawat operasionale yo butuh Konsumen, rupa2ne terbanyak nopo? haji. Kowe raoleh protes, yowes ngono iku, Pengeran kersane ngono. Dadi umpamane ora ono sistem saling membutuhkan saling salah faham, malah dunyo i tutup. 



Senajano Bener, kudu Istighfar

Mulane wong iku, senajano bener, ngendikane Robi'ah Al Adawiyah kudu istighfar. Imam Ghozali lak nyontokno ngeten, butuh istighfar, contone sederhana. Ono polisi mbek kehakiman, iku barokahe wong konflik Umpomo raono maling yo raono polisi Umpomo raono konflik yo raono kehakiman. Jadi lembaga2 sing terhormat iku, barokahe sebab sing ora bener, faham nggih. Nah mulane lak sok bener iku kliru, mulane do kuwalat dadi pejabat. Dadi perkarane iku, kadang lembaga2 terhormat, berangkat songko sebab sing mboten bener. iku wes Pengeran, dadi Polisi iku dianakno mergo banyaknya kriminal, berarti polisi lahir ko? kriminal, kriminal butuh? polisi. Lha umpomo gak ono wong kriminal lak gak butuh, polisi. Terus ono tentara, mergo negoro iku ono konflik, ono genting rawan diserang negoro liyo, terus ono tentara. Barokahe ono genting, ono gaji PNS, mergo ono sing dadi Tentara. Wes hakadza Pengeran nggawe mulane ojo geman nentang Pengeran, wes keben ngature ngono, lak wes mbarno. 


Mulane kowe entuk gaji, istighfar..kadang dari sebab sing salah. Mbok terusno yo kenek khin, kyai entuk salam templek mergo wong bodo. (misale) Wong pinter kabeh, yo ra entuk salam templek. Nah lek kyai waras, lek disalami templek akeh i terus istighfar, mergo rodok musibah, faham nggih. Mulane kulo rodok syukur, kulo niki dadi kyai sing ra patek entuk salam templek Mulane radi syukur kulo, perkarane rapati musibah Mulane kowe rausah dadi wong alim2 tahqiq, lak entuk salam templek ngroso hisab, faham nggih.. dadi malah diamalno macem2. iku Pengeran, dados Pengeran ndamel menungso niku. 

ورفعنا بعضهم فوق بعض درجات ليتخذ بعضهم بعضا سخريا ورحمت ربك خير مما يجمعون 
Surat Az Zukhruf 32 



Sukhriyan

Sukhriyan niku nggo nyek2 an. Lho nggih to, misale sampeyan sak niki apal quran, larise niku yo mergo wong sugih. Yo raiso mbok arani, wong apal quran butuh wong sugih (tok) Ngko wong sugih, ndilalah ditekdir butuh tenan mboh dinggo jimat, mboh dinggo tabarruk wes pokok e butuh. Pejabat nggih ngoten, angger arepe njabat sowan kyai, tapi kyaine bangga yo rakenek ngko ndekne sing butuh. Dadi bar dibutuhno, butuh, bar dibutuhno butuh pokok e walhasil niku, nggih ngoten niku. tapi, umpomo tanpo iku nggih dadi hancur. Iku Pengeran, dadi 


 لهدمت صوامع وبيع وصلوات ومساجد يذكر فيها اسم الله كثيرا ولينصرن الله من ينصر 
Surat Al Hajj: 40 

Mulane jaman Rosululloh sugeng niku, nak ndamel conto niku, kowe mbek pembantu iku apik ndi? Umpomo ora ono pembantu, kowe yo ora iso nglakoni penggaweanmu, umpomo, cuma wong iku ditekdir Pengeran dadi Pembantu. Mulane kulo nate maos tenggene hadits, Syarate shodaqoh ditompo Pengeran iku ono sitok, sing mesti ditompo nek kowe iso nglakoni. Kowe ra ngroso ngekek i wong iku koyok butuhe, wong iku ning kowe. dadi podo. 


Balasan Akhirat

Begitu juga mulang, begitu juga dakwah Misale kulo shodaqoh ning rukhin 10ewu, utowo 100ewu Sing butuh ning duwik sopo? rukhin butuh duwek mergo mlarat, oke... butuh duwik, (sedangkan) aku butuh ganjaran, ben entuk ganjarane shodaqoh, berarti butuh sing nompo. Mestine setiap kowe shodaqoh yo ngroso kowe butuh sing dishodaqohi. piye wae, kowe ditompo Pengeran, ngenteni ono sing nompo Dadi kowe kudu ojo nduwe perasaan, kowe ngekek i Nak kowe ngko nduwe perasaan ngekek i, kowe ngko otoriter, ngroso sok, rawan undat2 rawan sok berjasa. padahal kowe yo butuh. 

Opomaneh sak iki ono sistem perbankan, malah ketok lek wong shodaqoh iku raono gunane. Artine raono gunane ngeten Kowe nyimpen duwek ning BCA sak milyat, kan tetep sak milyat, ning BRI sak milyat (tetep) sak milyat lha wong shodaqoh kan lucu yo.. wong ngundat2 i pancen goblok tenan. Lha ndekne shodaqoh kan jarene ben diwales ning akhirat, berarti kan podo karo kowe ndelek duwek ning BCA arep kok jupuk sok mben kan? Berarti kowe shodaqoh ning Rukhin sak juta mbok anggep sok mben mbok jukuk ning ndi? ning akhirat. Muk mbok titipno rukhin. 

Yasudah begitu berarti gak ono kan? faktor amalem ning wong liyo gak ono kan? karena kamu yakin kamu ambil di akhirat. Nah shodaqoh sing kelawan ikhlas ini, kemungkinan dibatalkan dengan bil manni wal 'ada sedikit Koyok kulo mulang, mulang, yo wes to, aku pingin entuk suargo, selesai kan? tapi nak aku ngroso berjasa? kepengen dihormati, tersinggung, macem2 ruwet Kulo gak sejenis itu, faham nggih, na'udzubillah Nah itu kampungan, mulang (semacam itu) ruwet, dadi bento, ngoten niku dadi nopo? bento nah itu dilatih nggih, ilmu hakikat itu dilatih, nanti lama2 baik. Sampeyan ngaji juga gitu, rausah ngroso? piye2 wes ngaji..ditulis Pengeran ya sudah faham nggih, iku asli dasar hukum. 



Kutu dan Iklan Shampoo

Terus, ngendikane Pengeran, Pengeran nak nggawe salah, iku terus barokah. Artis sing uayu2 iku, sebagiana entuk duwek ko iklan shampoo. Iklan shampoo.. ono shampoo barokahe kutu, faham nggih.. Umpomo Pengeran gak gawe ketombe, iku gak ono pabrik sampoo Ora ono karyawan, laiyo mletene ngono, rizkine ko barokahe kutu, paham nggih, nggih ngoten niku Pengeran, senengane gawe tontonan. kuwi wis Pengeran, kowe raoleh Protes Dadi mulane ngendikane nabi, wong iku lek mulyone nemen2, eling hampir semua asbabul rizky niku, soko masalah2 kesalahan iku sebagai pengeran ngenyek menungso lek kowe trimo ngono 

Mulane sayyidina Ali nyontokno beberapa hinane menungso iku Kowe lak sholat, kan ra oleh ono najis, dadi lek kenek telek diumbah lek kenek najis diumbah Tapi nduwe pertontonan sing naif, rupa2ne Tiap wong sholat kuwi mesti nggowo wetenge, wetenge ono taek e.. dadi wong ngalor ngidul nggowo wc. dadi kowe lek eling ngono iku mulyane ning ndi.. wes diarani wajib suci tapi tetep mbletek nggowo wc Iku Pengeran, dadi wong iku lak mulyo..lak mlete iku kon eling, 
 
ما في معدتك
maa fii ma’iddatika 
 
Mulane ngendikane sayyidina Ali, wong iku kon eling, lek mlete iku sing digowo opo? maksude wcne niku, sing digowo ngalor ngidul dieleng2 nggeh, dadi niki ngaji, dadi sampeyan roh, dadi konflik asal tidak maksiat kados saling bunuh, iku baik mergo tatanan sosial niki bergenatung mergo mereka saling beda, 


Kulo nate maos riwayat teng sebuah kitab, kulo yakin hadits niku gak dhoif

لا يزال  أُمَّتِي في خير ما تبين
Laa zaalu ummati fii khoirin maa tabyaanu..


Umatku ini akan selalu baik, kalau mereka ini beda, kalau mereka niku mau beda, tapi jangan dipaksakan beda lho ya. Ya kalau mereka itu mau beda, tapi kalau mereka sepakat, malah tidak baik, karena dalam banyak kebaikan ini, nggih pancen butuh wong macem2. Misale kabeh wong iktikaf kabeh ning masjid, raono wong sing ning prapatan, lak onok kecelakaan sing nulungi sopo? lak onok wong kesasar sing ditakok i sopo? Misale wong seneng ning masjid, lha terus keluargane sing ngurusi sopo? Tapi kabeh ning ngomah? sing ngurusi Masjid sopo? wes pancen hakadza, memang disemua sistem fardhu kifayah niku angger ono sholat jenazah, angger ono sing nyolati siji loro yo wes, liyane ben ning ngomah, Mulane imam syafi’i ngendikan, ojo geman ulama teko ning sholat janazah, lek ra teko ra teko ae,, Nggo nunjukno lek iku ra wajib, Tapi lak neng kene ra wani kan? darani sombong.

Nggih perkarane tadi, sekali sepakat semua, wong sak deso sholat janazah, omah kosong, lek ono maling, sing tanggung jawab sopo? Mulane terus fikih ndamel kesimpulan, ciri utamane, Fardhu kifayah, lek ono sing wes nglakoni cukup, liyane gugur. Mergo kuatir bahaya lak semuanya melakukan hal itu, paham nggih, dados mulai sak niki dilatih menerima perbedaan perbedaan, dados Umpomo menungso ra saling bedo, malah sistem ibadah niku hancur, 


 ولولا دفع الله الناس بعضهم ببعض لهدمت صوامع وبيع وصلوات ومساجد يذكر فيها اسم الله كثيرا ولينصرن الله من ينصره 

 Niku wes, kersane Pengeran. 



Amar Ma'ruf Nahi Munkar


الذين إن مكناهم في الأرض أقاموا الصلاة وآتوا الزكاة وأمروا بالمعروف ونهوا عن المنكر ولله عاقبة الأمور 

Ciri utama orang baik kalau sudah di beri kesempatan baik dan sholat.. Lha niki sing masalah sensitif, masalah nahi mungkar, niki dawuhe ibnu khaldun nggih, kulo kutib. Biar sampeyan gak jadi ekstrimis tapi biar gak jadi pemalas, Ngeten nggih, masalah amar ma’ruf nahi mungkar nggih. Amrun maknane urusan, amrun maknane urusan, manhiyyun mungkar, maknane aneh, dadi mungkar maknane aneh, mulane diarani ma’ruf dikenal, mungkar maknane aneh, iki rungokno, tenan nggih, kulo baleni maleh nggih Koyok wong dikeloni ra bojone, kan aneh..ora bojone kok ngeloni berarti mungkar...wong ngeloni bojone wajar, dikeloni bojone dewe wong nganggo sepeda motor e dewe, wajar...ma’ruf.. wek e wong kok dinggo tanpo pamit, dijupuk.. aneh.. nopo? mungkar.. Sebab itu ma’ruf mungkar gak butuh syariat, muk butuh fitrahe manusia.. 

Nah kata Ibnu Khaldun Sebetulnya nahi mungkar itu tidak kok kamu ketemu orang maksiat, terus kamu paksa kamu jangan melakukan itu. itu gak harus begitu, bisa surohnya itu intiha intiha 'anil mungkar. Misalnya begini yang dicontohkan nggih Ini kulo kutip dulu nggih, haditse 

 من رأى منكم منكرا فليغيره بيده
 فإن لم يستطع فبلسانه
 فإن لم يستطع فبقلبه، وذلك أضعف الإيمان 

Begini cara nggambarkan, dulu itu ada kelompok ekstrimis, dimana dia itu minoritas sekali, melawan dinasti yang kuat. Jaman pemerintahan abbasiyah, fatimiyah, macem2 akhirnya dihukum gantung, walhasil akhirnya mati sia2 karena dia tanpa kekuatan, mau mengubah nopo? mau mengubah nopo? kemungkaran. Walhasil terus, banyak ulama yang menemukan hadits 

ما بعث الله نبيا الا في منعة من قومه
maa ba'atsallohu nabiyyan illa fi mana'atin min qoumih 

Iki rungokno tenan nggih, dan saya gak main2 dengan fatwa ini. Alloh gak pernah ngutus nabi, kecuali dari kelompok keluarga terhormat, untuk supaya melindungi dari kekerasan sosial. 

Saya beri contoh nggih, iki rungokno tenan ben sampeyan ora rumongso sok pribadi. Kanjeng nabi iku lak mangkelno coro kafir mekah tapi ora dipateni, bahkan gak pernah dilukai. mergo nabi saking suku nopo? Quraisy Sementara shohabatnya karena wong biasa, bilal disikso, amar disikso, yasir disikso, tapi kanjeng nabi mboten, mergo dari keluarga terhormat. Padahal wong quraisy gak seneng blas mbek nabi. Nabi Syu'aib nggih ngoten. Nabi Syu'aib iku kaume gak seneng, tapi ora disikso perkarane, coro sakniki gus utowo ningrat. Sampai kaume lak muni, Ya Syu'aib andaikan saya tidak mempertimbangkan keluarga anda, pasti anda akan saya siksa.

 
 ولولا رهطك لرجمناك وما أنت علينا بعزيز 
Surat Hud: 91 

Umpomo ora kelompok em, kowe ora keluarga ningrat, wes tak sikso. Kamu itu gak siapa2. Mulane terus Nabi Syu'aib menjawab. 

 قال يا قوم أرهطي أعز عليكم من الله 
 Surat Hud: 92 

Faham nggih, iki rungokno tenan Nah, berarti amar ma'ruf nahi mungkar itu bergantung ashobiyah, bergantung satu kekuatan. Imma kekuatan legal politik, wa imma kekuatan sistem keluarga maupun sistem sosial. Kalau gak, kamu akan sia2, karena gak ada nabi diutus kecuali dari kalangan terhormat. Supaya masa2 dakwah disalahfahami itu, gak sampai dibunuh. Nggih niku wau, kados Nabi Syu'aib Kaume nopo? 

 ولولا رهطك لرجمناك وما أنت علينا بعزيز قال يا قوم أرهطي أعز عليكم من الله واتخذتموه وراءكم ظهريا 
 Surat Hud: 91-92 

Terus sakniki nabi, sinten niku Nabi Sholeh, Nabi Sholeh juga begitu Nabi Sholeh orang terhormat, sehingga kaumnya bilang 

 قالوا يا صالح قد كنت فينا مرجوا قبل هذا 
Surat Hud: 62 

Kamu ini jadi harapan kita, kenapa kamu sekarang aneh2 Ndak niki nggo pengetahuan nggih, kalau begitu terus fatwanya Imam Ghozali, ben sampeyan ora sitik2 muni amar ma'ruf nahi munkar. Terus Imam Ghozali berfatwa Laa budda min rojulin, min maalin, au adna jaahin yutahashshonu bihi, dinuhu Niki radi nyinggung santri sing nemen mlarate, faham nggih. Tapi gakpopo iki hukum, mboten nopo2, mbok menowo barokahe ngaji niki nak sing mlarat nemen2 dadi mboten sido faham nggih.. mergo barokahe fatwa niki Seharusnya orang yang memegang agama itu punya 

  • adna maalin (harta minimal) 
  • au adna jahin (atau punya status sosial minimal) 

يتحصن به دينه

(supaya dia bisa membentengi agamanya) Saiki bayangno misale, kowe iku mlarat, buruhe wong kafir sing anti islam, di sistem negara yang anti islam. Kowe iso mbayangno nglakoni sholat? Mboten saget kan? bagaimanapun kita bisa nyaman sholat di Indonesia mergo pejabate sholat. Kito yo ora buruhe wong kafir sing nglarang sholat. Artinya kita sholat nyaman iku barokahe adnal maal (sistem sosial), adnal jah (sistem apa saja) Sing menopang sholat itu gak dianggap masalah

Nah saiki shurotul masalahe iso mbok walik, Njajal ae kowe urip ning Timor Leste, Nduwe Majikan sing nganggep sholat itu masalah ada sistem negara, misalnya yang nganggep sholat itu masalah. Kowe kangelan kan? sholat? makanya.. Lha terus sakwise ngeten terus ada sistem demokrasi Begini Shurotul masalahnya, wong islam dukung demokratisasi agama itu untung tha rugi? Orang kayak gusdur, kyk kelompoknya gusdur, dl berfikir untung. Untunge begini, jika non muslim diberi kesempatan beribadah di Indonesia maka imbasnya, muslim yang minoritas dimana2 juga diberi kesempatan, sebagai imbalan mereka di dunia islam gak diapa2 in. 


Tapi orang2 ekstrimis enggak, cara berfikir berbalik. 

Ya ndak (seperti itu) Kalau kita
membiarkan non muslim ibadah, artine
membiarkan kesyirikan. 

Terus dadi Ijtihad sing liar. Tapi kita tahu kan di Ukraina misalnya umat islam tertindas  di Myanmar-Rohingnya, nanti di Thailand-Phuket terus di Singapur atau di Filipina-Mindanau ini terjadi efek domino kan? Lha kulo mboten mbenerno teorine  Gus Dur atau siapa2, nggak, ini saya cerita. Setelah ada begitu, itu gak hanya Gus Dur Jaman Ibnu Khaldun sudah membicarakan itu. Dadi Kulo baleni maleh, dadi kulo suwun, Sampeyan lak seneng duwik nggih monggo mawon anggep mawon niku adnal jah, wa adnal mal sing ndadekno kowe iso nentokno sholatem Mergo kowe lak burue wong kafir gak iso nentokno perilaku agama anda. Hanya gara2 terlalu miskin. 

Lho kulo niku ngrasakno, kulo niku kyai kan Kulo niku kyai tenan, sering dikeluhi santri sing mlarat, terus mburuh teng chino. Gus kulo niku biasa gus, nggoreng daging babi niku kulo jek ra tersiksa, tersikso kulo niku lek dikengken ngeterno anake sekolah ning Grejo, padahal cilik kulo niku mondok. Tapi barokahe mlarat nasibe nggih niku wau. Saya punya cerita lebih ngeri lagi, ada temen miskin, buruh ninggone wong non muslim dia perilaku sosialnya agak kacau. biasane ndekne iku muk cukup kon ngeterno ning  nggon2 maksiat, suatu saat bangkrute iku tenanan. Dikek i kunci mobil, cung aku golekno sing paling uayu, terno ning omahku. Wadoh, tahu ngaji fathul mu'in wonge, piye jajal? ndekne lagi sadar, metuk i kulo niku nangis.

Gus kulo niku kualat ambek hadits

كاد الفقر أن يكون كفرا

Fekir niku mendekati nopo? kekafiran. 

Mboten niki, sing mlarat2 ben tobat. Nak mlaratem ku yo rodok musibah, ben roh maksud e. Mboten, niki urusan hukum, mboten kok nyinggung wong mlarat. Dulu dia pernah janggal dengan hadits itu.


 Wong Nabi biasane dawuhe 

أَحْيِنِي مِسْكِينًا، وَأَمِتْنِي مِسْكِينًا
kepingin mlarat

Iki kok muni fekir mendekati kafir, ndekne janggal. Kok Nabi kesane arogan, biasane nabi iku mbelo
wong mlarat, iki kok ora. Karena ndekne mlarat,  kepengen dibelo Nabi. Dadi ruh hadits 

كاد الفقر أن يكون كفرا

niku, janggal.. bareng ngalami nasib ngoten, tangisan, walhasil ndekne metu, gak kerjo metuk i kulo mbek nangis. Kualat tenan Gus kulo, nah niki crito sampeyan rausah tersinggung, niki crito hukum. Berarti kalau sekarang umat islam itu berpolitik itu baik, karena lewat partai islam, umat islam itu nanti sholat itu gak aneh.  Wes anggep ae, ben sholat iku gak aneh. Kowe nduwe duwik, nduwe kekuatan sistem sosial yo baik, tapi kabeh iku nggo njogo keberlangsungane sholat. ora haddun nafsi. Wes anggep ae, aku lak nduwe duwek nggo ngenakno aku lek sholat ora ono sing nglarang.

Tapi nak duwikku nggantung wong sing ora sholat, iso wae aku dilarang sholat iku yo wes masuk.

الذين إن مكناهم في الأرض أقاموا الصلاة 
Surat Al Hajj: 41

Dadi kulo suwun, sampeyan sing mlarat cita2 wae nduwe duwek, sing ndadekno gampang sholat. (Nha lek sampeyan betah mlarat) Tapi kulo mlaratlah tapi sholat teng mriki lancar, yo alhamdulillah. dadi kan gak masalah kan, gak nduwe akibat opo2. Tapi kowe ojo mikir ngono, wong gara2 mlaratem wes tuk turunan, iso wae anakmu sing mburuh, sok mben ngalami, sing gak kok alami. Yo kan mungkin saja, saking kowe mlarat terus kowe sok mben, mburuh ning jakarta sing ruh sopo? Mburuh ning wong sing ora? sholat. Ojo kok mentang2 kowe saiki gak ngalami gak mikir anakem, yo kuwi termasuk harus kamu fikirkan juga, niki syari'at. Kowe kudu mikir

وليخش الذين لو تركوا من خلفهم ذرية ضعافا خافوا عليهم 
فليتقوا الله وليقولوا قولا سديدا
Surat An Nisa: 9

Tetep kudu mbok pikir. Mulane ngendikane Kanjeng Nabi niku, beja2ne wong niku sing nduwe duwik utowo pangkat, sing 


يتحصن به دينه 

Sing iso nggo mbentengi agomo. Nah lak kowe nglakoni ngono demi anak itu tidak ngurangi zuhud. Bahkan ngkok Nabi Khidr, dadi panitiane anake sampeyan.

Iku sing dicritakno ning ashabul kahfi. Ketika ono cah cilik, anak e wong sholeh. Abahe kapundut. Abahe sempat nyimpen emas batangan. Iki eling2 khin yo.. dadi ndisik iku ono wong sholeh, mati, nyimpen emas batangan lho tenan niki, emas batangan disimpen teng tembok. Suatu saat tembok niku bade rubuh konsekuensine lek rubuh emas batangane  konangan, lak konangan dipek wong dzolim2 lha iku ape rubuh niku ditoto nabi sinten? Nabi Khidr. 


Nabi Musa Protes, lha wong karuan tembok ape rubuh kok mbok toto, padahal penduduk kene iku wonge nakal2. Terus jawabe Nabi Khidr dos pundi?

وأما الجدار فكان لغلامين يتيمين في المدينة وكان تحته كنز لهما
 وكان أبوهما صالحا 
Surat Al Kahfi: 82

Dadi fatwa2 zuhud -sing berlebihan- wong raoleh nabung-i omong kosong. Tak Jamin.. itu ditentang oleh ulama2 syari'at karena di cerita Ashahul Kahfi (dijelaskan). Ono wong sholeh nyimpen emas batangan ning tembok, demi anak keberlangsungan kesholehan anake. Ternyata dipanitiani Nabi Khidr, supoyo emas iki ora jatuh ke tangan2 orang dzolim. Toh orang ini ketika nyimpen tetep disifati Alloh, 

وكان أبوهما صالحا

Iku nunjukno lak wong sholeh nabung iku, gak ngurangi kesholehan. Tapi gak usah kok mafhum mukholafah Lak ra nabung, ra sholeh, rausah ngono, rausah mbok jerok2 no. Pokok e intine iku ono ayat, wong sholeh nabung iku, gak ngurangi kesholehan

وكان أبوهما صالحا



Saiki wong iku do ra ngalim, sing fatwa zuhud berlebihan, nganti wong sawangane nduwe duwek doso padahal muk ndukung awak e dewe, faham nggih. Sing fatwa fatwa niku ndukung awak e dewe. Kliru, pokok e barang angger berlebihan kliru. Lha sing seneng donyo yo berlebihan. Nguanti milyaran, gak jelas itungane. Nha lek coro kulo sak sedengan ae, misale sak rukhin mati, warisan piro khin? 50 Juta? (mesin bubut) (lha lek mesin bubut, anak e jek kangelan) maksude sik kangelan ngerjakno nak emas lak karek ngedol (mboten). Sing bener yo emas utawi, yo tabungan (nak) mesin bubut podo karo ngekek i penggawean.

Kulo setuju mbek fatwane Ibnu Khaldun karena berdasar sejarah, itu gak ada nabi kecuali dari keluarga terhormat.  Lho lha terhormat itu tadi terus kata Imam Ghozali sebetulnya gak harus terhormat, kamu jadi presiden atau bupati,  ada adnal maal, atau adnal jah  yang yutahashonu bihi min dinih, supaya bisa menjaga agama. Lha sekarang pertanyaanya, gimana gus kalau globalisasi? ya itu tadi..jangan2 kalau  misalnya kita ngobong gereja di Indonesia misalnya terus masjid yang minoritas di negara lain diobong, sebagai balasan perlakuan umat islam mayoritas di Indonesia terus gentenan islam sing minoritas di negara lain ditindas. Itu jangan2 kita termasuk sebab, dan teori itu juga sah. Pancen iku nyata, wong shohabat jenenge shohabat, (pas)anyar2 e islam  nggih over.


Kados Rukhin Musthofa (seneng) kulo terus over. Saking overe mbendino misohi grejo. ........... akhire wong kafir males piye misohi genti. Pengeran akhire kenek kan? Pengeran Alloh akhire kenek. Akhire ono syari'at anyar. 

ولا تسبوا الذين يدعون من دون الله فيسبوا الله عدوا بغير علم 
Surat Al An'aam: 108



Misale koyok rukhin, semangat ngiyayikno aku ra semangat ngiyayikno kyai liyo, aku lak diamuk kyai akeh. Makane Nabi nate dawuh, 

لا يسب الرجل أباه
wong ojo geman misohi bapak e, 
sampek nabi dibantah, ya Rosulalloh, 
mosok tiyang misohi bapak e piyambak?


Terus Nabi njawab

يَسُبُّ الرَّجُلُ أَبَا الرَّجُلِ، فَيَسُبُّ أَبَاهُ

yo misohi bapak e wong, akhire
bapak e ndekne, dipisohi.


Koyok mau, misohi pengerane wong, akhire Pengeranem dipisohi,  Pengeranem lak Alloh kan?  Nah sistem Global itu, Teori itu ya mungkin,  Jadi kalau anda berbuat baik sama agama lain, mungkin agama lain berbuat baik sama kita di negara yang saudara kita minoritas. Kayak di Bosnia, di Rohingnya, di Phuket, di Mindanau mgkn bahkan di Amerika.  Mulane wong kendel ning pulau Jawa perlu ditakok i
Kowe iku kendel mergo mayoritas, opo mergo jihad ??










Comments