Skip to main content

Tersiksa di dunia karena Melihat ? | Ngaji Gus Baha | Senang dengan hal yang halal



Sing Ndadekno kulo pareg (cedek) Pengeran 
Sing ndadekno kulo pareg Pengeran nggih nglakoni niki, ada waktu kowe iku dewek-an menikmati barang halal. Niki penting nggih, kulo suwun sinten mawon sing seneng kulo iki lakoni. Kulo nate moco hadits, begini di Ka’abul Akhbar, gak ada setan merasa tersiksa, gak ada sesuatu yang menghancurkan punggung saya, kata setan kayak farohul mukmin bil halal, senenge wong mukmin mbek barang nopo? halal, niku syetan paling tersiksa. Mulane jarene Nabi Dawud, Masa keempat adalah, dia membiarkan dirinya menikmati sesuatu sing halal. 

Misale ngeten, conto paling gampang, kita tahu kan di kota, nyuwun sewu banyak dugem, ada perempuan nyanyi mungkin membuka aurot dan sebagainya, itu kan satu kenikmatan duniawi yang luar biasa. Terus misale dibalik kenikmatan itu kowe misale di pojok kota misale sopir taksi ketemu sopir taksi sopir becak ketemu sopir becak, terus rokok an jagongan, melankolis, eling jaman ndisek, jogja iku sepi. eling kampung halamane iku teduh senajan ngomong ngelantur iku Alloh senenge ra karuan, piye2 ninggal haram.


Senang dengan sesuatu yang Halal
Mulane kulo suwun, kyai2 juga harus fatwa ini supaya, ibadah iku ra tahajjud tok, misale tukang becak karo tukang becak jagongan ning ngisore plengkungan krapyak, cocokan nasib. Tukang becak mbek tukang becak cocokan nasib, Aku Mluarat mulai bapak sing sitok malah muni, aku malah mulai mbah. pokok e moh kalah, opo? moh kalang koyok ngene iki berase karek 2kg, lha aku malah karek sak kilo Ketika orang lain, ketika mlarat iku tombok togel, coro ndisik nopo? SDSB judi.. ayo nggo judi… nomer pertama genep opo ganjil.. wesa ngono iku asal gak ngomong haram senajano ngelantur iku mau, cocokan mlarat, lama2nan mlarat silsilah mlarate lama mana? Iku Alloh ridhane ra karuan, mergo menikmati barang halal. 

Mulane sak ruh kulo, mbah moen guru kulo niku senengane jagongane guyon. Bapak lek guyon nganti jam loro bengi, kulo riyin nggih janggal, kyai kok amen guyon SIng iso nglawan setan adalah wong sholeh2 nikmati barang halal. dan itu paling mudah bagi masyarakat, masyarakat bengi2 mbok kon tahajjud yo abot, mbok kon istighfar ping 10ewu koyok fatwane mursyid2 yo abot, wong sitek ae kadang lali. Masio diijazahi kon istighfar ping 10ewu. dek e dewe yo amen lungo ae.. yo apik, tapi masyarakat kuwi ra mesti kuat..mulane asal gak haram iku apik, nikmati semua ladzah sing bersifat halal. malah ono ulama enek sing ngene.. 


Beryukur dengan menikmati yang halal
Niki teng nggene ta’lim muta’allim ono wong iku lek isuk iku nguantor, nguantor ning gunung golek watu sing gede bar golek watu sing gede terus mutholaah (baca buku). Mutholaahe bengok2 ainal muluk hadzihil ladzah enak e ndi rojo2? Enak yo mutholaah ngene iku, ora ono sing ngganggu. Omong2 dewe ning nduwur gunung ndekne golek watu paling gede, kursine rojo bandingno kursiku, duwur kursiku, pokok e ngomong dewe ra karu karuan, tapi setan i mangkel, perkarane ndekne ora thoma’ 

Lha saiki ora, kadang mbyangne piye enak e dadi presiden, uripe ditanggung negoro, buka pintu ae dibukakno.. yo akhire uripem (mu) tersiksa to dul2 sekali2 iku ngopi isuk2, uenak dadi wong biasa, ngopi gak usah protokoler negara, pah poh dewe, wes ngono lah iku Alloh seneng, sing penting nikmati barang halal. Uenak dadi wong biasa, jam sepuluh turu yo ra masalah, coba aku bupati, yo ra iso turu jam 10 yo terus ngantuk turu, terus setengah telu nglilir ngopi, bar ngopi terus dzuhur mepet2 lah.


Menikmati barang mubah yang halal
Pengeran senenge ra karuan mergo koyok cah lucu, dadi menarik setan paling mangkel, mangkane katane ka’abul akhbar gak ada sesuatu sing paling mangkelno setan, kayak orang mukmin sing menikmati barang mubah sing halal. Mergo di dunia ini coba, mulane ono tonggo senengane jagongan ning gerdu, anggep ae cah apik, piro2 gak dugem, gak moro ning night club, ora dugem, wes anggep ae cah apik. Cocokan kemlaratan, kenangan masa lalu, deso ra rame ngene iki, saiki rame.. sak uni uni mu lah wes ra popo, sing penting ninggalno barang haram. 



Bersyukur
Mulane kulo niku syukur tenan mbek Pengeran, kulo niku angger nggendong anak kulo, kulo gadah anak alit namine mil a nembe umur 6 tahun. Kulo angger nggendong iku nangis, Ya Alloh, cek apik e njenengan, kulo nggendong anak i yo seneng, njenengan, nggih seneng mergi kulo nglakoni barang halal. Yo cobak fair2 an kowe ojo amen nggolek penak e, misale kowe mangku wong ayu sing ora mahrom mungkin nikmat, atas nama nafsu, tapi Alloh sebetulnya bikin nikmat sing luar biasa, wong mangku anak e iku yo seneng, iki mbahas wong waras lho yo..wong waras iki kiro2 mangku anak e sak jam ki betah opo ora? betah.. dan itu nikmat luar biasa, Itu kalau betul mengganti nikmat kita nafsu kita pingin mangku wong ayu, kayak apa sholehnya kita. Ora perlu disaingi, timbang mangku wong ayu tak tahajjud, raimu ra ngono iku, kabotan lek penggantine ngono iku maksud e ngoten, 


Keduwuren
Keduwuren, pengganti maksiat langsung tahajjud, keduwuren. setuju opo ora? keduwuren, maqom mu ora ngono, pengganti maksiat tahajjud keduwuren, pengganti maksiat i yo mangku anak, dolanan ning pasar kambek anak. terus ndelok sinetron hantu, wes ngono wes lah. Bengi2 timbang dugem ndelok sinetron hantu, kambek nyocokne rai sing mirip sopo? wes ngono pengeran senenge ra karuan, wes pokok antenge ning omah. bar iku terus lesu, mangan mie turu ngorok, iku pengeran wes seneng, piye2 wes ora dugem. 

Ndelok tivi terus keselen, mangan terus glegek en terus turu, krungu adzan subuh tangi, pengeran wis senenge ra karuan.berarti malam iku kowe sukses ninggal maksiat. Molane setan mbek kulo kakuati, setan kulo mbek kulo kuru tenan, Kulo niku pecinta barang halal, kulo senenge pol. Nggendong anak, guyon gojlok2 an. Ternyata setelah saya tua itu memang luar biasa. Kulo riyin nggih janggal. Koyok mbah moen yo sering jagongan, senengane gojlok2 an mbek santri. Kulo niku menangi mondok riyin. Lesu haa.. masak yo...Kulo ketok aras2 en mergo dalu2, masak opo tuku? tuku mawon, wo padimu akhire tuku, terus mangan mbek kulo. Angger mangan kuwi mbahas macem2.


Meninggalkan yang haram dengan menikmati yang halal
Dulu saya ya janggal kenapa kyai2 sholeh2 kok sering jagongan asyik, ternyata tadi, termasuk yang bisa mengalahkan syaitan adalah menikmati barang halal. Mergo syaitan kan ngenteni kowe ning nggon maksiat, ternyata malah jagongan.Ketika orang lain jagongan carane ngedarno narkoba, carane mendapatkan perempuan sing nakal, ketika orang lain nggolek carane haram kowe jagongan barang halal. 

Sak jane pora apik tahajjud gus, sak jane ngono, tapi rai2 ngene iki syariat diajak langsung menculot tahajjud,paham nggih, wes ora usah ngono. biasa wae, meskipun syukur2 tahajjud, iku ora usah diomongno, wong ruh.. Tapi maqomem ra ngono iku, Wes to kowe ra usah mekso ideal, khowarij rausah mekso ideal. 


Selalu berpotensi buat bersyukur
Molane masyhur kanjeng nabi nate dawuh, apik2 e wong wedok iku sing dolanan mbek kowe, Bayangno kalau kita malam itu asyik mbek istri, maknane, tidak asyik dengan perempuan nakal. asyik mbek konco, tidak asyik dengan teman nakal. Kayak apa suksesnya malam itu. 

Kulo nate teng jakarta ada tiga bulan. Nduwe konco imam masjid, mlarate ra karuan. Angger bengi jagongan ning teras masjid, yo mung ngene tok sing dibolan baleni, zaman sudah rusak gus, alhamdulillah kita masih begini. amen ngono ae..malam kedua yo ngono dibaleni maneh. aku muni ngene, wes sak uni2 mu kono. amen dibolan baleni. suwe2 ngantuk terus turu ning nggone marbot. Turune ning ngisor mik.daripada tak jak tahajjud malah mutung, wes repot. ra kuwat suwe malah. 


Makan satu piring
Ono ulama sing ngene neh, malah lucu maneh lek ulama iku. Ono ulama iku mangan sak piring terus wareg. bar wareg muni ngene, wonten tenan ning nggone kitab2 Nduk, anakku bojoku, enak yo, jebule mangan sak piring wareg. wes suwe mangan sak piring wareg. Maksudku ra perlu korupsi ra perlu ngumpulno ndonyo akeh2. Kita butuh duwek sak milyard, iku kan sawangane kito mangan sak ndegkan entek sak kwintal, butuh uang banyak, sak ndeg an entek sak kwintal, lha wong sak ndeg an ae wareg kok trimo direwangi ngumpulno duwek ott iku ngge opo? 

Dadi ulama iku pancen wong sing cara berfikir luar biasa, bareng. ngombe teh sak gelas ternyata wes nikmat. Lha nyapo kudu ngombe ning hotel, lha ngene ae wes nikmat. terus ngombe kopi sak cingkir, sing regane muk rongewu ki lho. Bar ngombe kopi terus rokok an sing regane mek limangatus wes nikmat, ngene la opo? ning singapr, ngne wes oke..Ning jembatan gajah wong ndongak ndangak, Lho iku lek kowe ngono tenan, syaitan do frustasi,


Pahamilah posisi kalian
Ora kowe gak, wes kere kakean ngayal, kere kok ngopi ning mall, bareng ruh wong ayu2, jare sing elek mek bojoku tok. Kere kok polah, lha wong kere yo ngopi ning nduwure gajah wong, ndangak2. faham yo, tak warahi yo.. kiat fakir dadi wali. Aku yo gumun, mbek ulama gumun, cek ancen pinter tenan ulama. Dadi ndekne iku mangan bareng sak piring wareg iku muni. Yo dik yo, jebule sak piring wareng, istrinya menimpali ( yo wes suwe mas, lak sak piring wareg) Kalau kita sak ndeg an ntek, sak kwintal, iku wajar ngumpulno duwik milyatan, karena satu hari berarti lak kowe mangan ping telu entek 3 kwintal. Kan endak.. Kita satu hari cuma makan piro njajal? Ono sak kilo? Sedino wong sitok? Masio sing gendut lah? :) Kadang wong khusyu’ mangane luweh akeh, 

Laiyo, sing dipangan telung piring ae kok butuh duwek milyatan? Sak niki kowe ngombe teh yo nikmat, kopi yo nikmat. Kopi regane piro? 3000rb, tiga ribu wes iso ndangak2 sueneng, mbek mangan nasi kucing, suenenge ra karuan, nikmati tenan. Lho coba saat kamu nikmati itu, sama orang sing libur di singapur kan sebetulnya, kalau ditimbang juga sama. Tapi kowe ora syukur, wong kere kok ngopi ning mall, terus ruh wong2 ayu, sok kapan dadi ngono. Ruh wong sugih, kapan numpak alpard, kere kakean cita2. 



Halawah
Mulane jarene ibnu hajar al asqolani, wong lak mukmin tenan, citrine piye? Menikmati barang halal. Mulane disebut halawah, halawah maknane manis. Kowe ruh, menikmati barang halal iku pancen manis luar biasa. Kowe lak ngono tenan, syaitan kakuati. Kowe ra perlu tahajjud, syukur2 sing tahajjud, wes gak usah mbok omongi, kesuwen kang, ngundakno kowe..langsung menculot tahajjud. Tonggo2 kulo lak takon, kyai gus baha iku enak, perkarane ono wong mati, penggaweane ndelok tivi, Alhamdulillah mayit niki sae, meskipun kegiatane mek ndelok tivi. Pertamane ruh aku kaget, lha misale terus kegiatane ngedarno narkoba, kan yo repot. 

Wong jare kyai2 kan nyongkone, wong apik iku tahajjud, mpun lumayan, Kulo ndelok angling dharmo, bar ngono anake, matur nuwun gus, kulo riyin yo janggal ambek bapak amen ndelok tivi ae, bareng njenengan terangno tibak e iku kebaikan. Lha timbang dugem, wes apik ngono iku (ndelok tivi). Mulane kulo omong2an ambek wong ngono iku pokok e gak haram apik, pokok e jaman akhir iku, pokok e gak haram yo apik. 


Jangan jadikan Ibadah sebagai tersangka
Jaman wes kyok ngene, mbok penculotno tahajjud, opo maneh mbok kon dhuha malah digugat., Ono kyai ngandani, ono wong ra nduwe duwek, nduha ae.. Bareng nduha tetep ae ra nduwe duwek, ah duha yo ra marai sugeh. Malah duha dadi tersangka, Wes bener ulama mau, bar mangan sak piring wareg, Alhamdulillah matur suwun gusti, mangan sak piring wareg. Maksudem piye? Maksude gak perlu nduwe duwek milyatan, lha wong sak piring ae wes wareg. Kita butuh milyatan, kan mergo mangan sak ndegan sak kwintal. Sedino entek telung kwintal, padahal sak kwintal ono sak juta? Sak juta rongatus? Berarti sedino entek telung juta, lha misal sing sak piring wareg, berarti sedini mung entek setengah kilo, setengah kilo entek duwek piro? 5000, lha tapi kan gak enak? Lho gampang, lek kepengen enak gampang. 

Mangano pas lesu banget, ngko lak enak kabeh. Sing marai tersiksa kowe marai fekir tapi gaya orang kaya. Urung lesu wes mangan, yo mesti butuh lawoh enak. Fekir bodo yo iki.. Jenengen fekir bodo. Kowe lak kepengen enak, yo manganane ngenteni lesu banget, ngko ambek tempe lak wes enak. Turu ra enak, kamarku ra enak, yo ngenteni ngantuk banget. Marai fekir tapi do polah ae, kuwi sing marai, mulane kowe tak latih, wong fekir kok ra dadi wali iku aneh. Ndisik roto2 wong wali iku, jalure ko jalur fekir, sak iki ora..Wes fekir gak wali. Mergo kakean thoma’ iku..



Ojo ndelok wong nikmate wong liyo
Mulane nasihate pengeran ning kanjeng nabi, 


ولا تمدن عينيك إلى ما متعنا به أزواجا منهم زهرة الحياة الدنيا لنفتنهم فيه 
ورزق ربك خير وأبقى
Surat Thoha: 131

Dan janganlah kamu tujukan kedua matamu kepada apa yang telah Kami berikan kepada golongan-golongan dari mereka, sebagai bunga kehidupan dunia untuk Kami cobai mereka dengannya. Dan karunia Tuhan kamu adalah lebih baik dan lebih kekal.


Termasuk kuncine nikmat iku sitok, ojo ndelok wong lio. Wong fekir kok kongko2 ning mall, yo ngenes. Wes do numpak alpard bojone uayu..tuku barang mahal, sing fekir muk sangu seket eewu, ngopi ning mall slawe ewu, yo ngenes. Sak jane seket ewu, yo ngopi ning gajah wong, muk rongewu susuk e piro, terus ndangak2 ning kono. Ndelok iwak liwat, ndelok iwak njoget, wo ternyata iwak yo iso bahagia. Bareng ndelok iwak dicekeli wong, wong iwak ae iso manfaat, mosok aku raiso manfaat. Wes i’tibar e ambek iwak lah. Dadi kunci ra bahagia iku sitok, mergo ndelok nikmate wong liyo. Mulane kanjeng nabi didawuhi pengeran, laa tamuddanna ainaika, angger wes kadung ndelok wong liyo, mesti linaftihu fihi, dadi fitnah 



Menghancurkan Punggung Syaitan
Tidak ada sesuatu sing aakshoma li dzhohri syaithon, min farrohil mukmin, bil halal, kayak seenenge wong mukmin dengan barang yang halal. Iku syaitan kakuati, karena barang halal ini ada dimana2 dan kapan saja. kalau tahajjud kan gak semua orang bisa, mutholaah gak semua orang bisa baca kitab, tapi kalau penikmat halal? Njajal kowe misale ning segoro kidul, ning nggone watu sing dingge ruwatan, rokok an ndelok segoro, wueh...sugehe aku, kolam renang digawe, sik mewah segoro. Lha laopo gawe kolam renang? Lha ono sakmene ambane, sak apik2 e kolam renang muk pirang meter persegi? Kita punya kolam renang sing tanpa batas, yoniku segoro kidol, lak tepak yo ketemu nyi roro kidul. Lho pengeran kurang apa? Lak memberi karunia? Ono wong sugeh nggawe taman pribadi, Wong mlarat kok ndelok wong sugeh, enake wong sugih, kolam renang pribadi, enak e opo kolam renang pribadi? Wes nggone terbatas, lak gak diumbah yo elek, perawatan, segoro kidul rausah perawatan. 


Misale ueenak dadi wong sugeh nduwe manuk apik, Lha kowe moro alas, malah manuk pirang2. Ijik alami, nopo? Coro wong sugih gawe kebun binatang pribadi, kowe kepengen. Yo kowe moro alas, kono lho, ning nggone way kambas, ndelok gajah, Masyaalloh pengeran sugihe, iki ora ono sing nduwe, anggep wek ku, ngono wae. Dadi iku nasihate Pengeran, eling2. Laa tamuddanna ‘ainaika ilaa maa matta’na bihi, azwajan minhum hayatid dunya linaftinahum fihi. Dadi Awal kowe tersiksa iku mergo kowe, ndelok nikmat sing didapatkan orang lain.

Comments