Skip to main content

Nashoihul Ibad 18 | Cacatan Ngaji Gus Baha | Makalah ke 31 | Halal Haram

 

Alfatihah,

و المقالة الحاديه والثلاثون  

Utawi maqolah kang kaping siji lan telung puluh. Maknane iku telung puluh siji (31)



عن إبراهيم بن ادهم رحم الله انه قيل له: بم وجدت الزهد؟
قال : بثلاثة أشياء : رأيت القبر موحشاً و ليس معى مؤنس, 
و رأيت الطريق طويلاً و ليس معى زاد، 
و رأيت الجبار قاضياً و ليس معى حجة و لا من يدافع عنى

'an Ibrhohima bin adham, (sangking Ibrohim bin Adham rohimahulloh)
Ibrohim bin adham niku termasuk tokoh sufi besar,
annahu (mongko sak temene Ibrohim )
qila (den dawuhno )
lahu (maring Ibrohim bin Adham)

Opo sing di dawuhno? pertanyaan ngeten. 
bimaa wa jadta zuhda

bima (sebab opo)
wajadta (metuk i, sopo? siro)
zuhda (ing zuhud)
Kowe kok iso zuhud iku, resepe piye?

ب اي شيء احببت تركرهة الدنيا طلبا لرحة الاخرة 
روي انه كان سلطنا في بلده
و ترك السلطانة وذك في العبدة

ai bi aiyi syai-in ( tegese sebab perkoro opo?)
ahbabta (seneng siro)
tarkarohatid dunya (ing ninggal santaine ndunyo)

tholaban (kerono nggolek i)
li rohatil akhiroti (kerono santaine akhirat/enak ning akhirat)



ruwiya (den riwayatno)
annahu ( sak temene ibrohim bin adham)
kaana (ono ibrohim )
sulthonan ( iku raja)
fi baladihi ( ing ndalem negerane/ daerahe Ibrohim bin adham)

wa taroka (mongko tinggal sopo? Ibrohim)
assulthonata (ing kekuasaan)
wa dzaka (lan tenanan sopo? ibrohim)
fil 'ibadati (ing ndalem ibadah)

fi makkata (ing ndalem mekah)
wa fi ghoiriha (lan ing ndalem liyane mekah)

wa fir risalah al qushoiriyati (lan iku tetep kasebut ing risalah qushoiriyah)
utawi ono dawuh ngene, 
huwa (utawi ibrohim bin adham iku)
Abu Ishaq Ibrohim bin manshur, 
min qorothil balad (sangking daerah balad)

kana (ono sopo? ibrohim)
min abnail muluki ( saking anak turune rojo)

fakhoroja (mongko metu sopo? Ibrohim )
yauma (ing ndalem siji tempo/siji mongso)
mutashoyyidah (wong sing berburu)
fa asaro (mongko ngejar sopo? ibrohim)
sa'alaban (ing sa'alaban, au arnaban/ ing luwak )
utawi arnaban (kelinci utowo turwelu)

wa huwa (utawi Ibhrohim bin adham)
fi tholabi (ing ndalem ngejar)
(luwak/ kelinci)

fa hatafa (mongko nyuoro) 
bihi (ing ibrohim)
hatifun (opo? suoro)
hatif iku suoro tanpo rupo

Ya Ibrohimu (hai Ibrohim)
A Lihadza (opo kerono iki)
khuliqta (digawe siro)
am bihadza (utowi kerono iki)
umirta (den perintah siro)


Urip kok amen mbedak i luwak, i apa apaan...? aneh, Urip kok amen mbedaki luwak. Tapi crito iki jelas kliru. Mergo lak mbedak luwak, dikiro luwak halal, makane syaikh nawawi niku gak trimo, makane diganti au arnaban (kelinci). Dadi Ulama i yo politik, mergo lak ditulis sa'laban tok, wong i berarti oleh ngejar luwak. Lha engko maleh musibah, lha kuwi nopo? makane diganti au arnaban. Padahal turwelu ning timur tengah mboh ono mbuh ora yo ora ruh, pokok e politik, dadi Ulama niku yo nduwe nopo? politik. Kulo niku termasuk kyai sing wes ruh politik, dadi ngakali hukum niku penting. 

Kulo niku jek eling riyin ngaji mbah moen, Ini kisah nyata ini, kulo dereng nate ruh mbah moen niku terkenal apik an. Niku nate duko, duko besar, gara2 mencit riyin kan gak onok gambare, gak onok warnae, gak fullcolor. Faham nggih kyai misbah yo, dadi gambar tikus, ambek bajing iku sami. Trenggiling, ambek kawuk, ambek dhob niku sami, lha wong ora warna. 

Tak warai dadi kyai fekih, singkat cerito... coro kitab fathul mu'in, niku dhob... yo ora kitab fathul mu'in tok, semua kitab fekih bahwa dhob kuwi termasuk hewan halal. Mergo (riyin, jaman) Nabi, enten shohabat dahar dhob, nabi diam. Ketika nabi diminta makan, ora cung.. cuma ora biasa, tetep halal, pangan ae. Nah iku ning gambar dhob iku persis biawak, persis kawuk. Delok ae ning kamus2 kuno, gambare dhob iku persis biawak (sliro). Jaman sak iki kan ono gambare, fullcolor, dadi umpamane sliro iku berwarna. Iku ra berwarna.. (kan debate) iso berwarna dan tidak berwarna. Kan corak e kan bedo. 

Walhasil akhire kyai2 pinter ngakali, lak maknani 
  • wa sinjab (lan bajing arab), 
  • wad dhob (lan kawuk arab), 
dadi angger sing halal2 niku dimaknani arab. 


Lha aku nduwe konco, nggih alim, lha ndisik termasuk alim lah. Riyin ngaji mbah moen, kan santri kan dereng banyak nggih. Riyin kan ngaji kitab wahab kan mboten katah sing melu. Niku wedi kadang kon moco... dadi milih ra ngaji wae. Suatu saat ono kewan sing mbah moen iku mikir, menowo mikit niki mikir carane piye santriku gak mangan kewan iku... mergo lek dimaknani, mergo lek dimaknani misal dimaknani dhob iku kawuk, iku melok daftar kewan halal. Ngkok santrine bar golek, kawuk. Kan resiko, akhire dimaknani nopo? kawuk arab. Bareng suwe2 maknani kangelan muni arab terus, suwe2 .. mbah moen mikir, menowo mikir ben santrine gak golek kewan iku. 

alah mbah arab neh.. santri2 pancene do kurang ajar. Santri2 sing ndok muri...

alah mbah muni arab neh lak uwis
(santri2 do kurang ajar)


Tapi ini nyata, takono lek lukman kuwi. Wong sedan iku lak khusyu2 e kyai, iku separo yo ngalalno bajing. Hayo keyakinane daerah kene, keyakinane kyai misbah, coro tonggomu mangan bajing diarani fasik opo ora? Umume daerah magelang, ndarani bajing halal tha haram? ora kyaine, masyarakate... halal to? kowe khin? halal. Kowe mus? halal.  Mergo sinjab iku kewan halal, kyai2 maknani bajing. Lha risikone bajing mbek tikus ning foto kan podo, sing gak fullcolor lho, lak fullcolor kan ketoro lak bajing warnane kuning, lak tikus warnane yo ngono iku maeng tikus. 

Nah singkat cerito, ini kisah nyata... 

mpun niku jaman kulo kelas kaleh, suatu saat niku. Kulo suwi2 dadi wong alim, terus makili pondok anwar. Kulo ijek menangi mbah moen dados kyai lajnah. Dadi ono utusan ploso lirboyo macem2. Utusan ploso jaman iku putrane mbah mad shiddiq, firjon. Pokok e wes macem2 songko seluruh pondok Indonesia. Kulo riyin taksih purun musyawaroh, sakniko wes pensiun, dadi wong sufi. 

Nah problemnya di fathul mu'in sharoton itu termasuk daftar hewan haram. Sharoton niku termasuk daftar kewan haram. Lak nggih kyai misbah? sharoton niku melok daftar kewan? haram ning kitab fathul mu'in. Kyai sing ngaramno maknani sharoton kepiting. Berarti piye? kepiting termasuk? haram, mergo sharoton dimaknani kepiting. Tapi kyai2 sing ngalalno? maknani yuyu, kangkang, pokok e kepiting dihindari. Perkarane lek dimaknani kepiting? harom. Kulo baleni maleh yo... rungokno yo khin yo.. sharoton niku teng kitab fathul mu'in, daftar kewan haram. Kyai2 do ndakik, sarothon dimaknani? yuyu, kangkang, jingking, kepiting aman, mergo lak dimaknani kepiting? (malih) haram

Lha mbah moen itu termasuk orang yang meyakini kepiting itu haram. Tapi santri mboh nurut mboh ora, lha barang enak. Yo lek kyai lukman mesti tahu...... Mergo Mbah moen lek maknani sarothon kepiting. Walhasil niku, kyai2 niku iftaroqu firqotain, wa minhum ndarani halal, mayoritas. wa minhum ndarani haram niku, minoritas. Mulane kulo niku kadang teng yuwono, nopo teng pundu, mergane santri niku lek didolani kyaine kepingin ngekek i makanan termewah. Coro Coro mereka termewah niku? kepiting. Kulo niku rodok yakin lek kepiting haram, mergo sanad e sanad.. haram. Akhire tak akali, lak njajan gak wani, mergo kan ikhtiyaron. Tapi lak tamu kan kal mayyit, yowis kepekso

Wong tak takokno kyai kajen niku, kyai kajen kan yo keluarga kulo. Ora ono gus nik kene sing ngaramno, sitok wae ora ono. Ya itu yang paling lucu itu, ini kisah nyata..kyai misbah. Bareng debat iku... karena beliau lajnah ya, orang yang paling dihormati. Sebenarnya lajnah kan ada tiga, atau empat, Jaman itu beliau masih kerso, jaman itu, sekarang kan mboten, wonten Gus Najih, wonten putra2ne kan pun alim. 

Sharoton niku ada yang ba'dho musyawirin niku mendebat gini. yang gak santri sarang lho ini, yang santri sarang kan gak patio wani. Yai.. di munjid itu, musyawaroh bahtsul masail niku lak santri utusan wani, mergo tenang mawon.  mergo lek kyaine ora pati wani. Ndilalah, kepiting, -sikile jingking piro? mus? piro2...?  Loh iki penting iki sikil iki. Gak.. piro2 kyai misbah, sing mbok rohi, sing mbok rohi. Wolu...? lho iki hukum fekih, kok sembrono. Aku kok eling syaikh nawawi iki, muni sya'laban kok diganti arnaban. Gak mungkin kok riwayat loro, mesti salah sitok, cuma dekne lak muni sya'laban perkoro... Lha lek luwak termasuk hewan buruan, berarti kan ape dipangan  to khin? jenenge berburu. Berarti ngko kowe meyakini luwak? halal. Kan bahaya.. mulane diganti, au arnaban. ora iki ora luwak.. tapi nopo? kelinci. Jan sembrono wong alim. 

Opo... piro2 sikile? wolu yo? opo sepuluh? Lak kepiting2... mbok pangan tok ora tahu mbok delok sikile. 

Walhasil debate niku lucu, yo capet diitung sikil.. mergo dinggo gerak. Walhasil sebagian musyawirin niku matur ngene.. Kyai.. niku sing teng munjid niku jelas maknane sarothon niku jelas mboten kepiting, mergo teng munjid niku sikile niku sepuluh, kepiting niku namung wolu. Mbantahe niku namung urusan sikil, urusan jumlah sikil tidak terpenuhi. Aku ruh dukane mbah moen, sampek sak iki sik eling. Dukane Bahasa Arab. Mbah moen lek duko pancen bahasa arab, dadi penak.. dadi kadang wong ora paham. Angger duko banget iku bahasa arab. Mbantahe niku jelas mboten kepiting sarothon niku, mergi sikile niku kirang. Mboh kirang mboh keluwehen, tapi kyok e kurang. Lalu mbah moen duko..

lau suwirol kalbu bi tsalatsati arjulin, a aqultum innahu ghoiru kalbun? 

Wong perkoro sikil ae kok geger. Saiki ono wong nggambar asu, sikile muk telu. Tetep asu, to ora asu? mergo sing mbantah iku berdasar jumlah sikil. Kulo jek eling nganti sakniki... 

lau suwirol kalbu bi tsalatsati arjulin, a aqultum innahu ghoiru kalbun? 


Akhire meneng kabeh, tapi yo tetep do mbalelo, lha wong enak. Dadi ngaramno kepiting koyok ngaramno ndelok wong wedok. Wong yakin haram lah yo tetep ndelok. Mbodoni.. iku haramlah yo tetep mbodoni. Dadi ngarmno ndelok kepiting iku koyok ngaramno ndelok wong wedok, ngaramo mbodoni, dadi angel. Yakin haramlah, tapi kan jalan.. terus. Jaman akhir ngene ngaramno riba niku wes rodok angel, tapi santri2 ngene jek angel nglakoni, mergo sik ra tahu investasi. Jadi ninggale ora mergo haram, tapi mergo ora tahu investasi. Ngko lek wes investasi yo... piye maneh... Kelakuan2 ngene iki kan? Koyok kyai zuhud kenal pejabat, ngko lek wes kenal pejabat mulai piye maneh... mergo rung kenal yo tenang ae. 

Faham yo, dadi ulama itu yo pakai ijtihad, ijtihad e iku berdasar cara berfikir. Mulane riwayat coro Imam Ahmad bin Hanbal, kowe ojo percoyo riwayat disek, delok.. ulama e mutaakkid opo ora? kalau dia sektarian, riwayatnya harus kamu tolak, karena dia pasti punya kepentingan mengintervensi? makna hadits. Punya kepentingan mengintervensi, makna hadits. Makanya sebaiknya ulama hadits tidak bermadzab, dia rowi ya rowi saja, tidak boleh bermadzab. Karena kalau dia bermadzab, dia akan maknai hadits itu. 


Koyok Syaikh Nawawi niki, wong sa'alaban kok digenti arnaban. Mergo, lek santriku nggolek luwak... perkoro. Padahal iso wae luwak tenan. Cuma pas iku Ibrohim bin Adham urung islami, kan jek mbeling. Dadi rung ruh, lak luwak iku haram. Kan rung ngaji? Coro aku dadi syarah e, luwak lak lah.. wong jaman.. jaman rung bener ae lho mus.. jaman rung nopo? bener. Paham nggih? ngko lek wes bener? arnaban. Loh berarti daerah kene bajing iku halal? lak nang kono mayoritas halal to haram? kyaine?? Paron paron.... Teng daerah kulo niku, dadi kulo niku koyok melok tersangka. Kyai2ne ndarani haram.. kulo melok haram... Gara2 kulo niku pun identik banget kambek sarang. Kyai lukman nggih benten, padahal kyai lukman paklik e mbah moen. Kulo nate isuk2 niku diajak jalan2 kyai teng pondok e. Loh isuk2 akeh sing mangan kepiting. Yo ngerti lak aku ngaramno? ngertos....


Nah itu ada cerita unik, niki ceritane mbah moen. Niki cerito fekih. Bapak iku, beliau (mbah moen) lek ngundang abahe pancen bapak. Bapak niku kepiting niku dijupuk, diwadahno ning gentong, ibuk yo rodok ngguyu. Singkat cerito, ning gentong iku kuat telung ndino. Lha aku ngaramno kepiting iku asline yo abot, cuma ndisek bapak iku tahu njupuk kepiting iku didokok ning gentong iku kuat telung ndino. Artine coro fekih kan niku masuk masalah besar, niku masuk kategori amfibi. Iki cerito.. kenapa mbah moen ngaramno. Wong iki cerito hukum, lha kowe mbalelo lah... dadi kepiting tahu didokok teng gentong, telung ndino kuat. Artinya kategorinya itu, amfibi. Lha jare kyai2 sing ngaramno.. aku ra tahu njajal gus. Pancen ora kepingin ruh, perkarane ben tetep halal. Wes repot musuh wong mbalelo mbalelo.. Tapi kulo nganti sakniki yo ora tahu muni haram yo, yo ora tahu muni halal. Setahu saya angger mlaku teng jakarta teng juwono, hormat kyai niku disugohi kepiting. Tapi kan biasane lak wong sugih, lak nyuguhi ora mung sitok. Akhire aku yo mangan krupuk, mboh mangan tempe, pokok sik iso dihindari tak hindari. Nah lak kowe kan haram liyane kadung akeh. Kowe ngindari kepiting, wetengem wes bek haram liyane. Wes kadung, mesisan lak wis. Pancen weteng elek... mugo2 Pengeran sepurane sing akeh. 


Nah kemudian gak semua ulama mengatakan haram, karena definisi amfibi itu ulama gak sepakat. Ada yang cara pandang itu yang kalau nyari makan di darat sama di air itu sama. Dan itu menguntungkan sing ndarani halal. Saiki tes wae, kepiting dokok ning mushola iki. Lek dek e keluar pas lewat pintu, berarti ndekne di darat dan di air sama2 terkontrol. Contoh koyok kodok, kodok iku mbok dokok teng banyu, golek dalan yo tepat. Di dokok ning omahe rukhin sing wis elek, nggolek jalan keluare yo tepat. Iku berarti amfibi. Lha lele iku pernah dijajal mbah fadhol, itu kuat dua hari. Tapi lele itu kalau di darat kan koser2. Jadi dek e kuat suwi, tapi nggolek dalan nabrak2.  Berarti dia hanya bertahan lama, tapi sebetulnya gak ikhtiari (secara nalar normal). Mulane wong ndarani lele halal kabeh, senajanto ning darat kuat lama.  Karena dia? nabrak2. Lak kodok kan? ruh... kodok terus welut, welut... ora sido2 ora sido... lha iki partai seneng halal kabeh. Opo contone? kodok, ulo banyu, tapi masio ulo darat tok yo haram. Bulus yo ruh dalan? nah iki onok sing na'rifi, mergo lak ta'rife ning darat mbek laut (air) kuat suwi iku ngkok lele mlebu, welut? enek sing keberatan. Dadi tes tesane ngono, jadi cara pandang ulama ngoten. 

Mulane masyhur, kok ada ulama bareng ngetes lele kuat suwi, terus rembukan ambek ulama sitok e, ulama sitok e urak an kados kulo. (cangkem elek). Wonge sing ape ngaramno wis sepuh, pas iku umure wis meh pitung puluh. Aku njajal lele tak dokok ning nggone omah kok kuat suwi. Ngko lak melok amfibi, lak amfibi lak haram. Lah koncone iku sing nggolek lele jaman nom. Muni ngene sing kyai cangkem elek maeng....  Ngendikan, lak santrine iki kancane,  Enak ae mbok haramno, kowe tuwek meh mati, aku sik urip suwi... kowe muni haram, bar mati. Lha aku...?? Maksude enak wae, jok tuwek muni haram, kowe bar muni haram mati, wes ra butuh mangan lele. Lha aku sik urip suwi, moh aku melok ngaramno. Jare sing ngalim, cangkem kok ngono. Maksude dijak rembukan hukum kok omongane do nggloyor. 

Mulane kulo muna haram2 mbek  wong sing sektor yo kakuati. Misale kulo niku kan kyai, kulo niku utang wong sugih tanpo bunga kan yo oleh, wong aku kyai ono keramate. Ape tak haramno, la njenengan nggolek utangan gampang, lha kulo? Perkarane utek lek elek cangkeme yo elek. Lha njenengan, nggolek utangan tanpo bunga gampang. Lha njenengan kyai, nduwe umat akeh. Lha kulo? lha gak bunga lhak gak entuk utangan. Nak repot... yo kacau lak hukum diatur ngono. 

Lak koyok kajen kuwi wis ora usum, koyok kyai kajen, kyai pati kuwi wis koyok ijma' lek kuwi halal. Mergo wes penggaweane, kadang disalam templek santrine sing adol kepiting, macem2. Kadang hadiahe yo kepiting, kadang salam templek e ko investasi perdagangan kepiting. Lak teng mriki sepakat yo? halal yo. Halal. Sikile kurang mergane. Dadi bantah2 an ndisek yo nganti kyok ngono, aku jek eling, terngiang-ngiang. 

lau suwirol kalbu bi tsalatsati arjulin, a aqultum innahu ghoiru kalbun? 

Saiki kowe nggambar asu, sikile mung telu, terus gak asu? Lek mbok coro sikile kurang? Karena beliau sangat kharismatik... sing tak elingi gara2 iku terus onok trik, angger kyai butuh trik. Angger maknani dhob, kawuk arab. Sinjab, bajing arab. arab... ae terus. Kadang bar ngaji onok santri takok ngene gus. Gus ning arab onok klopo? gak. Loh terus bajinge mangan opo? Dek e koyok ra percoyo ning arab ono opo? bajinge. Kurang ajar.... 

Kulo nduwe konco cah pati, pati pedalaman. Yo wis ngaji, cilik e tukang mangan biduk, burung garuda, alap2. Bareng gede2 mondok, bareng mondok kewan cilik2 sing mbiyen tahu dipangan, koyok biduk, koyok alap2 iku gak haram kabeh. Alasane nduwe cengkraman, mbek nduwe? kan mihlab mbek pengkor. Iku yo takok aku. Kulo riyin kan nate rois. (21.08)


Mulane masalah halal haram, niku jarang sing mujma' alaih. Mulane kowe ojo geman ngukumi faseq wong, sing mangan barang haram coro kowe. Iso wae ijek mukhtalafah. Paling sing mujma' alaih namung pinten? Paling celeng, sing ndarani mujma' alaih. Tapi jarang sing mujma' alaih. Tapi kowe kudu ruh, imame, terus oleh kepastian imame tidak meruju' pendapat itu. Ngko pas muni halal haram, muni haram, mergo meh mati mau. Kulo niku ngalami kyai2 unik ngoten niku. Termasuk nemoni kyai sing ape njajaki ngaramno, terong. Yo meh mati ngono, wes tuwek, tapi terkenal ngalim. Kulo niku terkenal alim, amatir, jek nom. Lha kono alim senior, wes sepuh. Bar iku kapundut... Tak parani, gus aku kok kepikiran, terong iku kok ketok e haram. Santriku iku bar mangan terong kok ngantuk. Iku lak mirip ganja, mirip sabu.. Lha mpun mutawattir? iyo gus.. malah santriku ayo nyambel terong ben iso turu. Terus digolek i ta'bire, bahasane terong lak banjinjanbat. Banjinjan.. iku digolek i ta'bire. Terus pirang wulan kapundut. Aku yo Alhamdulillah, sing ape ngaramno mati. 

Mergo kyai niku sing tahu di lorohi kyai alim sing enom. Mergo kyaine kan wis tuwek meh mati. Lha kulo urip sik suwi. Mulane wong iku yo dadi ulama barang, dadi ulama kepikiran. Lha kowe ora, ngorder fatwa, terus sak karepmu dewe. Mergo sing mikir iku, kepikiran. Mergo Alloh niku dalam hal halal haram niku unik, kadang duko tenan. Sampek onok ayat, 

Jadi kamu jangan bermain fatwa muk bilang hadza halal, dan hadza harom. 

.........


ولا تقولوا لما تصف ألسنتكم الكذب هذا حلال وهذا حرام 
لتفتروا على الله الكذب إن الذين يفترون على الله الكذب لا يفلحون
Surat An Nahl 119

Kulo niku gadah contoh, apalagi orang2 yang islam ekstrimis, apalagi yang tukang monis orang bid'ah, itu harus itu harus ngaji ulang di shohih muslim. Di Shohih muslim itu ada hadits gini, ini hadits shohih, gak bisa enggak, ada seseorang itu sedang sujud, sedang sujud, sujud iku kan apik2 e ibadah. Terus diinjek sama orang fasik, diinjek, kepalanya diinjek. Bareng diinjek, si yang sujud tadi, mangkel. fawalloh layaghfirullohu lak. Demi Alloh, kamu gak akan diampuni oleh Alloh. Singkat cerita, di saat itu juga ada nabi yang masih sugeng, diberi wahyu sama alloh. Bagaimana mungkin dia mengatasnamakan sifatku, pada hambaku. Beritahu dia, saya mengampuni orang yang menginjak dia, dan sujud dia tidak saya terima. Itu semua shurotul hadits sepakat, Alloh itu tersinggung namanya dicatut, Coba Alloh itu menamakan diriNya Ghofur, jelas ya...kemudian karena orang ini emosi, Nama Alloh dicatut, terus diterapkan.. Alloh gak akan ngampuni kamu. Bagaimana mungkin, saya ditarik2 sumpah2 bahwa saya tidak ngampuni orang itu? 

Mulane terus onok ulama, kowe lak mangkel wong, jancok kakek ane, wes iku luwih aman. Lak ditakok i Pengeran, kowe kok muni jancok, lha ngatasno Njenengan, ora weruh persise, risiko. Tapi lak sak kowe2 raonok hisabe. Kan klirune wes akeh, dadi kliruku yo biasa. Kita kan gak pernah tahu tentang Alloh, tapi yang jelas Alloh menamakan diriNya ghofuron. Dan Alam syari'atnya, seburuk apapun, dia ada kemungkinan tobat qoblal maut, apapun baik kita, ada kemungkinan suul khotimah. Dengan potensi seperti itu kamu nyangkut nama Alloh atas nama apa coba?

Misale saiki onok maling, koruptor, diburu KPK lah misale, Kowe geting, iso wae sok mben dek e husnul khotimah. Iso wae sing nangkep sok mben suul khotimah. Sing ruh sopo? makane kyai2 alim, kados kulo biasa kancanan koruptor, bukan karena melegalkan. Kyai pikirane ora koyok LSM. Lak pikirane LSM, wong fasik kok dikancani, ini jadi legalitas bagi koruptor. Ini perselingkuhan agama dan kekuasaan, malah ono ngono barang. Kowe raruh rasane dadi ulama, ulama kuwi ora wani monis wong, iso wae saiki mbok vonis fasik, sok mben...sholeh. Sing saiki sholeh, sok mben? Kurang piye critane Wahsyi, wahsyi itu qotilu hamzah, habban naasa ila rosulillah. Koyok opo? Perlakuan Pengeran ning Wahsyi, akhire wahsyi tobat. Koyok opo sa'alabah, sholat ning masjid, sampek diarani merpatine masjid, akhire opo? suulkhotimah. Iku jek ditunggoni kanjeng Nabi, opo maneh mek ditunggoni mustofa, malah..... Sing nggandoli sopo? lak kowe arepe suul khotimah. Akhire kyai2 konco wong fasik yo tenang ae, ora kok melegalkan kefasikan, dia gak ingin memvonis orang lain. 

Kulo umpomo kulo, ono sing diburu KPK, misale iso ngaji, tak kon ngulang kok. Piye carane menghindar, tak kon nerangno. Cuma ngko terakhir tak terangno carane menghindar ko neroko, ora ko KPK tok. Gak boleh mencatut nama Alloh, tapi orang sujud tetep baik. Akhire walhasil..yang sujud tadi dikasih tahu nabi, terus tobat. Akhirnya sama2 khusnul khotimah. Tapi ini pelajaran bagi kita, mencatut nama Alloh itu gak mudah. 



...........



Lak syarat nikah ketat, kan koyok wong nyertifikatno tanah iku lho, kan entek akeh. Kadang wong pilihane muk stt perkarane nyertifikatno entek akeh. Nikah, iku lak kakean syarat, wong iku pilihane gak nikah. Ape halal kok kangelan, golek sing ora...... 

Lha Abu Hanifah, cara berfikir ngono, pokok e ndekne nggawe halal gampang, ben ra pati kangelan, wong ngkok halal. Tapi yo ojo terus nglonte, mboten, misale yo sing wali wis asal ngekek i izin, raperlu sing ngakadno.  Misale Syahid ora kudu adil, pokok e wong urip, pokok e gampang. Faham nggih, sing kulo maksud, Seperti sholat misalnya kalau saya ditanya sholat pakai sorban sama ndak baik mana? ya baik pakai sorban. Pakai minyak (wangi) sama ndak baik mana? ya baik pakai minyak. Siwakan sama ndak bagus mana? ya bagus siwakan, tapi ini standar ideal. Tapi bayangkan kalau seluruh ulama, sholate sorbanan sek, rida an sik, gak ada yang enggak. Akhire umat berat, mergo polisi, satpam, kernet bis, mergo kyaine, angger arep sholat playon disek, golek sorban. Lha ngko pemulung,......tengahe (mulung) ape sholat,,, repot. 

Mulane Jabir bin Abdillah, shohabat sepuhe kanjeng Nabi namine Jabir bin Abdillah. Niku nate moro masjid, pokok e sholat, disawang wong akeh. Niku gadah sorban, gadah sorban, jubahe dicentelno. Ndekne iku muk sholat sarungan sitok.  Sarungan sitok, ditalekno ning gulune. Niku teng kitab bukhori, lek teng kitab kulo eling kulo halaman 75. Kulo jek eling, mergo kulo nganti sakniki taksih sorogan bukhori, ada anak2 sarang yang ngaji sorogan bukhori. Jadi selain kulo sinau, nggih ada yang sorogan.

Jabir itu menangi tabi'in, Jabir itu menangi banyak tabi'in. Dan jabir termasuk shohabat sing sepuh banget. Tabi'in iku sir engkek, yo sorbanan, yo rida an, komplit lah, paket komplit. Walhasil terus jabir ditakok i, Ya shohiba Rosulillah, njenengan iku shohabate nabi, mosok sholat trimo macak ngono. Olehe muni piye? Jabir iku ngendikane ngene. Aku nglakoni iki iku njarak, li yarooni al ahmaq mitsluk, ben bento2 koyok kowe ben ruh. Sebagian riwayat niku, li yarooni al juhal mitslukum, ben sing bento2 koyok kowe iku ruh. Nak syarat sah e sholat iku ora aksesoris lengkap, angger ngene, Terus ulama2 walisongo modifikasi, ulama2 saiki modifikasi. Sholat nganggo hem biasa, akhire polisi sholat nggih nganggo seragam polisi. Anak Punky yo nganggo seragam..... yo resikone iku. Sholat ono gambar slank, wes lah ngono2 lah sing penting sholat. Reperlu nggolek clono cingkrang sek, raperlu nggolek jubah sek. Pokok e sing penting sholat. 

Nah kenapa demikian? seperti Abu Hanifah dan Imam Asy Syafii, kalau kamu membayangkan sholat ideal, oke bagus. Ada minyak ada riddah, ada jubah. Tapi kalau kamu lakukan secara masal, pasti nanti dikira ini syarat sah. Dan kalau sudah dikira syarat sah, pasti berat bagi umat. Karena umat ada yang polisi ada yang satpam, ada yang bakul sayur. Kayak apa, susahnya. Jadi akhire ono pemulung ora entuk pulungan tapi mburine iku nggowo jubah ambek sorban, njagani ngko lak tengah perjalanan, sholat. Repott.. dan itu trend yang dilakukan Rosululloh, trend maksude Nabi iku sering berkeinginan itu penting, tapi dibatalkan karena takut masyaqoh. Syiwak iku penting, mosok Pengeran mbok ababi, ambu tangi turu, bar rokok an. Koyok rukhin, rokok an, tangi turu, terus langsung sholat. Rokok e murah pisan, lha ngono mambu. 

Normalnya yang seperti ini kan harus siwakan, harus lho saya katakan, normalnya.  Tapi kalau diharuskan menjadi berat. Dan trendnya, Nabi kalau seperti itu dawuhe piye? laulaa an asyuqqo ala ummati la ammartuhum bis siwak inda kulli sholat. Umpomo ora kuatirno mberatno umatku, mesti tak wajibno. Artinya Nabi itu berkali kali ingin mewajibkan. Tapi angger wes bongso masyaqqoh ning umat, keinginan mewajibkan dibatalkan, faham nggih. 

Dengan seperti itu akhirnya ulama mikir, ben sing penting sholat. Akhire ono ulama sing nganggo hem terus. Nah kenapa saya milih putih? logika saya wes ora sorbanan, ora jubahan, tapi ojo blas ninggalno sunnah Rosul. Nabi itu seneng putih, yasudah ora jubahan ora sorbanan, nggo eling2an nabi itu seneng Putih. Makanya saya itu hampir gak pernah pakai batik, tapi nggih seneng. Mergo larang, keren. Kulo nggih sering entuk seragam batik, saking uii,, utowo saking pundi2. Tapi kadang2 nate kulo nggo, tapi kadang kulo lak tahajjud tak nggo. Niki Sakseni Gusti, lak kulo mboten ngaramno, niki kulo nggo. Tapi kulo ape nganggo niku wong wes aneh, perkarane wong niku ora ruh, kecuali kulo nganggo hem putih. Kulo niku lak sok mben ditakok i Pengeran, wes ora jubahan, wes ora sorbanan, sunnah Rosul kekasihKu opo haa? sing mbok nut? Nabi iku seneng putih, yo wes nggo eling2 an. Nabi yo ngendikan nganggo sing putih. Mulane nggo eling2 an. Mulane kulo niku mboten nganggo batik. 

Tapi kulo nggih seneng, tapi lak kon nganggo nggih seneng. Ben ketok nduwe duwek, mboten nganggo niku lak nggo nutupi mlarate macem2. Niku kan macem2 manungso kan berpaham NKRI harga mati, kan nasional. Kulo nganggo batik niku sak eling2ku pisan pas umroh opo haji. Di seragami batik, wah gelem ra gelem nganggo batik. Dadi kulo nggo, teng pesawat, teng pundi2 kulo nggo. Bareng wayahe rombongan sowan Nabi, kabeh batik an. Wah matek....akhire kulo matur ketuane, ndilalah batik ku rusuh, nggeh ora tak umbah, ngge alasan. Wah batik kulo pun rusuh pak, gpp pakai putih gpp. Pas sowan sing nyariatno putih malah pas? batik an. Wah sembrono.... niku coro kulo, tapi ojo nut. Karena fikiran saya sederhana, mbok yo lak wes ora iso sunnah rosul sing ideal, itu jangan ditinggal sama sekali. Dadi ono kaidah fekih. Maa yudroku kulluh, laa yutroku kulluh, kalau gak bisa ideal, jangan ditinggal sama sekali. 

Makane saya itu kemana2 itu mbawa sikat. Di tas saya ada sikat, di kantor saya juga ada sikat, minyak juga.. dimana mana mbawa minyak. Sampai lupa jumlahnya, karena tadi, Lak wes ora iso nganggo jubah i, sholat yo sikatan khin, ben sholat ora . Bar rokok, bar iku sholat kukur2. Gak onok sing sunnah Rosul tok, satu2ne sing sunnah rosul mek sik madep ngulon (kiblat) iku. Wes karek sitok, sik madep ngulon iku. Lak salam ngalor sik (ke kanan) yo wis karek iku tok.  

Jadi kulo baleni maleh, jadi trendnya ulama itu tadi, mempermudah halal, biar yang haram tersingkirkan. Atau seperti Imam Asy Syafi'i  masalah senggama hubungan intim iku repot, dipastikan kehalalanya 100%. Makanya cara pandang Imam Asy Syafi'i nikah itu ketat.  Ketat banget kalau madzhab syafi'i, sampai walinya saja yang jelas bapaknya harus adil. Lak yo repot, waline iku kadang rentenir, kadang makelar penggaweane mbodoni wong, sholate yo lagi wingi, donyane pak dene yo dientit, kowe yo krungu kabare lak mertuamu tukang ngentit donyo. Lha iku nikahno kowe ora sah, wong walimu fasik, misale. Gelem ra gelem, hanafi. Angger bongso ngono, angger ngaco nopo? hanafi. Mulane kulo kadang ken ngakadno santri podo ngalime, bapak e ngalim. Kadang kulo tangklet, kyai niki hanafi nopo syafi'i? Hanafi mawon gus.... Yo dilakoni ala syafi'i tapi keyakinane hanafi. Mergo podo ruh, lak syafi'i walini kudu adil, saksine kudu adil. Rai rai jaman akhir golek adil lak kangelan.. kangelan. 







Comments