Skip to main content

Doa2 di Kitab Ihya | Gus Baha | Kitabul Adzkar

 


Niki doa2 di kitab ihya, sing dereng dongo siji suro diqodho. Sing wis kadung ndongo dibaleni, mandi (pas) bareng niki. Dadi sing wes kadung dibaleni. Dadi dawuhe tiyang2 sholeh, lek ono wong 40 mesti ono waline sitok, tapi lak patang puluhe iki kriminal kabeh? ora ruh. Dadi dongo santai mawon, mantep mandi. 

Dongo niki sering kulo woco riyin, pas teng mina kitab niki kulo beto sing bab dongo niki kulo beto, kulo woco bolak balik. Dadi lak sing moco kulo, malaikat mpun mboten asing maksude. Karena kitab ini tak fotokopi, kitabul adzkar ihya kulo beto teng mina, kulo sering waos, niki mangke kulo maknane, lan mangke ndongo kalian niki.


Bismillahirrohmanirrohim Doa A'isyah rodhiyallohu 'anhaa. 


دعاء عائشة رضي الله عنها 

قال رسول الله صلى الله عليه وسلم لعائشة رضي الله عنها

عليك بالجوامع الكوامل 

قولي

اللهم إني أسألك من الخير كله 

عاجله وآجله 

 ما علمتُ منه و ما لم أعلمُ 

وأعوذ بك من الشر كله

عاجله وآجله

 ما علمتُ منه و ما لم أعلمُ  

و أسألك الجنةَ و ما قرَّب إليها من قولٍ أو عملٍ 

و أعوذُ بك من النَّارِ و ما قرَّب إليها من قولٍ أو عملٍ 

و أسألك مما سألك به محمدٌ 

و أعوذ بك مما تعوَّذَ منه محمدٌ  

و ما قضيتَ لي قضاءً فاجعل عاقبتَه رَشَدًا



Qola Rosululloh Saw,
li a'isyata (maring a'isyah rodhiyallohu 'anha)
'alaiki (netempono, siro, a'isyah)
Pokok e angger alaika alaikum alaiki ai ilzam. Ilzam kados niki

يا ايها الذين امنوا عليكم انفسكم 
Surat Al maidah 105


bi jawaami'il (ing dongo2 sing komplit, sing ngumpulno sing mbok butuhno)
al kawamili (kang sempurno)
A'isyah kowe tak warai dongo sing jami' (sing komplit coro jowone)
Quulii (ngucapo siro)

Ojo komplit mergo males ngapalno, koyok Robbanaa Aatinaa fid dunyaa hasanah, wa fil akhiroti hasanah, wa qinaa 'adzabannaar. Jare sapu jagad. Padune moh ngapalno. Komplit plus gak gelem ngapalno. 

Allohumma (duh Alloh)
Innii (saktemene insun)
Asalu (nyuwun insun)
Ka (ing panjenengan)
Minal Khoiri (saking keapik an)
Kullihi ( yo sekabehane khoiri)

'Ajilihi (khoir sing langsung, sing langsunge khoir, yang sekarang)
wa Aajilihi (lan keapikan utowo khoir sing engkok2)
jadi cek apik sing sakniki, cik apik sing mengke. 

Maa (perkoro)
'alimtu ( sing ngerti insun)
minhu (saking khoir)
maa(perkoro)
Lam A'lam( kang ora ngerti ingsun)

Nah niki titik tekani ubudiyah yo sing niki. Cik ngerti kulo, cek kulo mboten ngerti. Kadang wong ndongo marai Pengeran, faham nggih. Lha niki marai sing apik, sing kulo ruh, lan sing mboten ruh. Lha koyok rukhin i mlarat, terus njaluk sugih, iso wae, apik e mlarat. Wis meneng ae, cik kulo faham, cik mboten? faham. Mergi katah tiyang sugih niku getun, mergi suargane disik sopo? sing mlarate. Nggih katah sing mlarat getun, jebule gara2 mlarat dadi kafir. Dadi podo raruhe, pokok e muni maa 'alimtu minhu, ma maa lam a'lam 

Sing masyhur ning kitab hikam nggih wonten niku, ono wali, pareg Pengeran, ndekne iku ora iso mangan kecuali kerjo. Gusti njenengan pirso lak kulo seneng ngibadah, mbok maringi rizqi sing ora usah kerjo. Walhasil suatu saat kerjo ning pasar dituduh nyolong, dipenjara. Bareng dipenjara ndekne Loh nyapo kok jadine kulo ning penjara? padahal kulo mboten nyolong? Jale nduwe rizqi sing ora kerjo? Woo wali bento, niku crito teng hikam. Makane wali2 junior repot, yo gak salah, Ya Alloh njenengan pirso lak kulo seneng ibadah, nyapo kulo kerjo barang, padahal butuhe kulo namung sak piring rong piring. Artinya ndekne tahu, kalau gak ingin kaya itu tahu betul, wong pokok iso mangan tok. Doane mustajab, suatu hari ndekne dituduh nyolong, ndilalah, terus piye.. pokok e dipenjara. Gusti.. kok jadinya LP, lho.. kowe jare njaluk rizqi sing ora usah kerjo? Mulane tiyang2 sing dipenjara doane mustajab. Berarti doa pingin rizqi tanpo kerjo. Itu orang luar biasa. Mboten niku tenan, niku crito teng hikam. Ojo geman marai Pengeran, ojo geman marai nopo? Pengeran. Pengeran iku senengane melehno tiyang. Dadi tiyang2 sing percoyo mbek ilmune iku mesti keweleh. Wes pokok e ngoten mawon, 'ajilihi wa ajilihi maa alimtu minhu wa maa lam a'lam. 

Dadi lak njenengan ndongo, niku penekanane sing wa maa lam a'lam. Cik keapik an kulo ruh, cik mboten ruh. 


wa a'udzu (lan nyuwun mbaurekso insun)
minasy syarri (saking ke elekan)
kullihi (sekabehane syarr)
'Ajilihi (sing sifat langsunge syar)
wa Ajilihi (sing sifat engkok e syar)

Cek elek sing kulo ruh, cik langsung lan sing mboten langsung. Sing mboten langsung nggih katah, saiki ketok e apik, sok mben elek. 

Maa 'alimtu (kang ngerti sopo? insun)
minhu (saking syar)
maa (perkoro)
lam a'lam (ora ngerti,sopo? insun)
Dadi cek elek niku kulo ruh, mboten ruh, nggih sampeyan lindungi saking keelekan itu. 

was alu (lan nyuwun, sopo? siro)
ka (ing panjenengan)
jannata (ing suargo)
wa maa (lan perkoro)
qoroba (kang marekno)
ilaihaa (maring jannah)
ming qoulin (saking pengucapan)
wa Amalin (saking pengamalan)

Poko kulo nyuwun teng suargo, lan yang mendekatkan ke surga, cik niku pengucapan, cek niku amal. 

wa a'udzu (lan nyuwun baurekso,sopo? insun)
bika (kelawan panjenengan)
an Naari (saking nar)
wa maa (Lan perkoro)
qorroba (kang marekno)
ilaihaa (maring nar)
min qoulin (sakiing pengucapan)
wa amalin (saking pengamalan)



Dados niki dongo sing disifati Rosululloh Al Jawami' al Kawamil. Sakjane dongo niki nggih populer, berhubung panjang sing afal nggih jarang. Sakjane populer, mesti tahu krung. Pokok e bongso tau krungu mesti tahu, lak bongso tahu nglakoni apal, nah iku sing ora mesti. Ditakok i sing setengah2 kyai mesti tahu krungu. Berhubung ora pati apal, wes sapu jagad cukup. Kulo niku bolak balik diijazahi kyai doa sapu jagad. Lha iku  mboten padune sampeyan ora apal dongo liyo to mbah? ora lha iki sapu jagad tenan haa. Iyo tapi plus, sampeyan ora pati hafal liyane. Ngenyek wong, ngijazahi wong alim padak no wong bodo. Kulo niku apal dongo kuatah. 


wa maa qorroba ilaihaa min qoulin wa amalin 
wa as alu (lan nyuwun sopo? insun)
ka (ing panjenengan)
minal khoiri (saking keapik an)
maa (ing perkoro)
sa ala (engkang nyuwun)
ka (ing panjenengan)
abduka (sopo? abduka)
wa rosuluka (lan rosul panjenengan)
rupane 
Muhammad Shollallohu 'alaihi wa Sallam.


Status Doa
Lha nek niki rodok nakalan tapi apik, daripada raiso nerangno Pengeran. Pokoknya saya minta Engkau Ya Alloh, seperti yang diminta Muhammad. Maksude kan gak ngarah salah kan, timbang mikir dewe raiso. Kulo riyin diijazahi bapak nggih ngoten, ngene lho ha.. nak ndongo iku ngene, nak niyat iku ngene. Kowe lak niyat, niki kados niyate Nabi Muhammad, niyate tiyang2 bener. Kowe ora usah niat, tambah kliru, tambah repot. Ndak contoh termudah gini ya, karena saya anaknya kyai, putunya kyai, dalam dunia kyai itu yang paling nyata itu gini. Misalnya kita berdoa kepingin dadi kyai gede, maslahat ning wong akeh. Mungkin pikiran anda, pertama itu religi, karena nduwe umat akeh, manfaat akeh. Tapi syaitan nanti masuk, lek syaitan akeh nduwe umat akeh, nanti duwik e akeh, gulane akeh. Duding2 ngatur wong, yo sah. Nah itu nafsu kan? Apalagi sing kulo crito bolak balik teng Pengajian wingi. 


Doa Polisi 
Kowe ndungo dadi polisi sing sukses, nangkep 1000 bajingan. Iku lak ndongamu mandi, Pengeran kudu nggawe 1000 bajingan. Mergo lak Pengeran nggawe limo, dongane ra mustajab. Wong doane 1000 kok mek digawe limo. Artinya dia doa baik, tapi menciptakan kriminalitas. Faham nggih. Lo nggih to, Misale Polisi ndungo, Ya Alloh saya jadikan polisi yang bisa nangkap 1000 bajingan. Pengeran kudu nggawe bajingan 5 opo 1000? 1000 kan? lak nggawe limo kan? gak mustajab 995.  Lha iku ndongo apik sing kliru, faham nggih, ndongo apik, sing kliru. Ono wong, berhubung mlarat, gak pede. Ya Alloh kulo nyuwun bojo sing nriman, sing mlarat lah ditompo. Akhire nduwe bojo nriman, nganti mati, mlarat. Akhire anak putune sing repot kan? Ora usah ngono, ora usah ndongo detail, faham nggih. Rausah ndongo detail. Nak moh resiko, Ya Alloh saya minta sesuatu, yang pernah diminta oleh kekasihMu Muhammad, iku kan aman wes. Aman wes, malaikat rawani mbantah. 

Kalau gak ingin resiko jangan mandiri, intinya kalau takut resiko, ndak usah mandiri, seperti yang tak jelaskan tadi LP.... Mungkin menteri2 sing masuk penjara berdoa, Ya Alloh ingin dapat rezeki sing gak kangelan. Saya yakin itu, mereka pernah berdoa ingin entuk rezeki sing gak? kangelan. Ternyata malaikat menangkapnya ya LP itu. Saya gak tahu cara berfikir malaikat, kenapa tafsiranya LP.  Mboten itu nyata, teng kitab hikam wonten, dados intinya ojo geman kowe nerangno Pengeran. Padahal dia wali abid. Wali amatir, masih junior. Kalau wali2 kaliber ndongo mpun akalan, mpun pinter, Njaluk keapik an sing nate disuwun Rosululloh, kekasihe Panjenengan. Yo aman... Dadi sing ndongo malem siji suro sing rodok kliru, saiki dibaleni, daripada gak aman, daripada mboten nopo? aman. 

Ya Alloh kulo pengen dadi kyai gede, mulang tiyang. Loh lak dituruti tenang, kerono dongamu, Alloh kudu nggawe wong bodo2 sing ngaji mbek kowe. Kan yo repot...sing kepengen populer kowe, Alloh yo kudu gawe wong bodo. Sing gelem ngrungokno mbok bodoni yo ngandel, diomongi pah poh ngandel. Rausah ndongo ngono, faham nggih. Wes pokok e ndongo sing aman mawon. 

 

wa asta'idzu (lan nyuwun ing baurekso)
ka (ing panjenengan)

mim maa (saking perkoro)
ista'adzu ( kang nyuwun ing baurekso)
ka (ing panjenengan)
minhu (saking baurekso)
abduka wa rosuluka muhammad

Dan kulo nyuwun dilindungi sing Rosuluka wa Habibuka Muhammad, minta perlindungan, wes pokok minta aman. Lha nggih to, misale kowe ndongo, ya Alloh kulo mpun ngantos dadi tiyang fekir, ampun ngantos dicobo wong wedok, ampun ngantos dicobo bojo judes. Padahal Alloh pirso, kowe ora bakal alim, lak ora alim ibadahem yo fekir iku. Kowe ora bakal nyukupi bojo, njajekno bojomu gak kuat, ibadahmu nyabari dijudesi bojo. Jebule kowe minta itu gak terjadi, kan kowe gak nduwe deposit ngamal apik kan? Sebab semua yang didesain Tuhan, anda anteni. Mpun ngandel kulo mawon lak pingin suargo panjenengan. 

Lo nggih to, andaikan kita punya istri gak iso ngajekno, gak iso nyenengno, gak iso nukokno mobil, kebaikan kita kan hanya satu kan? nyabari dijudesi. Lha lek nyabari dijudesi ora gelem.  Wa 'asyiruhunna bil ma'ruf, mbiyayi ragelem, terus opo apik em? tetep gelem ngeloni, kan doso tok kan? Atuk iku mau, wes menengae wes. Gusti piye2 niki nggih makhluk e Njenengan, bojo kulo nggih makhluk e Njenengan, judes nggih kersane njenengan, pun to niku pokok kulo ridho. Lha niku lak sing ndadek no kegiatane piyambak e sing ndadekno ganjaran kulo ridho mpun. Kowe ojo njaluk sabar, ngko kejadian iku terus, wes menengae. Intine wes pokok ora usah nerangno Pengeran. Risiko2, nerangno Pengeran risiko, menengae. Na iku sirrine, kulo jarang ndongo. Kulo niku lak mari sholat jarang ndongo. Takono santri2, Bingung kulo ape nerangno Pengeran. 

Lhaiyo misale kowe kepingin dadi Polisi sing sukses nangkep bajingan, Alloh kudu nggawe.. bajingan. Opo maneh ndongo ngene malah elek maneh. Iki lak biasane shodaqoh sing mlarat2. Wong mlarat kadang yo kurang ajar, niyate apik, tapi kurang ajar. Misale kulo wong sugih, sering ngekek i duwek Rukhin, misale. Rukhin sering tak kek i duwek, sak juta opo setengah juta. Rukhin niku saking senenge kulo, tapi ndekne mlarat. Mlarat niku bahaya lak nganti ndongo ngene bahaya. Ya Alloh kulo paringi saget mbales jasa teng gus baha. Sehingga suatu saat kulo saget nyenengno gus baha saget kulo paringi duwei katah. Artine kan kudu keadaane berbalik, aku mlarat, rukhin sugih. Kan itu kurang ajar. Mosok sering dikek i, ndongo supoyo keadaan berbalik. Lho niyate apik, aku yakin niyate apik. Mulane kadang wong2 mlarat sing sering dikek i duwek wong sugih. Sing mlarat kepingin mbales jasa. Iku kadang kaifiyahe carane kudu diwalik. Lha molane sing sugih2 kudu nduwe dongo sing ndadekno imunitas, dari pecinta2 sing doanya salah, faham nggih. Lho tenan niki, mboten guyon, bahaya niku. Ya intinya banyak kebaikan yang kita gak tahu, banyak kecejelekan yang kita gak tahu. Mulane ora usah ndongo ngono hin, gusti kulo kepengin mbales jasane Gus Baha. Iku repot, risikonya tinggi. Faham nggih. (16.07)
















Comments