Skip to main content

Surat Al Mukminun 18 - 22 | Gus Baha | Tafsir Jalalain | Halal Haram

 

Berikut ini adalah Catatan Ngaji Gus Baha tafsir jalalain surat Al Mukminun ayat 18-19. Semoga bermanfaat untuk kita semua. 


وأَنْزَلْنا مِن السَّماء ماء بِقَدَرٍ مِن كِفايَتهمْ فَأَسْكَناهُ فِي الأَرْض وإنّا عَلى ذَهاب بِهِ لَقادِرُونَ فَيَمُوتُونَ مَعَ دَوابّهمْ عَطَشًا
فَأَنْشَأْنا لَكُمْ بِهِ جَنّات مِن نَخِيل وأَعْناب هُما أكْثَر فَواكِه العَرَب لَكُمْ فِيها فَواكِه كَثِيرَة ومِنها تَأْكُلُونَ صَيْفًا وشِتاء

wa anzalnaa (lan nurun no, sopo? insun) 
minas samaai (saking langit)
aku nurun no
maa -an (ing banyu)
olehku nurun no
biqodarin (kelawan takaran sing pas, ukuran sing pas)
min kifaayatihim (saking kecukupane wong akeh)

fa askanna (mongko manggok no sopo? insun)
hu (ing maa-)
fil ardhi (ing ndalem bumi) - terus banyu disimpen ning bumi
wa innaa (lan sak temene insun)
'ala dzahabin ( sing ngilangno)
bihi (kelawan maa)
laqodiruuna (iku dzat sing kuoso)
fayamuutuna (mongko mati, sopo? wong akeh)
ma'a dzawaabihim ( sertane kewan2 e wong akeh)
olehe mati, 
'athosan (kerono ngelak)

fa ansya-naa (mongko nimbulno, sopo? insun)
lakum (maring siro kabeh)
bihi (sebab maa)
jannatin (ing piro2 perkebunan)
minnakhilin (saking kurmo)
wa a'nabin (lan piro2 anggur)
huma (nakhilin lan a'naab)
aktsaru (akeh2 e)
fawaakihil arob (pakanane wong arab, pakananan enak2 ane wong arab)

lakum (tetep siro kabeh)
fihaa (ing ndalem jannat)
fawaakihu (piro2 hidangan)
katsirotun (kang akeh)

wa minha (lan saking syajarotan)
ta-kuluna (mangan siro kabeh)
shoifan (ing ndalem waktu ketigo)
wa shitaa-an (lan waktu rendeng)


و أنْشَأْنا شَجَرَة تَخْرُج مِن طُور سَيْناء جَبَل بِكَسْرِ السِّين وفَتْحها ومَنع الصَّرْف لِلْعِلْمِيَّةِ والتَّأْنِيث لِلْبُقْعَةِ تَنْبُت مِن الرُّباعِيّ

والثُّلاثِيّ بِالدُّهْنِ الباء زائِدَة عَلى الأَوَّل ومُعَدِّيَة عَلى الثّانِي وهِيَ شَجَرَة الزَّيْتُون وصِبْغ لِلْآكِلِينَ عَطْف عَلى الدُّهْن أيْ إدام يَصْبُغ

اللُّقْمَةَ بِغَمْسِها فِيهِ وهُوَ الزَّيْت


wa ansya-naa ( lan nukulno, sopo? insun)
syajarotan (ing wit)
takhruju (kang metu) opo?
syajaroh
min thurisainaa- an 
atau min thurisiinaa -an 
(saking gunung sina)
sina- iku?
jabalin (gunung)
bi kasri sin (dengan mekasroh sin) - sinaa
wa fathahaa (dengan memfathahnya) sainaa

wa muna'a (lan den nyegah)
ash shorfu ( pengairan)
lil 'alamiyati (kerono alamiyah)
wa taknis lil buqo'ati (lan kerono aran tanah)

tanbutu (kang nukulno, opo? syajarotin)
minal ruba'i (saking fiil rubai)
wa tsulatsi (saking fiil tsulatsi)
bid duhni (kelawan duhn, duhn maknane minyak)
ba (huruf ba)
zaidatun (zaidah)
alal awal (ing ngatase wacaan sing awal)
wa muta'addiyatun (lan dadi alat ta'diyah)
alats tsani (ing ngatase wacanan tsulatsi)
wa hiya (lan utawi)
syajaroh (syajaroh)
zaituni (pohon zaitun)

wa shibghin (lan dadi lawuh, dadi hidangan enak )
lil akilin ( keduwe wong sing mangan kabeh)

'athfun alad duhni 
ai idamin (tegese lawuh)
yusbighu (dicampurno, opo? idam)
al luqmata (ing panganan sak puluk an)
bi ghomsihaa (kelawan ngolesno luqmah)
fihi (fi duhn)
wa huwa
zaitun (duhn iku minyak zaitun)


وإنَّ لَكُمْ فِي الأَنْعام الإبِل والبَقَر والغَنَم لَعِبْرَة عِظَة تَعْتَبِرُونَ بِها نُسْقِيكُمْ بِفَتْحِ النُّون وضَمّها مِمّا فِي بُطُونها اللَّبَن ولَكُمْ فِيها

مَنافِع كَثِيرَة مِن الأَصْواف والأَوْبار والأَشْعار وغَيْر ذَلِكَ

ومنها تأكلون

wa inna (lan tetep)
lakum (keduwe siro kabeh)
fil an'ami (ing ndalem piro2 rojo koyo, kewan2 sing dipangan menungso)

al ibili (tegese menungso)
wal baqoro (lan sapi)
wal ghonam (lan wedus)

la'ibroh (ono ibroh, ono teladan, tolok ukur kehidupan)
idzoh (dadi nasihat)
ta'tabiruuna (kang iso i'tibar siro kabeh)
biha (kelawan ibroh)

nusqikum

bifathi nun - nasqikum (nyirami insun, maring siro kabeh)
wa dhomahaa nusqikum

min maa (saking perkoro)
fii buthuunihaa (ing ndalem jeroane an'am)

al laban (susu)
wa lakum (lan tetep keduwe siro kabeh)
fihaa (ing ndalem an'am)
manaafi'u (piro2 kemanfaatan)
katsirotun (kang akeh)

minal ashwafi (piro2 aswaf) - bulu sing kandel
wal aubaari - bulu2 sing didamel wol
wal asy 'aari
wa ghoiru dzalik (lan sak liyane mengkono2 kabeh)
wa minhaa (lan saking kabehe )
tak kuluuna (mangan siro kabeh)


وعَلَيْها الإبِل وعَلى الفُلْك السُّفُن

wa'alaihaa (ing ngatase, ha = unta)
al ibili (tegese unto)
wa 'alal fulki (lan ing ngatase perahu)
ai as suhuni (tegese piro2 prahu)
tuhmaluuna (den gowo siro kabeh, den angkut siro kabeh)



Kulo terangno masalah syajaroh, masalah an'am. Dados coro Pengeran an'am niku maknane kewan. Ketika difekihkan, an'am niku namung khusus unta, sapi, wedus. Ketika difekihkan, karena itu nanti ketika di hukum fekih wajib nopo? zakat.   Tapi kalau secara ekosistem, secara sistem hewani, niku pancen kebutuhane manusia. Kebutuhane manusia nggih an'am niku. Mulane sebagian ayat diterangaken, umpomo 

ولو يؤاخذ الله الناس بما كسبوا ما ترك على ظهرها من دابة 
ولكن يؤخرهم إلى أجل مسمى فإذا جاء أجلهم فإن الله كان بعباده بصيرا
Surat Al Fathir: 34

Jadi sejauh Alloh membuat kewan sing kenek dipangan menungso, niku berarti Alloh kepingin menungso iku jek onok kehidupan. Kulo baleni maleh nggih, angger ijek  ono dabbah niku kewan nopo mawon, sing dadi sumber energine manusia, iku berarti Alloh urung kepingin nyikso menungso. Lha itu kemudian jadi masalah fekih, berarti kabeh kewan niku halal, kecuali sing disebut quran, yoiku celeng.  Terus kito meyakini, mestine asu. Tapi bar celeng, asu. Tapi masalahe asu iku ra disebut quran. Nah.....tapi jarene wong sing seneng ngaramno asu, pak mubaligh e sing halalno asu yo ora disebut quran. Dadi nak asu halal ditongseng perkarane gak disebut quran, berarti sing halalno? yo oleh, mergo ora disebut quran. Jare cangkem elek lho niku, mboten kulo, kulo lak nerokno mawon. Mergo sitik2 haram iku ngenteni disebut quran. 


Kajian Halal Haram
Nah itu bukan berarti harus semua hewan itu halal, Kulo niku mboten sombong, mungkin anak muda yang banyak ngaji halal haram itu diantaranya saya. Kulo niku belajar halal haram mulai madzab syafi'i hanafi, sampai madzab2 modern. Misalnya begini, keyakinan kulo sing mesti haram umpomo syafi'i nggih, Celeng ijma'. Terus asu, mendekati ijma', Fakhdin, semacam macan. Pokok e ngaji kados kulo wes ngentekno nyowo tenan. Wong arab niku lak golongane singo, bahasa arabe asad. Terus macan niku ono fakhdin, dabrin, namrin. Iku jenis macan, mboh macan tutul, opo macan sumatra, mboh pokok e bahasa arabe ngono. Mulane kowe ra ngregani aku doso tenan, kulo neliti hukum nganti raruh anak bojo tenan. Kulo rapegatan wes apik, ngoten mawon. 

Imam Sibawaih niku seneng ilmu, mbendino nulis kitab. Bojone niku cemburu, pas imam sibawaih ning pasar, kitabe diobong. Ben ora sinau, nyongkone bojone terus ngeloni bojone. Jebule bojone malah dipegat. Perkarane luwih seneng kitab timbang bojone. Lek bojo kulo mpun kompromi, wes a gus, aku nomer pitu lah, sing penting ojo dipegat. 

Kitab Imam Ghozali
Kulo niku nduwe kitab, minhajul abidin, sak eling kulo niku nate tumbas sewidak biji. Minhajul Abidin karangane Imam Ghozali. Nate kulo woco pas haule bapak. Nak kitab2 kados bidayatul hidayah, kados taqrib ngoten niku, kulo lak tumbas ngantos 20. Karena kulo niku sederhana, kulo niku ulama, kadang ono tamu, gus kulo pingin ngaji taqrib, tak kek i sak kitabe, tak wacakno. Nah lak tamune 20, yo tak kekno 20, yo tak anggep sangu mati ngoten mawon. Ihya itu kulo gadah sekawan, niki crito, betapa untuk menjadi alim itu..... Karena cetak an sekali salah, kamu gak punya pembanding kalau cetakanya salah. Jadi saya punya cetakan darul fikr. Cetak an Indonesia, cetak an darul qutub ilmiyah, sampai cetakan darul qohiroh mesir. Terus masih punya syarahnya, syarahnya ihya itu, ithafus sadat al muttaqin, itu sekitar 14 juz. Ihya wis patang juz, disyarahi 14 juz. 


Gojlokan Ulama
Nanti sampeyan akan tahu, kualitas gojlokane para ulama ketika nentukan halal haram, kalau mbaca kitabnya banyak. Gojlokan, ilmiahe ahli ilmu. Misalnya begini termasuk gojlokan, niki gojlokan nyata antar ulama. Coro sampeyan pitik itu halal tha haram? (halal). Nah ukuran haram itu kan kewane njijikno. Diantara kaidah haram itu.. 

 ويحل لهم الطيبات ويحرم عليهم الخبآئث
Surat Al A'rof 157

Khobaits niku barang sing njijikno. Wong kowc, kuwi jenenge 

اللهم إني أعوذ بك من الخبث والخبائث

Saiki tak bedek i, mangane pitik iku opo?  lho kowe ora usah munafik, mangane pitik iku opo? tahi. Pitik ambek macan? iku priyayi ndi? Priyayi macan, nah berarti sing mungkin haram pitik tha macan? pitik. Nah iki gojlokane ulama. Kowe lak ratahu ruh rasane dadi ulama, dadi ora tahu nduwe pikiran ngene iki. Mergo ora ruh rasane dadi Ulama. Sebab itu ahmad bin hambal iku moh mangan pitik, sebab ndekne iku ora ruh sunahe Nabi carane mangan pitik. Mergo risikone duwur, kerono sing nggawe qoidah. 

Loh macan nduwe taring gus, kewan iku lak sing nduwe taring terus cengkraman iku haram, terus wong nyontokno nak manuk iku koyok bido, utowo alap2. Lak manuk gentilang, halal yo coro kene2? manuk trucuk an? halal. Jare cangkem2 elek, iku yo nduwe cengkraman, karena carane ndekne nangkep walang iku yo nganggo cengkraman. Artine coro walang mbok takok i ngono, cengkramane manuk gentilang iku kuat to ora? jawabane nopo? Artinya bagi korbanya, cengkramannya itu? kuat. Ora gus, cengkramane sing sejenis. Lho lak cengkramane sejenis, bido mbek bido lah yo ora kuat. (maksude) bido iku kuat lak nyengkram sak? ngisore. Entek sampeyan lek wes kenek ulama podo ulama e, gojlokan ngono iku mau.

Nah terus ono qoidah meneh, pokok e ngene, nak madhorot haram, nak gak madhorot halal. Coro ilmu medis, pitik iku rawan potensi flu burung, bekicot gizine akeh. Perkoro kan kowe, perkoro tak kek i contone, njajal tes secara medis, bekicot ambek pitek potensi penyakite akeh ndi? Berarti pitik haram, mergo potensi menulari flu burung, lha lak bekicot? halal, mergo gizinya banyak. Ajur kowe, lek kenek madzab2. Molane masalah halal haram, itu hak e Pengeran, kita ra tahu ruh, sebab itu kita pakai Imam. Dalam hal ini kita ngikuti Imam? Asy Syafi'i. Tapi ngikuti itu bukan berarti kita harus sepaneng harus begitu, karena kalau sampeyan sepaneng, sampeyan nanti akan keweleh, piye2 Imam Asy Syafi'i nduwe guru jenenge Imam Malik sing mudah menghalalkan kewan2 sing gak onok nash e haram. Yang jelas Imam Malik termasuk orang yang melarang makan anjing, jadi gak bilang haram, tapi melarang murid2nya, makan anjing. Nah orang gak bisa menebak, apa melarang itu, mengharamkan atau gak, tapi seng jenenge melarang itu gak ngongkon. Sing perlu dieling2, sing jenenge nglarang, niku mboten ngongkon. 

Niki penting kulo aturaken, karena situs sing dimaksud Alloh, niku pancen ning kewan. 

ما ترك على ظهرها من دابة
Surat Al Fathir 34

Makane suket, niku Pengeran nduwe adat. Tak bedek i, mriki lek ndarani suket nopo? rumput nggih? Suket mbek sapi niku larang ndi? podo... Kowe ratahu dadi ilmuwan, suket mbek sapi niku regane podo. Sampeyan lak nduwe sapi, niku roto2 didol umur pinten? kalih tahun nggih. Pinten regane? lak sapi umur kalih tahun? mulai cilik - nganti rong tahun regane pinten? mboten jawab mawon.. wonten pitung juta?  12 Juta...

Sekarang misalnya sapi? satu hari makan suket onok setengah kwintal? Pinten? suket.. ojo mbayangno dedeg. Suket?? Pinten?? pinten kilo kiro2 mangane suket niku pinten kilo? 20 ewu. Nah saiki 20.000 ping sak wulan? 600.000

600.000 kali 12 (satu tahun) = 7.200.000

7.200.000 x 2 (dua tahun) = 14.400.000

Mulane kowe lak nyepelekno sapi mbek suket yo larang ndi? yo larang suket.. podo. Mergane umur 2tahun sapi iku podo karo suket sing dipangan. Mulane nyepelekno suket coro Pengeran wong goblok, mergo kulo tahu ditangkleti Ilmuwan, gus Quran hebate ngono, kok mbahas suket. 

وفاكهة وأبا
Surat 'abasa 31

Tak jawab, kowe iku kyai bentomu kok ra karuan, suket niku mbek sapi regane podo. Njenengan ojo guyon gus, guyon mbahem aku iku ulama. Dadi mikirku luwih suwe timbang kowe. Sapi rong tahun regane piro, dijawab yo 14 juta gus, lha kowe makani sapi nggawe suket, sedino 20.000 kenek e piro? 14.000. Nah iku artine lak quran mbahas wit2an, mbahas suket iku ojo disepelekno, karena nilai2 sapi, wedus sing larang iku bergantung suket. Nak mbok itung,nilaine podo. Aku yakin, regane mustofa ambek beras sing dipangan ket cilik iku larang berase kok. Mustofa iku didol rapayu, faham nggih. Opo meneh saiki wis yatim piatu, faham nggih. Mulane ora ono wong doyan ndekne. 


Comments