Skip to main content

Ihya Ulumuddin | Syarah Ihya | Gus Baha | Ithafus Sadah Al Muttaqin

 

Alfatihah..

Bismillahirrohmanirrohim

وفي الخبر أن رجلاً من بني إسرائيل كان يقنط الناس ويشدد عليهم قال فيقل له الله تعالى يوم القيامة اليوم أويسك من رحمتي كما كنت تقنط عبادي منها (1) وقال صلى الله عليه وسلم إن رجلاً يدخل النار فيمكث فيها ألف سنة ينادي يا حنان يا منان فيقول الله تعالى لجبريل اذهب فائتني بعبدي قال فيجيء به فيوقفه على ربه فيقول الله تعالى كيف وجدت مكانك فيقول شر مكان قال فيقول رذوه إلى مكانه قال فيمشي ويلتفت إلى ورائه فيقول الله عز وجل إلى أي شيء تلتفت فيقول لقد رجوت أن لا تعيدني إليها بعد إذ أخرجتني منها فيقول الله تعالى اذهبوا به إلى الجنة (2) فدل هذا على أن رجاءه كان سبب نجاته نسأل الله حسن التوفيق بلطفه وكرمه

Ono wong zaman ning ndunyo, lek Kyai ngrepotno tok. Sawangane wong ora bakal mlebu suargo, kliru terus. Wong2 sok mben sing nasydid, terlalu memperberat hukum, sawangane wong ora ono sing bener. 

فيقل له الله تعالى يوم القيامة

ing ndalem dino kiamat Alloh dawuh, 

 اليوم أويسك من رحمتي كما كنت تقنط عبادي منها 

Al yauma ing ndalem iki dino, 
awiyusakka (nggawe putus asa, sopo? ingsun)
ka (ing siro), iki dawuhe Alloh. 
min rohmatii (saking rohmate insun)
kowe ning ndunyo nggawe menungso putus asa soko rohmatku, saiki kowe tak putus asakno soko rohmatku, kamaa kunta (koyok olehe ono siro)
tuqnithu / tuqonnithu..iku sami nggih, nggawe putus asa, sopo? siro
'ibaadii (ing piro2 kawulo insun)
minhaa (saking rohmati)


وقال صلى الله عليه وسلم إن رجلاً يدخل النار فيمكث فيها ألف سنة ينادي يا حنان يا منان

wa qoola (lan dawuh sopo? kanjeng Nabi Muhammad Shollallohu 'alaihi wa sallam)
inna rojulan (saktemene wong lanang)
yadkhulu an naaro (manjing sopo? rojulan)
an naaro (ing neroko)

fayamkutsu (mongko meneng sopo? rojul)
fihaa (ing ndalem neroko)
alfa sanatin (ing sewu tahun)
yunaadii (ngundang sopo? rojul)
yaa hanaana ya mannaana 
Yaa Hannaan (Dzat sing akeh welase) soko kata hannah, hannah iku maknane akeh welase akeh ibane, akeh harune. Jadi orang sing gampang tersentuh hatine nopo? hannan/ hannah. Kados niku lho tenggene Quran. Wa Hannaanan minladunnaa wa zakaah. Hannaanan maknane nopo? mudah tersentuh. Mudah haru... Yaa Hannaan wahai Dzat sing akeh sayange, akeh harune. akeh peduline. 

Yaa Mannaan (Dzat sing akeh paringe)



فيقول الله تعالى لجبريل اذهب فائتني بعبدي  
Fayaquulu (mongko dawuh, sopo Alloh Subhanahu wa ta'ala)
li jibrili (maring jibril)
idzhab (budalo sopo? siro)
fa-tinii (mongko nggowoo sopo? siro)
nii (ning insun)
bi'abdi (kelawan kawulo insun)
Niki sing sering kulo terangno pas ngaji mriki. 

Kawulaku sing wiridan ning neroko yaa hannaan, yaa mannaan, iku undang kon mrene. 

قال فيجيء به فيوقفه على ربه

Qol
fa yaji-u (mongko nekakno sopo? jibril)
bihi (kelawan rojul)
fayuqifuhu (mongko ngandekno sopo?  jibril
'ala robbihi (ing ngatase/ngarepe Pengerane Rojul)

Ambek Jibril didatangkan, terus (dihadapno) ning Alloh.
Terus...


فيقول الله تعالى كيف وجدت مكانك 
fayaqulullohu ta'ala lahu 
kaifa (hale koyo opo? )
wajadta (metuk i sopo? siro)
makaanaka (ing panggonan siro?)
Piye? kabare ning neroko piye? 

فيقول شر مكان

Fayaqulu syarru makaanin
(peh.. mboten enak, nggone mboten enak)

قال فيقول رذوه إلى مكانه

Qol fayaquulu rudduhu ilaa makaanihi
Dawuhe Alloh
Rudduhu (mbalek-o Sopo? siro)
ilaa makaanihi (maring panggonane siro). Dekne kon mbalik. 



 قال فيمشي ويلتفت إلى ورائه

Qola (dawuh sopo? rojul)
fayamsyi (mongko mlaku sopo? rojul)
wa yaltafitu ( lan plengak an sopo? rojul)
ilaa waroo-ihi (maring mburine rojul)

فيقول الله عز وجل إلى أي شيء تلتفت

fayaquluu (mongko dawuh sopo? Alloh 'azza wa jalla)
ilaa ai syai-in taltafitu
ila ai syai-in (maring ndine perkoro)
taltafitu ( mlengak sopo? siro)

فيقول لقد رجوت أن لا تعيدني إليها بعد إذ أخرجتني منها 

fayaqulu (mongko dawuh sopo? rojul)
laqod rojautu (temen2 arep2 sopo? insun)
an laa tu'idanii (ing yento ora mbalekno sopo? njenengan)
ni (ning insun)
ilaihaa (maring neroko/naar)
ba'da idz akhrojtanii minhaa
ba'da idz akhrojtanii (sakwise yento ngetokno, sopo? panjenengan)
nii (ing insun)
minhaa (saking naar)

فيقول الله تعالى اذهبوا به إلى الجنة

Fayaqulu (mongko dawuh sopo? Alloh Subhanahu wa ta'ala)
idzhabuu (budalo sopo? rojul)
bihi (kelawan rojul)
ilal jannati (maring suargo)

فدل هذا على أن رجاءه كان سبب نجاته نسأل الله حسن التوفيق بلطفه وكرمه

fadalla (mongko nunjukno opo? 

hadza (ikilah hadits)
'ala anna rojaaahu (ing ngatase saktemene arep2e wong)
iku 
kaana (ono opo? roja')
iku sababaa najatihi (iku dadi sebab slamete wong)
nas-alu (nyuwun sopo? kito)
Alloh (ing Alloh)
husna taufiq (kang apik e taufiq)
bi luthfihi (kelawan anugerahe Alloh) 
kelawan sifat Lathife Alloh
wa karomihi (lan sifat Lomane Alloh) 


Syarah Ihya
Dados niki sing kulo waos niku ihya nggih, juz sekawan. Engkang di bawah garis niku syarahipun kitab Ithaf. Dados, tiyang2 sing cara dakwah niku ngancam2,
  • Ngamal ra ditompo,
  • ngamal ramesti ikhlas,
  • wes ngamal ramesti bener,
  • wes pokok e tambah ruepot.

Tambah ngamal tambah repot, terus ngaji ramesti ikhlas, wes pokok e repot2. Sok mben lek tenggene akhirat, didepno Pengeran, Wes kowe saiki tak putus asakno soko rohmatKu, mergo kowe jaman ning ndonyo tukang ngancam? kawulaKu. Mulane sing bejo nggih kulo, mboten nate ngancam njenengan, aman kulo, aman kulo...

Kritinglah iso mlebu suargo. 
Dados niki penting nggih, peringatan ngge kulo lan panjenengan. 

Nah, kelemahan yang ada di kitab ihya menurut ahli hadits, dalam riwayat2 itu. Itu pertama ulama yang, mentakhrij, niku riyin zainuddin al iroqi. Nopo? 200 tahun setelah ihya.  Tapi itu belum sempurna, terus tahun 1300, lahir seorang alim alamah, al hadits al kabir namine Sayyid Az Zabidi. Sayyid Az Zabidi itu orang pertama yang nyarahi ihya - ngarang ithaf, yang bisa memaushulkan, atau memastikan hadits yang masalah di ihya, ternyata dalam ilmu hadits itu punya penguat, dari sekian riwayat Min turukin mukhtalifah

Niki penting kulo aturaken, karena sekarang wong ora iso ngaji, penggaweane kuliah, penggaweane diskusi, angger dikandani kyai, jare ono haditse to ora?. Yo repot.. wong moco kitab kok takok ono haditse to ora? Padahal dek e dewe ditakok i yo ora siap, lha kowe njupuk duwik ning atm ono haditse to ora? Nah pacaran ono haditse to ora? Diskusi sing wawancarai lanang wedok kumpul? ono haditse gak?  

Dadi eling Pengeran wiridan, ditakokno haditse, tapi lak lanang wedok kumpul? gak usah hadits2 an. Wes payah... 

Dados niki, kulo cuplik masalah2 niki, niki teng ithaf juz 11 nggih. Kalau yang juz 10, Kulo woco mawon, mergi mboten kulo fotokopi, nggih sing nate kulo critakno. Dan saya gak main2, dan kulo suwun wiridan niki dados solusi kito nggih, paling gak tahu lah, kito pernah dilihat Alloh, ya hannan ya mannan. Kulo woco mawon nggih, rungokno mawon. Niki sing teng juz sedoso. halamanipun 659. Mpun dirungokno mawon, mergi mboten wonten fotokopine. 


قال لي جِبريلُ لي جِبريلُ
 يا محمَّدُ
 إنَّ رَبَّكَ لَيُخاطِبُني يَومَ القِيامةِ 
فيقولُ: يا جِبريلُ، ما لي أرى فُلانَ بنَ فُلانٍ في صُفوفِ النارِ؟
 فأقولُ: يا رَبِّ 
إنَّه لم تُوجَدْ له حَسَنةٌ يَعودُ خَيرُها
فيقولُ: يا جِبريلُ، فإنِّي سمِعتُه يقولُ في دارِ الدُّنيا: 
يا حَنَّانُ يا مَنَّانُ؛ 
فَأْتِه فاسأَلْه ما أرادَ بقَولِه: يا حَنَّانُ يا مَنَّانُ.
 قال: فآتيه فأسأَلُه، فيقولُ: هل مِن حَنَّانٍ أو مَنَّانٍ غَيرُ اللهِ؟
 فآخُذُ بيَدِه مِن صُفوفِ أهلِ النارِ فأُدخِلُه في صُفوفِ أهلِ الجنَّةِ


qola li jibril
(suatu saat Nabi Saw dicritani Jibril)
Ya Muhammad innalloha ta'ala yukhotibuni yaumal qiyamah
Ya Jibril, 
maa lii aro Fulaan bin bulaanin fi shufufin Naar?
Jibril, Aku kepingin ruh, fulan iku kok ning neroko iku piye asal usule? 

Fa aqulu (mongko dawuh sopo? insun)
ini kata jibril, 
ya robbi inni lam tujad lahu hasanatun ya'udu khoiruhaa
karena saate niki dia gak ada baiknya sama sekali, 
yang bisa dijadikan dia rujukan sekarang. 
Pokok e gak onok apik e blas, makanya saya gak ada alasan untuk memasukkan dia ke surga. 






Fayaqullohu ta'ala inni asma'uhu fid darid dunya
yaquulu yaa hannan yaa mannan
Aku Tahu krungu, ndekne tahu wiridan yaa hannan yaa mannan. Jare takokno ndekne wiridan iku? 

Fayaqulu (mongko dawuh sopo rojul)
wa hal min hannanin mannanin ghoirulloh
Ketika ditanya Jibril, kowe kok tahu wiridan Ya Hannan Ya Mannan. Ya pancen sing Hannan namung Alloh, sing Mannan namung Alloh. Fa akhoduhu (mongko nyekel, sopo insun) biyadihi in tangane wong, fi suhufi ahli naar, fa udkhilahu fi suhufi ahlil jannah. 

Jadi Alloh itu janggal sekali, protes sekali, kalau orang yang pernah wiridan yaa hannan yaa mannan itu masuk neroko. Sampek Jibril diprotes Pengeran, yaa jibril kenapa orang itu harus di Neraka? 
Jare Jibril, mboten enten apik e blas Gusti... Ora.... Aku tahu krungu, wiridan Yaa Hannan, Yaa Mannan.
Jale takokno...
bareng ditakokno, fa hal min hannanin mannanin ghoirulloh
Terus akhire Jibril harus memasukkan dia ke Surga. Kulo yo raruh, Jibril pas iku ra trimu, mboh ikhlas yo raruh, wes pokok e walhasil ndekne kenek intruksi, kudu nglebokne nopo? suargo. 


Neraka
Nah ini penting kulo aturaken nggih, karena alasan untuk masuk neraka itu juga banyak, alasan untuk masuk suargo, nggih banyak. Nah niki, kyai2 utawi muballigh2 sing terlalu syiddah, kabeh iku sing dieling2 mok alasan mlebu neroko. Jaman saiki rusak, jagongan ngrasani, neroko. Sholat yo riya' neroko. Mbangun masjid ko subhat, neroko. Pokok neroko.. terus, moco quran ra ikhlas? neroko. Wes moco ora bener makhroj e? neroko. Bener makhroj e ra ruh maknane? neroko. Loro2.. loro2...
Cek senenge, manitiani neroko. Kulo nate ketemu kyai ngoten niku, kulo tangkleti, sepertinya anda lebih tahu jalan ke neraka ketimbang ke surga. Lha senengane ngancam neroko, berarti ruhe dalan ning? neroko. Nah itu saya pastikan, ajaran itu salah. Ihya yang jadi rujukan di dunia, hujjatul islam, itu meriwayatkan kyai yang model itu, nanti dihadapkan Tuhan, Terus kata Alloh saya pastikan kamu lepas dari Rohmat saya, sebagaimana anda sering melepaskan hamba2ku dari Rohmatnya? Alloh. 

Mulane sing ngaji teng mriki, pengancam2 amatir, saat ini juga harus nopo? berhenti. Lah alasan mlebu neroko iku memang banyak, tapi alasan mlebu suargo nggih katah. Lha kyai koyok njenengan yo ra mesti to gus? mlebu suargo? Tapi yo ramesti mlebu neroko mbah, podo wae, wong podo ramestine. Nah kalau sama2 gak mesti, ndekne kon mlebu neroko ndekne mlengah. Kulo niku mboten nyongko, sakwise keluar ko neroko ken mbalik malih. Terus kambek Alloh kon mlebu Suargo, akhirnya gara2 roja' harapan dia kepada Alloh, ndadekno nopo? slamet. Mulane jarene Imam Ghozali, roja'nya dia menjadikan slamet, menjadikan ahli jannah.  


Nasab dan Hasud
Saya itu kan gadah kitab ihya itu tiga, ihya yang pernah zaman ngaji di sarang, sama mbah moen, sama beberapa kyai. Terus ihya zaman saya sering didawuhi bapak. Terus tiga tahun yang lalu atau 2 tahun yang lalu saya beli syarahnya kitab ithaf. Nggih kulo crito tahadduts bin nikmat. Sampeyan oleh gak cocok, lak gak cocok yo ditandingi. Pokok e wong alim kudu ngomong terus, dadi sing hasud ben nandingi, seng seneng ben ngikuti. Dadi kemungkinane loro, dadi mesti benere, omong terus. Nggih kulo ngomong mbek sing tiang2 hasud, lha kowe hasud mbek aku gakpopo, tapi dimulai mbek kompetisi. Ora usah nasabe, lak nasabe kan angel dandanane, kan wonten to, ora anak e kyai, aku alim lah ora anak e kyai ra bakal dadi kyai. Nasabe rakenek ditoto, wes kadung kliru kan. Sakjane sik iso didonkrak, lewat gak hasud kan iso di donkrak kan? klirune nasab, didongkrak mbek apik e ati. Lha lek klirune nasab, ditopang hasud kan tambah parah kan? tambah dua kesalahan.

Ya ada juga kyai yang gak punya nasab, sowan kulo sakniki dadi kyai apik. Kowe pingin dadi kyai? hasud em ilangi, lha nasab kulo...? laiyo..  nasab ditopang atimu apik. Nak ndek ingenane kan atimu bosok plus nasab elek, malah double, wong salah kok double. Salah niku sitok2 ae, ora usah double. Coro nyopir ora pati iso, mobile elek, wes repot kuwi. Lha lek mobile elek sopire kudu? hebat. Dadi rusak2 sitik2 ora usah mbengkel. 

Dadi sing penting kulo aturaken nggih, wong ora oleh ngoten niku. Ngamal apik, rung mesti ditompo, mbangun masjid rung mesti ikhlas, kadang ko duwik subhat. Saiki masjid wis rusak, akeh cah cilik guyon, lek khutbah do guyon, ngomong ae. Cah cilik dolan ning masjid, guyon diamuk. Kulo nggih sering ditakoni kyai, gus sampeyan ratahu nglorohi cah cilik guyon ning masjid? Pengeran ora nglorohi, kok aku melu nglorohi, ora melu nduwe Kawulo. Coro hukume Pengeran, cah cilik iku rakenek hukum, 
rufi'al qolamu an tsalatsin
sing kenek hukum njenengan malahan. Dibarno lak wis, loh cah cilik mboten kenek hukum kan? yo ora perlu dilorohi. Tapi lak ngganggu tiyang wiridan, lha wiridan kok krungu keramaian iku eling opo wae? 
Wong aku ae ra krungu, padahal kulo ora wiridan, wong aku ae ora krungu. 
Karena kulo wong alim, wong alim cara berfikir, masyaalloh bejane cah cilik, rung nduwe doso, playon yo pantes, guyon yo pantes. Iso guyon, playon, ya alloh cek rohmane Pengeran, ya Alloh cah cilik anak e wong mlarat, anak e wong cilik kabeh iso guyon iso playon. Wis ngono dolan ning omahe Pengeran, wis apik ngono ae. Wes pokok e apik terus ngono ae... sing sitok elek terus, wahh.. yo repot. 

Nah sing ngancam terus iku sok mben diancap Pengeran, kulo mboten, kulo ora mblebu ancaman, aman dadi. Dadi tiyang peduli cah cilik rame ning masjid diamuk kuwi yo oleh, tapi ojo berlebihan, biasa ae. Lak sing tuwek rame, lha kuwi lagek dilorohi. Lak cah cilik rame kan onok normale. Dadi faham nggih, dados mulane niki penting kulo maknani nggih. Jadi setiap wali, setiap ulama, setiap siapa saja itu ada lafadz sifate Alloh sing dikenang. Sampeyan gak harus sama persis ya hanan ya mannan. Dadi kulo maknani nggih, dadi hannan niku  maknane dzat sing akeh welase. Sampeyan carane maknani welas yo iku, matikan tomak anda, matikan hayal anda. Kulo baleni maleh, matikan hayal anda, matikan tomak anda. 

Nganti ono wong ngroso uripe loro, perkarane mlarat, ditagih utang, keluarga gak percoyo, wes dianggep banyak masalah. Itu karena dia salah, cara melihat hidup itu salah. Misalnya begini, misalnya...
niki bayangno sampeyan dadi kawulane Alloh sing tenan. Dadi ora nduwe, utang akeh, masalah akeh. Kalau anda orang mukmin yang baik, tentu kesalahan ini kamu kembalikan ke anda. Misale, mergo uripku boros, gak tertip, sehingga utangku banyak, kalau anda sadar. Kalau anda gak sadar, wis anggep hutang ... yo wes biasa ae. Artine biasa wae aku yo tahu diutangi wong, sebetulnya ketika orang ditagih, ada masalah itu kan ada point negatif, misalnya anggep ae kesalahn dimaki2 orang karena ditagih satu jam. Ditagih satu jam, berarti tahu ngalami musibah satu jam. Kowe iso berfikir positif sebetulnya, tapi aku pas utang sepuluh menit wes dikek i. Berarti yo aku tahu diamuk, tapi tahu dipercoyo. Artinya anda wong utang ditagih kan? nduwe point pernah dipercoyo. Yo iyo to.. nganti kasil utang kan? kerono dipercoyo, iyo kan? Jadi asli dasar yang anda dapatkan ya nikmat, nikmat utang dipercaya. Tapi dasar wong elek, sing dieling-eling kasus gak dipercoyone. Lha kuwi utek 2 wes utek? elek. 

Misale ono wong diusir mertuane, wes duwe anak telu papat. Mestine ndekne mikir, tapi sing dipasrahi ngentekno prawane kuwi aku. Saiki wis telung tahun nduwe anak, mertuaku lagi? ngusir.  Berarti dipercaya tiga tahun, ada tragedi satu tahun. Ya masih bagus lah, saya masih (untung) dua tahun lebih? 359hari.  Wes anggep ae ngono, Ya Alloh nikmate Njenengan tetep lebih banyak. Dadi kowe pas diusir ngomong ngene khin, kulo nembe niki Gusti diusir.  padahal prawane kulo entekno, dunyo2 nggih mpun kulo entekno. Ternyata pengusiran hanya sekarang, cek rohmane Njenengan. Kulo nduwe kesempatan nikmati? 3 tahun kurang sehari...

Iku pikirane wali, lek gak ngono gak wali. Nabi sinten? sing gudiken sinten khin? Nabi Ayyub, jarene beliau gudiken. Nabi idolane Rukhin niku Nabi Ayyub. Repot.. ngidolakno nabi, nabi sinten? Ayyub. Nabi Ayyub niku gudiken, jarene nganti dikukur kambek kreweng. Iku kyai2 lek ngendikan ngono. Aku dadi kyai ae ra ruh, ning arab ono kreweng barang. Sing crito kyai Indonesia, dikukur kambek nopo? kreweng.  Padahal ning arab ono kreweng opo ora yo ora jelas. Tapi sing muni kyai, bah nggawe kreweng, wes ben sak uni uni ne khin. Ojo mbok lacak secara sejarah. Ini secara empiris gak mungkin, karena di arab gak ada nopo? kereweng. 

Niku ketika sakit niku? hampir delapan tahun. Dan dak minta Alloh supaya sembuh. Terus nanti kabare niku, wonten crito2 teng kitab2. Saking baune diusir, Nganti... wes macem2. Nganti didokokno ning gubuk reot, di ujung kampung. Bahkan di luar kampung. Ketika istrine mpun mboten kuat, istrini niku nyuwun.. nyuwun njenengan niku kekasihe Pengeran, dados nyuwun (o) supaya diselamatkan dari penyakit ini. Munine ngeten, aku wes sehat wis pirang tahun? aku loro pirang tahun? Nggih lami sehat e njenengan, ono lek 40 tahun. Ijek kurang akeh, sehatku mbek loroku sik akeh sehatku. Misale loro 8 tahun, sehate 40tahun berarti ndekne ndongo kurang pirang tahun? iseh kurang 32tahun. Yo cara  berfikir ngono, dadi cara berfikir wali mbek wong awam i benten. Ya begitu, sing dikenang mbek Alloh iku sifat Rohmane, sifat Asyik e.

Dadi misale ono wong pegatan yo khin yo, wong rabi (terus) 10 tahun kemudian pegatan. Opo maneh lek bojomu ayu terus sing lanang kriting, wis bati akeh. Lha kuwi umpomo mbayar, lhak yo entek akeh. Wong ojo eling2 pegatane.. faham nggih. Loh niki kulo warai pikirane wali. Dadi wali niku nganggepe sisi rohmate Alloh. Lah kowe ora wali, mulane cara berfikire ngoten. Njarno, cara berfikir ngoten lerenono. Nah niku lho resikone, lak kowe ora wali. Salahmu ora wali. Urip ning ndonyo pisan ae, kok gak wali, rugi kowe. Itu cara berfikir seperti itu. Dadi Rohmane Alloh itu tertanam betul. 

Ketika kanjeng Nabi diusir dari mekah, terlunta-lunta sampai kelaparan, sampai dihina. Kulo jek apal dungone Nabi, bahkan kulo tulis dipigora, Dongane mung ngeten tok, Ya Alloh yaa robbi, in lam yakun bika ghodhobun 'alaiya, fa laa ubaali. Ini saya ngalami itu kecil sekali, sepele. Yang penting Engkau tidak murka sama saya, maka saya tidak peduli. Asal Engkau tidak murka sama saya, ini tidak masalah Gusti. Jadi fikirane Rosululloh itu saya dakwah ini karena Alloh, dan Alloh seneng, dan semua yang saya alami adalah ibadah, yasudah dia happy saja. Nah masalahnya tadi, kita ini mikir ndonyo nganggo tomak kito atau nganggo emosi kito. Umpamane kowe diamuk bojo nganti tersinggung, diamuk wong wedok iku hino. Itu anda salah, seharusnya ketika anda sabar kalau berfikir sederhana ae. Yo kok ono ganjaran gak modal, gak usah shodaqoh, gak usah mulang, muk sabar tok. Wes anggep ae, iku onok lapangan ganjaran tanpa modal. Lek sabar yo gak modal.... wes nguamuk ae, tinggal ngopi, ndelok tipi bar, damai. Kowe cara berfikir ojok wong lanang diamuk wong wedok, gengsi tersinggung. Iku fikirane setan, tersinggung2 barang i... biasa wae. 

Lek gak percoyo takok o bojo kulo, bojo kulo mboten kulo wales lek ndekne ngamuk. Kulo nganti sakniki nggih dereng males. Mbok  sekali2 gus, njenengan lek pas tak amuk i males. Aku iku kyai mlarat dik, ora nduwe ngamal shodaqoh akeh, yo ora nduwe ngamal akeh. Yo lek bongso ngamal gak modal2 tak tlateni. Suwe2 bojo kulo ngamuk niku isin, yo wes tak jawab ngoten ae. Misale kulo ngiyayi teng mriki, aku shodaqoh ning rukhin yo ora mesti iso, ngangkat derajate rukhin yo ora mesti iso. Sabari.. mawon iso,, ora modal, wes ngoten mawon. Lha kowe kan gak ruh, carane berfikir wong bener kan gak ruh. Ngaji... ditekani murid elek.... tersinggung. Jangan2 coro Pengeran, wo kyai elek, nerangnone gak menarik nganti muride turu. Loh sama2 mungkin kan? sama mungkin kan? 

Bisa saja muridnya yang disalahkan karena gak ngregani guru, bisa saja gurunya disalahkan karena gak menarik sehingga muridnya gak ngregani. Lha daripada podo2 disalahno, nganggo ilmune Pengeran ae. sabar iku baik, selesai kan... Lha aku makomku wes ngono, mulane kulo bebas tuntutan. Mulane kulo mpun kulo pikir, kulo anut ilmune wali2. Moh aku anut ilmune wong bodo2. Nyapo kok anut ilmune wong bodo, wong ono pilihan kok anut ilmune wong bodo. Dadi gampang, (hidup) di dunia ini jadi gampang. Mulane kulo, wasiate bapak yang tak eling2 i setunggal. Dari sekian wasiat, sing tak eling2 setunggal. Wis haa.. kowe ngalim sundul langit gakpopo. Sing penting ojo mulyo, mulyo iku gak enak. Dadi bapak nganti sepuh yo biasa tindak an dalu2. Nggih marung senengane, angger ditakok i tiyang, yi... teng pundi? marung. Kok seneng marung yai? yo iki ngentekno duwek cilik. Senengane ngentekno duwik cilik, angger ditakok i, ngentekno duwek cilik.  Yi.. duwikmu cilik kok ora entek2, mbuh ora entek2. Wong awam lek mbok turuti ki ruwet, kyai mergawe rapantes, kyai marung? ora pantes, kyai ora sholat qobliyah? ra pantes, wiss... mbok turuti ora ono bare. Lha kuwi mbok turuti kabeh, ora terus ta'dzim yo ora, yo wes ngono2 wae. Jiarno lak wis, jiarno... 

Kulo nate pas sholat teng masjid, gus kulo mboten nate sholat qobliyahe njenengan. Padahal kulo sing awam sholat qobliyah. Bangkune kowe ibadah seminggu sepisan ra qobliyah, ngurus dagangan, ngurus sapi, ngurus kebon. Lha aku kyai, pat likur jam ngaji, mbok kon sholat qobliyah. Kowe kuat dadi aku, bar subuh ngulang, bar dzuhur ngulang, bar ngisya ngulang. Kowe kedonyan, seminggu pisan, bangkune ora sholat qobliyah. Lhaiyo, sholat arang2 kok mlete (pendak jum'at). Amal arang2 ae wes ngdili kyai, Malah saiki walik an, angger kulo sholat qobliyah, ampun gus.. ampun ganjaranane njenengan pek sedanten. 

Kulo nate pidato teng sedan, wong sugih niku yo onok rakuse. Nggih kulo critani, niku hadits shohih, kulo saget guyon, padahal niku hadits shohih. Makane kowe niku lek dadi wong sholeh ojo terlalu optimal, saake liyane. Kulo critani, iki hadits shohih temenan. Dadi ada orang mlarat2 sowan kanjeng Nabi, Ya rosululloh 

يا رسولَ اللهِ، ذهَبَ أهلُ الدُّثورِ بالأُجورِ
يُصلُّونَ كما نُصلِّي، ويَصومونَ كما نَصومُ
ويَتصدَّقونَ بفُضولِ أموالِهم

فقال: أوليس قد جعَلَ اللهُ لكم ما تَصدَّقونَ، 
إنَّ بكلِّ تَسبيحةٍ صَدَقةً
وبكلِّ تَكبيرةٍ صَدَقةً
وبكلِّ تَهليلةٍ صَدَقةً
وبكلِّ تَحميدةٍ صَدَقةً
وأمْرٌ بالمَعروفِ صَدَقةٌ
ونَهْيٌ عنِ المُنكَرِ صَدَقةٌ
وفي بُضْعِ أحَدِكم صَدَقةٌ



 قالوا: يا رسولَ اللهِ، يَأْتي أحَدُنا شَهوتَه ويكونُ له فيها أجْرٌ؟ 
فقال: أرَأَيْتم لو وضَعَها في الحَرامِ أليس كان يكونُ عليه وِزرٌ
أوِ الوِزرُ؟ 
قالوا: بَلى
قال: فكذلك إذا وضَعَها في الحَلالِ، 
يكونُ له الأجْرُ

Nggih do poso, nggih do sholat koyok kito. Tapi mereka (jare wong kere2) nduwe duwek sek iso shodaqoh, lha kito ora iso shodaqoh. Iki rungokno tenan khin, hadits shohih iki. Terus Kanjeng Nabi iku jek apik. Artine apik yo dijawab, ngene lho cung yo... kowe tak warahi wiridan, sing kowe ora shodaqohlah, ganjaranmu podo karo sing shodaqoh. Walhasil mbek Nabi diwarahi wiridan. Walhasil sing sugih2 akhire krungu. Akhire wiridan yang sama dengan yang kere2.  Lhak yo repot to.. padahal kelebihane wong kere nduwe wiridan sing ora diwarahno wong sugih. Akhire Nabi nggih mboten saget njawab, nggih hadza fadhlullohi yu-tihi man yasyaa-. 

Akhire wes ora iso disaingin kan? wes sugih, shodaqohe bener, posone bener. Mulane lak wong mlarat sing ning ndalan2. Aku ora usah kaji koyok gus baha, mergo aku wong mlarat, mergo angger shollat jum'at, masalahe sing sugih lah jum'atan. Sampek enek wong mlarat usul, masjid ora oleh wong sugih jum'atan. Lha selama ini solusine wong mlarat, ra kelar haji kan jum'atan itu hajinya orang2 faqir. Artine wong mlarat2 iku ora haji lah gak popo, cukup sholat jum'at. Tapi masalahe sing sugih? yo jum'atan. Kan gak mungkin onok ajaran, sebaiknya yang sugih gak usah jum'atan lah. Supaya itu bagian fuqoro. Repot.. ngadepi wong sing wis kadung kliru repot. Tapi yo onok, sing mesti wong sugih sing iso iku ridho, ridho mbek takdir. Lha ridho mbek takdir wong mlarat protes, sing sugih iku gampang gus, sing dadi wong mlarat iku abot. Laiyo, ridho dadi gus sugih 'alim gampang, lha lek ridho ambek wong mlarat, hino, goblok? angel. Yo angel iku nduwe nilai ibadah sendiri. 

Makane wong alim kudu diancam barang. Niki ngaji, ngaji tenan. Dados kulo maknani sitok2 nggih. 

يا حَنَّانُ يا مَنَّانُ 

Jadi hannan iku soko kata hannah. Hannah itu sayang. Jadi kowe kudu nduwe keyakinan, senajano sak detik rong menit, nak Alloh iku hannan tenan. Mulane kulo suwun, kulo niku mboten main2, kulo niku tak niati taqorrub ilalloh. Mboh sampeyan tahu ngopi, mboh nopo nate mangan jajan, mboh kowe turu. Meskipun seper sekian detik, syukur2 sak detik, kowe kudu tahu seneng Pengeran tenanan. Puna ngandel kulo, ora kudu terus. Hampir semua Wali yang mukasyafah itu pas taladzdzud bil halal. Dawuhe Syaikh Abdul Qodir Al Jilani, gak ada orang wali diangkat, kecuali pas taladzdzud bi maa atahaahulloh, kecuali tahu nikmati barang sing diolehno? Alloh. Dados ini beda dengan fatwa2 sing terlalu ekstrim. Dadi misale ngeten nggih, kulo lak bojo kulo nyuwun bakso, utawi anak kulo njaluk jajan, kok ketok sueneng tenan, nggih kulo turuti. Ora gampang kita dilihat Alloh Subhanahu wa ta'ala dalam keadaan ati iku seneng tenan. Kito sering dilihat Alloh ati nggedumel. Nduwe bojo mboh kurang ayu, mboh kurang tho'at. Suasana politik kurang menguntungkan, Suasana awak kurang sehat. Kita ini sering dilihat Alloh dengan ati2 guncang, ati2 protes. 

Bojo kulo sering tak kandani, aku i kepingin dek, pisan ae, sak detik lah. Tahu ditingali Alloh, atiku ridho tenan ning Alloh. Berhubung aku menungso, ridhane ngenteni tangi turu, bar ngopi. Seneng isuk2 bar sarapan, gak popo, tapi seneng ini kita topang kalau ada 0, sekian menit, syukur2 sampai menit, didelok Alloh pas happy, pas seneng. Ning nggone takdire Alloh Subhanahu wa ta'ala. Mergo sekali kowe gagal mempertahankan seneng? kenek ancaman...

من لم يرض بقضائي  و لم يصبر على البلاء فليرحل من تحت الارض والسمائي

فليتخذ ربا سواي

Lak nganti Alloh ruh atimu protes terus, kurang2..iku ngendikane Alloh ojo manggon bumiku, ojo manggon langitku, lak perlu, nggolek o Pengeran liyane? aku. Molane roto2 wali iku happy. Ciri utama wali itu happy. laa khoufun 'alaihim wa laa hum yahzanuun... mereka susah itu kriminal, bukan apa2. Karena susah ini menjadikan jangan2 aku didelok Alloh pas susah, kok koyok gak ridho ambek sing diputusno? Alloh. 

Kulo sering ditakok i Kyai2.. Gus kulo ruh njenengan iku aneh, dikandani tiyang mboten seneng njenengan yo tenang, dikandani seneng yo tenang. Yo tak jawab.. Kulo niku kuatir, lek terlintas ning pikiranku kepingin sesuatu, misale kepingin wong seneng aku, kepengen tiyang hormat aku. Iku ruwet, kepingin lak ra kesampeyan iku kecewa. Lha wong kok kecewa ning kerajaane Alloh Subhanahu wa Ta'ala? Lek kejadiane ngono yo ben ngono. Kabeh kersane Alloh. Sampek kyai2 sepuh lek ngendikan, sing sering konsultasi. Lha iku sing marai njenengan Pareg Pengeran. Diwarahi malah ngandani. Diwarahi malah ngandani, aku yo muni ngono. Dadi pantangane wali iku kecewa, pantangane orang alim iku kecewa. Makane lek onok wong guyon iku sueneng, bukan apa2... dadi sakjane guyon iku? tapi diilmoni tenan. Supaya Alloh ruh atimu tenan anteng  ridho mbek Alloh, paling tidak ridho mbek keadaan ini. Yo gak harus terus. Lha kito kan kedunyan terus, wis dadi wong sholeh kurang 'alim, lek wis 'alim kurang populer, lek popuer kurang entuk duwek akeh. Ora ono bare. Iku wae ning dunia kesholehan ono target2 sing tidak kesampaian. Misale wes kaji... kulo nggih tahu ketemu wong, bar kaji jek nggremeng, perkarane.. mosok gus kulo nate kaji, sayange sitok, ora pas kaji akbar. Wong wis kaji sik ngeluh ora kaji akbar, "akbar ndasem...." Whoo.. wong kok nganti elek koyok ngono. 

Wong wis jama'ah ngeluh, ora ning shof awal, bareng sing ning masjid akeh, woh sayang ora imame aku. Urip kok ngono apa2 an. Angger sholat jama'ah lak uwis, Imame Mustofa mboh sopo? sing penting jek madep ngulon, bar... ora usah nyoal imame makhroje ngene, tumakninahe ngene, wong jaman Nabi sugeng muk dawuh...

Shollu kholfa man qoola laa ilaaha illalloh. 

Sampek Ibnu Umar iku lak top2 e shohabat, nate makmum Hajjaj, Hajjaj itu gento2 ne uwong. Sing nate mateni Abdulloh bin zubair. Iku lak dadi imam, Abdulloh bin Umar purun makmum. Pernah ditanya, kenapa anda makmum orang dzolim? (33.57)
 

Comments