Skip to main content

Nashoihul Ibad 3 | Catatan Ngaji Gus Baha | Kebaikan Sayyidina Umar

 

Catatan Pengajian Gus Baha, Ngaji Kitab Nashoihul Ibad. Alhamdulillah waktu itu Listrik pas Padam, tapi tetep dilanjutkan. Bahkan Gus baha memberikan semangat kepada para pendengar, bahwa walaupun (tak ada lampu) tetep semangat donk, buat ngaji. Berikut cuplikanya, semoga bermanfaat.


Pun dirungokno mawon, masio padang biasane yo ora paham (ora ngrungokno). Laiyo wong demenan peteng2 wae sido, mosok ngaji rasido. Wong maksiat (peteng2) sido, mosok ngaji rasido, ora usah nggolek disel wes.. marai repot. Hayo.. sing ora iso ndelok, dirungokno mawon. Alfatihah....

Bismillahirrohmanirrohim
wal maqolatur robi'atu


'an Umar Rodhiyallohu 'anhu. 
Nuqila 'anisy Syaikh 'abdil mu'thi As samaawii

Anan Nabiya Shollallohu 'alaihi wa Sallam qola li Jibril 'alaihissalam
Dados kanjeng Nabi matur teng Jibril

Shiflii hasanaati 'umar

Shif.. (sifatono siro, Jibril)
li (maring insun)
hasanaati Umar (ing piro2 keapikane Umar)

Faqoola (mongko dawuh sopo? Jibril)
Lau kaanat (misale ono)
Al biharu (piro2 segoro)
midadan (iku dadi mangsi)

wasy syajaru (lan ono opo? iku wit)
aqlaaman (iku piro2 pena/ pulpen)

Lamaa Hashortuhaa/ Lamaa Hashortahaa, sami
Lamaa (mongko)
Hashorot (ora iso ngitung opo? bihaar, syajar)
haa (ing hasanati Umar)

Teng mriki harokate hashortuhaa? Lak hashortuhaa berarti aku raiso ngitung
Lak Hashortahaa berarti kowe raiso ngitung
Lak Hashorothaa (bihar&syajar ora iso ngitung)

Lek normale nggih hashorothaa, marji'e bihar kalian syajar. 



Kebaikan2 Umar
Dadi apik e umar niku, umpomo segoro dadi tinta, kabeh wit iku dadi pena, iku ora iso cukup nggo nulis apik e sopo? umar.  Nggil logikane gampang nggih, kulo terangno. Agomo ono nganti saiki, piye2 barokahe Umar. Kulo critani nggih, dadi kanjeng Nabi niku dakwah sirron. Dakwah sirron niku ndelik2. (Wedi) piye2 iku gak imbang. Terus ruh Umar niku mbendino jotosan teng pasar Ukaz, preman, lek tukaran menangan. (Mulane) wong khusyu' i kudu ora pati ngroso suci dewe2. Mergo Islam iku tahu gede lewat mantan preman. Akhire, Kanjeng Nabi, wah sing Islam wong ngene yo enak, mergo lak dijak tukaran nopo? menangan. Islam pas iku wes ra pati butuh wong khusyu', butuh wong menangan. Akhire kanjeng nabi Ndongo

اللهم أعز الإسلام بأحد العمر

Ya Alloh, mugo2 Islam iku mulyo, dadi 'aziz ( dadi menangan) mergo ono Umar. 'Aziz maknane menangan. Teng riwayat2 niku Nabi ndongo senin,  masuk islam kamis. Utowo ndongo kamis, masuk islam senin, cepet sekali.  Pertama masuk Islam, Sayyidina Umar ngendikan, Yaa Rosulalloh, kenapa kita yang benar gak berani terang2an? Kata Rosululloh ini gak imbang. Walhasil iku akhire Umar iku marani tokoh2 kafir, kowe lak ngganggu Rosululloh tak pateni. Akhire ada keberanian Dakwah Jahr. Nah barokahe Umar nganti sakiki. Semua kebenaran, semua kebaikan sing bersifat jahron, bersifat terang2an, iku kabeh barokahe sinten? Sayyidina Umar.  

Mulane Abul Hasan Asy Syadzili diantara Thoriqohe ngeten. Lek coro wong zuhud kan ngamal iku tambah sirri tambah apik, ibadah tambah sirri tambah apik, coro Abul Hasan Asy Syadzili iku zuhud sing geblek. Iyo iku ndisek jaman nabi, jaman wong waras, sakiki akeh wong ora waras. Wong dangdutan terang2an kok ngaji ndelik, berarti ndunyo anane nopo? dangdutan. Wong demenan peteng2 ae sido, ngaji kok gak sido. Wong nyolong pelem i peteng yo sido. Akhire...masyhur dawuhe Abul Hasan Asy Syadzili, 

اعلم بطعتكم كما اعلم بمعصيات

Kamu lek thoat kudu terang2 an, piye2 wong maksiat wes kadung terang2an. Dadi umpmo maksiat koyok penari perut, penari telanjang wis terang2an. Umpomo ora ono ormas sing terang2 an nahi mungkar tambah sak enak e dewe. Yo pokok e angger ono maksiat terang2an sing thoate kudu? terang2an. Nah saiki misale ono wong pingin shodaqoh sirri, lha hidung belang mbayar lonte terang2an. Lha saiki enen wong loma mbayar marbot masjid, sitik ae sing penting ikhlas, Yo repot no..... Akhire sing lonte iso bertahan hidup, sing marbot masjid ra bertahan hidup, faham nggih. Mergo sing thoat ora terang2an. Mulane iku,  penting ngaji mbek ulama iku penting. Ilmu iku ora kok muk amal sirri tok. Alloh malah nyebut amal pertama kuwi malah

إن تبدوا الصدقات فنعما هي
 وإن تخفوها وتؤتوها الفقراء فهو خير لكم 
ويكفر عنكم من سيئاتكم والله بما تعملون خبير
Surat Al Baqoroh: 271

Memperlihatkan sedekah
Shodaqoh lak mbok ketok2no iku apik, ora ketok yo apik. Logikane gampang, sekarang lonte iku bisa bertahan karena apa? karena ada yang bayar, sehingga ada kekuatan uang. Jangan2 kowe disusahno Pengeran, gara2 marbot masjid do mutung, gara2 ora ono wong sugih sing nanggung. Kabeh kyai pensiun goro2 kabeh donatur gak gelem biayai. Kan lucu kan? hidung belang iso nggawe pertahanane lonte, mergo mbayar. Sing wong sholeh do kukut mergo, donature ora ono. Lha pikiran koyok ngono iku Umar. Umar iku pertama (sing nyetusno) wong sholeh iku digaji. Riyin (jaman riyine) mboten enten. Ketika Umar dadi Amirul Mukminin gawe kantor jenenge Diwanul Murtaziqoh. Tentara kudu digaji, pns kudu digaji. Ketika sahabat do protes, ketika Rosululloh gak ada gaji2 gini. Alasane Umar, wong sholeh iku lak ora nduwe pertahanan, suwe2 iku ora sholeh, kalah mbek kedzoliman. Dadi awwalu man sing nggaji  iku sinten? Sayyidina Umar, disebut diwanul Murtaziqoh. Yo barokahe nganti sakiki, penyuluh agama entuk duwek, faham...? Lha iku mulane.. penyuluh agama kudu Al Fatihah ila hadroti Umar, faham nggih.  Loh kowe dikandani kok ora ngandel. Mulane apik e Umar iku mau pomo ditulis ora bar. 

Nak apikmu tak tulis sak jam bar, apikmu kan gampang, lak sedino sholat ping limo, kadang ngaji, tapi kasuse luweh akeh timbang apik e, tutup... Tapi lak nulis apik e Umar niku, jare malaikat Jibril, Segoro dadi tinta, pohon dadi pena, iku ra cukup ngge nulis? apik e Sayyidina Umar. Coro kulo nggih niku, Masyhur Sayyidina Umar berpendapat, wong sholeh kudu digaji. 

Memberi orang sholeh
Mulane kulo niku yo rapati sugih, tapi Ustadz2 sing mulang teng pondok kulo nggih kulo wek i duwek, nggih duwek kulo pribadi.  Yo rakuat terus kulo, tapi nggo eling2 an, lak wong apik kudu dibayar.  Kadang ono rondo, ngono yo tak kek i duwek. Pikiranku yo ngono, wong hidung belang iku mbayar, mosok wong sholeh ra tahu dibayar. Karena kadang2 wong rondo iku ndongo terus tahajjud. Mulane kulo suwun, nggo eling2 an, kadang ora ono opo2 mbayari wong sholeh. Takok gus.., ono opo? kok nyukani arto kulo?  ben suargo, wes terang2an ngono ae wes. Laiyo nak wong maksiat kan pengen demenan, aku kan yo pingin shodaqoh. Lha pantese suargo yo seket ewu munggah, mosok suargo mek limangewu. Yo dikiro2..to.. Mosok rego suargo? 5000? 

Mulane masyhur Abul Hasan Asy Syadzili ketika ditanya niku, dulu kamu ngaji siapa? Saya ngaji sama abdussalam bin aziz. Karena sanad thoriqot saking bapak saya itu sangat syadziliyah, tapi mboten sanad syadziliyah sing wiridan, mboten. Ratau wiridan, tapi eling Pengeran terus, timbang wiridan tapi ra eling Pengeran? Yo akeh wong wiridan raeling Pengeran, muk ngrameni tok. Sing penting niku eling Pengerane, ora kok nopo?? Tapi sing elek meneh, ora eling Pengeran, ora wiridan, sok ulama.

Berenang di Tujuh Ilmu
Abul Hasan Asy Syadzili niku kan, gadah murid namine Abul Abbas Al Mursi, setelah itu Abul Abbas Al Mursi gadah murid niku, sing ngarang hikam niku, Ibnu Athoilah As Sakandari. Genah tahu khatam, kudune wes alim. Setelah ilmu saya selesai, Sekarang saya berenang di tujuh ilmu, Lek ilmune Umar tentu ada ilmune umar yang spesialis gak bisa dilakukan oleh sahabat lain. Keberanian membuat wong fasik iku takut mbek wong sholeh. Nggih coro kulo, ditekdir dadi DPR/dadi Bupati, lumayan.. lumayan niru Umar. Piye2 gara2 perda anti Miras, mboh perda anti Prostitusi, piye2 wong fasik, wedi wong sholeh. Iku wes lumayan, koyok jamane Sayyidina Umar, wong kafir wedi wong? islam, wong fasik wedi wong? sholeh. Itu idenya Sayyidina Umar. Ojo sampek kito iku koyok misale koyok Amerika, gara2 gay niku dilindungi di Belanda, gara2 LGBT dilindungi, sing wong sholeh ape ngandani sing wedi, mergo..yang salah dilindungi. Laiku wes kuwalik walik. 

Koyok wong Indonesia wes bener, normale sing Maling mlayu wis bener,  sing fasik wedi wong? sholeh. Demenan, konangan mlayu wis bener. Bener mlayune lho.. ora demenane. Ngaji mbek kowe lak ora diterangno wes repot. Gaya pas2an repot lak ora diterangno detail. Yoo... bener mlayune lho yo...salah paham bahaya. Artine lak ono wong fasik, lak eruh wong sholeh wedi. Lemah imane, lemah fisike, bojone digowo ngalor ngidul, nglorohi, mergo kalah sekabehane. Iku na'udzubillah, min dzalik. Berarti wong sholeh wedi mbek wong fasik. Itu semua idenya Sayyidina Umar, sing bongso ngono2 iku idene sinten? Sayyidina Umar. 

Molane kowe iku kudu mikir, islam iku kudu mbok pikir, ojo sampek kito iku kalah mbek wong fasik. Kulo niku tahajjud yo rodok aras2 en, tapi angger eling wong maksiat ae melek an sewengi dugem, mosok aku ape eling Pengeran, melek ae ragelem. Ngoten niku wis isin, kan kulo sik nduwe isin, dadi alhamdulillah. Tapi lak kowe randuwe isin, wes turuo ae, sing penting ra maksiat. faham nggih. Kuwi yo wis apik, tapi yo minimalis.

Mergo Alloh niku gadah adat, dibandingno wong fasik. Niku Masyhur ayate niku

ولا تهنوا في ابتغاء القوم
 إن تكونوا تألمون فإنهم يألمون 
كما تألمون وترجون من الله 
ما لا يرجون وكان الله عليما حكيما
Surat An Nisa: 104

إن يمسسكم قرح فقد مس القوم قرح مثله وتلك الأيام نداولها بين الناس 
وليعلم الله الذين آمنوا ويتخذ منكم شهداء والله لا يحب الظالمين
Surat Ali Imron 140



Berani berjuang
Itu masyhur, semua mufassir sepakat, ketika perang badar, perang Uhud, niku Sahabat ono sing keketok tangane ono sing keketok sikile. Kemudian mereka istakaunu ila Rosulillah, matur teng Rosululloh, Ya Rosulalloh, gara2 kulo gara2 nderekno njenengan, tangan putung, sikil putung. Ternyata gak diapresiasi sama Alloh, wong sing kafir ae, wani putung, wani kebacok. Kok koe demi islam, demi Alloh kok ora wani kebacok. Kok cemen....


Lhaiyo, jika kamu merasa sakit karena perang, mereka juga merasa sakit. Toh kowe nduwe kelebihan, wa yarjunalloha maa laa yarjun. Kamu punya harapan dari Alloh. Loh wong niti karir lonte yo proses..dadi maling dadi ketua preman proses opo ora? Proses... lho kowe ngiyayi prosess ae kok mandeg ndalan? faham? Bareng ngiyayi rong tahun kok gak keramat? 5tahun kok gak keramat? bojo nantang pegatan, terus leren... Loh iku karire apik ndi? karo preman sing nganti ketua umum.  Sok mben, jenis kyai ngene iki ditakok i Pengeran, kowe kyai ngen iki kok leren? iku preman wae gak leren nganti sukses dadi ketua umum.  

Mulane kulo ngarir kyai yo jalan terus, tapi sakniki jek sinau. Mergo tak ngge perbandingan niku preman, preman ae belajar terus, mulai ngedarno narkoba, sui sui sampek iso nyuap aparat, sampek milyatan, sampek iso ngendalekno ko penjara, ora kondang piye? Kyai kudu ngono, sampek iso ngendalekno umat ko kamar. Iku mustofa yo sek ngaji aku, lewat sidi opo mboh nggawe opo. Kuwi iku kelase wes koyok fredy budiman. Kudune wong sholeh yo ngono iku, faham nggih? Kowe lak ra diterangno ra paham2 cah iki. Jenggote gegere ra karuan. Yo ora, lak jenggot yo sunnah, tapi mustofa bingung. Nabi kan apik, lek ndekno ora. Mustofa lho ya.. aku ra ngenyek liyane. Kulo niku jek dendam, mergo jenenge mustofa. Iku kan jenenge kekasihku, mustofa iku wong pilihan. Terus ditiru ndekne, aku jek ra trimo.  Tapi piye.. ndekne njenakno iku mergo seneng. Wong seneng i wes apik wae, nopo? Tapi ojo kon mbuktekno.. nggih, nopo? ojo kon mbuktekno. 


Menampakkan kebenaran
Sayyidina Umar iku sing punya ide, kalau kekafiran, kebatilan berani menampakkan diri, kenapa kita dalam kebenaran tidak berani menampakkan diri. Itu semuanya fikiranya Umar. Kulo niku nate, niki kisah nyata. Kulo niku meh mawon ndonga supoyo Indonesia iku, raonok musibah. Nggih umume wong lah, kadang karo musibah wedi. Aku langsung spontan koyok dijawab ngeten. Artinya dijawab lewat firasat ilmiyah saya, ke aliman saya. Haa gak ono musibah yo apik, sing sujud ayem sujude, sing ngaji ayem ngajine. Masalahe sing demenan yo ayem demanane, sing dugem yo ayem dugemane. Problemnya kan seperti itu, misalnya dunia gak ada gempa. Yo okelah, sing mustofa tahajjud yo sregep tahajjude, sing rukhin sabar karo kefekiran, nikmati kambek rokok an ngalor ngidul. Masalahe, lak raono masalah, sing masalah yo ayem mbek maksiate.  Akhire rawani (dongo ngono) donyo wak ane njenengan nggih terserah njenengan.


Andaikan ekonomi membaik
Kulo mboten melok2, tapi kulo tetep ndongo kulo rakenek. Tapi lak arepe menghilangkan min ashlihi, min ashli masalah iku, itu kita pasti bingung. Karena kita di dunia itu fikiranya seperti itu. Andaikan Indonesia ekonominya baik, baik misalkan pertumbuhan 10%. Sing maksiat yo tambah maksiat, sing tambah tuku babon yo tambah tuku babon. Piye2 wae yo nash e Pengeran...


ولو بسط الله الرزق لعباده 
لبغوا في الأرض 
ولكن ينزل بقدر ما يشاء إنه بعباده خبير بصير
 Surat Asy Syuro 27


Sing biasane maksiat nganggo lonte lokal, malah tuk singapur barang. Tapi yo ngono, umpomo randuwe duwek, masjid mati kabeh. Mulane aku lak kon ndongo, gus dongakno ekonomi Indonesia ki pulih, aku ulama, moh ndongo, aku raruh. Nanti kalau ekonomi pulih, masjid bisa baik, pondok bisa baik. tapi maksiat yo baik, blog goblog... aku yo ngono. Wong kyai mbok jak mikir,,, aku i wong alim, ojo mbok jak mikir, kapitalistik. Berarti gak nasionalis? aku wong akhirat kok....pokok e itung2anku akhirat, mboh nasionalis opo gak, pokok e aku gak nentang pancasila. Aku yo seneng, mbek pancasila. Tapi aku (rausah) mbok jak pikiranem. Ulama kok dijak bodo2nan kan yo ra lucu to? Meskipun aku setuju, ekonomi tumbuh aku setuju. Tapi kowe rausah ndongo nglibatno Alloh ngoten lho. Lak nglibatno Alloh ditakok i iso njawab?  


Barokahe ora nduwe Duwek
Ketika ekonomi baik, yang maksiat tetep maksiat (bahkan naik). Faham nggih?? yo nggih to.. wes jelas niku. Kowe mundak ngene wae, polamu wis masyaalloh. Wes mesti, tak jamin. Lha sing thoat yo pancen apik, misale mustofa nduwe duwit apik po ora?, yo apik nduwe duwek, Ka-bah ae ra kepingin ruh. Kan maleh elek2 e wong sholeh, mergo gambare wis blonjo sesuk ae. Kan yo repot tenan, wong lak ra nduwe duwek ka-bah kok ra kepingin ruh, entek ngamek. Artine Barokahe wong ora nduwe duwek, wong wes ra nduwe selera sowan nabi, kan yo repot. Tapi lak kowe ndongakno wong islam nduwe duwek kabeh, yo lak ketepak an sholeh? lak ora sholeh? 

Yo iku mau, Quran niku nggih ngoten niku, yo enek ayat

انفروا خفافا وثقالا وجاهدوا بأموالكم وأنفسكم في سبيل الله 
ذلكم خير لكم إن كنتم تعلمون
Surat At Taubah 41

lek jihad yo nglibatno duwek. Tapi yo onok ayat...

ولو بسط الله الرزق لعباده 
لبغوا في الأرض 
ولكن ينزل بقدر ما يشاء إنه بعباده خبير بصير
 Surat Asy Syuro 27

Umpomo ndonyo diparingi apik kabeh, mesti labaghou fil ardhi. Umpomo ndunyo diparingi gampang kabeh, mesti labaghou fil ardhi. Mesti wong pada tersesat. Mulane kulo suwun, kalau ndongo indonesia, indonesia sing piye?  pokok indonesia anut pancasila, anut sing apik. Apik iku piye? apik coro ulama, kowe ora ulama. Apik coro ulama piye? ape nerangno kangelan, malah kesel. Pokok e apik. Masyhur, Sayyidina Umar ketika menggaji pegawai2 kesholihah, diprotes sebagian shohabat, karena orang sholeh itu ikhlas, gak perlu digaji. Umar jawabane ngene. Saiki lonte iku bertahan mergo ono sing mbayar.  Yo to ra?? mboten.. jawab mawon. Wong korupsi lancar mergo ono sing nggaji, entuk bagian. Maksiat nganti lancar mergo entuk bagian. Ndangdut mergo onok sing mbayar, onok saweran coro indramayu, faham nggih. Aku yo tahu ndelok, tapi ojok mbok arani haram. Mergo ndelokku penelitian muk rong menit. Kowe lak ndelok tenanan. Kulo riyin nduwe konco indramayu, tenan gus onok tenan. Mosok iyo....?  yuh ndelok liwat, ora terus koyok sampeyan ndelok tenan i yo ora, lho iyo... jebule duwek do dikekno artise. Suwe2 teng tonggo kulo, teng daerah2 kulo terus ono. Loh ndisik laopo? ndelok adoh2. 

Lha saiki bedek ane ngono, lha saiki wong ngono2 iku kok bertahan, padahal mblodor, njoget. Terus suatu saat kowe ditakok i. Ono kyai pensiun, marbot masjid pensiun, mergo raono wong mbayar. Kemaksiatan ae teroganisasi sedemikian rapi, ada donatur, ada donasi tertip, kok leshalehan mlempem. Kowe piye njajal lek mu njawab? Mulane kulo nganti saiki nduwe anggaran duwek, sing mlarat2, dititipi tak kek i duwek. Lho kok ora pingin lomo kulo, ben iso njaawab lek ditakok i Pengeran mbesuk. Aku wes siap2...jawaban2 e test iku wes siap. Kowe rung siap to? wo langsung neroko. Yo niku disebut nopo? 

ولا تهنوا في ابتغاء القوم 
إن تكونوا تألمون فإنهم يألمون كما تألمون 
وترجون من الله ما لا يرجون وكان الله عليما حكيما
Surat An Nisa: 104

Jika kamu merasa sakit dalam berjuang, orang2 kafir, orang2 fasik juga merasa sakit. Dadi kyai iku abot, paling ora nduwe gaji tetap. Onok santri umat2 an lak seneng sowan terus, lak ra seneng lali, yo wes ngono2 tok. Risikone dadi pengedar narkoba? dihukum mati, ditembak, urung persaingan antar bandar narkoba. Ngeri mana coba? ngeri bandar narkoba. Iku wae, sing wani ae akeh, kowe ngiyai ngono wae, kok rawani? Kowe kudu mikir ngono, nak orang berani maksiat berani resiko, kenapa? kita jadi kyai takut? paling risikone wong rapati ngormati, gaji gak tetap. Aku malah ndongo gajiku gak tetap. Kulo nate nduwe wali murid elek, sowan kulo, mugo2 dadi PNS, kersane nduwe gaji tetap. Mugo2 tetap terus pak. Maksude njenengan piye? laiyo maksude ora mundak2 tetap terus. Nak kulo mboten seneng pak, gaji tetap. Pingin kulo nggih meningkat. Suwe2 mikir, masyaalloh astaghfirulloh, wes kliwat. Wong ndekne mboyong anak e arepe disekolahno, gara2 wedi ora nduwe gaji nopo? tetap. 

Dadi wes yo.. apik e Umar iku umpomo ditulis, ora kenek (saking akehe)


Faqola (mongko dawuh, sopo? Nabi)
Shifli... (sifatono siro, jibril, maring insun)
hasanati abu bakrin (ing piro2 apik e abu bakar)
nak apik e abu bakar? 

Faqola (mongko dawuh, sopo? Jibril)
Umaru (utawi umar)
hasnatun (muk seapik sitok)
min hasanaatin (dari piro kebaikan)
Abi Bakrin (Abu Bakar)

Apik2 Umar sakmono kean, dibandingne Abu bakar, nilaine muk sitok. Pokok e KO, ora level e. Dadi Umar sing apik e ngono, sik kalah. Koyok aku ambek mustofa, ora jelas sing apik ndi. Lak ndelok sering tak nyek, yo apik mustofa, kan madzlum duwur. Wong lek didzolimi pangkate mundak. Tapi aku ora dzolim, wong kenyataan o... 

Lha saiki tak crito apik e Abu Bakar. Abu bakar itu, orang pertama sing mentradisikan, sesuatu itu harus realistis. Iki santri2 khusyu kudu belajar. Misale bilal disikso umayyah, mergane opo? disikso Umayyah, mergo sik budak. Budak e Umayyah, wong budakku, kok ora nurut aku, mulane tak sikso. Terus bilal muk muni ahad2. Tapi Abu Bakar yo realistis, ora didongakno, diwacakno hizb yo ora. Kadang2 kyai saiki ora realistis, wong karuan ngono kok diwacakno hizb.  Diwacakno sholawat nariyah, opo hubungane? Moco sholawat nariyah mergo seneng nabi, ora usah mbok nggo ngonok2 an, aneh2. Umayyah, kok iso mbok sikso... mergo iki budakku, ora nurut aku. Lha lek tak tuku? yo aku ora iso nyikso wong dituku kowe. Dituku... faham nggih. Itu realistis. Dadi iso ae,, kowe dadi lonte mergo ora iso golek duwik, wis tak rabi...ben gak usah golek duwek. Iso wae ono solusine. Iso wae.. mbok lakoni, aku krungu kowe malah pegatan malah repot. Ya sama seperti itu, ada anak2 muda di aceh, anak2 muda di beberapa kota, kemudian ada LSM yang agak2 sekuler atau liberal. Mereka dirumat terus fikiranya liberal, bahkan nuwun sewu terus kadang terjadi kristenisasi. Karena apa? karena uang. Sebenarnya kondisi realnya, kalau yang merumat orang sholeh akan jadi sholeh.  

Lagi2 ilmune Abu Bakar yo mirip Umar, problem itu diselesaikan sesuai konteksnya, kalau orang itu ikut orang fasik karena nyari uang. Ya cobalah diikutkan orang sholeh, yang sholehnya memfasilitasi uang. Mulane kyai kudu lomo, elek2 e kyai iku medit. Misale onok wong mlarat gak mondok, mergo golek duwek ning batam, terus katut nakal, mergo ora ono wong sholeh sing nampung. Cobo, kalau orang sholeh nampung, dipondokno, terus sak mlaku2ne, masio uteg e ora cerdas koyok bapak e, koyok mbahe yo ramasalah. Tapi kan melu wong sholeh, didik adzan didik seneng Pengeran. Mulane elek2 e wong sholeh lek dibandingno wong fasik. Akhire dibayar mbek Abu Bakar, selesai. Abu Bakar tahu betul, Rosululloh itu butuh uang banyak, Abu Bakar punya uang milyard an. Nate kulo etung, setiap transaksinya itu hampir di atas 10 Milyar. Wong dia dagang sampai syam. Itu semuanya disimpan untuk biaya perjuangan bersama Rosululloh. Termasuk mbayari bilal, mbayari amar, nebusi budak2. Mulane guyonane Umar lak ngelem bilal, bilal sayyidi, Abu Bakar sayyidi. Mergo Abu Bakar luar biasa, yo nalare macem2. Dadi semua perang2 besar itu, uang terbanyak itu dari Abu Bakar, kecuali perang Tabuk, uang terbesar dari Sayyidinaa Utsman. 

......

Lagi2, karena kerajaan kedzoliman itu bisa bangkit karena uang.  

Comments