Skip to main content

Nashoihul Ibad 4 | Catatan Ngaji Gus Baha | Tentang Dunia

 

Alfatihah

Wal Maqolatul Khomisatu
Utawi Makalah (dawuh) sing kaping limo


Makalah kelima Nashoihul Ibad


'an Utsman Rodhiyallohu 'anhu (sangking Sayyidina Utsman)
hammud dunya (utawi kesusahan (mikir) dunyo)
iku dzulmatun (iku dadi peteng)
fi qolbi (ing ndalem ati)
Wong mikir sing masalah kangelane dunyo, wong mikir piye carane entuk dunyo, iku marai petenge ati. 

wa hammul akhiroti (lan utawi mikir entuk akhirat)
maknane mikir carane entuk akhirat. Terus dipikir, golek rumus....

Nuurun (iku dadi nuur)
fil qolbi (ing ndalem ati)

Aiyil Huzni (tegese utawi susah)
hazan utowo huzni sami..

fil umuuri (ing ndalem piro2 perkoro)
muta'alliqoti (kang berkaitan, kang gegayutan coro kyai kuno)
bid dunyaa (kelawan dunyo)

Shooro (dadi opo? huzn)
Mudzliman (iku metengno)
Fil qolbi (ing ndalem ati)

Wal Huzni (utawi susah)
Fil Umuri (ing ndalem piro2 perkoro)

Al Muta'alliqoti (kang berhubungan)
bil Akhiroti (kelawan akhirat)
Shooro (iku dadi, opo? ikilah huzn)
dadi munawwiron ( dadi iku madangi)
Lil qolbi (maring ati)


Logikane gampang nggih, Umpamane donyo iki coro Pengeran, dadi (jifah) donyo iku batang, yoiku ora apik. Nak wong kok mikir ndonyo, dadi peteng. Perkarane barang ora penting, barang ora apik kok dipikir carane entuk, Faham nggih.  Tapi lak mikir carane entuk akhirat, itu madangi ati. 

Sampeyan rausah mbantah tiyang2 tasawuf, misale wong lak ra nduwe duwik raiso berjuang, wong lak ra nduwe omah raiso ayem. Niku salah besar, nggih wau, dari awal Ulama iku ngerti nak ndunyo sing orientasine akhirat, iku yo disebut akhirat. Dadi misale ono uwong, nduwe bojo, terus mati ninggal dunyo, iku yo marai ganjaran. Nduwe duwek ben ora thoma' ben iso ngamal, iku yo ora dunyo. Soale barang ndunyo sing saget i'anah nulung urusan akhirat, niku dari awal gak diitung dunyo.  Mulane dawuhe imam ghozali, dunyo iku lak dinggo akhirat, Al Quran iku ngredaksikno Khoir. Khoir maknane nopo? Apik. Misale sebagian ayat...


يسألونك ماذا ينفقون 
قل ما أنفقتم من خير 
فللوالدين والأقربين واليتامى 
والمساكين وابن السبيل 
وما تفعلوا من خير فإن الله به عليم

Min Khoirin, maknane ai min? min maalin nggih... Terus wonten maleh ayat, wong2 sing lak mati, 


كتب عليكم إذا حضر أحدكم الموت 
إن ترك خيرا الوصية للوالدين 
والأقربين بالمعروف حقا على المتقين


Maknane khoiron teng mriku nopo? donyo, padahal Alloh ngredaksikno nopo? khoiron. Niku nunjukno nopo? gak semua harta niku buruk. Misale ono ulama, kadang yo enek ulama alim tapi sawahe ombo, tujuane ben ora melas2 i santri. Mergo lak Kyaine melas, iku santrine amen urunan, ngekak-ngekek i kyaine, iku malah kyaine ngel2no santri. Dadi aku setuju ambek Imam Ghozali, kowe ojo geman geting donyo nemen2, piye2 lak kecekel wong apik, dadi apik. iku mau, ono ayat misale..istilahe Alloh iku, 


إن ترك خيرا الوصية للوالدين 


In taroka khoironil washiyatu

....

Mulane kulo suwun nggih, kulo suwun sanget, lak ndongo wes latihan sitik2, lek nyifati Alloh iku sing panjang, mengke lak ndonga ki sak kadare. Kulo baleni maleh nggih, lak nyifati Alloh sing panjang, lak ndungo sak kadare. 

Comments