Skip to main content

Ngaji Hikam Gus Baha | Hikmah ke 179 | Kitab Al Hikam

 

Berikut ini kutipan ngaji gus baha tentang kitab hikam. Banyak pemaparan beliau yang bisa kita temukan di saluran channel di Youtube. Sengaja kami memberikan dalam bentuk tulisan agar kita bisa dengan mudah memetakan apasa saja yang pernah Gus Baha sampaikan, dari kajian2 beliau. Ini penting menurut kami agar lebih mengokohkan minat baca kita, :). Plus kita sering mendengar kajian berliau dalam bahasa jawa. Penulisan ini kemudian agar kita mudah untuk akhirnya mentranslate nya ke dalam bahasa Indonesia. Semoga bermanfaat ya..


Niki pas wushul, 

لا يكن طلبك تسبباً إلى العطاء منه 

laa yakun (ojo sampek ono) - NAHI
Niki maqom paling duwur, 
opo?
Tholabuka ( olehe ndongo siro)
iku
Tasabbuban (mbok anggep dadi sebab)
ilal 'athoo-i ( diparingi)
minhu (saking Alloh)

فيقل فهمك عنه 
fa yaqilla (mongko dadi sitik)
opo?
fahmuka (opo? olehe mahami siro)
'anhu (saking Alloh)


Wah niki maqom paling duwur.  Kowe ojo geman lak kowe kelar  kaji, terus mbok unsurno mergo donganem mergo kepingin kaji. Kowe nduwe duwek gemah ripah, ojo geman mbok unsurno, nak kowe saiki gemah ripah mergo tahu njaluk Alloh Swt. Iku ojo sampek (ngono). Mergo kowe lak ngunsurno kerono donganem, kerono ibadaem, berarti Alloh ngekek i kowe butuh sebab, yoiku dongaem. 
Padahal Alloh maringi rizki manungso, tanpo sebab. 
Faham nggih? 
Tapi niki maqom duwur nggih, lak coro syari'at, jelas gak perlu begini, gak se ekstrim ini.



Kulo baleni maleh nggih, 
Contoh paling gampang ngeten. Sing adat santri mawon (kebiasaan santri). Sing paling gampang teng adat santri. Karena ini yang kita ketahui. Jaman sampeyan wis latihan ngiyayi, terus terkenal disantet uwong. Kan sampeyan njaluk ijazah kyai hizb nashor. Bareng mbok woco hizb nashor, kowe jebule sik urip, ora mati. Kan kadang2 kito Ge-Er Alhamdulillah, bar moco hizb nashor aku ayem, disantet ramandi. Pertanyaane Pengeran njing mben, lak sampeyan ngimani berlebihan, Jaman kowe jik cilik, urung moco hizb nashor, kok slamet? dadi saiki lek sampeyan ngunsurno, aku iso mangan mergo ndongo, aku saiki nduwe rizki mergo ndongo, Lha zaman kowe cilik, urung iso ndongo kok iso mangan? 

Faham nggih..


Artine jenenge rizkine ko Alloh, yo ko Alloh tanpo ono sebab songko makhluk. Faham nggih, tanpo ono sebab songko makhluk. Misale kados kulo, misale coro lahir aku alim mergo sinau. Tapi kan iso dibantah Pengeran, akeh haa sing sinau tapi ra alim. Mergo utek ke goblok Gusti... Lha goblog mbek pinter sing nggawe sopo? faham nggih. Dadi kan ruwet kan? lak nerangno. Tapi lak wes muni, kulo pinter mergo kersane Njenengan. Dadi Alloh iso nggawe pinter mulai cilik, dadi Alloh iso nggawe pinter pas tuwo. Mergo wis tuwo, dadi pinter bijak. 

Lha Nabi Yahya jik cilik pinter, 

wa atainahul hukma shobiya.  

Menungso teorine mesti kliru, ora wong tuwo tambah tuwo tambah bijak, pengalaman akeh. Ada itu yang tambah tua tambah pikun? akeh to ora? Saiki wong sing kakean polah wayuh, kadang mas mati kadang kakean polah, yo akeh. Jaman nom wayuh, jare wah syahwate sik gedi. Akeh saiki wong sing tuwek2. Lha sing dicekel polisi lak akeh, pelecehan seksual mbah tua2 tujuhpuluh tahun, bakul es, pelecehan seksual ambek anak TK. Iku tuwek ta nom? 


Analisa Manusia
Berarti teori nak maksiat kerono nom, kliru kan? nyatane sing tuo (onok) sing maksiat. Mulane kulo kadang bingung dadi Ulama, bingung kulo niku bingung carane nerangno. Menungso iku analis iku gampang goblok. Ketika anake Ahmad Dhani, anak e Hatta rajasa misale, kecelakaan nabrak uwong, gara2 sugih, dikek i mobil mewah, mulane kluyuran terus nabrak uwong.  Ini saya sebut nama bukan karena ngrasani, mergo terkenal petinggi. Dadi ora ono gunane tak sebut. Tak simpen yo ora ono gunane,  diterangno yo ora ono gunane. Wong karuan ning tivi ono. 

Akhirnya orang terus mengunsurskan berhubung sugih, nduwe mobil, akhire urak an terus nabrak. Lha kulo sering diomongi tiyang, iku kan gara2 sugih, leh gus, mergo coro mlarat, gak ngarah nabrak wong. Wong nduwe onthel jek iso nabrak wong, parah neh, mlaku jek iso nabrak wong. Tapi lucunya hal yang sama bisa dibalik. Yang cerita ke saya ini guru SD, ketika tak balik. Lonte ning ndalan2 i uakeh, marai ekonomi, dadine lonte. Angel kan? kecelakaan arogan, doso yo dianggep kerono sugih, saiki nak LSM ngunsurno lonte ning ndalan2 gara2 faktor? ekonomi. Berarti kan lucu kan? pertama ndarani sugih iku sebab maksiat, Saiki dadi lonte jarene sebabe? mlarat. Sing kenek tak ndel, iku omonganmu sing sebab mlarat? opo sing sebab sugih? 

Saiki ono politikus sugih, duwik e akeh, nduwe babon 40, mergo ngunsurno sugih. Saiki ono lonte mlarat, mbendino nompo tamu 20 ben ndang cepet sugih, mergo kapok? mlarat. Lha.. lucune analis ngene iki, tetep ae dianggep wong pinter. Lha ulama, sing sitik2 Alloh, malah di lorohi, wes suwe, sitik2 Alloh. Loro kan? Makane dadi ulama iku loro, dadi ilmune paling duwur, tapi paling dianggep wajar.  Mulane ono wong takok, bingung aku dadi ulama, dos pundi gus? kok bingung? 

Sebab arep nganalisis koyok kowe iku raiso, perkarane imanku mbek Alloh iku wes duwur. Lha kowe klira kliru tetep dianggep pinter. Ngunsurno kecelakaan kerono sugih yo pinter, ngunsurno lonte mergo ekonomi yo sawangane pinter. Jadi solusinya adalah mengembangkan ekonomi kerakyatan sehingga begini, begini. Jarene ulama, entekno lek mu ngembangno, lek catetane mlarat, tetep mlarat. Lha misale lek ono ngoten, kowe nentang lak dianggep gerakan anti sosial to? Tapi sing ulama kok melok gerakan pengentasan kemiskinan yo goblok. Wong kok nentang? qodho qodar. Mulane Ulama niku disalah fahami gerakan2 ngoten niku. Heran sama ulama, ada seperti ini kok diam saja. Mulane kowe betaho dadi ulama, betaho dadi nopo? ulama. Mergo wes entek lak gak onok ulama iso enek. 




Memahami Permintaan / Do'a

Dadi eling2 nggih, ojo geman peparinge Alloh iku mbok unsurno mergo kowe tahu ndongo. Ndongo iku kebutuhan kito mergo kawulo.  Semende ning Alloh Swt. Tapi ngko lak wis kasil entuk nikmat, yo yakino iku murni Rohmate Alloh Swt. Dadi yo tetep ndongo, tapi lak wayahe kasil yo tetep kowe nganggep saking jembare Rohmate Alloh Swt. 

لا يكن طلبك تسبباً إلى العطاء منه 

Misale wes tuwo aku nduwe rizqi, mergo aku ndongo. Lha zaman cilik rung iso ndongo kok nduwe rizqi? Mergo dirumat wong tuane. Misale mok jawab ngono. Lha saiki jaman kowe janin? wong tuamu olehe ngrumat piye? Mergo wong tuane mangan. PKI ra tahu ndongo? kok nduwe rizqi? Misale duwikmu akeh mergo dongo, lha cino ratahu dhuha? Lha saiki rizqimu akeh mergo duha, lha cino? mergo duha opo ora? duwik e akeh ndi? berarti duha karo ra duha mandi ndi? Mandi ra duha kan? mulane duha yo duha wae. Lak ape duha duha wae, lha engko lek rizqimu akeh? Alhamdulillah nduwe rizqi akeh. Yo ora perkoro duha, wes pokok e Pengeran apik an aku dikek i.  Wes bar to? lha soal duha? wong sujud Pengeran kok salah, sujud ra bakal salah. 


Lha niki maqome hikam. 

لا يكن طلبك تسبباً إلى العطاء منه 
فيقل فهمك عنه 


وليكن طلبك لإظهار العبودية وقياماً بحقوق الربوبية
wal yakun (lan becik o ono )
opo? 
tholabuka (olehmu ndongo, siro)
li idzharil ubudiyati ( kerono ngetokno kemawulo)
wa qiyaman (lan kerono jumeneng)
bihuquqir rububiyati (kelawan haq2 e kePengerananane Alloh Swt)




Dados Quran niku gadah adat, kadang lam mudhoroah diwoco langsung. Roto2 khilaf e sab'ah. Niku lam mudhoroah wonten sing moco diwoco kasroh, wonten diwoco sukun. Kulo niku afal quran syukur, kulo niku nate, sinau alfiyah bahkan nate nerjemah alfiyah. Quran niku mewakili semua bahasa. Lam mudhoroah diwoco nggih wonten, kados liyungfiqhu, tapi nate disukun nggih nate, kados 

wal yakhsyalladzina... 

kados 

walyatalaththof, 

niku coro nahwu saget mawon diwoco waliyatalaththof. Umpami mboten teng quran lho nggih. Tapi kito anut riwayat. Sing ono riwayat loro nggin niku wau, walyatamata'u, wonten waliyatamata'u. 



Dadi teng mriki saget diwoco,
wal yakun tholabuka
atau
waliyakun tholabuka


Tapi lak umume kyai, umume diwoco wal yakun. Nggih mpun dadi adat. Nggih anut sing umum mawon. Tapi lak kowe iso loro, yo loro ora popo. Dadi lak salah sitok, yo ora ruh. Kyai lek maknani podo, li yungfiq supoyo shodaqoho, wal yakhsya lan becik o wedi. Sami2 lam mudhoroah, lam amr. 

Dadi kowe iku kudu ndongo, ben ngetokno lak lemah. Mulane bener abul qosim al junaidi, senengane sambat, ben ngetokno lak kemah. Mulane kulo suwun, maqome njenengan niku pertahankan, sering sambat niku pertahankan. Mergo niku maqome abul qosim al junaidi. Dianggep wae...

 لإظهار العبودية وقياماً بحقوق الربوبية

Pun kulo terusno, niki mergi sak paket. 

كيْفَ يَكونُ طَلَبُكَ الّلاحِقُ سَبَباً لِعَطائِهِ السّابِقِ
جَلَّ حُكْمُ الأزَلِ أَنْ يَنْضافَ إلى العِلَلِ

Niki maqome hikam, mbok nut yo kenek, ora yo kenek. Niki maqom sing mpun duwur tenan. 
kaifa (hale koyok opo?)
yakunu ( ono )
Tholabuka ( ndongo siro)
al laahiqu (iku kang datang kemudian, kang nyusuli, kyai kuno lak maknani kang nyusuli )
sababan (iku dadi sebab)
fi 'athoihi (ing ndalem peparinge Alloh)
assabiqi (sing wes ditulis ing zaman azali)

Ora mungkin, kowe iso ndongo lak pas gede. Kowe iso ndongo lak pas gede kan? Mergo kowe diwarahi kyai. Mergo catetan teng mriki ditulis pas kowe rung ono. Berarti kowe entuk rizqi mergo sesuai catetan opo sesuai dongo sing terbelakang niki? Sesuai catetan. Mulane jarene hikam
كيْفَ يَكونُ طَلَبُكَ الّلاحِقُ سَبَباً لِعَطائِهِ السّابِقِ

Bagaimana dongo sing datang kemudian mempengaruhi catetan sing ndisik. Bar kowe. Maqom kok ngono. Mulane mbah dullah salam lek dawuh ning bapak, santri lek ngaji ihya sik oleh nur, lek ngaji hikam ora oleh. Perkarane..... 

Masuk akal, bagaimana dongo sing datang kemudian, mempengaruhi qodho qodar sing wis kliwat.Faham nggih.. Laiyo kowe iso ndongo lak kowe pas gede.  Terus kowe dadi kyai, nduwe wirid nduwe rizqi payu rabi, iku catetan ndisik opo saiki? Saiki misale Rukhin, ditulis kambek Pengeran. Nikah Cerai dan Dapat lagi. Wis ditulis, nah pas cerai rukhin ndongo. Gusti paringono entuk bojo. Terus akhire entuk bojo tenan. Mboh eenek wong kebodon, terus akhire entuk bojo. Nah entuk e bojo rukhin iki kerono ndongo, opo kerono catetane wes ngono? Mulane jarene hikam, 

كيْفَ يَكونُ طَلَبُكَ الّلاحِقُ سَبَباً لِعَطائِهِ السّابِقِ

Bagaimana mungkin dongo sing datang kemudian, mempengaruhi sing wis ditulis ning zaman azali. lha lak sampeyan takok, lha gunane dongo piye gus? Gunane ndongo ben ketok kawulane Alloh Swt. Isane muk njaluk, isane mung menengadah ning rohmate Alloh. Mulane ora ono kaitane mandi karo ra mandi. Tapi misale ngono, terus kowe ra mandi tenan. Makane bener jarene mbah dullah, santri ora oleh ngaji hikam nemen2, mulane dadine repot, dadine terus nopo? repot. Tapi iki yo maqom. Nyatane Nabi adam dinggo njawab Nabi Musa andalen nggih teori niki.  

Nabi Musa nate ndongo mbek Pengeran, ben Mukasyafah, disembadani mbek Pengeran. Nabi Paling repot yo Nabi Musa, kowe kok ambisi ape Mukasyafah i ape opo to sa? Kepengen ketemu Abina Adam. La kenek opo? Bade kulo takok i, laopo.. salah barang. Lha umpomo gak salah lak urip kulo teng suargo. Gak repot ngeten niki. 

Ambek Alloh hijab e dibuka, 
dikasyf
Ketemu tenan mbek Nabi Adam

Pertama ketemu langsung protes Nabi Musa, pancen Nabine Bani Israel. Nabine Tukang Protes, opo maneh umate? Tapi Kowe kudu matur nuwun kambek Nabi Musa, sholat dadi 5 barokahe protese sinten? Nabi Musa. Dadi Protes i yo ono apik e. 

Ya Adam Anta Abdul Basyar. 
Kholaqokallohu biyadih 

Pertama dilem, njenengan iku bapak  e menungso. Njenengan itu orang terhormat, Alloh ndamel, asli, langsung sentuhan Tangane Pengeran. Lak turunan berikute kan yo wis ra pati asli to nggih. Lha lewat hubungan suami istri macem2. Lha Alloh nggawe adam lak ijek asli to nggih. Lha nggih to nggih, tanpo perantara. Umpomo njenengan gak salah, kito2 ra kangelan macem2. Nggih to, pomo Nabi Adam rasalah, kowe perlu ngamal sholeh to ora? raperlu kan? wong lahire wis ning surgo. 

Jawabe Nabi Adam
Anta Musa Kalimulloh, 
Kalamakallohu ....

Kowe Musa, wong sing terpilih dingendikani Alloh. Iku nunjukno lak Nabi nduwe Peradaban. Karuan niat tukaran, saling memuji.  Wis karuan niat tukaran, saling memuji. 
Pokok e dipuji2, kowe lak nabi musa sing pinter iku to? 

Sing diparingi Taurot? Nggih jarene, 
ning taurot lak ditulis, 
Sakdurunge aku digawe, wes ono tulisane gak? lek aku diutus? 
Nggih mpun wonten,
Sak derenge 40 tahun, lak panjanengan bakalan diutus, lan bakal 

Lha saiki salahku ambek catetane disik ndi? 
Nggih disek catetane
Salahe Nabi Adam mbek catetane disek ndi? 

Makane kalah jebule Musa.

Akhire pamit, Ya Alloh mpun, wangsul
Mergo kalah.
Laiyo, salahe Nabi Adam jare perkoro mangan wit khuldi.

Ning syariat mergo digodo Iblis gak mandi,
terus digodo lewat hawa, entekno lek mu ngomong, tetep faktore iku catetane. Entekno lek mu nggawe rumus, tetep faktore catetane. Iku makane jarene Hikam. 

كيْفَ يَكونُ طَلَبُكَ الّلاحِقُ سَبَباً لِعَطائِهِ السّابِقِ

جَلَّ حُكْمُ الأزَلِ أَنْ يَنْضافَ إلى العِلَلِ

Jalla (mongko luhur, bersih)
opo?

hukmul azali ( hukume zaman azali)
an yandhofa (yen to terkait, disendekno opo? hukum azali)
ilal 'ilali (maring piro2 alasan)

Gak mungkin hukum zaman azali, bergantung mbek hukum sing datang kemudian. Lho nggih to nggih. Sampeyan saiki tak bedek i. Zaman ning azali, wis ono menungso ta urung? Dereng kan? terus wis dicatet opo ora? lek presiden indonesia iku iki, tukarane mbek iki, penggemare sing entuk, yo wis bati. Wis dicatet tha dereng? Mpun kan? 

Lha saiki wujud sing saiki, saget gak? mempengaruhi wujud sing zaman azali? Mboten kan? artinya sebab sing hukum zaman sekarang ora iso ngrubah hukum sing zaman azali. Lha nak ngono berarti dongamu iku raiso mempengaruhi catetan sing wis ndisek. Tapi tetep ndongo mergo nunjukkno butuh ning Alloh Swt.  


جَلَّ حُكْمُ الأزَلِ أَنْ يَنْضافَ إلى العِلَلِ

Tapi secara syari'at nggih ngoten, Nabi Adam doso mergo mangan wit khuldi. Digodo setan, digodo setan, lewat sayyidah hawa. Wis.. walhasil Nabi Adam salah. Terus diusir teko suargo mergo nopo? salahe. Akhire didakok teng? India. Sing hawa didakok teng Jedah. Mulane diarani Jeddah niku mergo hawa niku diarani mbah Putri. Wong arab lak ngarani mbah putri, Jaddah utowo Jeddah. Terus suwe2 wong ndarani nopo? jedah. Jedah saking kata nopo? jadah. Mulane nak adam disepakati turun teng India, lak hawa turun teng pundi? jedah. Lak jarene fathul mu'in 200tahun, ngalor ngidul, nggolek i bojone. Ketemune teng arofah. Teng arofah ketemu, kenalan, mergo jare aku wong pertama, kok ono wong? Hawa yo bingung, iku sopo? Bareng kenalan suwe2 ngerti lak kowe hawa aku adam. Makane diarani arofah, saling kenal. Ning fathul mu'in, diarane arofah mergo adam mbek hawa kenalan maneh. Jarene ketemune pas ning Jabal Rohmah, pas ning tugu iku. Nah terus dinggo tawashul perjodohan. Silsilahe ngono, kowe ben ruh silsilah. Bagaimana mungkin pertemuane Nabi Adam, ditugoni wong sing ora eruh. Akhire pemerintahan Arab Saudi kekeselen ngecet. Angger wong perjodohan kan ditulis ning kono. Jare ngko kasil. Wong sing arepe wayuh lah yo ditulis ning kono, jare lak ditulis ning kono kasil nopo? wayuh. Bar niku dicat, ngko ditulis maneh. Dicat maneh, crito iku yo pancen bener, roto2 ulama meyakini Adam mbek hawa pertama ketemu teng Jabal Rohmah.


Tapi lak terus dinggo tawashul perjodohan gak ono hubungane, faham nggih. Ora ono nopo? hubungane. Kulo nggih pernah teng jabal rohmah, kulo ndongo yo bingung, doa disini terkabul, supaya keluarga harmonis. Aku wong percoyo hikam, bagaimana mgkin doa yang sekarang mengubah catetan yang dulu? Mulane Qodhi iyadh niku, teng arofah muk ndelok langit tok. Nganti teng arofah bar, Aku ruh rohmate Pengeran wis bingung arepe njaluk maneh. Lha aku pas ngowoh iku ndelok ayate Pengeran, ndelok kekuasaane Pengeran. Kok sempat ndongo i wis ra sempat. Kowe ndongo lak arep2 rohmate Pengeran, wong rohmat wis kasil jik mbok arep2. Cik sombonge kowe, nah malah maqom ngono. Maqom ngono coro kito2 kan kacau kan? Tapi tenan, kulo pas teng arofah yo ora iso ndongo e. Njaluk la rung entuk, wong entuk wis akeh kok nopo? njaluk. Mulane

Likulli maqomil rijal
wa likulli rijalin maqom

Kabeh wong mestine nduwe maqom, kabeh maqom yo mesti enek aktore. Dadi maqom ngene iki ora usah mbok nut nemen2, piye2 coro syari'at kito kon ndongo. Cuma nggih kudu mbok anggep aneh, syari'atlah yo ono anehe. Wong barang wes kliwat kok mbok dongani. Mulane

جَلَّ حُكْمُ الأزَلِ أَنْ يَنْضافَ إلى العِلَلِ

Jalla (moho luhur)
opo?
hukmul azali ( hukum zaman azali )
An yandhofa (an yento terkait, opo? hukum azal)
idhofah niku terkait, utowo nyendekno,
ilal 'ilali ( maring piro2 alasan)


Subhanallohi wa bihamdihi
'adada kholqihi
wa ridho nafsihi
wa zinata 'arsyihi
wa midada kalimatihi

Comments