Skip to main content

Resep Nikah Gus Baha | Resep Sederhana Pernikahan Gus Baha

 

Niki resep kulo, kulo nikah niku (tahun) 2000 sakniki (tahun) 2018. Nggih Alhamdulillah mboten pegatan. Meskipun kulo mbek bojo kulo niku benten sanget, niki kulo nyuwun ngapunten, bojo kulo wonten santri nikah wonten dados kulo teko piyambak. 


Nasehat Pernikahan 
Yang pertama Rileks
Resepipun nggih niku, kulo riyin teng sarang, sing kulo kenang dari nasihat pernikahan niku, Nasihate Nabi Muhammad Shollallohu 'alaihi wa sallam teng Shohabat Jabir. 

يا جابر هلا بكرا تلاعبها و تلاعبك

Sebagian riwayat diredakse aken,

تداعبها وتداعبك

Wonten riwayat sing luwih jelas, yoiku

تضاحكها و تضاحكك


Dados kulo suwun, sinten mawon engkang menikah, niku hindari ngendikan2 engkang serius.  Misale manggon ndi? manggon sedan opo manggon kudus? Ngko manggon sedan piye, manggon kudus piye? niku kerepoten. Wes pokok e umume manten anyar niku dirumat wong tuwo, ngoten mawong nggih. Wes dirumat wong tuwo, karek nduwe anak. Ngko lek rodok mangkel mbek bojone, eling anak e. Lek wong tuwo lagi mangkel mbek mantune eling putune. Pun Insyalloh pun berkah mpun sing umum2 mawon. Dados wes pokok e niku berkah. 

Niki penting kulo aturaken mergi katah tiyang2 kota, itu kalau mau nikah, niku pernak-perniknya diatur, niku katah sing cerai. Niku mergi nyulayani dawuhe Nabi. Semua riwayat sing kulo waos, niku pakai kalam khobar. Dados lak wani nikah prawon, yo wani mudhohakah, yo wani mula'abah, wani muda'abah. Artine nggih sing rileks2 mawon. Niki penting, karena kalau diredaksikan kalam khobar, niku berarti, Status pernikahan berarti nikah yang mudhohakah, muda'abah lan mula'abah. Wes pokok e rileks, kulo niku nganti sakniki mboten nate bojo kulo njaluk duwek kulo. Kulo mboten nate mbahas duwek mbahas urip niku piye? kulo nggih riyin merantau teng jogja. Bapak wafat teng narukan, terus teng narukan nggih mboten mikir kerjo opo? terus urip to ora nggih mboten mikir. Nganti sakniki kulo nggih mboten mikir. 

Nggih pikiran kulo sederhana, kulo termasuk penganut ilmu tasawuf, lek tiyang niku wek e Pengeran, dadi tanggung jawabe sing nduwe. Dadi kulo ndarani bojo kulo yo mamlukatulloh, nak kulo nggih milkulloh. Jeng mben cucu2 kulo nggih kawulane Alloh, dados nggih ditanggung sing nduwe, maksude Alloh Subhanahu wa Ta'ala. Dados kulo niku penganut sufi dalam.......model da'i tadbir. 

فما قام به غيرك عنك لاتقم به لنفسك


Cuma kadang2 embo2 alim fekih, tadbir nisfu ma'isyah, tapi rapati tak woco, mergi ketok e kok repot. 


yang Nomor dua, 
Terus nomer kalih, Niki sing gus Lubab kedah inget. Kulo nate didawuhi mbah moen, haa' kowe lak ngalim tafsir, Ayat iku genti asal usule asbabun nuzul. Kulo teksih eling, ngkok lak ketoro maknane, niki dawuhe mbah moen. Kawin ninggone wong mukminah, dados Alloh niku nglarang nikahul mukmin lil musyrikah. Utawi nikahul musyrik lik mukminah. Singkat cerita, musyrik lan musyrikah iku disifati Alloh. Ulaika yad'una ilannar. 

ولا تنكحوا المشركات حتى يؤمن 
ولأمة مؤمنة خير من مشركة ولو أعجبتكم 
ولا تنكحوا المشركين حتى يؤمنوا 
ولعبد مؤمن خير من مشرك ولو أعجبكم 
أولئك يدعون إلى النار 
والله يدعو إلى الجنة والمغفرة بإذنه 
ويبين آياته للناس لعلهم يتذكرون

Orang2 musyrik-musyrikah itu mengajak kamu masuk ke neraka. Tapi Alloh mestine ngendikan Wallohu yad'u ila nikahil mukminah, atau ila nikahil mukmin lek kangge tiyang muslimah. Tapi kalian Alloh digentos, wallohu yad'uu ilal jannati wal maghfiroti bi idznih. Dados kahanane nikahul mukminah, nikahul mukmin lil mukminah niku wes kahanane maghfiroh, kahanane jannah. 

والله يدعو إلى الجنة والمغفرة بإذنه 

Niku jelas mengganti kata Wallohu yad'u ila nikahil mukminah.  

mergi sangking ayat
ولأمة مؤمنة خير من مشركة ولو أعجبتكم 

lan nggantos ayat
ولعبد مؤمن خير من مشرك ولو أعجبكم 


Artosipun lak nikah niku pun statuse maghfiroh, pun statuse jannah, niku aneh, ono wong nikah kok tukaran, terus ribet mbahas duwek. Teng suargo iku raono mbahas duwek. Wes pokok e opo2 kecukupan, kepenak ngoten mawon. Niku, mulane kulo niku rapati ndongo, mergi radi2 sufi, dados kulo barokahe ayat niku Gusti, pokok e kulo niku teng suargo, wong dawuhe njenengan niku 

والله يدعو إلى الجنة والمغفرة بإذنه 

fal jannah laa ta'aba fiihaa wa laa masyaqqota wa laa kadza wa kadza...

Niki duko ijazah, duko mboten. Mengke ditashehaken sing alim2 niku. Tapi saya sudah merasakan 18 tahun. Tapi saya gak tahu nantinya gmn, saya gak tahu. Nggih mboten mikir kulo, sok mben kok dipikir. Dados niki penting kulo aturaken. Karena ini jadi ilmu tafsir yang saya kagumi. Saya ingat betul ketika saya pafam itu, saya cari padananya, 

فيه آيات بينات مقام إبراهيم ومن دخله كان آمنا
 ولله على الناس حج البيت من استطاع إليه سبيلا 
ومن كفر فإن الله غني عن العالمين

mestinya wa man kafaro itu menggantikan wa man laa yahujja ma'al istiho'ahKarena ndak haji ma'al istiho'ah hukumnya berat, Sama Alloh diganti wa man kafaro. Nah itu sesuai tafsire Rosululloh Shollallohu 'alaihi wa Sallam. 

من مات و لم يحج 
اي مع الاستطاعة
فليمت انشاء يهودي 
و انشاء ىسرنيا



مَنْ مَلَكَ زَادًا وَرَاحِلَةً تُبَلِّغُهُ إِلَى بَيْتِ اللَّهِ وَلَمْ يَحُجَّ فَلاَ عَلَيْهِ أَنْ يَمُوتَ يَهُودِيًّا أَوْ نَصْرَانِيًّا

Orang yang punya bekal dan kendaraan, yang bisa membawanya haji ke baitulloh. Tapi dia tidak melaksanakanya, maka jangan menyesal kalau mati dalam keadaan Yahudi atau Nasrani. 

Dan alhamdulillah, nikahul mukminah ini sama Alloh jelas diganti dengan  

والله يدعو إلى الجنة والمغفرة بإذنه 

Dan ciri utama jannah itu, laa ta'aba fiihaa wa laa masyaqqota wa laa kadza wa kadza... pokoknya semua keenakan itu ada di surga. Niki penting kulo aturaken, supados nikah niku mboten adu kekuatan. Nak mantune wong kudus, enak sugih. Nak mantune wong sedan biasane simpenane akeh. Mboten usah ngoten2an, wes pokoke Pengeran Sugih, ngoten mawon. Kulo niku lak jare tiyang2 lak keceluk mantu sidogiri, kulo nggih mboten mikir blas, nganti sakniki nggih mboten mikir. Pokok e kulo wong narukan kawulane Pengeran, rizki kulo ditanggung Pengeran, bojo kulo nggih nggih, anak kulo putu kulo nggih nggih. Sok mben misale mlarat, ganjarane jalur sabar, lek sugih jalur sukur. Wes pokok e kulo mboten mikir ngoten mawon, niki penting kulo aturaken. Nah niki sing mikir2 kersane gus lubab kersane konsultasi kalian pak faruq, Nggih ngoten mawon nggih, 

Assalamu'alaikum warohmatullohi  wabarokatuh

Comments