Skip to main content

Jangan Lupa Bahagia | Syukur dan Taqwa | Gus Baha

 

Termasuk penopang paling gampang adalah anda berislam secara senang, secara ceria. Supaya tidak kepikiran, nyuwun sewu, pindah agama atau pindah ke yang macem2. Makanya diantara rumusnya islam itu, 

رضيت بالله ربا

Rodhitu itu puas, sampeyan cari di kamus, ridho itu puas, marem. Ojo mbok woco tok ( rodhitu billah) nduwe Pengeran Pah Poh (sering ngeluh). Makane kulo berharap sampeyan itu jangan sering berdoa, nanti gampang kecewa, karena potensi gak mandinya lebih tinggi, gitu lho. Dadi pokok e sing seneng Pengeran, Pengeran kuwi sopo? sing nggawe langit bumi, sing ngekek i oksigen ora usah mbayar. Sing aku elek lah, yo payu rabi. Nyifati Pengeran sing wis2 terjadi, ora usah ribet, aku njaluk dadi bupati, njaluk sugih. Loh kulo lak keceluk wong alim, mboten nate ndongo nemen2, sing wis kliwat ae, Aku ki yo wong narukan yo nyatane payu rabi, umume wong nduwe mobil, kulo nduwe mobil. umume wong bingung yo sering melok bingung. Wong sampeyan kok ora top piye njajal??

Wong mlarat, sekolah yo ora tamat, yo ngirup oksigen, Presiden seneng, yo dadi presiden, kowe ngopi entuk utangan ya sudah senang. Terus muleh ora diusir bojo yo wis seneng. Sebenarnya seneng itu gampang, mbok yo nyifati Pengeran iku sing wis gampang2 lah, kayak di quran. 

الحمد لله الذي اطعمنا وسقانا

Aku wis mlarat lah nyatane kelar? mangan. Ya sudah yang gampang2. Lha sampeyan gak, kakean ndongo, pengen sugih. Kulo bolak balik crito, kulo nate didolani wong elek, ora ayu, elek sowan kulo. Kulo kenangan terbaik kulo dadi kyai nggih niku. Gus kulo dongakno dadi sugih. Tenane mbak? terus tak critakno, nak bojomu sugih, sing pertama ditoto opo? omah gus. Yo omah, ditoto. Suwe2, mobil ditoto alphard, terakhir sing dievaluasi iku sampeyan. Omah wes apik, mobil wes apik, sing elek opo? bojo. Iku sampeyan mesti kenek evaluasi, iku wes mesti, akhire ora sido gus, ora sido. Jadi kulo nate mbuli tiang terbaik, jadi kenangan kulo dadi kyai nggih niku. Akhire, iyo yo gus yo, kan gak mungkin, omah wes apik, mobil wes uapik, coba yang kamu evaluasi apa coba berikutnya?Artinya sudah lah, gak usah..... kepingin iku dikurangi lah. Hubungan kita dengan Alloh itu mensifati, itu insyaalloh, pasti lebih indah. Ya misalnya kita islam, alhamdulillahilladzi hadanaa li hadza.... Sudah, tapi sekali sampeyan mikir, wes tak rewangi islam yo rung mesti mlebu suargo. Woo.. mesti kenek was2 e syaitan, tak jamin. Tak rewangi sholat yo ra mesti, suargo. Tapi lak sampeyan alhamdulillahilladzi ja'alanaa minasy syajidin, minsy syakirin, wes aman. Maka alhamdulillah itu kalimat paling keren, makanya..

ويقولون لولا أنزل عليه آية من ربه فقل إنما الغيب لله فانتظروا إني معكم من المنتظرين

Dadi wes pokok e ngoten, urip niku wes ora usah kakean njaluk, potensi gak mandi itu tinggi. Sampeyan gak kutub, ndak abdal,  ndak apa saja. Yo wes ndongo umume, wong wong lah. Fid dunya hasanah, wa fil akhiroti hasanah, wa qina adzabannar. Hasanah mboh piye artine wes pokok e hasanah. Lek ora iso hasanah, yo rabi cah wedok sing jejenge hasanah. Karena kulo niku wes pengalaman dadi kyai, Angger wong kok kakean ndongo, berarti kakean ngeluh. Ya karena potensinya gak mandi. Njajal sampeyan ndongo opo? njajal? selama ini, njaluk mapan yo ora tahu mapan, njaluk sugih yo rakus, wes diparingi, coro Pengeran wes diparingi, coro sampeyan pingin lebih2. Maka saya mohon sekali, hubungan dengan Alloh itu nomor satu itu syukur. Syukur itu di atas taqwa, di Al quran itu ada fattaqulloha la'allakum tasykurun. Jadi takwa itu supaya ke derajat? syukur.

Comments