Skip to main content

Gus Baha | Bab Khowarij dan Mulhidin



Berikut ini merupakan transkrip Pengajian Gus Baha ketika menjelaskan tentang Khowarij. Semoga bisa menambah pengetahuan kita, Amiiin. Mohon maaf jika masih ada kesalahan dalam penulisan.

 


Bismillirrohmanirrohim
Baabu Qotlil khowariji wal mulhidina ba’da iqomatil hujjati alaihim.

Wa Qoulillahi ta’ala..

وما كان الله ليضل قوما بعد إذ هداهم
حتى يبين لهم ما يتقون
إن الله بكل شيء عليم
Surat At Taubah 115

 

وَكَانَ ابْنُ عُمَرَ يَرَاهُمْ شِرَارَ خَلْقِ اللَّهِ
وَقَالَ : إِنَّهُمُ انْطَلَقُوا إِلَى آيَاتٍ نَزَلَتْ فِي الكُفَّارِ ، فَجَعَلُوهَا عَلَى المُؤْمِنِينَ


Wa kaana ibnu umarun yaroro sirro kholqillah, 
wa qola hum intolaqi ayatan nazalat fil kuffar. Faja’aluhaa alal muslimin.




باب: قتل الخوارج والملحدين بعد إقامة الحجة عليهم
Babu Qotlil Khowariji, utawi bab kang nerangno utawi merangi kaum khowarij, wal mulhidiina lan wong sing ingkar, 
ba’da iqomatil hujjati, sak wise nerangno hujjah. Nerangno argumentasi kebenaran 
alaihim ing ngatase khowarij lan mulhidin. 


وقوله تعال
Wa Qoulillahi ta’ala lan dawuhe Alloh Ta’ala

وما كان الله
Wa maa kaanallohu
wamaa kanaa (lan ora ono, sopo? 
Allohu (Alloh)

ليضل
yudhilla (nyesatno, sopo? Alloh Swt)
qouman (ing kaum)

بعد إذ هداهم

Ba’da idz hadaaahum (sakwuse, nunjukno sopo? Alloh)
Hum (ing kaum) 

حتى يبين

hatta yubayyina (sehingga njelasno sopo? Alloh)

لهم 
lahum (maring kaum )

ما يتقون
maa (ing opo wae)
Yattaquuna (kang kudu nglakoni taqwa)
menghindari sopo? Kaum



وَكَانَ ابْنُ عُمَرَ يَرَاهُمْ شِرَارَ خَلْقِ اللَّهِ
وَقَالَ : إِنَّهُمُ انْطَلَقُوا إِلَى آيَاتٍ نَزَلَتْ فِي الكُفَّارِ ، فَجَعَلُوهَا عَلَى المُؤْمِنِينَ

Wa kaana ibnu umara, lan ono sopo ibnu umar
yarohum (iku ningali, sopo? Ibnu umar) / berpendapat sopo? Ibnu umar.

Hum ing khowarij. 
Ditingali?
siroro kholqillah (ing elek2 e makhluk e Alloh). 

Faqola mongko dawuh, sopo? Ibnu umar.
Innahum (sak temene khowarij) iku 
ingtholaqu, iku podo budalan 
sopo? 
Kowarij, 
ilaa ayaatin (maring piro2 ayat). 
Nazalat kang tumurun opo ayat, 
fil kuffari ing ndalem piro2 wong kafir. 
Fa ja’aluuhaa (mongko podo nggawe sopo? Khowarij)
haa (ing ayat)
digawe…
alal mukminin ing ngatase wong mukmin.


حدثنا 
عمر بن حفص بن غياث
حدثنا أبي
حدثنا الأعمش
حدثنا خيثمة
حدثنا سويد بن غفلة
قال علي رضي الله عنه إذا حدثتكم عن رسول الله ﷺ حديثاً
فوالله لأن أخرَّ من السماء، أحب إلي من أن أكذب عليه

وإذا حدثتكم فيما بيني وبينكم،
فإن الحرب خدعة، وإني سمعت رسول الله ﷺ يقول
سيخرج قوم في آخر الزمان، أحداث الأسنان، سفهاء الأحلام
يقولون من خير قول البريَّة، لا يجاوز إيمانهم حناجرهم، 
يمرقون من الدين كما يمرق السهم من الرميَّة، 
فأينما لقيتموهم فاقتلوهم، 
فإن في قتلهم أجراً لمن قتلهم يوم القيامة

Haddatsana umar bin hafs bin ghiyats, haddatsana abi, hadttsanal a'masyu, haddatsana khoitsumatu haddatsana suwaid bin ghofalah, qola Ali rodhiyallohu ‘anhu. Idza hadatsukum (nalikane nyritakne hadits insun, ing siro kabeh). an rosulillah shollallohu 'alaihi wa sallam. Haditsan (ing siji hadits).
Fawallohi (mongko demi Alloh)
La an akhirro (yektine yento kejungkel insun)
minas samaai (saking langit)
Aku kejungkel soko langit/ jatung soko langit, iku
ahabu ilaiya (luwih tak senengi maring insun)
min an akdziba ( tinimbang yen to berdusta, sopo insun)
alaihi (ing ngatase Kanjeng Nabi)


wa idza haddatstu (lan ing nalikane nyritakne, sopo? insun)
kum (ing siro kabeh)
fiimaa (ing ndalem perkoro)
bainii (kang antarane insun)
wa bainakum ( lan antarane siro kabeh)

fa innal harba ( mongko saktemene perang)
iku
khud'atun / khod'atun, harokate niku khud'ah atau khod'ah
(barang sing nipu)
wa innii sami'tu Rosulallohi shollallohu 'alaihi wa sallam
yaqulu 
sayakhruju qoumun (bakal metu, sopo? qoumun / kaum)
fi akhiriz zamani ( ing akhir zaman, ing ndalem masa  kelurusane shohabat)
ing akhir zaman kelurusane shohabat, mboten akhir zaman muthlak.
huddatsun asnaan (piro2 wong2 sing enom2 kabeh)
sufahaa-ul ahlami (sing goblok akale)
yaquluuna, podo ngucap, sopo? sufahaa
min khoiri qoulil bariyah (saking apik2 dawuhe e wong ). Maksude kanjeng Nabi.

Laa yujaawizu (ora nglangkahi, ora ngliwati, opo?)
imaanuhum (imane khowarij)
hanaajirohum (ing piro2 tenggorokane wong khowarij)
yamruquuna (podo lepas, sopo? kaum)
minad diini ( saking agomo)
kamaa yamruquu (koyo olehe lepas, opo? )
as sahmu (anak panah)
minar romiyyati (saking romiyyah, saking busur, gendewo? busur)

Fa ainamaa laqiituhum (mongko ning ndi wae, ketemu sopo? siro kabeh, hum ing kaum)
faqtuluhum (mongko merangio siro kabeh, ing kaum)
fa inna fii qotlihim (mongko saktemene ing ndalem merangi kaum)
ajron (ono ganjaran)
liman (maring wong)
qotalahum ( kang merangi, sopo? man  hum ing ing kaum)
yaumal qiyamati (ing ndalem ndino kiamat)



حدثنا محمد بن المثنَّى

حدثنا عبد الوهَّاب 

قال: سمعت يحيى بن سعيد 

قال: أخبرني محمد بن إبراهيم

عن أبي سلمة

وعطاء بن يسار

أنهما أتيا أبا سعيد الخدري

فسألاه عن الحروريَّة: أسمعت النبي ﷺ ؟ 

قال: لا أدري ما الحروريَّة؟ 

سمعت النبي ﷺ 

يقول

يخرج في هذه الأمة – ولم يقل منها – قوم تحقرون صلاتكم مع صلاتهم

يقرؤون القرآن لا يجاوز حلوقهم، 

أو حناجرهم، يمرقون من الدين مروق السهم من الرميَّة،

 فينظر الرامي إلى سهمه، إلى نصله، 

إلى رصافه، فيتمارى في الفوقة، 

هل علق بها من الدم شيء


Haddatsana muhammad bin mutsanna, haddatsana abdul wahab, qola sami'tu yahya bin sa'id, qola akhbaronii muhammad bin ibrohim, an abi salamah, an atho bin yasar, annahumaa ataya aba sa'id al khudri, fa asaluhu an hururiyati, saking kelompok haruriyah, suatu tempat sing didadekno perang jaman sayyidinaa ali. 
Asam'ta nabiya shollallohu 'alaihi wa sallam 
Qoola 
Laa adri mal  haruriyah
sami'tu nabiya shollallohu 'alaihi wa sallam
yaqulu 
yakhruju fii hadzihil ummah
wa laam yaqul minhaa
qoumun sopo? kaum
tahqiruuna (kang iso nganggep cilik, siro kabeh)
sholatakum ma'a sholatahum (sholatem dibanding sholat mereka kalah akeh)
yaqrouunal qurana ( podo moco sopo? kaum al quranan (ing quran))
laa yujawizu huluqohum ( ora ngliwati, khuluqohum tenggorokane kaum)
au hanajirohum (utowo kerongkongane kaum)
yamruquuna (podo lepas sopo? kaum )
minad diini (saking agomo)
muruqos sahmi (kelawan lepase anak panah)
minar romiyyah (saking busur)
fayandzurur romiy (mongko ningali sopo? ar romiyy, tegese wong sing manah)
ila sahmihu (maring panahe romiyy) 
ila nashlihi ila rishofihi (maknane pegangan sing kangge anak panah)
fayatamaaro fil fauqoh (fauqoh niku ing sak nduwure busur)
hal aliqo (onoto nggantung)
bihaa (ono ing panah)
minad dami (saking getih,)
opo? 
syai-in (opo? perkoro)



Niki penjengan rungokno tenan nggih, ampun salah paham. Niki kulo bolak balik nerangaken niki kitab bukhori, termasuk ashohhul kutub ba'da kitabillah. Lalu kitab bukhori nomor kaleh kitab muslim. Jadi yang disepakati ulama, yang disepakati ahlus sunnah, yang disepakati seluruh ulama di dunia kitab yang paling shohih setelah kitabulloh itu kitab bukhori dan muslim. Kalau kitab bukhori niku rata2 digae 3-4 jilid, kalau muslim 2jilid. 

Niki sing bade kulo terangaken malah masalah2 yang menjadi tragis untuk agama. Keshalehan2 yang justru menjadi tragis untuk agama. Niku jaman rosululloh disebut tiyang2 khowarij. Tiyang2 khowarij niku sholeh, sholeh pol. Sedino2 ne muk nderes quran tok, sholat tok. Wes pokok nderes quran sholat nderes quran sholat, wes pokok e ora tahu ruh salah. Ndarani wong zino yo kafir, ndarani maling yo kafir, ndarani koruptor nggih nopo? kafir. Mergo ndekne niku sholeh, yo sholeh ibadah wajibe, yo sholeh ibadah nopo? sunnah. Tapi jare kanjeng nabi, sholeh model ngene iki wajib diperangi. Mulane angger ono kyai sholeh nemen2 malah salah. Karena apa? ini bahaya bagi agama. Sholeh lek berlebihan itu bahaya bagi agama. 

Sampeyan tak critane, kelompok khowarij yang teridentifikasi oleh sejarah, yang sudah diamalkan jaman rosululloh, niku jaman ali. Yang banyak khithob tentang jaman khowarij niku sinten? jaman sayyidina Ali. Ketika Ali perang kaleh Muawiyah, perang saling bunuh, saling tikam saling menghujat, orang2 sholeh iku risih. Ruh Ali yo risih, jarene pemimpin islam, kok penggaweane perang, ngrasani wong. Akhirnya terus dia merasa sholeh dibanding Ali dibanding Muawwiyah. Mereka ndarani Ali yo bento, ndarani Muawwiyah yo bento. Ndarani Ali yo kafir, ndarani muawwiyah yo kafir. Akhire kelompok ini meyakini, mbunuh Ali yo ibadah, mbunuh muawwiyah yo ibadah. Akhire ini kelompok orang sholeh yang keluar dari tatanan ali, dan keluar dari tatanan muawwiyah. Walhasil bikin gerakan untuk anti ali dan untuk anti muawwiyah. Bahkan ketika Sayyidina Ali kirim pasukan ke mereka, mereka sedang nderes quran. Nderes Quran, poso, tahajjud. Ali dipeseni, lak onok kelompok ngono, ali kon merangi, sakwise iqomatul hujjah, sakwise mendapatkan penjelasan. Niki ampun salah paham, lek sampek salah paham neroko tenan. Loh tenan niki. Ini masalah paling sensitif dalam sejarah islam, mergo ngadepi wong islam, bahkan wong islam sholeh. Dadi ngadepi wong islam nopo? sholeh. 


Kulo wingi ngaji teng bojonegoro, kulo angger akhir bulan teng bojonegoro. Tadi malam masih teng bojonegoro. Dik ndalu nggih kulo terangaken masalah khowarij. Kenapa khowarij ini menjadi bahaya? karena ksholehan yang tidak punya perhitungan. Sholeh tapi goblok, misale ngeten. Misale ngeten, kulo contokno ngeten. Kulo contokno teng bojonegoro, teng mriki, teng pundi2. Misalnya tentang perempuan, perempuan itu dianggap fitnah. Semua tragedi sosial karena perempuan. Wong nakal, lali anak bojo, mergo katut wedok an. Kyai lali kitabe yo mergo kerono nopo? katut wedok an. Petugas lali tugas dan kewajibane katut nopo? wedok an. Sehingga yang namanya perempuan itu divonis, semuanya serba hitam. Harus dijauhi, harus....  Tapi yang dia tidak menyadari, kesholehan ini tanpa perhitungan. Ketika wong sholeh menjauhi perempuan, itu terus akhirnya perempuan didekati wong dzolim. Dan produksinya mesti produksi wong dzolim. Sakniki wong sholeh, bojo mung sitok, ra ngarah wani nambah. Anak muk loro... Artine umpomo mustofa iki wong sholeh artine muk nglahirno wong sholeh loro. Sementara wong dzolim mroduksi kedzoliman besar2an. Ning ndalan2 rabi, ning ndalan2 nduwe anak, lewat bojone, selingkuhane, lewat perkosaane, berarti produksi dzolim jauh lebih cepat. Produksi dzolim cepat, produksi sholeh lambat. Paham nggih? 


Mulane ono wong kok janggal poligami niku ora pati ulama, lak soal orawani, wedibojo, jujur wae, tapi ora usah ngait2no lek agomo salah dalam konsep poligami, mergo produksi dzolim mesti cepet. Njajal wong dzolim sitok, nyelingkuhi wong piro? faham nggih? hasil selingkuhan nduwe anak, hasil bojo sing ngganggo surat nikah nduwe anak, hasil perkosaan yo nduwe anak.  Produksi kedzoliman cepet, produksi sholeh lambat, nduwe anak loro wes ora iso ngekek i mangan. Faham nggih? artinye seandainya kesholehan itu dipukul rata terus menjauhi perempuan, karena dianggap fitnah, dianggap masalah, toh wong dzolim tidak menjauhi perempuan, maka rahim perempuan hanya melahirkan produksi?  kedzoliman.


Begitu juga menyangkut harta,  wong kudu adoh duwik, adoh macem2. Sing sugih wong dzolim, mergo ra menghindari harta. Sing sholeh kuere.. sing dzolim nduwe karyawan akeh. Iso nggawe kelompok night club, kelompok macem2, kelompok clubbing, mboh kelompok senam sing aneh2. Sing sholeh kuere.. kok nggawe kelompok, nggo nguripi awak e dewe ae, mengkis mengkis. Sehingga kesholehan anti harta punya akibat begini, kedepan punya akibat begini nantinya, kedepan punya akibat begini. Begitu juga menyangkut pangkat. Sing dzolim kompetisi, akhire jadi bupati dan wakil bupati. Sing sholeh malah mblesek, ketua RT wae ora payu. Padahal dalam undang2 tentu yang menentukan yang punya otoritas, sing nduwe otoritas ndzolim kabeh, akhire pornografi gak kriminal semua kesalahan gak kriminal. Sing sholeh mblesek, RT wae ora payu. Ndelik ning gunung ngangelno wong, nggashab ndekno moh.., opo ora pusing? 

Nah kesholehan khowarij itu nanti punya akibat demikian, andaikan ditoleransi punya akibat demikian. Maka Nabi pesen ning Ali, orang itu harus kamu lawan, bahaya bagi agama. Kelompok kesholehan sampai menghancurkan sendi2 kehidupan itu harus dibunuh. Karena bahaya bagi agama, kesholehan tapi bikin kekacauan. Nah itu khowarij.... Kulo niku berkali kali istikhoroh, kenapa seorang Rosul yang terhormat, oleh Alloh Swt disifati resmi, bi shorihil alfadz, dalam teori ushul fiqh kalau shorih itu layaqbalul mabhum. Harus dipahami demikian, artinya gak mungkin salah karena lafadznya eksplisit. 

وَمَاۤ أَرۡسَلۡنَا قَبۡلَكَ مِنَ ٱلۡمُرۡسَلِینَ إِلَّاۤ إِنَّهُمۡ لَیَأۡكُلُونَ ٱلطَّعَامَ وَیَمۡشُونَ فِی ٱلۡأَسۡوَاقِۗ
Surat Al Furqon 20

Kulo niku berkali kali ngaji teng sarang, padahal teng sarang niku basise pesantren. Saya itu ngomong, bahwa kadang2 seorang ulama itu wajib kadang2 jalan2 di pasar, ning terminal pokok e ning ndalan2, sing enek wong akeh. Kenapa? Karena kalau seorang nabi, seorang ulama, seorang wali, orang2 sholeh tidak mengakui proses sosial yang bernama transaksi bai', itu akan bahaya bagi agama. Sekarang gak ada kriminalitas pencurian, penggarongan, penyabotan, pengemplangan dan sebagainya itu barokahe pasar. Karena pasar ini masih sesuai dengan fitrotallohillati fathoronnaasa alaihaa.
 
فِطۡرَتَ ٱللَّهِ ٱلَّتِی فَطَرَ ٱلنَّاسَ عَلَیۡهَاۚ
Surat Ar Rum 30

Dimana manusia ingin memiliki sesuatu harus lewat transaksi. Nak kepingin gedang goreng kudu tuku lewat transaksi, kepingin entuk gulo yo tuku lewat? transaksi. Ingin memiliki sesuatu juga harus beli lewat? transaksi. Dengan demikian ada ketertiban umum. Nah memiliki sesuatu lewat transaksi itu fitrhotallohi, sunnah manusia. Karena mereka risih dengan yang namanya maling nggarong jambret. Coba kalau gak ada pasar, orang ingin memiliki sesuatu lewat nggarong, lewat (kejahatan) dan sebagainya. Maka dunia akan kacau. Dan tugas seorang Rosul adalah mengakui proses fitrah, proses kultur manusia yang sudah benar yaitu ingin memiliki sesuatu lewat transaksi. Karena (dengan ini) negara menjadi stabil, komunitas menjadi stabil. Oleh sebab itu Alloh dawuh, wa ahallallul bai'a wa harromar riba. Alloh sangat menganjurkan yang namanya bai' transaksi, yaitu jika orang ingin memiliki sesuatu, lewat nopo? transaksi. 

Kenapa Rosul sampai didesain sampai sedemikian oleh Alloh Swt, kalau gak? nanti agama hanya urusan iktikaf, urusan tahajjud, urusan qiyamul lail, urusan poso sunnah. Padahal ciri utama agama adalah satu ibadah mahdhoh (kados sholat sujud.... ) nomor dua muamalah (ibadah sosial). Dan muamalah ini tertib, kalau orang ingin memiliki sesuatu lewat bai' atau transaksi, bukan jalan pintas nyolong atau nggarong. Nah proses agama yang kedua ini diakui oleh para Rosul lewat mereka yo gelem dagang di pasar. Semua Nabi punya sejarah sebagai pedagang.  Nak sing ora pedagang, koyok wali2 afdhol, sing penting seneng ning pasar. Mulane kulo teng sarang wani matur, lak ono kitab bahwa ning pasar iku nggugurno muruah iku sing ngarang ora pati ngalim, mesti ora pati ngalim, kliru. Wong ayate shorih, kok ditentang? Kecuali ayate mafhum lho... wa yamsyuna fil afwaaq ayate nopo? shorih. Dalam semua tradisi keulamaan, nentang ayat shorih itu tidak bisa, kalau mafhum, mungkin yang mafhum salah. Tapi kalau shorih? gak bisa.... 

wa yamsyuna fil afwaaq

Sampeyan tak critani, kanjeng Nabi itu pernah ditanya. Umumnya Nabi itu kalau ditanya amal paling baik itu apa.. mboh dijawab tahajjud mboh poso sunnat., beliau ketika ditanya jawabe? kasbur rojul biyadihi. 

Ikhtiyar terbaik itu apa Ya Rosulalloh. Qul.. aiyul kasbil ajab .. qol kasbur rojul biyadihi, wa kullu bai'in mabrur. 

Amal terbaik itu kowe kerjo nganggo awakmu dewe. Nomor loro semua transaksi sing benar. Bai' sing benar... Kulo lek ngartikno bai' mboten jual beli, (tapi) transaksi. Sampeyan lek ngalim tahqiq ngerti nggih, kados teng kitab mu'in wahab, angger muni kitabul bai' itu maknane kitab transaksi. Oleh sebab itu dibawahnya nanti ada qord, syirkah, ada salam, ada apa....(apa2 tentang transaksi) karena bai' itu artinya nopo? transaksi. Dadi bai' mboten jual beli faqod, tapi artine transaksi. Makanya kalau di kitab2 fiqih, kitabul muamalat dimulai kitabul bai', nanti dibawahnya ada? ada qordu ada syirkah ada qirodh, ada macem2. Karena bai' niku makna dasare nopo? transaksi. 

Nah dengan ada transaksi itu ada ketertiban umum, karena disitu pola sosial sehat. Dadi orang mendapat sesuatu ora lewat nggarong, ora lewat nggento, ora lewat nyopet. Nah agama tinggal ngakui ini. Bahwa itu juga agama. Nah niki intine ngeten, klirune khowarij, mestinya setelah ada orang ingin beli sesuatu lewat transaksi, yaitu agama. Ada orang ingin jual beli secara sehat, yaitu agama. Nak ngono agomo iku loro, agomo sing koyok ibadah mahdhoh koyok sholat sunnat, agomo sing koyok muamalat yang benar, sing koyok transaksi. Nah Rosul itu disuruh ngakui, sing koyok sholat iku yo sholeh, poso yo sholeh, transaksi secara legal nggih nopo? sholeh. Dan itu juga agama. Termasuk agama jual beli secara benar. Nggolek nafaqoh anak istri juga termasuk? agama. Imathothul ada anith thoriq juga termasuk agama. Semua kebaikan agama.. kata Nabi wa kullu ma'rufin agama. Semua kebaikan namanya nopo? agama. Nah orang khowarij, hanya mereduksi agama dengan kesholehan subyektifitas. Misale ndekne iktikaf ning masjid, onok wong moro pasar, wong kok kedonyan, akhirate kapan? Ono wong ngaji istighosahan, terus onok wong transaksi ning alun2 olehe ibadah kapan? amen mergawe rino wengi, kedonyan. Sehingga nanti agama tercerabut dari hukum sosial, dan itu bahaya bagi agama. Nah wong khowarij itu jare Nabi kon merangi, karena nopo? mereduksi agama hanya untuk urusan ibadah mahdhoh. 

Saya punya catatan hadits shohih sing diriwayatno Imam Ghozali, suatu ketika Nabi itu jagongan ning teras masjid, kalih sahabat2 sing podo iktikaf. Niku teng ihya bab fadhilatul kasbi. Bab fadhilahe kerjo, terus ono cah nom gagah nggowo cangkul, mboh ape ning kebon kurmo opo nopo? ora ngarah kebon pari, ora ono parine. Terus jarene shohabat2 sing coro kene rukhin mustofa, shohabat sing seneng ngaji. Halla  yakunu jalladuhu fillah. Wah cah iku akan lebih baik lak gagahe dinggo iktikaf, kesholehane dipakai iktikaf. Kok amen ngurusi donyo ae. Halla taqulu kadzalik, kamu jangan komentar demikian, dia mungkin kerja untuk nyarikan nafkah ibunya, atau mencarikan nafkah untuk istrinya dan itu baik. Oleh sebab itu agama dalam konteks Indonesia gak pernah kalah. Mulane aku ndarani, kyai paling sukses yo aku. Lak kyai sing senengane ngaji, kroso sing ngaji sitik, wong kok seneng ngaji, amen kedonyan wae. Lha lak kulo kan mboten, misale 
  • onok sing ngaji yo apik, wong ngaji. 
  • Sing ning pasar yo apik, wong nglakoni nggolek nafaqoh anak bojo. 
  • Sing saiki macul ning sawah yo apik, wong kerjo. 
Dadi aku nganggep sukses, wong umatku baik2 saja. Lha salahe kyai, sing nganggep sing apik sing melu kelompok e ndekne, istighotsah. Sehingga ndarani, ono kyai mulang ora ono sing ngaji, malah do kedonyan ning sawah. Akhirnya dia merasa kalah, mergo sing ning sawah luwih akeh timbang sing ngaji (faham nggih). Dia cara berfikir salah, maka dia merasa kalah terus. Prempas- prempus.. wes ngono kliru coro kanjeng Nabi. Ndekne sing dibelo belo kanjeng Nabi, jebule kanjeng Nabi nyalahno. Opo ora loro?? lha koyok kulo kan santai, sing ngaji yo ben ngaji, (pun biasa teng tonggo2), sing teng sawah yo ben teng sawah, pokok e apik. Karena kemenangan agama sebetulnya di hal2 yang demikian, dan itu memang agama. Sampeyan cek di Quran di Hadits, semua perilaku sosial yang benar itu ya bagian dari agama (20.19)




Comments