Skip to main content

Gus Ghofur Maimoen | Ekstremisme dalam beragama

 

Assalamu'alaikum warohmatullohi wa barokatuh
Bismillahirrohmanirrohim
Alhamdulillahi robbil 'alamin

Innalhamda lillah, nahmaduhu wa nasta'inuhu wa nastaghfiruh
wa na'udzubillahi min syururi anfusinaa, wa min sayiaati a'malinaa
man yahdihillahu falaa mudhillalah, wa man yudhlilhu fa laa hadiyalah

Asyhadu An Laa ilaaha illallohu wahdahu laa syarikalah
Wa Asyhadu Anna Sayyidanaa Muhammadan Abduhu wa rosuluh

Allohumma sholli wa sallim wa barik ala sayyidinaa wa habibinaa 
wa qurroti a'yuninaa Muhammad wa 'ala alihi wa ashabihi wa dzurriyatihi

wa atba'ihi wa man saaro 'alan nahji ilaa yaumil qiyamah


Robbisyrohlii shodrii
wa yassir lii amrii
wahlul uqdatan min lisaanii
yafqohu qouli, aamin


amma ba'du


Dumateng ngarsanipun poro 'alim ulama, poro kyai, engkang saestu kuwulo hormati. Ing ngarsanipun hafidzol quran, nderek aken tadarusan Al quranul karim, pimpinan yayasan menoro, pondok masjid al aqsho, Pondok menoro kudus, wonten kyai najib hasan, engkang saestu kawulo hormati, wonten kyai nainal muna engkang saestu kawulo hormati, bapak2 engkang hadir teng majelis pitulasan, 


Alhamdulillah... 
wonten ing ndalu puniko, malem pinten nggih? malem kalih tigo, malem telu likur nggih, alhamdulillah, sampun tinggal beberapa saat kita bade nderek idul fitri, Romadhon pinten ndinten. Mugi2 Romadhon engkang tinggal pinten ndinten meniko saget kelaksanaan dengan baik, kualitasnya semakin meningkat,  Alhamdulillah mugi2 nderek saget kepanggih lailatul qodar. Aamin yaa robbal 'alamin. Poro rawuh engkang dipun mulyak aken Alloh Swt. mboten nyongko engkang rawuh luar biasa meniko, jama'ahipun katah, milai saking awal ngantos sakmeniko. Dipun ngendikaaken kinten2 setunggalewu gangsal atus. Luar biasa meniko. Tadarusan Al Quranul Karim, ngurip2 wulan Romadhon, kawulo dipun kengken kalih panitia, dipun suwuni tentang judul nopo, sing kiro2 saget diaturaken malam niki. 




Tathorruf

Sing kulo aturaken bicara tentang tathorruf. Tathorruf niku ekstrim, mboten teng tengah-tengah. 

التطرّف

Jadi teng pinggir, thorof niku pinggir. Ekstrim niku maknane nggih sami, diujung. Beragama berada di ujung. Nggih mugi2 wonten manfaatipun, kulo nggih nyatet niki teng ndalan, kulo ngerpek niki nggih, kulo padosi dalil2 e. Kulo padosi definisinipun, kulo padosi quranipun, hadits2 kanjeng Nabi Muhammad Saw. Kulo maosaken ngoten mawon. Dados mboten patio kados ngaji2 teng pondok.  Cuman niki namung sedinten, namung setunggal jam,  nopo kirang sekedik, nopo langkung sekedik. 


Mbahas masalah 

التطرف الديني

Ekstrim di dalam beragama. Ekstrim meniko maksudipun kulo tingali wau tenggene KBBI, Kamus Besar Bahasa Indonesia, Ekstrim niku nopo to? ternyata maknane niku berada di ujung. Tathorruf niku maknane dari kata thorof, wonten ing pinggir, berada di Pinggir.  

Wong sing teng pinggir niku nggih medeni, gampang ceblok, nggih nopo mboten? gampang jatuh.  Coro wong numpak truk, ngoten nggih, coro truk e nggoling sitik wae, coro sing kenek sing teng pinggir niku wau. Pokok e nopo2, (coro) kenek angin, nggih sing kenek nggih sing teng pinggir. Njungkel yo sing kenek sing pinggir. Makakno, ekstrim niku tidak dikehendaki sama sekali di dalam agama. Sama sekali mboten dipun kehendaki. Engkang dipun kehendaki di dalam agama niku adalah nopo engkang dipun ngendikaaken dening Alloh Swt. 


وَكَذَ ٰ⁠لِكَ جَعَلۡنَـٰكُمۡ أُمَّةࣰ وَسَطࣰا
Surat Al Baqoroh 143

Yang dikehendaki nggih meniko, agar umat islam meniko berada di tengah. Karena tengah niku jaminan keamanan. Aman niku berada di tengah. Keterjagaan niku nggih teng tengah. Kalau wong dijogo niku maknane dikelilingi oleh para penjaga, dia berada di tengah. Dadi meniko terasa aman. Tengah niku juga berarti Ash Shirothol Mustaqim. Kita setiap hari berdoa ihdinash shirothol mustaqim. Shirotholladzina an'amta 'alaihim. Ghoiril Maghdhubi 'alaihim waladh dhoolin amin. 


Shirothol Mustaqim
Jalan yang lurus itu di antara al maghdhubi 'alaihim dan antara ad dhoolin. Al Maghdhub niku biasane ditafsiri jalane orang yahudi. Kalau ad dholin niku biasane ditafsiri nggih meniko orang2 nashrani. Jadi di antara orang Yahudi, dan di antara orang2 nashrani. Kenging nopo? agama yang dibawa Nabi Muhammad niku berada di Tengah antara Yahudi dan Nashroni, karena dua2nya meniko ekstrim. Sing siji ektrim banget senenge, sing siji ektrim banget bencine. Sing Yahudi niku sangking bencine karo Nabi Isa 'alaihissalam, niku takok mawon mboten kerso. Saking bencine kalih? Nabi Isa. Saking bencine, takok mawon mboten kerso. Gak mau bertanya, langsung dihukumi. Bilih Nabi Isa meniko anak dari zina, ora nduwe bapak, Pramilo, menurut orang yahudi, Nabi Isa meniko kedah dihukum mati. Sampai orang yahudi menyampaikan kepada pimpinan orang romawi pada saat itu, untuk menghukum Nabi Isa, untuk disalib. Jadi Nabi Isa disalib niku gara2 yahudi. Saking bencine kalih? Nabi Isa Alaihissalam. Wong lek wis kadung benci niku, tanpa bertanya langsung dihukumi. Pomo gelem takon ngono, onok mempere sekedik2. Ora ekstrim olehe benci. Keranten mboten wonten tiyang niku elek murni niku mboten wonten. 


Sebaliknya, ada di ujung sebelahnya tiyang Nashroni. Tiyang nashroni niku saking senenge kalian Nabi Isa, ngakoni menungso mawon mboten patiyo gelem. Langsung saking senenge diangkat setinggi2nya, sampai koyo2 Pengeran. Jadi sing siji niku saking bencine anak zina. Sing siji saking senenge karo Nabi Isa, diangkat setinggi2nya melupakan bahwa Nabi Isa itu adalah manusia. Meniko sama2 ekstrime. Lah sing bener sing nopo? niku wau... ihdinash shirothol mustaqim. Menganggap Nabi isa itu adalah orang yang suci. Nabi, tapi tetep menungso, tidak diangkat setinggi2nya, sampai menjadi Pengeran. Nggih niku Ihdinash shirothol mustaqim. Niki sing dimaksud nggih meniko, 

وَكَذَ ٰ⁠لِكَ جَعَلۡنَـٰكُمۡ أُمَّةࣰ وَسَطࣰا
Surat Al Baqoroh 143

Kalian umat islam didadekno tengah2, lek benci yo ojo nemen2, lek seneng yo ojo nemen2. Sampun kados pilpres kados wingi. Saking bencine Pak Presiden niku, ora PKI dadi nopo? PKI. Maasyaalloh, takon mawon mboten purun, langsung divonis, niku saking bencine. Niku lek coro Al Quran meh podo wong Yahudi. Niku saking bencine mboten purun takon, mboten purun nopo2, yowes Isa niku pokok e anak zina. Kerono ihdinash shirothol mustaqim, shirotholladzina an'amta 'alaihim ghoiril maghdhubi 'alaihim wa ladhdholin.

Ibunipun Nabi Isa, Maryam, niku nggih sami. Sangking bencine kalian ibune Nabi Isa, Maryam, niku diarani ibu pezina. Saking bencine... kon takon mboten purun. Sing siji saking senenge, sebagian mengangkat ibunya (sebagian, tidak semua) sebagian orang nashrani mengangkat dia sebagai Tuhan. Sebagian lagi mengangkat dia sebagai Ibu Tuhan. Ning, orang islam tetep menganggap dua2nya adalah manusia. Kito teng ndunyo meniko menganggap manungso niku gak ono sing apik gak nduwe kesalahan,  yo ora ono. Elek sampek ora nduwe keapik an nggih mboten wonten. Mengganggap manusia meniko kados mekaten, niki ateges mengikuti nopo engkang diajaraken Al Quranul karim. Bahwa beragama meniko pun ngantos berada ning pinggir2. Pinggir sing banget bencine, utawi pinggir sing banget mencintai. 

Poro rawuh engkang dipun mulyakaken dening Alloh Swt. Pramilo ngendikane kanjeng Nabi Muhammad Saw. ngendikanipun? nggih kulo namung ngaji ngoten mawon. 

إياكم والغلو في الدين فإن الغلو أهلك من كان قبلكم

Ojo ngasi beragomo niku berlebih2an. Ghuluw.. berlebih lebihan. Wong ndisek, niku rusak, niku gara2 berlebih-lebihan. Saking berlebih2ane, olehe gak seneng ndunyo sampek ora gelem nikah, dadi Rohbani. saking senenge kalian ndunyo.. sampek lali lek nikah niku wonten toto corone. Dilakoni tanpo toto coro, ning agomo islam, mengajarkan berada di tengah2. Ngendikane Ibnu Abbas, lek mboten salah. Sabab wurude niku sederhana. Kanjeng Nabi ngengken kalih Ibnu Abbas. Kengken njupuk watu kangge mbalang? mbalang jumroh. Lajeng dipun pundutaken kalian Ibnu Abbas, watu engkang cilik2. Ngendikane kanjeng Nabi yo ngene iki bener awakmu, ojo sampek mbalang jumroh nganggo watu sing gedi2. Kowe kok njupuk watu gedi2 niku termasuk ghuluw fiddin. Tiyang umroh niku kadang2 wis ngertos kadang2 ghuluw. Njupuk watu akeh2 diadahi wadah aqua, mangke lek mpun ntek, mpun jatahe ping pitu, teng aquane isine watu niku taksih luwih. Niku sak botol2 e diantemno.  Kulo nate, iki opo? botol aqua isine watu, wonge niku mpun jatah mbalang ping pitu mpun rampung, niku luwih diantemno pisan. Saking semangate, untung gak mbalik, nggih mboten?  Lek mbalik.. sesama setan dilarang membalang. 


Niku sabab wurude sederhana, Kanjeng Nabi kepingin mengajarkan ojo ngguluw. 

قُلۡ یَـٰۤأَهۡلَ ٱلۡكِتَـٰبِ لَا تَغۡلُوا۟ فِی دِینِكُمۡ غَیۡرَ ٱلۡحَقِّ

Surat Al Maidah 88

ojo niru kalian ahlul kitab engkang rumiyin2, lek wis kadung ngguluw.. tenanan ora karu2an. Lek wes senengane ngibadah, gak gelem srawung kalian menungso. Lek wes kadung srawung menungso, ora gelem ngibadah. Dipun seneni dening Al Quranul Karim. 

قُلۡ یَـٰۤأَهۡلَ ٱلۡكِتَـٰبِ لَا تَغۡلُوا۟ فِی دِینِكُمۡ غَیۡرَ ٱلۡحَقِّ

Selain ghuluw..
Niki kulo maos2aken nopo engkang dipun dawuhaken teng Al Quranul Karim engkang saget kulo gali. Ngendikane kanjeng Nabi malih, 

هلك المتنطعون  

 قالها ثلاثا 

Wong sing njerok2no perkoro, niku bakal rusak. Ngendikane kanjeng Nabi ngeten niki ping tigo. Onok wong kok njerok2no perkoro, dijerokno terus, dijerokno terus, niku bakal rusak. Rusak tenanan. Ngendikane kanjeng Nabi, mengko lak wes ora kuat, suwe2 mengundurkan diri, suwe2 nggawe langgar gak tahu metu. Saking rakuate. Ape dagang, angger ketemu wong ditakok i, pak njenengan yotrone saking pundi? halal nopo mboten? njenengan minum niki, minumane ngko teko proposal? sing ora2. Gak sido ngombe. Kabeh ditakok i, arepe moro ning warung ditakokno, pak sampeyan nyembelehe pripun? pun bener nopo dereng? kabeh niku ditakokno. Sampek ape mangan ora kolu, jenenge halakal mutanaththi'uun. Ape wudhu banyune ditakokno, sumbere teko ndi? najis ta ora? kabeh ditakokno.. mumet kabeh. Ngendikane kanjeng Nabi halakal mutanaththi'un halakal mutanaththi'un. Mengke lungo maneh tenggene luar negeri, ape mangan, kabeh ditakokno. Carane nyembeleh piye? kabeh ditelusuri gak sido nopo2, mboten saget nopo2.  Kebangeten olehe takon pitakonan puniko. Kuabeh segala sumber ditakokno, akhire mboten saget nopo2. Meniko lajeng, ngendikane Kanjeng Nabi, wong meniko lajeng mengundurkan diri dari dunia. Niki kiro2 nuwun sewu, wong NU modele koyok ngene, gak onok partai Politik, nggih nopo mboten? kiro2 NU mboten gadah wakil presiden. 

هلك المتنطعون

هلك المتنطعون

هلك المتنطعون


Dadi, khusyuk lak kekhusyuk en sampai gak ngerti fekih, gak ngerti hadits niku nggeh ngeten niki dadine. Mergo khusyuk nopo? kekhusyu'en sing sampek medeni meniko. Poro rawuh engkang dipun mulyak aken dening Alloh Swt. 

Niki banjur Kanjeng Nabi ba'do nyritakno wong sing olehe kebangeten tokan takon, kabeh ditakokno sampek bingung kabeh, lajeng kanjeng Nabi, maos ayat. 

وَرَهۡبَانِیَّةً ٱبۡتَدَعُوهَا مَا كَتَبۡنَـٰهَا عَلَیۡهِمۡ 

Surat Al Hadid 27

Dipun waosaken, akhire tiyang2 rumiyin, engkang mempersulit diri kados mekaten meniko, jatuh kepada rohbaniyah. Jatuh kepada? kependetaan. Sing kependetaan niku mboten nate dipun wajibaken dening Gusti Alloh, mboten nate dipun ajaraken dening Nabi Isa Alaihis Salam, mboten nate dipun ajaraken sedanten kemawon. Meniko ngendikane kanjeng Nabi naliko nafsiri, ayat engkang kawulo waos niku wau. 


ربنا آتنا في الدنيا حسنة وفي الآخرة حسنة وقنا عذاب النار

Poro rawuh engkang dipun mulyak aken dening Alloh Swt. Pramilo termasuk beragama engkang dipun ajaraken Kanjeng Nabi Muhammad, meniko dongo2 sing sering kito waos menunjukkan bilih agomo engkang kito derekaken meniko benar2 di tengah2. Dongone Robbana Aatina fid dunyaa hasanah. wa fil akhiroti hasanah. Ya Alloh mugo2 ndunyone nggih sae, akhirote nggih nopo? sae. Mboten kok akhirote tok sing sae lajeng ndunyone mboten sae, utawi sewalik e, ndunyone sae, akhirote mboten sae. Kalih2 ipun lek saget umat islam meniko sae.  Ndunyone nggih sae, robbanaa atinaa fid dunyaa hasanah. 

تنقيح القول الحثيث بشرح لباب الحديث

Kulo niku kolo wingi maos kitab naminipun tankihul qowil hadits.  wonten bab niku namine fadhilatil fakhri, bab keutamaane nopo? fekir. kulo khawatir santri kulo ujuk2 kepingin fekir kabeh, kiamat.... Lajeng kulo sampekno, bagi umat islam fekir niku secara umum masalah. Ning sebagian wali, mboten masalah. Ning lek digawe seluruh ukuran wong islam, niku nopo? masalah. Ning sebagian tiyang, fekir niku pancen mboten masalah. Kadang2 pancen nggolek kefekiran. Wong kanjeng Nabi ndungone Allohumma ahyiinii miskiinan.  Ning kangge tiyang katah, meniko masalah. Keranten menawi sedanten umat islam niku fekir, acara niki mawon mboten wonten. Hukume haram, kyai ngaji fekir niku hukume haram, wong mboten patiyo wali, nggih nopo mboten...? Robbanaa atinaa nopo? fiddunyaa hasanah, wa fil akhiroti hasanah wa qinaa 'adzaabannar. 

 

ربنا آتنا في الدنيا حسنة وفي الآخرة حسنة وقنا عذاب النار



Dungane kanjeng nabi maleh, engkang dipun ajaraken damel kito nggih, 

Ya Alloh Gusti, mugi2, agomo kito nggih sae, nduyon kito nggih sae, akhirote nggih nopo? sae. Alhamdulillah. 


Kanjeng Nabi nalikane masuk tenggene madinah, niku penguasa ekonomi? niku Yahudi. Keranten tiyang2 dagang, meniko wong yahudi. Keranten kanjeng Nabi mendatangkan, pinten2 pedagang saking mekah. Nekakno abdurrohman bin auf, pedagang sukses. Nekakno Sayyidinaa ustman, nekakno sayyidinaa umar, nekakno pedagang2, meniko kanjeng Nabi Muhammad Saw. Kepingin ndunyone nggih sae, sing nguasai ndunyo nggih tiyang islam, sing nguasai akhirote nggih tiyang islam. Niku kanjeng Nabi kepingin dua2nya meniko berjalan kanti sae. 


Poro rawuh engkang dipun mulyak aken dening Alloh Swt. Lajeng ngendikane Alloh Swt. 

یَـٰبَنِیۤ ءَادَمَ خُذُوا۟ زِینَتَكُمۡ عِندَ كُلِّ مَسۡجِدࣲ وَكُلُوا۟ وَٱشۡرَبُوا۟ وَلَا تُسۡرِفُوۤا۟ۚ

Surat Al A'rof 31
Yaa bani aadama khudzu zinatakum inda kulli masjid. Khudzu zinatakum inda kulli masjid. Ngalapo sopo? siro kabeh ing perhiasan siro kabeh. Perhiasan niku maksude nopo? klambi engkang sae2. Kowe lek moro masjid, jum'at2 nganggo klambi sing apik2. Lek coro sarang niku kadang2 klambine rodok lengkuk2 an. Niku lak ditakoki jarene lillahi ta'ala. Moro masjid, klambine wes anu, gak memper sitik2. Rodok ngetril sitik2 niku lek ditakok i nopo? lillahi ta'ala.  Padahal ngendikane Gusti Alloh 


خُذُوا۟ زِینَتَكُمۡ عِندَ كُلِّ مَسۡجِدࣲ وَكُلُوا۟ وَٱشۡرَبُوا۟ وَلَا تُسۡرِفُوۤا۟ۚ

Surat Al A'rof 31
Khudzuu zinatakum inda kulli masjid. wa kuluu wasyrobuu wa laa tusyrifu, dahar yo minum ning ojo luweh2. Ampun berlebih2 an, sunahe kanjeng Nabi, sunahe kanjeng Nabi lek dahar sampun selesai nalikane kepingin. Niku sunahe kanjeng Nabi. Dadi lek pas kepingin dahar, mpun berhenti. Kito niku lek kadung lesu, luesu, lek kadung wareg, nopo? wuareg.  Kanjeng Nabi meniko dahar sudah selesai sebelum benar2 selesai. Wa laa tusyrifuu ampun berlebih2an. 


قُلۡ مَنۡ حَرَّمَ زِینَةَ ٱللَّهِ ٱلَّتِیۤ أَخۡرَجَ لِعِبَادِهِۦ وَٱلطَّیِّبَـٰتِ مِنَ ٱلرِّزۡقِۚ قُلۡ هِیَ لِلَّذِینَ ءَامَنُوا۟ فِی ٱلۡحَیَوٰةِ ٱلدُّنۡیَا خَالِصَةࣰ یَوۡمَ ٱلۡقِیَـٰمَةِۗ كَذَ ٰ⁠لِكَ نُفَصِّلُ ٱلۡـَٔایَـٰتِ لِقَوۡمࣲ یَعۡلَمُونَ

Surat Al A'rof 32

Lalu wonten crito, teng tafsir2 teng buku2 niku dipun ceritaken, Kanjeng Nabi.... (niki mboten wonten tiyang estri, dadi mboten patiyo saru) Kulo niku lek mangan daging, nyuwun sewu, kelamin kulo niku kepingin wong wedok mawon. Wonten sahabat ngeten niki, lek zaman riyin wonten, kiro2 zaman sakniki nggih wonten, nggih nopo mboten. Makakno kanjeng Nabi, daging niku kulo haramno. Kalih kulo, daging niku haram. Mergo kulo angger mangan daging niku, fikirane mboten2 Kanjeng Nabi. Ngeten niki dipun seneni dening Kanjeng Nabi. 

لا تحرم  الطيبات ما احل الله لكم

Riyin niku teng pondok wonten, saking gregetene pingin iso sinau gak iso sinau, mangan kapur barus. Subhanalloh, niku coro wonten kanjeng Nabi diseneni. 

لا تحرم  الطيبات ما احل الله لكم ولا تعتد

Meniko... masyaalloh, Al Quran ngajari dateng umate kanjeng Nabi, supados bisa berada di tengah2, ampun ekstrim. Ampun saestu, ekstrim meniko ampun. Berada di ujung kebencian nggih ampun, saking buencine karo daging sampek dipun nopo? haramaken. Saking senenge daging, mbendino? mangan daging. Meniko carane kanjeng Nabi ngajari dateng kito sedanten. Tiyang menawi ekstrim, meniko pinten2 afaat ( fitnah). Ekstrim, mumpung seneng Al Quranul karim. sedino moco 5 juz, Maasyaalloh. Moro tenggene mbah Sunan Kudus, rong juz. Sesuk moro ninggone Demak, telung juz. Sesuk meneh, dugi tenggene Muria patang juz. Pumpung seneng... lakon seminggu, maringono ilang. mboten maos Al Quranul Karim. Onok afaate (fitnah2 e) tiyang ngguluw niku nopo? 

Pertama
Niku mboten kuat, tiyang2 niku mboten kuat. Nek dene kuat, niku paling mboten suwe. Dadi afate sing pertama niku diluar kemampuan orang banyak. Wonten jenenge Mu'ad bin Jabal Rodhiyallohu 'anhu. Mu'ad bin jabal niku mirsani Kanjeng Nabi, mergo Kanjeng Nabi niku lek sholat ndelok makmume. Lek makmume ketok e pantes dijak dowo, yo dijak dowo, niku Kanjeng Nabi. Lha Mu'adz niku pengalamane, 
 Mu'adz bin Jabal niku pengalamane karo kanjeng Nabi niku lek sholat yo lumayan suwe. Kanjeng Nabi sholate yo suwe, aku tak melok suwe. Dipraktekno teng kampunge, niku Mu'adz bin Jabal rodhiyallohu 'anhu. Bareng dipraktekno tenggene kampunge, wonten sing protes, lha kok protes kenopo? Sholat niku wong kanggo ngibadah eling Gusti Alloh, gara2 Mu'adz kesuwen kulo malah mikire mikir unto. Iki piye kok gak bar2 untoku piye, dadi sholat iku karepe eling Gusti Alloh, dadi eling nopo? unto. Dadi sholat niku, rukuk yo mikir nopo? Unto.. sujud yo mikir nopo? Unto... gak sido khusyu', makakno lapor dening Kanjeng Nabi. Lapor dening Kanjeng Nabi, Mu'adz dipun panggil, (kowe tenan to ora? jarene wong.....) niku dawuhe Kanjeng Nabi affatanun anta ya mu'adz, kowe iku sholat ndadekno fitnah wong. 

يا معاذ أفتان أنت - أو فاتن ثلاث مرار

Makakno lak jare kulo niku, jenenge traweh niku apik ndi? sing suwe karo sing cepet? Yo ndelok2 makmume. Kulo riyin teng kudus niku, pun terkenal ning menoro niku setunggal juz niku pun terkenal. Dadi wong kok moro menoro niku berarti siap suwe. Kok ning menoro gak siap suwe niku berarti mboten salahe imam.  Berarti salahe nopo? makmum. Tapi kok onok langgar cilik, kok suwe, (nah) niku salahe imam. Wong trimo langgar cilik wae, mbingungi wong. Ndadekno wong sholat traweh ora eling Gusti Alloh, eling nopo? wau?? eling Unto niku wau. 

أفتان أنت
يا معاذ

Kulo niku sadar, mergo kulo niku nduwe anak. Anak kulo lek nyeluk kulo kan babah, babah.. lek sholat ojok suwe2. Kulo niku malah gak iso mikir Gusti Alloh, gara2 sholate rodok nopo? suwe. Niku dielingno anak kulo, bener berarti yo... berarti lek ngimami bocah cilik, yo rodok cepet sitik2. 

أفتان أنت
يا معاذ

Ono meneh sing sholat, laku subuh2 suwi. Langsung mundur, mboten sios Jama'ah mergo Imame nopo? suwi. Dilaporno dening kanjeng Nabi, kanjeng Nabi duko kanti tenanan. Duko tenanan Kanjeng Nabi. Ngendikane Kanjeng Nabi, yang maknanya

من أم بالناس فليتجوز

Sopo wonge ngimame wong akeh, sing cepet. Haditse ngoten e.. fal nopo? yatajawwaz. Nyeneni tiyang meniko, nyeneni wong sing sholate kesuwen mergo ngejak wong (malih) ndadekno repot kabeh. Meniko Kanjeng Nabi Saw. ngajari pinten2 shohabat. 


Ngendikane Sayyidina Umar, niki kulo cateti, ngendikane Sayyidina Umar, kowe ojo ndadekno Gusti Alloh digetingi wong akeh. 

لا تبغض الله  إلى عباده

Kowe ojo ndadekno Gusti Alloh digetingi? wong akeh. Niku mboten kok masalah sholat tok, Allohu Akbar niku lek kebablasen, yo digetingi wong akeh. Tanah abang niku, pedagang2 niku geting karo Gusti Alloh, goro2 Allohu Akbare mboten benar. Loh saestu, ngendikane Sayyidinaa Umar, 

لا تبغض الله  إلى عباده

Ojo ndadekno Gusti Alloh digetingi makhluk e dewe. mergo salah olehe mraktekno agamane. Mulo ngendikane pinten2 ulama, kok ono wong kok sampek ora seneng karo islam, ojok salahno islame, salahno wong sing memperlihatkan islam kanti mboten? sae. Islam sing asale apik, dadi ora apik. Niku sing disalahno sing menjajakan islam, ampun disalahno.. islame. 


Affatipun maleh, menawi tiyang meniko kebablasen. Niku umuri mboten suwe, engkan kulo ceritaken meniko. mulakno ngendikane Kanjeng Nabi Saw, 

اكْلُفوا مِن الأعمالِ ما تُطيقونَ

Kerjakno ngamal2 sing kowe dewe mampu, lek ora mampu ojo.  Lek ora mampu ojo dilakoni. Mergo nopo? ngendikane kanjeng nabi? mergo gusti Alloh iku gak bosen, sampai awakmu bosen. Mergo onok sebagian garwane kanjeng nabi. Kanjeng Nabi mlebet teng Masjid, antarane soko kalian soko niku kados wonten garite. Kados wonten taline, lha terus kanjeng Nabi takon, lho iki masjidku onok tali, tali kanggo opo iki? di dawuhi kaleh? shohabat, niku gadahane garwone njenengan. Loh dinggo opo? niku lek sholat Kanjeng Nabi, lek keselen cekelan tali. Saking olehe kepingin, niru kanjeng Nabi. Lak kok iso ngono kenopo? mergo ndelok sholate kanjeng Nabi, lek sholat niku pun suwe, niku sikile (aboh) Aku tak sholat ngasi aboh cah. Tapi ora kuat, kerono ora kuat, cekelan nopo? tali. Mergo pingin niru? kanjeng Nabi. Mulakno kanjeng Nabi sering menyampaikan ojo niru aku sing model ngene2 iki. Aku iku nduwe keistimewaan, ojo mbok tiru sing model ngene2 iki. Aku ngono nduwe keistimewaan sing ora mbok nduweni. Udari udari... lajeng ngendikane kanjeng Nabi niku wau, kowe lek nglakoni opo ae sing mampu, lek ora mampu ojo mbok pekso, mergo lek mbok pekso, kowe bosen, Gusti Alloh melu nopo? melu bosen. 


Angger sholat kok mulai bosen, mbok terusno, Gusti Alloh lho ndelok sholatmu lho.. bosen. Iki sholat opo? iki. Sholat kok mikir unto. 

اكْلُفوا مِن الأعمالِ ما تُطيقونَ
Karena hadits meniko teruse, 
وكان أحَبُّ العَمَلِ إليه أدْوَمَهُ، وإنْ قَلَّ


Sak apik2 e ngamal niku sing langgeng walaupun sitik. Mergo langgenge ngamal niku, rahasiane wong dadi wali. Mulakno dipun ngendikaaken, al istiqomatu khoirun min alfi karomah. Istiqomah niku luwih apik timbang sewu karomah. Mergo rahasia wong kok ono sing dadi wali, iku mesti nduwe ngamal sing istiqomah. Mergo mbesuk yen kiamat, wong niku mlebu suargo niku nganggo gendero. Wong niku kagungan gendero dewe2. Ono sing genderone, gendero sing tukang poso, diundang karo malaikat. Hee.. tukang poso, monggo teko.. Mengke nderek sing tukang nopo? poso. Wong sing ahli sholat dipanggil, hei wong sing ahli sholat, dipanggil. Mulane rahasiane wali niku nduwe ngamal engkang istiqomah. Molakne dipun ngendikaaken al istiqomatu khoirun, min alfi karomah. Yahene yahoho sampai umur sekian, sampai umur sekian, gak tahu lali moco quran, walaupun ming 5 ayat. Lho niku waline Gusti Alloh.  Walaupun 5 ayat, ning dilakoni 5 tahun, niku waline Gusti.. Alloh. 

Sing akeh niku kan, lek kober 3 lembar, lek gak kober yo mung... lha niki. Niki sing mboten... (dadi wali). Dhuha lek kadung kober 8 roka'at, lek ora kober 3 wulan. Lah lak yo masalah niki. Dadi waline Gusti Alloh namung 3 dino. Engkang telung wulan mboten dadi waline Gusti? Alloh. Ono sing ahli ngaji, mbesuk dipanggil, hei tukang ngaji.. lha awake dewe niki suwe2 yo repot, dipangil.. aku yo mlebu to ora?? ora mlebu, ngko dipanggil sing liyane gak mlebu. Lha terus piye? mlebu suargane terus nganggo nopo? Yo katut ngoten mawon mugi2, amin ya robbal? 'alamin. Ngendikane Kanjeng Nabi, suk iku nalikane dino kiamat, malaikat iku undang2 ahli opo ae diundangi sitok2, pramilo sitik2 gadah amal istiqomah wa in qola, ngendikane kanjeng Nabi. 

Ono niku sing ngamale shodaqoh, angger mlebu masjid rongewu. Mending, pokok e rongewu istiqomah. Malaikat niku mbendino nyatet, ndahneo lek aras2 en, rong ewu cah.. tapi kok terus, niku malaikat semangat akhire. Niku, adwaamuhu wa in nopo? wa in qolla, ngendikane kanjeng Nabi Muhammad Saw. 


Poro rawuh engkang dipun mulyak aken dening Alloh Swt. Mergo nopo? tiyang niku lek ampun kebablasen, niku wonten aspek2 engkang dipun kalahaken. Wong niku lek kebablasen, ada aspek sing ditinggalkan. Olehe semangat ngibadah, olehe sholat niku semangate gak karu2an, mbendino sholat, mbendino sholat, niku mangke ada aspek yang terlupakan. Bojone ape takok, sungkan. Bojone sing asale turu wong loro, iki kok ra tahu turu wong loro? iki piye? ada aspek yang terlupakan. Suwe2 anak e yo takon, bapak kok gak tahu ngawasi aku kok amen sholat wae. Ada satu aspek yang ditinggalkan ketika orang itu fokus dalam satu hal sing tenanan. Lali sosiale, lali nikine, lali nikine, mulane kanjeng nabi pesen, dipanggil abdulloh bin amru bin ash.  Dipun panggil dene kanjeng Nabi, kowe kok jarene lek awan poso, lek bengi sholat dalu. Nggih kanjeng Nabi, rumangsane ape dilem. dadi semangat.. woo nggih kanjeng Nabi. Padahal ape diseneni niku, rumangsane bade dilem, mulakno semangat, nggih kanjeng Nabi. Ojo.. ojo.. tak kandani, ojo.. ngendikane kanjeng Nabi nyeneni sinten? Amru bin ash. Ojo.. kowe lek nglakoni lek nglakoni iki tenanan, lali sing iki, iki tenanan lali sing opo? sing iki. Pun mboten usah ngoten2 niku wau. Niku kanjeng Nabi pesen...


Kisah Abu Darda dan Salman Al Farisi
Abu Darda kaleh Salman al farisi.  Salman niku nalikane moro tenggene madinah, mlebu islam dipun persaudaraaken kaleh abu darda. Bareng dipun persaudaraaken kaleh abu darda, akrab, salman niku tiyang pinter, abu darda niku ahli ngibadah, dados rencang saestu. Angger wonten tiyang hijroh tenggene madinah, akan dipersaudarakan kalih tiyang pundi?  madinah. Kecuali sayyidinaa Ali. Sayyidinaa Ali mboten dipersaudaraaken kaleh sinten2 ngendikane kanjeng Nabi, anta akhii, mulakno Sayyidina Ali niku luar biasa, kowe saudaraku. Niku kanjeng Nabi kalih sinten? Sayyidina Ali. 

Salman niku moro teng omahe abu darda. Abu darda mboten wonten, namung wonten istrine. Dibatin kalih salman, wong wedok nduwe bojo, kok ora macak blas ki ono opo? Mergo biasane wong wedok niku lek nduwe bojo niku kan macak. Nggih nopo mboten? macak ngoten biasane wong wedok niku. Niku diparani niku gak macak blas. Dimpet ae, dimpet ae, lajeng ditakokno. Sampeyan kok gak macak kenopo? Lha laopo macak? lha bojoku takon wae ora, takon wae lho ora. Lha kok ora piye? 


Angger awan poso, angger bengi nopo? sholat (ngibadah). Dadi blas gak macak. Yo wes nek ngono, lek teko ngkok tak kandanane abu darda. Bener, lajeng pas abu darda kundur teng daleme, onok salman teko, dihormati, disembelehno wedus.  Bareng disembelehno wedus, diaturi dahar. Monggo dahar, lha njenengan? kulo poso, jarene Abu Darda. Sumpah salman, Demi Gusti Alloh aku moh mangan lek ora karo kowe. Jarene Salman iki tamu kurang ajar, niku jarene Abu Darda, sing awale poso dadi mboten nopo? poso. Tamu ngilangi ganjaran yo iki. Tapi hormat karo tamune? tetep di dahar. Bengi2 ayo turu... gak aku lek bengi gak turu. Monggo njenengan engkang sare, kulo mboten sare. Salman sumpah maleh, demi Gusti Alloh, aku ogak bakal turu, lek ora bareng karo awakmu. Nggonduk2 nggih turu piyambak e. Yo mangkel, ganjaran ilang tenan. Niku jarene sinten? abu darda. Bareng bengi2 jam rolas tangi, dicekel karo salman maleh, ojo sik, kowe lek tangi aku melu tangi, walaupun aku mangkel. Turu maneh...  Dadi jam rolas ape tangi niku mboten sido.  Turu maneh. Mangkel abu darda niku, mergo kelangan nopo? ganjaran. Dadi mangkele niku nggih sae, mergo mangkel kelangan nopo? ganjaran.  Jarang2 onok wong mangkel kelangan nopo? ganjaran. Niku nggih nopo? sae, niku abu darda. 

Bareng pun wayahe sahur, jam tigo, jam setengah tigo, tangi, ngendikane salman. Saiki lek wes tangi, aku tak melok tangi, ayo sholat bareng. Lajeng bareng2 dipikar pikir kalian abu darda, saking gregetene, sowan tenggene kanjeng Nabi. Nglaporno salman, kanjeng nabi.. wonten nopo? dulur kulo mboten genah kanjeng nabi, niku jarene sinten? Abu Darda. Lha piye? Kulo kelangan ganjaran katah, gara2 sinten? salman. Lha ono opo masalahe? terus crito niku wau. Kulo niku biasane entuk ganjaran poso, kanjeng nabi... ilan ganjaran kulo. kulo biasane maos quran, ilang ganjaran kulo. Kulo biasane entuk pirang2 roka'at kanjeng nabi, ilang ganjaran kulo. Gara2 sinten? salman. Salman dipanggil, dadi kanjeng Nabi niku kross and cek e iku luar biasa. Mboten kados sakniki niku, angger kabar di shar share shar share.  Wes mboten genah blas. Kanjeng Nabi niku bade nyeneni, niku nggih dipanggil riyin. Niki tenan to ora? kabar niki? nggih leres kanjeng Nabi. Terang nggih kanjeng nabi, leres. Lha maksudmu opo? Lha nggih to kanjeng Nabi, mesakno bojone tho kanjeng Nabi. Mesakno bojone to kanjeng nabi, onok wong kok tenanan ing ndalem satu masalah, tanathu' fiddin, onok masalah2 liyo kemudian dia menjadi hilang. 

Saking seneng olehe sinau sinau, gak tahu mikir liya2ne. Niku nggih masalah. Niku ngendikane kanjeng Nabi Muhammad. Niku lajeng ndawuhi tenggene? salman al farisi kalian Abu darda, dulurmu iki sing pener, salman iki sing pener. Lajeng matur, bojomu yo nduwe hak, mripatmu yo nduwe hak,  tamumu yo nduwe hak, ikimu yo nduwe hak. Kabeh iki nduwe hak, fa a'thi kulla dzi haqqin, haqqohu. Setiap hak, niku berikan kepada dia. Lek kowe hanya memberikan satu hak tok, niku bermasalah. 


Poro rawuh engkang dipun mulyak aken dening Alloh Swt. Kulo riyin, niku wonten tiyang kulo rasani, niku nggih bener nopo mboten. Nalikane kerjo, pegawai tenggene kantor, niku angger teko niku, digolek i.. kene wes antri2. Lajeng ditakok i, pegawaine dereng mlebet, nembe sholat dhuha.  Masyaalloh, sing kene ngenteni suwe ditinggal sholat nopo? dhuha. Niku janjane sing sae niku sholat dhuhane, nopo? pase wektune niku. Nuwun sewu, niki lek mboten pas nggih.. fa a'thi kulla dzi haqqin haqqohu. Mulakno ngibadahe president kaleh ngibadahe kyai niku nggih bedo. Lek kyai kan pancen ngibadahe ngulang kaleh wiridan, nggih nopo mboten. Namine kyai niku gak nduwe urusan nopo2, nggih namung niki wau urusane. Kok wonten kyai, kurang wiridan niku nggih rodok masalah. Pekerjaane niku nopo? wiridan. 


Poro rawuh engkang dipun mulyak aken dening Alloh Swt. Madzohirul Ghulu (penampakan orang yang kebangeten). Lajeng, tiyang engkang, kebangeten niku pripun nggih. Ketok e penampakanya orang yang kebangeten niku pripun? 

Niku tiyang engkang kebangeten niku (kapeng siji) siji, niku gadah ta'ashub yang luar biasa terhadap pendapatnya sendiri. Niku tiyang ngguluw.. tidak menerima pendapate tiyang katah. Niku pun termasuk nopo? ghulwun. Wong lek nyekel pendapate, niku koyo2 pendapate wong liyo niku wes salah. Niki lek mupun urusan politik nuwun sewu, niku ngguluwne kadang2 koyok2 sing bener sing A sing bener sing... padahal niku politik niku fiqhul fiqhi.  Fekihe fekih niku urusan politik. Nalikane kanjeng nabi meniko wafat, ulama jaman semanten, poro shohabat. Anshor nggih nyalokno, abu bakar umar, nggih nyalokno, ahlul bait sayyidina ali nggih nyalokno. Masing2 punya calon, ahlul bait punya sinten? sayyidina ali. Shohabat2 muhajirin gadah calon sinten? abu bakar. Anshor gadah calon, sa'ad bin mu'adz. Ning sing dadi sinten? Sayyidina Abu Bakar. Nah presiden niku kan namung setunggal, masalahe mboten wonten president niku kaleh kan mboten nopo? wonten. Mboten saget oyok2 an kan mboten saget. Sayyidina ali nggih, yowes a.. lek sing dados abu bakar nggih monggo, njenengan kan saget ngoyok?? ojo.. lek aku ngoyok sing rusak wong islam. Iku ngendikane sayyidina ali. Ono sing ora trimo, pimpinan anshor. Sampai sayydina abu bakar di baiat, niku piyambak e dereng kerso. Ning mboten ngajak sinten2 dimpet karepe dewe, mergo ngerti lek ngejak wong liyo niku akan jadi nopo? masalah. Pramilo lajeng tentrem, meniko tentrem.

Dipun tinggal dening kanjeng Nabi, Sayyidina Abu Bakar dados kholifahipun. Mergo fiqhul fiqhi niku diantara adalah masalah? politik. Mulakno taashub meniko menjadi masalah. Ketika sudah berpendapat, langsung menyalahkan pendapatnya orang lain. Terutama masalah2 fiqh, ini bagian dari al ghuluw fiddin


Nomer kalehipun. yang termasuk ghuluw fiddin niku, madzabe awake dwewe (corone awak e dewe) dipaksakan kepada orang lain. Dipaksakan kepada orang lain, nah niku wes, nggulwun fiddin tenan. Aku seneng sholat, angger wong tak kongkon nopo? sholat. Aku dadi kyai, nduwe wiridan akeh, angger wong moro omahku, tak kek i wiridan sing nopo? sing akeh. Ora ngerti lek sing tak kek i wiridan niku tukang mbecak. Lha niku lak tak kek i wiridan sing akeh, terus ngayuh becak.. lak malah mboten pas niku. Memaksakan nopo engkang dadi madzhabe dipaksakan kepada seluruh tiyang katah. Padahal wong niku bedo2 antara satu dengan orang nopo? orang lain. Mulakno kanjeng nabi meniko nopo engkang beliau lampahi, kalian nopo engkang beliau ajaraken teng tiyang niku sok bedo bedo. Kanjeng Nabi niku kadang2 poso niku rong ndino poso. Mergo nopo? kanjeng nabi rong dino poso? pancen ora nemu opo2. Kanjeng Nabi moro teng garwane Sayyidah A'isyah, wonten sarapane nopo mboten? Mboten wonten Kanjeng Nabi, yo wislah tak poso. Buko gak ono sing di dahar, nggih dilanjutno ngoten mawon. Sesuk kanjeng Nabi pindah teng garwane sing lintune, lha kanjeng nabi niku garwane songo, dadi coro dino niki moro teng nggene sayyidah A'isyah, sesuk pun teng ndaleme garwo sing lintu. Garwane mergi pinten? songo. Mboten saget dipun tiru. Angger sing niru niki mesti wali palsu. Kan wonten niku wali palsu, nabi palsu niku, ngomonge aneh2. Titenane Nabi palsu niku wahyune nopo? aneh2 tur enak2. Niku titenane, nabi angger palsu, niku niku titetane. Wahyune aneh2 tur penak2. 


Mergo angger wali karo nabi lek palsu, niku angger wahyu kok gak penak, sing dicurigai mesti sing ngekek i wahyu, iki mesti teko setan, kok ketarane ora penak. Tapi lek nabi tenanan, niku repot2 dilakoni. Repott... tetep dilakoni. Nabi Ibrohim, entuk wahyu nyembeleh nopo? putrane. Misale teng garwo sing kene gak onok daharane, diterusno... sesuk teng garwo liyane gak onok daharane maneh, diterusno maneh (poso maneh). Dadi rong dino bleng kanjeng Nabi niku poso, nggih kanjeng Nabi niku rong ndino bleng niku poso. Lha kanjeng Nabi niku punya masalah, gerak gerik e niku diawasi shohabat. Sak gerak gerik e diawasi shohabat. Kanjeng Nabi laopo, niku diawasi. Sarene diawasi, mireng.. opo piye... niku diawasi kabeh, ditakokno kabeh. Aduse barang niku ditakokno kabeh. Masyaalloh Kanjeng Nabi Muhammad Saw. Awak e dewe coro diawasi wong dua puluh empat jam, yo wis masyaalloh. mboh ketok apik e mbok ketok elek e, nggih nopo mboten? Ning Kanjeng Nabi diawasi 24 Jam. 


Ning bareng Kanjeng Nabi diawasi 24jam onok sing niru. Rong ndino poso, rong ndino nopo? poso ngebleng. Diseneni kaleh kanjeng Nabi. Sahabat niku diseneni nggih matur, njenengan kok nyeneni kanjeng Nabi, njenengan nggih nglampahi. Mergo kanjeng Nabi nggih diawasi 24 Jam. Garwane Sholat, ngangge nopo niku wau? cekelan tali. Niku mergo ngawasi kanjeng Nabi. Ning (terkadang) kanjeng Nabi nopo engkan dilampahi, niku mboten nopo engkang dipun sampek aken. Mergo, kadang2 sing dilampahi kanjeng Nabi niku kuat dipun lampahi tiyang katah. Ora mesti kuat, mergo sing disampekno meniko tergantung tiyange. Nek pawak an kyai, mesti abot sitik2. Wis mesti niku,  onok wong kok pawak an nopo? kyai, dadi muride kanjeng Nabi, niku nggih diabotno sitik2. Pengalamane mesti yo rodok abot. Lek kiro2 gak pawak an kyai, nggih sing enteng2, kiro2 nggih wau niku, coro traweh niku qulhu niku wau. Onok wong crito, kanjeng Nabi lek traweh qulhu, niku sawangane nggih mboten pawak an kyai, mergo pengalaman kalian kanjeng Nabi niku benten2 antara satu dengan yang lain, niku tergantung....


Pramilo termasuk nggulu niku wau, memaksakan nopo engkang dipun lampahi, kangge sedanten tiyang. Ngejak tahajjud sak deso, monggo setunggal deso, mengke dalu tahajjud sedanten. Sak deso dijak nopo? tahajjud. Akhire tahajjud sedanten, tapi onok sing nggrundel barang. Wong jenenge dijak tahajjud sak deso. Dilakoni satu minggu niku, apa yang menjadi pilihanya dipaksakan untuk seluruh orang. Padahal ngibadahe wong niku bedo2 antara satu dengan? orang lain. Waktune nggih bedo, dowo pendek e nggih bedo. 


Termasuk ngguluw, niku gampang suudzon kaleh tiyang. Angger ora podo karo awak e dewe, langsung suudzon, niku nggih termasuk nopo? ghulwun fiddin. Kene bar tahajjud, ngawasi wong bar tahajjud terus suudzon, wong iki gak tahu tahajjud sawangane, yo ngono barang, wong bar entuk ganjaran kok ngrasani wong barang. Niki sing dadi masalah, kakean suudzon. Bar nyemplungno shodaqoh tenggene masjid, 50rb, onok wong sing nomor loro, nyemplungno diawas2i gambare opo? Cek gampange suudzon kaleh tiyang. Ghuluuwun fiddin adalah nopo? (gampang) suudzon. Biasane ngeten niki, wayahe pileg pilpres, niku gontok2 an, kadang sesama muslim gampang melakukan suudzon. Mulakno ngendikane Kanjeng Nabi Muhammd Saw. 

إذا سمعت الرجل يقول هلك النَّاسُ فهو أهلكهم

Kowe lek krungu wong lanang ngomong, wong2 wis do rusak kabeh. Ngertio yo.. sing ngomong iku paling rusak. Ngendikane Kanjeng Nabi. Aku ning kampung, elek kabeh wonge, wonge elek....? kabeh. Lha kowe kok krungu onok wong ngene iki, ngendikane Kanjeng Nabi? fahuwa nopo? ahlakuhum dek ne sing paling rusak, mergo kakean suudzon. Koyok2 wong wes elek kabeh, sing apik ming ndekne tok. Fahuwa ahlakuhum. Bengi2 misale tahajjud dewek an, kampung iki wis ora ngerti... bilih tiyang meniko gadah ibadah engkang nopo? benten2, antara satu dengan yang lainya niku.. bedo2. Ono sing turu mboten ngibadah, mergo menyiapkan sesuk e ben mboten ngantuk. Mergo lek bengi ngibadah, sesuk nopo? ngantuk. Mulakno mboten angsal melakukan suudzon antara muslim satu dengan muslim satunya. Karena setiap orang meniko gadah ngibadah engkang piyambak2. 


Poro rawuh engkang dipun mulyak aken dening Alloh Swt. niki mpun setunggal jam nggih, kulo mboten saget nerusaken, jane nggih sik tasek enten materi, tapi khawatir ghuluw. Mengke ngaji malah mikir  bojo barang, mengke njenengan ditelfon, kok mboten dugi2, kyaine ngoyot. Mengke kulo sing disalahno, ape nggolek ganjaran, Mugi2 wonten manfaatipun. Amin yaa robbal alamin, kirang langkungipun nyuwun agunging pangaksami,

wallohul muwafiq 
ila aqwaamith thoriq

al afwu minkum
wassalamu'alalikum warohmatullohi wa barokatuh. 






 

Comments