Skip to main content

Catatan Nasihat Mbah Moen tentang Kehidupan | Kyai Maimun Zubair


Milo saking meniko poro rawuh, Gusti Alloh Suhanahu wa Ta'ala ndamel, urut2an, mulai daripada Nabi sampai sekarang, tujuh urutan. Pancen menungso iku (anune) pitu. Mulane wong iku didelok pitu2, 


Tujuh kali satu ( 7 Tahun )

Pitung tahun, masa harus belajar.


Tujuh kali dua ( 14 Tahun )

14 tahun, kudu wes dewasa. ojo sampek onok bocah SD sing umur 14 tahun. 


Tujuh kali tiga ( 21 Tahun)
Pitu ping telu? 
selikur, iku kudu wes lulus di pendidikan menengah. Dadi rong puluh habis pendidikanya menengahnya. 


Tujuh kali empat ( 28 Tahun)
Pitu ping empat, wolu likur. 
Kudu wes pinter. Kok onok wong 28 tahun kok urung kawin, pancen tuwo kowe, tak kandani yo. 


Tujuh kali lima ( 35 Tahun) 
Wolu likur tambah pitu? telung puluh limo.  Kok ora nduwe pekerjaan, pawak an pengangguran, kowe tak kandani. Mergine pitu2 menungso, nggih nopo nggih? 


Tujuh kali enam ( 42 Tahun)
Saiki pitu ping pinten? 
Pitu ping 6, pinten? 42. Maknane asyud ning quran. 

وَلَمَّا بَلَغَ أَشُدَّهُۥ وَٱسۡتَوَىٰۤ ءَاتَیۡنَـٰهُ حُكۡمࣰا وَعِلۡمࣰاۚ وَكَذَ ٰ⁠لِكَ نَجۡزِی ٱلۡمُحۡسِنِینَ

Nak wis asyud, fekir kowe,
42 kok Fekir, pawak an fekir, kowe tak kandani yo. 

42 kok ono perkembangan, pawak an berkembang. Mulane wong lek wis 42 ojo pindah2 pekerjaan. Wis nasibmu iku, tak kandani yo. 


Tujuh kali tujuh ( 49 Tahun) 

Patang puluh loro tambah pitu pinten? patang puluh songo. 49 wis ora perlu nggolek sugih kowe. Lek fekir, wes pesti awakmu selawase pancen pesti pekir terus. Katek 49 ditransmigrasi, ngguwak umur, tak kandani yo. 


Tujuh kali delapan ( 56 Tahun) 
Patang puluh songo fambah pitu pinten? seket nem, wes neng omah wae yo. 


Tujuh kali sembilan ( 63 Tahun) 
Seket nem ditambah pitu? sewidak telu, wes pantes mati tak kandani yo. Nggih too nggih.Milo menungso, dedege karo pecahe mesti pitu. Pasti, mulane pitu iki dieling2. Mulane tawaf pitung ubengan, sai  pitung ubengan. Kowe mangan, nek iso yo papat tambah telu, lek ora iso yo yo papat tambah telu, ora iso 4 sehat, lima sempurna. Lek iso yo papat telu, tak kandani kowe yo. 


Sifat Ma'ani 

Ngaweruhi sifate Alloh sing sifag haqiqi, muk pitu tok. Jenenge sifat ma'ani. Fa qudrotun, irodatun, sam'un, bashor, hayatunil ilmu kalam.

  1. qudrat, 
  2. irâdat, 
  3. sama'
  4. bashor 
  5. hayatun
  6. 'ilmu
  7. kalam

Iku sing jenenge, sifat ma'ani.  


Awet Urip
Lek kepingin awet urip, Kepengen awet urip nopo mboten? lek turu ojo kurang pitung jam. Dadi lek turu sehat iku (pitung jam). Ora, (wong2 iku) turune muk 4jam, sing liyane dinggo main, njajal wonten nopo mboten? Biasane wong main mesti gelis mati, kowe tak kandani yo, mergo turune kurang pitung? jam. Kerja sing apik yo pitung jam. 

Pitu kaleh pitu pinten? 14. 

Liya2ne nggawe anak, guyon, umbah2 ngepel. Dadi pitu ping telu pinten? Selikur. (Ngibadah) iku sitik wae, telung jam. Ojo akeh2, tak kandani yo. Mulane wong jowo akeh sing fekir, mergo ngibadahe luwih 3jam.  Nggih nopo mboten??

Penak niku, penak.. 


يسروا ولا تعسروا وبشروا ولا تنفروا

yassiru wa laa tu'assiru, basyiruu walaa tunaffiruu


--

Milo saking meniko poro sederek poro bapak, Sakmangke meniko alhamdulillah. Santri sing pinter agomo membaur dengan anak2 pelajar, nggih nopo mboten? Anak pelajar yo butuh santri, santri yo butih anak pelajar. Kulo niku asale nik mulang kitab kuning tok. Pancen kulo niki turunan kitab kuning. Ngertos kuning nopo dereng? Mpun nopo? dereng? Kitab kuning, artine dos pundi? Mpun pirso nopo? dereng?

Kitab iku kitab,  kuning iku kosong. Mergo coro arab, kuning niku kosong. 


أصفر الوجه

Ashfarul Wajhi kosong raine


صفر اليدين

Shifrul yadain  kosong tangane

ono wong kok ora nduwe duwek, diarani shifrul yadain


صفر

Shifr shofru niku kuning, nggih kosong.

Dadi maknane kitab kuning iku, kitab sing ijek kosong. Kosong, artine iso moco kitab tanpo diharokati, tanpo dimaknani. Niku jenenge kitab nopo? Kuning. Jadi santri, ukurane kitab kuning, kok onok santri ora iso moco kitab kuning, ora patek santriOpo maneh kyai kok ora iso moco kitab kuning, kyai akon2, tak kandani yo. Lha saiki akeh, Kyai ora iso moco kitab kuning, lah santrine meneh, lha piye njajal?

Jadi ini supaya benar2 (pada posisinya). Jadi santri ngerti santrine, pelajar ngerti pelajarane. Tapi sakniki mbawur. Gak bisa gak mbaur. Jaman sakniki ora mbaur, ora urip kowe.. nggih nopo mboten? Sebab dunia ini menjadi satu. 



Haji niku mbiyen numpak sikil. 
Dawuhe Alloh, 

َأَذِّن فِی ٱلنَّاسِ بِٱلۡحَجِّ یَأۡتُوكَ رِجَالࣰا وَعَلَىٰ كُلِّ ضَامِرࣲ یَأۡتِینَ مِن كُلِّ فَجٍّ عَمِیقࣲ
Surat Al Hajj 27

Kandakno Ibrohim, wong Undang kaji. Ngko teko ning mekkah, numpak sikil.
Sikil dewe, 

sikil onto, 

sikil himar, 

sikil bighol, 

akhire sikil? kereta....? api, 

sikil mobil. 


Yang terjadi terakhir, 

وَعَلَىٰ كُلِّ ضَامِرࣲ

Numpak kapal terbang. Kapan wong iku wes ngerti kapal terbang, angger ngerti barang iku lek adoh, iku ngisor. Jadi adoh, pas sing paling ngisor. Milo dawuhe Alloh ta'ala.

وَعَلَىٰ كُلِّ ضَامِرࣲ یَأۡتِینَ مِن كُلِّ فَجٍّ عَمِیقࣲ

Ngko nek wis kaji niku numpak kapal terbang, ono kaji sing pas ngisore ka'bah. Dadi ka'bah lek mbok jeglong mengisor, umpamane pas ngisor iku amerika, texas. Sehingga manusia ngerti, wetan kulon hakikote mubeng, sakwise onok kapal terbang. Mulane teng quran.. 


وَعَلَىٰ كُلِّ ضَامِرࣲ یَأۡتِینَ مِن كُلِّ فَجٍّ عَمِیقࣲ


Pramilo saking meniko poro rawuh, kulo matur, terakhir, pada akhir kata. Panjenengan kulo aturi, segala ayat2 Alloh di Al Quran, niku kalau kau (baca) quran itu akan menemukan ayat2nya Alloh, yang Nabi (tidak tahu). Mergo Nabi niku dingendikani Alloh, 


ووَإِن مَّا نُرِیَنَّكَ بَعۡضَ ٱلَّذِی نَعِدُهُمۡ أَوۡ نَتَوَفَّیَنَّكَ فَإِنَّمَا عَلَیۡكَ ٱلۡبَلَـٰغُ وَعَلَیۡنَا ٱلۡحِسَابُ

Surat Ar Ro'd 40

Nabi.. kau hanya menemukan keterangan di dalam al quran ini hanya sebagian. Terjadi dalam hidupmu itu, hanya sebagian, hanya 23 tahun (13 di Mekkah, 10 tahun di Madinah). Al Quran ini menerangkan, mulai quran ini diturunkan sampai yaumil qiyamah. Oleh karena itu firman Alloh, setengahnya (sebagianya) engkau menangi apa yang Aku tutur dalam AL Quran ini, atau engkau

نَتَوَفَّیَنَّكَ

Aku ambil ruhmu, sebagian besar (tidak tahu) akan kedatangan ayat2Ku ning Al Quran. 



Sekarang Tujuh, Nabi itu hanya menangi dua, dan sebagian (satu). 


مُّحَمَّدࣱ رَّسُولُ ٱللَّهِۚ وَٱلَّذِینَ مَعَهُۥۤ أَشِدَّاۤءُ عَلَى ٱلۡكُفَّارِ رُحَمَاۤءُ بَیۡنَهُمۡۖ تَرَىٰهُمۡ رُكَّعࣰا سُجَّدࣰا یَبۡتَغُونَ فَضۡلࣰا مِّنَ ٱللَّهِ وَرِضۡوَ ٰ⁠نࣰاۖ سِیمَاهُمۡ فِی وُجُوهِهِم مِّنۡ أَثَرِ ٱلسُّجُودِۚ ذَ ٰ⁠لِكَ مَثَلُهُمۡ فِی ٱلتَّوۡرَىٰةِۚ 

وَمَثَلُهُمۡ فِی ٱلۡإِنجِیلِ كَزَرۡعٍ أَخۡرَجَ شَطۡـَٔهُۥ فَـَٔازَرَهُۥ فَٱسۡتَغۡلَظَ فَٱسۡتَوَىٰ عَلَىٰ سُوقِهِۦ یُعۡجِبُ ٱلزُّرَّاعَ لِیَغِیظَ بِهِمُ ٱلۡكُفَّارَۗ وَعَدَ ٱللَّهُ ٱلَّذِینَ ءَامَنُوا۟ وَعَمِلُوا۟ ٱلصَّـٰلِحَـٰتِ مِنۡهُم مَّغۡفِرَةࣰ وَأَجۡرًا عَظِیمَۢا

Surat Al Fath : 29

  • Muhammadur Rosululloh (Muhammad itu utusan Alloh) di Mekah. 
    Kapan Nabi Muhammad berjuang dengan para sahabat? 
  • Walladzina ma'ahu (di madinah). 
  • Asyidda-u alal kuffar yang lebih utama dari orang yang non muslim (di kala kekuasaan di syam). Wa sulthonuhu fis syam. Nabi hanya (menemui) pada mu'tah, itu saja belum (sempurna). 
  • Ruhamaa-u bainahum. Saling kasih mengkasihani, saling asih mengasihi. Di kala baghdad yang pertama. Sebab ulama2 (disitu). Ulama itu haditsnya, 
    الرَّاحمون يرحَمُهمُ الرحمنُ، ارحموا أهلَ الأرضِ، يرحمْكم مَن في السماءِ 
    Imam Asy Syafi'i, Imam Maliki, Imam Hanafi, Imam Hambali ini lambang ruhamaa-u bainahum. Habis Al Imam Al Arba'ah dan untuk kelanjutan sebentar..
  • Tarohum Rukka'an Sujjadan. Kau lihat orang islam ruku' sujud. Banyak Thoriqot2, mulai Imam Al Ghozali, Syaikh Abdul Qodir Al Jailani. Berapa ini? lima. Yabtaghuuna fadhlan minalloh wa ridhwaanah
  • Kemudian simaahum fii wujuhihim min atsaris sujud, dzalika matsaluhum fit tauroh, ini akhir jumlah. Kemudian terjadi yang ke enam, setelah habis masa2 tarohum rukka'an sujjadan (dimulai Imam Al Ghozali, Syaikh Abdul Qodir Al Jilani, Syaikh Imam Asy Syadzili. Tahun hampir 700H ditutup Imam Naqshobandi. Kemudian datang Imam Naqshobandi, hampir keruntuhan bangsa arab). Pas 700H  sesudah Imam An Naqshobandi, gulung tikar kekuasaan arab.  Timbul kekuasaan yang bukan arab. 
  • Wa matsaluhum fil injil.... ila akhir ayat, ini awal jumlah. Wa matsaluhum fil injil Perumpamaan umat islam ning kitab injil, koyok wit pari. Sing ngerti pari lak wong indonesia. Mulane umat islam itu besar di Indonesia, gak ada kowe nggolek ning negoro gede islame koyok ning Indonesia. Sing ketok sholate besar, gak ada yang kayak indonesia. 

Cobi ndemak niku lek jum'atan penuh nopo mboten? Moko wetane sik nganggo jum'atan, kulono jum'atan. Kazar'in (koyo wit pari). Akhrojat syath'ahu (ngetokno anak e). Loh anak e iku kok mubeng? Wit sing mubeng koyok pari gak onok. Wit gedang niko mubeng nopo? disebelah? Pari niku, Akhrojat syath'ahu fa aazarohu (Wong tuwane nguwatno anak e). Mulane wong Jowo wong Indonesia iku eling anak terus. Sampek kenduri, kundangan, itu mbeto berkat mboten? mbeto... mergo ojo sampek wong mangan iku ora eling anak. Jadi ben anak keluargane melu ngrasakno, lek kowe ngundang wong, ngaturi wong, lek muleh digawan gawani. Eling anak bojone. Sampeyan nate teng arab nopo dereng, muleh nggowo berkat gak enek. Mergo ora ono? fa aazarohu. Jadi kebahagiaan itu merata untuk keluarga, ojo dinggo dewe. Fastaghladzo, anak e dadi kuat. Fastawaa (mongko roto, mapak). Loh katek onok quran mapak barang? Pari niku ketorone apik, lek mpun mapak? nopo? sederenge mapak? Mriki mapak? nopo roto? lek ngarani? Fastawaa 'alas suuki (mapak berdikari, di atas kaki sendiri). Wong arab gak paham ala suuqihi, mergo maknane ala suqihi iku berdikari. Jadi pari lek mapak iku ojo enek sing semende. Nek wes omah2 supoyo tanggung jawab. Ora kok nyolong sapine wong tuane. Nggih nopo? mboten? Niki njajal, qurane olehe pas. yu'jibuz zurroo- petani seneng. Kalau sudah merata ajaran agomo islam, yang paling patuh di negeri pancasila ini kita jalankan, insyaalloh akan menjadi makmur. Dan dawuhe Alloh yu'jibuz zurroo

Liyaghidzo bihimul kuffar. Akibate wong Islam, usahane lebih di atas dari wong selain islam. Iki meh, tapi akeh sing lali. Mborongno ae ono nggolek wong asing sing akeh. Niki janjine Alloh. wa'adallohulladzina aamanu. Jadi pitu pitu... Jadi Indonesia sekarang ini jadi pandangan, seberapa mulya islam, lihat Indonesia. Wong arab gak kenek mbok delok, minyak itu semuanya kepunyaan orang arab, tapi mengapa? arab menjadi negara miskin? Ini aneh... Jadi kalau onok wong ndelok arab... taqobbalalloh minna wa minkum, taqobbal..?? ya karim. 









Comments