Skip to main content

Haul ke 64 KH. R Asnawi | Gus Baha

Assalamu'alaikum warohmatullohi wa barokatuh
Alhamdulillahi robbil alamin
Washolatu wassalamu ala asyrofil mursalin,
Sayyidinaa Maulanaa Muhammadin wa 'ala alihi wa shohbihi ajma'in


Amma ba'du



Niki nyampekaken status madzlum kulo. Maturnuwun KH. Mujib, niki wonten Habib2, niki wonten Habib Muhammad Faqih, wonten Kyai Safiq, Kyai Arifin, sedanten poro kyai. Dzuriyyah engkang kulo hormati, saking nyai azizah, nopo saking mbah nyai mudi'ah. Sedanten engkang kulo hormati. Sedanten kemawon saking kyai minan, saking Kyai ni'am, wonten Gus Hafidz, sedanten engkang kulo hormati. 

Kulo niku turunan Mbah Asnawi Sepuh. Dadosi riyin nate pak sa'id teng mriki niku crito, monggo gus ziyaroh teng buyut njenengan. Sudah pernah gus, saya ziyaroh ke raden asnawi. Terus saya bilang, Niku hasyatun nasab, mbahe njenengan, niku Mbah Asnawi sepuh. Akhire ziyarahe niku diulang. Barokahe kliru niku, piyambak e tahlilan kalian nangis. Mergo kroso nate kliru. 

Dados kulo crito, riyin buyut kulo namine Hafshoh binti maksum. Niku urip teng sarang. Gadah putri, namini shofiyah, niku garwo mbah kulo Idrus, niku lasem. Mbah kulo dadi ibuk, dados kulo. Gadah adik namine badiah, digarwo mbah mahfudz, dados mbah sahal. Mbah Sahal gadah mbak yu muzaiyanah dados bulek Qoyyum. Dados niki crito keluarga besar, dzurriyatan ba'duhaa min ba'di.

Dzurriyah niku wonten kaleh, wonten potongan sing golek bonus. Rondok2 ra jelas.. 

alhaqnaa bihim dzurriyatahum. Dadi lak mbahe watt gede, kok kowe ngamal dewe iku rugi, mergo onok gerbang gede, numpang wae, ora usah. Niku nash, dadi tiyang2 sing sholeh, anak putune sing sholeh niku, ikut status kelas A, mergo dielokno mbah2  e. Nggih ayat niku paling populer. Tapi lak sing ayat wattaba'tu millata abaai ora pati diapalno. Riyin bapak kulo lak ngijazahi kulo kersane apal quran namung ngeten. Haa... (gus baha) mbah2 mu iku hafal quran. Lak kowe ora apal iku suk mben, anak mu nduwe alasan ora apal, mergo bapak ora apal. Dadi lak ono dzurriyah gak ngalim iku, awwalu man tsanna wa syarro-a (iku bapak ). Sing nggawe gerakan tidak alim iku bapak e. Aku anut bapak. 

Tapi lak tiyang niku sholeh, niku mesti benere, misal mboten bener, nggih dibenerno Pengeran. Mergi tiyang sholeh niku spesial. Niki dawuhe, Abu Bakar Ash Shiddiq. 

لا تركا الا علم ولا الا مد الدين

Kowe iku wes ora usah percoyo amal, ora usah percoyo ilmu, justru barokahe goblok iku i'timad alalloh. Entuk mawon, dalil niku. Nggih entuk mawon, wong jenenge wes kadung sholeh. Niku dawuhe Abu Bakar Ash Shiddiq. Mergi Alloh Swt. ketika cerita tentang orang baik, niki orang baik diluar para nabi, karena tidak maksum. 

ليُكَفِّرَ ٱللَّهُ عَنْهُمْ أَسْوَأَ ٱلَّذِى عَمِلُواْ 

Dadi bonuse wong apik, lek wes kadung apik, niku amal2 elek niku disepuro. Mergi dadi wong sholeh niku nggih kesel tenan. Dados wong sholeh niku nggih kesel. Kesel terutama masalah ilmu. Dawuhe Sa'id Zabidi. Tiyang sholeh niku mestine lak geting kalian tiyang maksiat, tapi kalian kanjeng Nabi diken nguruse umate. 

شفاعتي لأهل الكبائر من أمتي
Syafa'ati min ahlil kabair min ummati. 

Riyin bapak kulo sering dawuh, kowe lak dadi kyai moh ngurusi santri nakal, yo ora usah ngiyayi, kyai iku niku bengkel, lak ra gelem noto sepedah rusak ora usah dadi bengkel. Dados sanad kulo, sanad model ngoten2 niku. Akhiripun, hadzihil ummah, kedah wonten ruwatul ahadits. Ada perowi hadits sing njagi konstitusi niku. Meskipun gak harus selalu sama, kulo nggih seneng lek wonten sing mboten sami. Karena 

اختلاف الامة رحمة
ikhtilaful aimmatur rohmah. 


عن جندب بن عبدالله  رضي الله عنه
 قال: قال رسول الله ﷺ
قال رجل: 
والله لا يغفر الله لفلان 
فقال الله
من ذا الذي يتألى عليَّ أن لا أغفر لفلان؟ 
إني قد غفرت له، وأحبطت عملك

Riyin wonten tiyang fajir, wonten tiyang sujud niku diinjek. Bareng diinjek, karena sing sujud niki mboten jenis sing ahlul ilmi, ngendikan Wallohi laa yaghfirullohu laka. Demi Alloh, Alloh tidak akan mengampuni kamu. Karena kamu nginjek orang sujud. 

Itu fa auhallohu ila nabiyi zamaanihi, saat itu juga Alloh memberi wahyu ke Nabi angkatanya, Qul li fulaan, katakan pada fulan yang sujud, ahbathtu amalaka, amalnya dia saya hapuskan. Dan yang nginjek saya beri taubat. Terus ngendikane Alloh Swt. 

من ذا الذي يتألى عليَّ أن لا أغفر لفلان؟ 
Man dzalladzi ya ta'alla alaiya an laa yaghfiro li fulan. Qod ghofartu lahu, wa ahbattu amalak

Bagaimana Saya yang Tuhan, yang juga punya sifat yu'adzdzib, juga punya sifat yaghfir, Kemudian dicatut hanya kemudian berstatus yu'adzdzib, mutakallim nya ua'addzib. Dadi gampangane Alloh iku ora trimo, wong aku iku iso ghofur, distatusno muk tukang? nyikso. Jadi apapun ndak cocoknya kita sama 'ushotul mukminin, kita tetep memberi ruang yaghfiru li man yasyaa-u wa yu'adzdzibu li man yasyaa-. Kadang kene yo korban. Coro Kyai Mujid... kulo kan nggawe peraturan, lak mboten pernah sepuh, ojo ngundang, tapi ngono yo ngundang. Lak ngundang ra teko yo gelo, kyai diundang kok ora teko, iku kyai opo? nggih tambah madzlum double. Lah kulo lak teko tenan, yo kliru neh, dinggo bangga2nan gus baha lak tak undang aku teko, pancene aku pernah sepuh. Dadi teko nggih madzlum, ra teko nggih? madzlum. Tapi Alhamdulillah, wong madzlum dongane mustajab. 

Nggih kulo niku radi luwih sugih timbang mas najib, mergo dongo kulo mustajab. Modzlam madzlum (5.56)

Comments