Skip to main content

Kajian Gus Baha | Kitab Jauharoh At Tauhid 1- 6

 


Alfatihah 

Berikut ini adalah transkrip kajian kitab Jauharoh Tauhid, oleh Gus Baha. Semoga bisa bermanfaat untuk kalian semua. Dan bisa menghibur hari2 anda. Selamat menikmati. 


Dados niki kitab Jauharotut Tauhid. Hampir sedanten Ulama, termasuk Sayyid Muhammad termasuk katah sing maos dan katah sing naqriri

“Taqrir” adalah bentuk “mashdar” dari kata kerja “qorroro” (قرّر) yang secara bahasa bisa bermakna menetapkan, menguatkan, memutuskan, membuat mengakui dan membuatnya jadi keputusan

Bentuk jamak dari “taqrir” adalah “taqorir” (تقارير) atau “taqrirot” (التقريرات). Apabila kita runut, awalnya ada sebuah matan. Kemudian matan itu disyarah (diberi penjelasan), kemudian syarah itu diberi lagi penjelasan namanya hasyiyah, kemudian hasyiah itu dikuatkan lagi dengan sebutan TAQRIR. 


Biasane Indukane syarah niku nderek tuhfatul murid. Karangane Ibrohim Al Bajuri. Enten sing moco Al Baijuri, wonten sing moco Al Bajuri. Sebagian niku nisbat teng sopo? baijuri. Tapi niku rojulun wahid, nopo? rojulun wahid (yang dimaksud adalah orang yang satu).


Bait Pertama

1 - الحَمْدُ لِلّهِ عَلَى صِلاَتِهِ ... ثُمَّ سَلاَمُ اللهِ مَعْ صَلاَتِهِ

Alhamdulillah (utawi sekabehaning puji)

iku Lillahi ( iku kagungane Alloh)
'ala shilaatihi (
ing ngatase peparinge Alloh)

Sing pertama moco shilah. Mulane diarani shilaaturrohim penyambung? rohim. Maknane, penyambung rohim itu lek iso yo ngekek i. Ora muk titip salam tok, wong ndeso. 


Tsumma (mongko nuli) 
salaamullohi (utawi salame Alloh) 
lah lek niki ma'a? sholatihi

nggih, dadi sing pertama, pemberian, utowo peparing. 

Sing kedua nopo? sholah. 



Bait Kedua

2 - عَلَى نَبِيّ جَاءَ بِالتَّوْحِيدِ ... وَقَدْ عَرَى الدِّينُ عَنِ التَّوْحِيدِ

alan nabiyi (ing ngatase Nabi)
Ja-a (kang rawuh sopo? Nabi)
bit tauhidi (kelawan mbeto Tauhid)
wa qod 'aroo (lan temen2 dadi udo)
opo? ad dinu (agomo)
udo maring?
Tauhidi (saking tauhid)

Dadi ketika Nabi rawuh, sing mengatas namakan agama, niku mpun terlepas saking tauhid. Niku jenenge waqod 'arood dinu anit tauhidi. Dadi kepada Nabi Muhammad yang datang membenahi tauhid, yang sesungguhnya saat itu, agama2 yang lain, meskipun mengatasnamakan agama, tapi sudah telanjang, atau terkosongkan dari apa? tauhid. 


Antara ILMU dan RASA

Dadi risikone tauhid iku luwih apik tinimbang nuruti RosoMulane kulo bolak balik fatwa, bolak balik matur, agama iku ora iso dikawal kambek khusyu'. Khusyu' iku kadang2 malah ngrusak agomo. Senajanto barang apik, nopo? barang apik. Kudu nomer siji niku ilmu. Khusyu' iku nomer loro. Misale contoh gampang ngene. Mulane aku seneng, sampeyan ora khusyu', senajan to aku ngerti ora kerono ilmu. Maksude wes watak, nopo? watak yo turunan macem2. 

Agomo lek digowo wong khusyu', iku mesti perasaane ngene. Lak Apik minalloh, lek elek minasy syaithon. Karena gak siap, saya ulang lagi, karena gak siap menisbatkan elek kepada Alloh. Tapi teori wong khusyu' ngene iki lali, berarti hunaka.... disana agamane Alloh ini, di alam raya ini ada kekuasaan, ada salthonah di luar Alloh, ono kekuasaan di luar Alloh, Iku (ndekne) ora mikir.... Mulane perdebatane Imam Sanusi mewakili ahli sunnah, mbek muktazilah ngono. Jare Imam Sanusi, kita yakin kan, masyhur kan.. rukun iman ke enam apa? khoirihi wa syarrihi minalloh. Iku hebate Islam. Islam iku agomo sing paling ngidolakno Alloh, paling mentauhidkan Alloh, paling mentakbirkan Alloh, paling memuji Alloh. Tapi ngono rukun iman iku, khoirihi wa syarrihi minalloh. Kowe gelem ra gelem, raimu elek iku yo kersane Alloh. Kowe goblok ora apal2 yo kersane Alloh. Mulane kyai iku ora iso tegas, wong kersane Alloh. Mulane kowe nduwe kyai koyok aku, beja2ne wong. Mergo, Kyaine ahli nopo? tauhid. Ruh wong goblok yo tenang, ruh santri ra jelas yo tenang. Dalile opo? khoirihi wa syarrihi minalloh. 

Bedo lak pondok unggulan, ribet. Ono santri goblok ribet. Yo kurang ngaji, opo? kurang ngaji. Kakean manajemen, opo? kakean manajemen. Tapi kowe lak iman tenan, yo khoirihi wa syarrihi minalloh. Nah ketika muktazilah mengatakan, bagaimana mungkin Alloh menghendaki syarr. Inalloha ta'ala nahaa anisy syarri, kaifa arooda? Muktazilah masuk akal, Bagaimana mungkin Alloh melarang keburukan, kemudian dia menghendaki? Opo? kaifa arooda syarro wa huwa nahaa hu. Bagaimana Alloh menghendaki keburukan, sementara Alloh melarang itu? Coro muktazilah gak masuk akal. Akhire Imam Sanusi ngendikan, berarti waqo-a fi mulkihi maa laa yuridulloh. Berarti Alloh sing jarene mimpin alam raya ini sering terjadi sesuatu di luar kendaliNya. Iku lak gak terus tauhid. Lhaiyo, lak goblokmu, klirumu ko setan, berarti banyak kejadian di alam raya ini yang Alloh gak bisa mengendalikan. waqo-a fi mulkihi maa laa yuriduhu. 

Jadi kiro2 Alloh dilapori, Gusti, Holiwood kok akeh maksiat? Aku ora berkutik, iku setan iku, lha aku ape nglawan? gak iso, kan ribet. Senajanto, sesuai nurani, khoirihi minalloh, syarrihi minasy syaithon. Tapi risikone nanti berarti gak berkutik di depan syetan. Berarti cocok ora cocok kowe kudu Iman, Khoirihi wa syarrihi minalloh. Soal ngkok lak ilmu mu wes bener, khoirihi wa syarrihi minalloh, kowe oleh bi hukmil adab, ora bi hukmil haq. Bi hukmil adab, kowe ngarani khoirihi minalloh, syarrihi dinisbatno ning? Syetan. Tapi kowe ngomong ngono ba'do benere TAUHID. Yo... sakwise benere TAUHID. Faham yo, dadi kowe kudu yakin, khoirihi wa syarrihi minalloh. 

الإيمان بالقدر 

خيره وشره من الله

Senajanto sakwise iku onok hukum adab. Kenopo kang? aku ra apal2? marai aku ora sregep. Kenek opo? ora apal2, wes turunan. Wes pokok e, kapan2 ngomong ngono, gak popo. Senajanto ning atimu, wes ditulis ning qodho' qodar. 

خيره وشره من الله

Dadi eling2 yo, umpomo agomo dikawal mbek khusyu', mesti ndarani khoirihi minalloh, syarrihi minasy syaithon. Risikone, tadi 

وقع في الملكه ما لا يريده

waqo-a fi mulkihi maa laa yuriduhu. 

Gampangane Pengeran ning nggone Mekkah sopo? Alloh. Ning Madinah? Alloh. Ning Holiwood? ora Alloh, wong ora nduwe kekuasaan ning kono. Kan ngeri.. ada kerajaanya Alloh, kemudian penguasanya setan. Dan yang menentukan perilakunya? Syaitan. Nah itu ora tauhid. Nah itu jenenge gak? tauhid. Nah itu mirip faham2 persia. Ono Tuhan Gelap, ada Tuhan Sinar. Akhire dadi tsanawiyah (dualisme) orang berfaham dua, mirip filsafat yunani, ndisek, ada Tuhan Nur, ada Tuhan Kegelapan. 

Agama gak mau seperti itu, agama kudu TAUHID, khoirihi wa syarrihi minalloh. Misale aku ora iso tegas mbek kowe, masio mbulet gak iso tegas, kene tauhide wes bener. Kowe pinter yo kersane Alloh, gioblok yo kersane Alloh. Faham yo, senajan to ngko embo2 yo rodok, sosiologi, rodok iso ngamati. 

Kenek opo goblok? marai aku ora sregep. Kenek opo? gak lanyah? Jarang nderes. Kadang2 ngomong, kenek opo? turunan. Kadang2 kurang wesel, pokok e iku bihukmil adab. Gak popo, tapi tetep haqiqote iku khoirihi wa syarrihi minalloh. Faham nggih, dadi wong iku ora oleh ngawal islam mbek, khusyu' (tok). Agomo iki tahu enek prahara, mergo faham2 khusyu'. Mulane khusyu' iku sakwise ilmu. Koyok opo, rusak e agomo iki tahu dipimpin khowarij. Angger wong salah kafir, wong salah? kafir. Mulane Kyai khusyu' ora iso ngaji, mesti rusak. Santri wajib ndalail, wajib tirakat, kabeh ngguyu banter kliru, rokok an kliru, uangop kliru, kuabeh kliru. Piye... kuwi lek coro ilmu masalah, senajanto coro adab bener. Misale santri ndalail iku bener coro adab, coro ilmu salah, ijabu maa lam yajib, iku kriminal. Majibno barang ora wajib iku kriminal. Kowe lak ngaji sullam taufiq, termasuk doso gede opo?  Ijabu maa lam yajib, majibno barang sing ora wajib. 

Loh aku nuruti kepingin2 sampeyan sholat qobliyah ba'diyah. Bareng ora tak wajibno terus blas. Wah ciloko tenan iki, ciloko tenan. Tapi tak wajibno, aku mesti disemprit ambek Habib Abdulloh bin Husein bin Thohir, sing ngarang sullam taufiq. Termasuk kriminal opo? ning bab ilmu? Ijabu maa lam yajib. Majibno barang sing ora? wajib. Mulane roto2 pondok feqih iku jarang sholat qobliyah ba'diyah. Kang... qobliyah sek.. eh.. bahaya kang iku, ijabu maa lam yajib. Majibno barang? sing ora wajib. Kan yo repot... Maksude tetep ora wajib, tapi lek iso dilakoni to dul dul. Tapi kesuwen mau, kesuwen berilmu. Sakjane aku yo ngerti, kowe sholat qobliyah ora kerono ilmu. Cuma ono dukungane mau, mergo opo? ora oleh... ijabu maa lam yajib. Dadi kowe ora usah nentang wong ndalail, ndalalail iku apik, tapi sekali muni wajib kudu mbok lawan, opo? mbok lawan. 

Dadi iku resikone islam dikawal khusyu' (tok). Iku tahu onok tragedi khowarij. Nabi niku qiyamul lail namung 4 dino, bar niku mboten. Umpomo Nabi iku qiyamul lail, traweh terus, mesti qiyamul lail iku dikiro? wajib. Nah direwangi gak traweh, demi ngetokno lek mboten? wajib. Tapi mau, Nabi gak traweh iku tetep qiyamul lail. Tapi lak kowe ora traweh, yo ora traweh tenan. Dadi Nabi gak traweh iku tetep qiyamul lail, lha kowe...terus ndelok tivi, rokok an, terus ribet. 


Kitab Jauharoh Tauhid
Tak baleni neh, niki ngaji Jauharotut Tauhid, niki kitab sing mulai al azhar, sing mulai sayyid Muhammad, Mulai Mbah Moen, termasuk Mbah Fadhol, katah sing ngikmahi kitab Jauharotut Tauhid. Memang ilmu itu kadang gak nyaman, yo tadi, kadang kito iku yo ndukung muktazilah. Muktazilah kadang yo onok benere. Mulane Jare Syaikh Izzuddin bin Abdissalam, Aku iku ahli sunnah, tapi kadang mbek muktazilah iku setuju. Piye2, ndekne berpendapat ngono iku, min husni adabihim lillah.  Dadi aku kepingin sopan mbek Pengeran sik. Mulane ndarani khoirihi minalloh, syarrihi minasy syaithon. Tapi kito niku tetep ora anut muktazilah, mergo risikone onok tsanawiyah, Ada dualitas. Ada dualitas yaitu ada kebaikan itu yang dipimpin Alloh, dan ada keburukan yang dipimpin syaitan. Berarti kan Alloh gak kuoso ngendalikno syarr, atau ngendalikno syaithan. Bareng ning ndunyo akeh maksiat, terus Alloh cocokan mbek syetan, menang kowe, kowe kosal kasil. Kan repot to? teng ndunyo maksiat mbek toat akeh ndi? akeh maksiat. Lha lek misal iku kehendak e syaitan berarti lak? kolah kalah Pengeran. Mergi keburukan? menang. 

Njajal misale ning pondok, sing lanyah ambek sing ora akeh sing ndi? njajal jawab, ora njajal jawab. Berarti terus Pengeran cocokan mbek syetan, hmmm akeh balaku tho? do ora lanyah. Kan yo ribet. Artinya apa? ada dualitas, ada rivalitas. Iku ora oleh, coro tauhid iku ora oleh. Wes pokok e ngendikan, khoirihi wa syarrihi minalloh. Iki anehe islam, dadi islam iku melarang syarr (keburukan), nglarang keburukan, tetapi lak coro iman kon muni? khoirihi wa syarrihi minalloh. Mulane Agomo iku onok anehe, lak dawuhe Mbah Moen, agomo iku onok anehe, lah ora aneh piye? Kon ndarani syarr iku manhiyun (sesuatu yang dilarang). Tetapi kon ndarani syarr iku? minalloh. Mbok kok logika koyok opo yo bingung. Mulane akeh santri terus ngowah ngowoh rokok an, gayane koyok mikir tauhid, mergo bingung. Ndelok kali mbek bingung, piye yo? khoirihi wa syarrihi minalloh. Asy Syarru mamnu'un, Asy Syarru manhiyyun. Tapi kok diarani irodatulloh? piye yo? yo ora piye2 biasa wae, ora usah mbok pikar pikir. Pancen kersane Pengeran. Kowe raimu elek, karepmu ta karepe Pengeran?  kersane Pengeran, kowe yo ora kepingin nduwe rai? elek. Ngerti2 lahir wis? elek. 

Mulane coro sayyidinaa Ali, kowe lak ora percoyo kersane Pengeran, kowe lahir iku karepmu opo? karepe Pengeran? Yo karepe Pengeran. Kowe tahu? kepingin lahir? nggih mboten. Kowe tahu kepingin goblok? mboten kan? tahu kepingin mlarat? tapi nyatane? yo mlarat yo goblok. Artine kabeh kersane Pengeran. Mulane dipimpin kyai ahli tauhid koyok aku yo repot. Repote ngono mau, ora iso nglorohi santri nemen2 ora iso. Mergo khoirihi wa syarrihi minalloh. Kowe lak kepingin pinter yo moro pondok unggulan, ben diprogram. Muleh ben dadi mesin, ben dadi wong alim. Ora ruh... mergo onok standare. Tahun pertama sepuluh juz, tahun kedua.... lek ora ngono di DO. Ning kene santri wolung tahun ora boyong. Ribet... iku wes, maqome maqom tauhid, opo? maqom tauhid. Opo? maqom tauhid, yo iku, 

khoirihi wa syarrihi? minalloh

Mulane kyai2 koyok kulo niku tenang, onok alumni lapor pegatan yo santai. Alumnine penjenengan sakniki teng korea, kerjo. Yo santai, krungu pegatan yo santai. Dieling2 yo, agomo iku nganggo ilmu, wes cocok ora cocok. Termausk wau, wong iman iku khoirihi wa syarrihi? minalloh. Lha iman sing ngono iku muk nggo penguatan tauhid, nak Alloh iku yuridul khoiri wasy syarri. Tapi ning bab adab, kito ndarani khoirihi minalloh, syarrihi minasy syaithon. Tapi tetep mbok arani bab adab. Lak mbok arani hakikat, berarti syetan nduwe kekusaan sing ngalahno kekuasaane? Alloh. Buktine maksiat luwih akeh tinimbang? thoat. Berarti syetan lek nduwe karep kasil terus, Alloh ora pati? kasil. Iku coro tauhid masalah besar. Masalah besar. 

Tapi masalah adab... kenek opo kang? kowe kok goblok? biasa, sesuai rencana Alloh. Yo repot. Tapi suatu saat iman ngene iki penting, suatu saat kowe nduwe bojo, diusir uripmu loro, kudu ridho kang, kabeh kersane? Alloh. Dadi yo wis ngono, dadi dieling2 yo, dadi. Dadi termasuk sing dilawan islam, iku nabi riyin bersinggungan mbek wong Persia. Niku cara berfikir tsanawiyah, jarene agomo matsnawii matsnawii iku ono rivalitas keduaan. Ono Tuhan Nur, ono Tuhan kegelapan. Akhire yo ora tauhid, wong loro. Dieling eling, mulane agomo ora iso mbok kawal karo? kusyu' (tok). Kudu mbok kawal kambek ilmu. Mulane Fa'lam annahu laa ilaaha illalloh. Alloh ora nyaratno, kowe lak nglafadzno laa ilaaha illalloh kudu khusyu', ora ono ning quran. Tapi kudu nganggo ilmu. Ora iso kowe nglafadzno Laa ilaaha illalloh syarate sah kudu kusyu' ora iso, terus merem2. Ora iso.. iku ora ukuran. Sing dinggo ukuran nglafadzno tauhid sah niku nganggo ilmu. Mulane redaksine? 


Fa'lam annahu laa ilaaha illalloh. Ora ono ning quran, fakhsya'... ora onok. Soal ngko onok guru2 thoriqoh, sing lak nglafadzno kudu ngene kudu ngene, yo ilmu thoriqot, tapi tetep tidak makili ilmu. Iku makili adab. Nopo? makili adab. Marai wong, kudu silo madep ngulon, nglafadzno ngene, gedek e ngene. Iku urusane wong thoriqoh, tapi ngko tetep ilmu adab. Tidak ilmu tauhid. Ilmu tauhid sing bener koyok kowe... Laa ilaaha illalloh diangen2, gayane koyok wong faham, nah iku jenenge tauhid, opo? jenenge tauhid. Dieling2 yo.. mulane... 


مَاۤ أَصَابَ مِن مُّصِیبَةࣲ فِی ٱلۡأَرۡضِ وَلَا فِیۤ أَنفُسِكُمۡ إِلَّا فِی كِتَـٰبࣲ مِّن قَبۡلِ أَن نَّبۡرَأَهَاۤۚ 

إِنَّ ذَ ٰ⁠لِكَ عَلَى ٱللَّهِ یَسِیرࣱ

maa shoba min mushibatin fil ardhi, 

wa laa fii anfusikum, 

illa fi kitab min qobli an nabroa haa. 

Surat Al Hadit: 22


dadi ora ono musibah yang menimpa kamu..


مَاۤ أَصَابَ مِن مُّصِیبَةࣲ فِی ٱلۡأَرۡضِ وَلَا فِیۤ أَنفُسِكُمۡ إِلَّا فِی كِتَـٰبࣲ مِّن قَبۡلِ أَن نَّبۡرَأَهَاۤۚ 

إِنَّ ذَ ٰ⁠لِكَ عَلَى ٱللَّهِ یَسِیرࣱ

maa shoba min mushibatin fil ardhi, wa laa fii anfusikum, illa fi kitab min qobli an nabroa haa. Inna dzalika 'alallohi yusiir


Dan Alloh piyambak, nak atas nama Ilmu ngendikan terang2an. Yahdi man yasyaa- wa yudhillu man yasyaa-. Iku Pengeran, Pengeran iku yo unik, Pengeran iku terang2an, Aku iku yahdi man yasyaa- wa yudhillu man yasya---. Aku iku ngekek i dalan wong sing tak kersakno, ngekek i sesat? sing tak kersakno. Iku berarti Alloh ketika ngendikan konteks Tauhid. Tapi tentu kita dididik adab. 

Maa ashobaka min hasanatin, faminalloh. wa Maa ashobaka min syaiatin, fa min nafsik. Tapi Alloh ketika ngendikan Tauhid? 

Qul Kullun, min indillah. Dadi iku onok dawuh tauhid, onok dawuh adab. Lha kowe masalah goblok mu ngono, kadang yo bertauhid, khoirihi wa syarrihi minalloh. Kadang yo nganggo adab. Kenopo kang? goblok? marai aku jarang mutholaah. Gayane pokok e nganggo adab. Tapi lak nganggo adab kekeselen yo, kabeh kersane Pengeran. Kok repot.. kabeh kersane Pengeran. Nak aku pinter, berarti ora sesuai catetan ning lauh mahfudz, wong wis ditulis teng lauh mahfudz goblok kok aku pinter. Dadi kowe oleh nduwe pilihan loro, opo? Tauhid? ambek adab. Tauhid kesel, yo ngangge adab, lek adab kesel yo? ngangge tauhid. Milih ndi? yo embuh, engko delok2, opo? 18.10|

Sing jelas eling2, iki pentinge ngaji Tauhid. Dadi agomo dawuhe mbah moen, dawuhe guru2 kabeh iku onok anehe. Agomo iku onok paradoks e. Pancen bada-a addinu ghoriban, agomo iku onok anehe. Yo iku mau, wong agomo iku anti keburukan, saya ulang lagi, agomo iku anti keburukan, tapi kon meyakini khoirihi wa syarrihi minalloh. Tapi tetep kon ndarani syarr iku manhiyun, sesuatu yang dilarang. Ora usah takok, yo wis ngono pokok e. Yo mbingungno sitik2 ora popo, pancen ngono. Tetep luwih bingung gak nduwe, Faham yoo. Gaya tok, wong muni, aku mikir tauhid iku bingung, ora tuk akal ku. Ah gaya tok, terus dikek i duwek sak juta, ilang bingune. Wong2 sing muni bingang bingung mikir tauhid, dikek i duwik sak juta, ilang bingunge opo tetep bingung? (ilang).

Kecuali lek ngene, bareng dikek i duwik sak juta. Aku wes dikek i duwek lah, gak nikmat, angger jawaban tauhidku urung terjawab. Wes pek...duwit e, lek ngono yo hebat.  onok sing ngono? Tak angkat dadi wali saiki, tak angkat dadi wali saiki. Wis ora ditompo lah tak pekso, ora ditompo lah tetep tak pekso. Bocah2 aku bingung mikir tauhid, jarene ngene, jarene ngene. Dikek i duwik 200ewu, ora usah akeh2 sak juta, bingunge ilang to ora? ilang to ora? (ilang). Isuk2 ngopi rokok an, (ilang). Bareng ditakoni tonggo, wes urusane Pengeran, Bareng duwik e entek, bingunge kumat, gayane masalah tauhid. Lak kulo mboten, kulo duwik kulo katah lah, lek mikir tauhid yo nangis tenan. Kulo nganti sakniki duwik kulo nggih katah, tapi lak mikir Pengeran nggih nangis tenan, kowe ora iso, yakin ora iso. Maksude angger bingung yo plus? kere mau. Ora dadi wali, wes ora bakal dadi wali (lek ngono). 


عَلَى نَبِيّ جَاءَ بِالتَّوْحِيدِ ... وَقَدْ عَرَى الدِّينُ عَنِ التَّوْحِيدِ

Dados niki kulo kepingin khatam, tapi mboten sedanten syarahe kulo woco, nggih sing penting2 mawon. Nggih tulisane nadzoman nggih ada beberapa yang harus dibenahi. Kados niku wau, Misal bait nadzom ke 82. 

82 - فَوَاجِبٌ تَقْلِيدُ حَبْرٍ مِنْهُمُ ... كَذَا حكا الْقَوْمُ بِلَفْظٍ يُفْهَمُ

Mestinya itu habrin, mergo yang dimaksud itu orang pinter. Tapi teng mriki ditulis nopo? Khoirin, sebenarnya Dados kulo moco gak semuanya pakai syarah. 


Bait Nadzom ketiga

3 - فَأَرْشدَ الخَلْقَ لِدِينِ الحَقِّ ... بِسَيْفِهِ وَهَدْيِهِ لِلحَقِّ

Fa arsyada (mongko nunjukno sopo? Nabi)
Al Kholqo ( ing makhluk)
lidinil haqqi (maring agomo sing bener)
bisaifihi (kelawan pedange Nabi) coro saiki kekuatan militer
wa hadiihi (lan olehe nunjukno Nabi) 
lil haqqi (maring kebenaran)

Jadi Nabi kadang kalau membela tauhid, kalau harus terpaksa pakai pedang, ya terpaksa pakai pedang. Mulane ketika pembawa tauhid mau dimusnahkan di perang badar, ya mau ndak mau, Nabi mbelo nggih nggawe nopo? Pedang. Kan gak mungkin misale Abu Jahal nggowo pedang, terus... sik to tak ulang ngaji sek, ojo tukarang disek. Kan yo ora mungkin. Wong kono wes gak kepingin debat kok. Kepingin bacok2 an, kok kowe... sik to tak sosialisasi sek. Jangan pakai kekerasan dulu, tak sosialisasi. Yo ora iso, lak musuhe nganggo pedang, kene yo nganggo? pedang. Diantara Nabi membela tauhid, mau ndak mau kadang harus berperang. Iku jenenge, nopo? bi saifihi. Tapi kalau kondisi normal yo ngangge nopo? hujjah. 

قُلْ فَلِلَّهِ الْحُجَّةُ الْبَالِغَةُ ۖ فَلَوْ شَاءَ لَهَدَاكُمْ أَجْمَعِينَ

Surat Al An'am 149

Dadi bi saifihi wa hadihi lil haqqi. 


Bait Nadzom keempat

4 - مُحَمَّدِ الْعَاقِب لِرُسْلِ رَبِّهِ ... وَآلِهِ وَصَحْبِهِ وَحِزْبِهِ

Muhammadin ( Kanjeng Nabi, rupane Muhammad)
al 'aqib (kang nutup)
nutup 
li rusli robbihi ( maring Rusule Pengerane, Kanjeng Nabi)

Dadi kanjeng Nabi iku bergelar al 'aqib. Orang terakhir yang sebagai Nabi. 
Wa alihi (lan keluargane Nabi)
Wa Shohbihi (lan shohabate Nabi)
Wa hizbihi (lan balane Kanjeng Nabi)

--
Nggih wau nggih, catatane sing pertama nopo? shillah. Alhamdulillahi 'ala shilatihi, tsumma salamullohi ma' sholatihi. Nggih mau, sing langsung nadzoman (tutuke wau) mangke nek wonten sing perlu tak woco syarahe, tak woco. 



Bait Nadzom kelima


5 - وَبَعْدُ: فَالْعِلْمُ بأَصْلِ الدِّينِ ... مُحَتَمٌ يَحْتَاجُ لِلتَّبْيِين

wa ba'du (lan sakwise) ai amma ba'du, sakwise sholawat dan sallam. 
fal'ilmu (mongko utawi ngerteni) 
bi ashlid dini (kelawan pokok2 agomo)
iku 
muhattamun ( sesuatu sing dimestikno, sing diwajibno)
tapi
yahtaaju ( kang butuh, opo? ilmu)
littabyiini (maring penjelasan)

Dadi ilmu itu butuh penjelasan, kayak tadi. Kalau kita mengatakan khoirihi wa syarrihi minalloh, sebetulnya secara etika, kita ini gak nyaman. Masak syarr kok minalloh. Tapi lak kowe muni syarr minasy syaithon, berarti waqo'a fii mulkihi maa laa yuriduhu. Iku eling2 dawuhe Imam As Sanusi. Berarti di alam raya ini, banyak kejadian diluar yang dikehendaki? Alloh. Misale kowe ketemu Pengeran, Gusti kulo kok goblok? Aku ora ruh, sakjane rencanaku kowe yo tak gawe pinter, tapi aku gak berkutik, kan yo lucu. Pengeran kok.... kalah seperti itu kan yo lucu. Mulane wes cocok ora cocok, kowe kudu  Khoirihi wa syarrihi minalloh. Itu cara takdzim kita, bahwa lahu maqolidus samaawati wal ardh. 


لَّهُۥ مَقَالِیدُ ٱلسَّمَـٰوَ ٰ⁠تِ وَٱلۡأَرۡضِۗ وَٱلَّذِینَ كَفَرُوا۟ بِـَٔایَـٰتِ ٱللَّهِ أُو۟لَـٰۤىِٕكَ هُمُ ٱلۡخَـٰسِرُونَ
Surat Ibrahim 23

Semua dalam kendali? Alloh. Meskipun secara hukum adab ini gak nyaman. Tapi secara ilmu harus seperti itu. Faham nggih, secara ilmu harus seperti itu. Khoirihi wa syarrihi minalloh. Ora iso misale kowe pesek, Gusti kulo kok pesek.  Lha sing nggawe sopo? lo cung? Aku ora melok2.. yo ora iso. Pengeran tetep Ngendikan, yo Aku sing karep nggawe kowe pesek, kowe arep opo? Ojo kok dilapori, Gusti kulo kok pesek kriting. Mbuh Aku ora melok..? nggawe. Nah berarti ada al fail ats tsani, ada subjek yang kedua. Tidak boleh seperti itu. Alloh harus wahdahu laa syarikalahu. Kowe cocok ora cocok. Mulane bolak balik kulo matur, agomo ora iso dikawal mbek khusyu'. Wes ora iso, kudu mbek ilmu. Mulane kyai2 iku bingung ngadepi santrine. Arepe tegas ora khusyu' iku alamate ngalim. Arepe di khusnudzonni yo wes ora khusyu' ora ngalim. Nah itu min mashoibid dini wad dunya wal akhiroh. 

Sakjane ora khusyu' iku alamate wong ngalim. Sakjane... tapi kowe laa khusyu'a wala 'ilma, wa laa wes emboh... Tapi agomo iku yo ono anehe, mergo niku wau. Nah muktazilah, dawuhe izzuddin yo ora salah. Dalam bab ini katah sing mbelo muktazilah. Mergo ahlisunnah piyambak setuju, pendapat muktazilah fi hukmil adab. Mergo Nabi piyambak nggih sering ngendikan..

fa man wajada fal yahmadillah. Tapi lak wajada syarron nggih fa laa yaluumanna illa nafsak. Kowe nak apik cung, yo Muji Pengeran. Lak kowe elek, jangan menyalahkan kecuali pada diri kamu? sendiri. Tapi iku tetep hukum adab. Lak hukum ilmu yo tetep, kanjeng Nabi piyambak yo ngajarkan kita ketika ditanya Jibril. Iman itu apa? termasuk wa antukmina bil qodri, yoiku khoirihi wa syarrihi minalloh. Yasudah seperti itu, wes cocok ora cocok. Yoiku jenenge 
yahtaju lit tabyin, setelah khoirihi wa syarrihi minalloh. Kita butuh penjelasan, Cara menjelaskanya bagaimana? Kalau syarr iku min ghoirillah, berarti waqo'a fi mulkihi maa laa yuriduhu. 


Bait Nadzom keenam

6 - لكِنْ مِنَ التَّطْوِيِل كَلَّتِ الْهِمَمْ ... فَصَارَ فِيهِ الاِخْتِصَارُ مُلْتَزَمْ

Tapi aku lak ngarang dowo2, kowe iku ora ngarah iso. Maksude tak karang ringkes ae, mergo ribet (lek kepanjangan). Pendek ae ora apal, opo maneh? dowo. 

Fa shooro (mongko dadi) 
dadi jaman syaikh bajuri, syaikh ibrohim al laqqoni iku sampek ngarang kitab dowo2 iku wegah. Ahh.. paling santriku gak peduli. Dadi wes ket ndisek, santri males kunane kuno, nganti Kyaine wis ora nduwe nyali ngarang kitab gede. Kyaine wae ora nduwe nyali ngarang kitab gede. Mergo wedi santrine mengabaikan. Dadi kowe ngene iki iku wes kunane kuno. Nopo? kunane kuno.  Faham nggih? jadi zaman 600tahun yang lalu, 500tahun yang lalu, kyai sing ngarang kitab gede iku? wes wegah, wedi lek santrine gak moco. Alhamdulillah tenanan, nyatane ngono. Nyatane...ngono

Fa shooro (mongko dadi) 
fihi (ing ndalem ilmu)
opo? al ikhtishoru
iku multazaman (dadi barang sing wajib)

Mestine multazaman, mergo dadi khobare shoro faham nggih. Berhubung dhorurot syi'ir, diwoco nopo? multazam. 


Untuk latihan menghafal Matan Kitab Jauharoh Tauhid bisa temen2 klik DISINI ya... 

Comments