Skip to main content

Kajian Gus Baha | Kitab Jauharoh At Tauhid 7-12

 

Berikut ini adalah transkrip pengajian Gus Baha pada Matan Kitab Jauharoh At Tauhid. Selamat menikmati, semoga bisa memberikan manfaat, dan memberikan kebahagiaan untuk kita semua. 


Bait ketujuh

7 - وَهذِهِ أرْجُوزَةٌ لَقَّبْتُهَا: ... [جوْهَرَةَ التَّوْحِيدِ] .قَدْ هَذَّبْتُهَا

wa hadzihi (utawi iki iku) urjuzatun, onok sing moco arjuzatun. Tapi umume kyai2 lek moco urjuzatun. Lak spontane do muni nopo? urjuzah. Tapi onok sing moco arjuzatun. Biasane tradisi kito moco nopo? urjuzah. Soal harokate ngene iku, sing nggawe lak tukang komputer. Sak uni unine.

Urjuzatun (piro2 rojaz)
Laqqobtuhaa (kang ndarani, sopo? ingsun)
haa (ing urjuzah)
jauharotat tauhid (ing kitab Jauharotat Tauhid)
Jauharoh iku mutiara
Tauhid iku yo tauhid. 
Mutiaranya ilmu opo? Tauhid

Qod hadzabtuhaa (kang temen2, mbersihno, sopo? insun)
Haa (ing ikilah urjuzah)


Bait kedelapan

8 - وَالله أَرْجُو فِي الْقَبُولِ نَافِعًا ... بِهَا مُرِيدًا فِي الثَّوابِ طَامِعًا


walloha (ing Alloh)
arjuu (arep2, sopo? ingsun)
Ono sing moco wallohu arju.. nggih sami, lek wallohu, berarti mubtada. Arju dados khobar. Lak mbok woco walloha berarti maf'ul muqoddam, arju fi'il biasa. 

Walloha Arjuu (ing Alloh, arep2 sopo? ingsun) Kados teng surat al fatihah, iyaaka na'budu. Nopo jenenge? maf'ul muqoddam.  Dadi lak mbok woco wallohu, 
wallohu (Utawi Alloh)
iku 
arjuu (arep2 sopo? ingsun)
ai hu ing Alloh. 

Fi qobuli (ing ndalem nompo)
Nafi'an ( tur maringi manfaat)
bihaa ( kelawan urjuzah)
muridan (aku iku wong sing ngarepno) 

fits tsawabi (ing ndalem ganjaran)
thomi'an (tur ingkang toma', anggene arep2)

Wes gampangane, Alloh memberi manfaat kitab ini, saya sendiri hanya berharap, muridan fits tsawabi, thomi'an (aku arep2 diparingi ganjaran... )



Dadi ngaji, diniati nggolek ilmu
, diniati eling Alloh ngantos thulu'us syamsi. Ganjarane podo mbek haji, mbek umroh. Dadi eling Pengeran lek Ahli Ilmu yo wes ngaji. Lek ahli tafakkur yo ambek ngopi, wes pokok e mikir, iki eling Pengeran, yo gaya. Wes pokok e eling Pengeran nganti thulu-is syamsi. Wes gak penting ngaji faham to ora. Gunane opo ngaji? ELing Pengeran nganti thulu-us syamsi.   

Eling opo? jebule goblok ku yo kersane Alloh. Alhamdulillah kang, sesuai rencana ning lauh mahfudz. Mergo gak o leh, wong gak sesuai rencana, gak oleh. Misale Pengeran Aku kepingin zaid alim. Jebule gak kasil ngalim. Terus Pengeran ditanya, Loh kok gak kasil ngalim Gusti? Ada kekuatan di luar saya. Kan yo elek, Pengeran kok? kalah. Tetep kito muni ngono iku, mergo secara ilmu iku Alloh Kuat. Carane piye? kito yakin khoirihi wa syarrihi minalloh

Dadi kowe goblok yo wes ditulis Pengeran, pesek yo wis ditulis Pengeran. Memang rencanane digawe Pesek. Pesek kriting, terus rabi terlambat, wis ditulis ngono. Terus catatan, selalu disio sio istri. Wes ditulis ngono. Nah ngkok ditulis, enam tahun mapan, satu tahun mati. Yo wes ngko ning ndunyo iku, loro mulai lahir, pas mapan? mati. Yo wis ngono, wong tulisane ngono. Ora oleh, terjadi selain itu. Ora oleh Alloh merencanakan kebaikan, kemudian nyatane elek. Misale Alloh ditakok i, woh iki diluar kendali Saya. Berarti laa qudrota lahu, berarti Alloh gak punya? Kekuasan.. gak boleh seperti itu, kita harus Khoirihi wa syarrihi, minalloh. Lah iku jenenge nopo? ilmu. Jadi ilmu itu senajanto sawangane urak an, koyok khoirihi wa syarrihi minalloh kan kesane urak an. Mergo nisbatusy syarri ilalloh, kesane kan gak sopan. Wong syarr kok dinisbatno ning Alloh, kesanya kan gak sopan. Tapi setelah dijelaskan secara ilmiyah, justru itu yang sopan. Dengan cara itu, kita ndarani Alloh 'Ala kulli syai-in qodir, dan alam raya ini semua kendalinya pada Alloh Subhanahu wa ta'ala. Yaitu khoirihi wa syarrihi minalloh. Dadi justru kita ngomong seperti itu yang sopan, mergo opo? Sesuai qudroh yang tidak terbatas. Tapi kowe lak ndarani syarr minasy syaithon, berarti Alloh punya keterbatasan, sehingga Alloh tidak bisa mengendalikan syarr. 

Misale Alloh mbok takok i, Gusti Corona dos pundi? marai Aku ora melok nggawe, dadi ora iso ngendalikno. Yo lucu to.. wong Pengeran kok muni ora iso. Kudu semuanya minalloh. Faham nggih. Wong sumpek kenek corona yo akeh, sumpek kerono mlarat yo akeh. Wong sumpek wis biasa, tenang wae. Mulane kenek opo? masyarakat kenek corona tenang, ora karena nglawan negoro, pancen wes nggone sumpek. Onok korona yo sumpek, kredit terlambat yo sumpek, ora nduwe duwek yo sumpek. Utang jatuh tempo yo? sumpek. Bareng wis kulino sumpek terus nduwe Imun, kebal. Jadi onok berita penyumpekan wes suantai. Sesuk mbayar kredit ae, jik suantai, jek mlepuh. Biasa, suantai. Jadi masyarakat suantai bukan kerono gak ngindahkan negara, mergo kambek barang sing nyumpek no iku? biasa. 

Zaman sik dijajah Belanda, wong jowo anak e akeh2, wes tenang, soal belanda njajah, ben njajah. Anak tetep? akeh. Wes pokok e orang indonesia iku luar biasa, bisa ngelola kesumpekan. Bisa ngelola nopo? kesumpekan. Njajal, buyut2mu, wong awam2, bojone lak yo akeh. Padahal zaman belanda. Kok kobere.. keadaan dijajah, kok kober wayuh (padahal iku) wong awam2. Takono buyut2mu, sing awam2. Ono sing tahu rabi ping nem, ping pitu, pegatan rabi neh, pegatan rabi neh. Wong zaman ngono kok payu? rabi. Wes ora usah wedi, ndunyo yo ngene iki, nganti kiamat. Lak jare mbah moen malah ngene guyonane. Wong ndunyo Pengerane sitok ha.. (gus baha), mulai Adam sampai kiamat yo podo, pola2 ne yo? podo. Jadi faham nggih, eling2 nggih, kabeh iku nganggo ilmu. 


Bait kesembilan

9 - فَكُلُّ مَنْ كُلّفَ شَرْعًا وَجَبَا ... عَلَيْهِ أَنْ يَعْرِفَ: مَا قَدْ وَجَبَا

fakullu man (mongko Utowi sekabehane wong)
kullifa (kang den mukalafno, sopo? man)
syar'an ( secara syari'at)
iku wajaba ( wajib)
alaihi (ing ngatasi man)
An Ya'rifa ( 

Alif2 ngeten niki, teng ilmu jenenge alif lil ithlaq, apa? alif lil ithlaq, alif nggo nglepas suoro. Hakikote kan tanpo? alif. Mergo wajaba fi'il madhi sing mufrod, mudzakkar, faham nggih. Umpomo ora nadzoman ora usah? alif. Maksudnya alif disini bukan alif tatsniyah, alif nopo? lil ithlaq. Kados alif2 sing tenggene Quran sing nggo tambah2an, kan katah. Mestinya gak pakai alif, tapi karena lil ithlaq, di kasih alif. Kados nopo? sing terkenal niku? 

وَیُطَافُ عَلَیۡهِم بِـَٔانِیَةࣲ مِّن فِضَّةࣲ وَأَكۡوَابࣲ كَانَتۡ قَوَارِیرَا۠
Surat Al Insan 15

قَوَارِیرَا۟ مِن فِضَّةࣲ قَدَّرُوهَا تَقۡدِیرࣰا

Mestine kan, kaanat qowariro bilaa alif, nopo? mergo niku shighot muntahal jumu'. Jadi kaanat (ono to fiddhoh)
iku 
qowariro 
Faham nggih, tapi qurane kita, ditulis pakai alif. Mulane lek waqof kan, kaanats qowariro, tapi kan hakikote tanpa alif. Mulane sing kedua, berhubung gak akhir ayat, bener2 tanpo alif. Padahal lafadznya sama. 

إِنَّاۤ أَعۡتَدۡنَا لِلۡكَـٰفِرِینَ سَلَـٰسِلَا۟ وَأَغۡلَـٰلࣰا وَسَعِیرًا

Lak qurane kito tetep, ghoiru munshorif, ning sebagian qiroat niku diwoco salaasilaw wa aghlaalaw wa sa'iro


Mergo nggo munasabah, niku di quran banyak. Nah itu namanya aliful ithlaq. Kados niki lo... Alhamdulillahilladzi qod wafaqoo

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي قَدْ وَفَّقَا✽لِلْعِلْمِ خَيْرَ خَلْقِهِ وَلِلتُّقَى

Nadzom Al Jurumiyah. 

Kan gak mungkin Alif disitu tatsniyah, wong mbalik e teng Alloh. Dadi lak pas moco nashar, artinya  yo kudu cepet. 

Alhamdu iku lillah, alladzi rupane dzat
qod waffaqo (kang temen2 maringi taufiq, sopo? Alloh). Tapi lak teng nadzoman? alhamdulillahilladzi qod waffaqoo. Nah itu jenenge opo? aliful ithlaq. Alif nggo ngeculno suoro, ben nyaman. Nadzoman niku ben nyaman. 

Alaihi (wajib ing ngatase mukallaf)
An Ya'rifa ( yento ngerti sopo? mukallaf) 
maa (ing perkoro)
qod wajaba (temen wajib, opo? maa)


fakullu man kullifa 
dawuhe mbah moen di semua syarah sama. Min fardhi mukallafin minal insi wal jinni.  Jadi mukallaf, dalam ranah tauhid, termasuk minal insi wal jinni. 

Wa ammal jinnu fahum mukallafuuna, mestine fahum. Teng mriku fa huwa. Nggih niku kliru teng naskah, otoritase sing ngetik. Mosok mbah moen ape ngetik dewe. 
Fa ammal jinnu fahum mukallafuuna min ashlil khilqo. Dadi jin iku lahir ora usah ngenteni baligh 15 tahun. Jin iku lahir langsung mlayu. Ora koyok kowe, lahir ngompol, nuangis, (ribet). Dadi karo kowe iku resik jin, nopo? Kowe lahir kan? ngompol, ruewel, wah, lak mlaku tiba tibo, ruibet. Jin ora usah ngono, lahir langsung mukallaf. Misale kowe ditakok i, kok ora mukalaf2 kang? Bangkune jin opo piye? metu langsung mukallaf. Mergo jin niku lahir langsung mukallaf. Langsung pinter, menungso kan ribet. 
wa ammal jinnu fahum mukallafuuna min ashlil khilqo 
Jadi jin iku lahir langsung faham. Langsung iso wa nan, lak menungso souwi, nopo? souwi. Kadang wes tuwek ngene ae, umur rong puluh gak mukallaf2, jek urung ngerti sing bener sing ora bener. 


Bait kesepuluh

10 - لِلّهِ وَالجَائز وَالمُمْتَنِعَا ... وَمِثْل ذَا لِرُسْلِهِ فَاسْتَمِعَا

Lillahi (kagungane Alloh)
wal jaaiza ( barang kang diolehno)
contoh aliful ithlaq
wal mumtani'a (lan barang kang dilarang)

wa mitslu dza (lan iku sepadane)
li ruslihi (maring Rosule Alloh)
fastami'a (mongko ngrungokno sopo? siro)
Fastami', berhubung dhorurot syi'ir, fastami'a. 


Bait Kesebelas

11 - إِذْ كُلُّ مَنْ قَلَّدَ فِي التَوْحِيدِ ... إِيمَانُهُ لَمْ يَخْلُ مِنْ تَرْدِيدِ

Idz kullu man (mangsa sekabehane man)
qollada (taqlid, sopo? man) muk onat anut tok, 
fit tauhidi (ing ndalem tauhid)
iku
imaanuhu (utawi imane man qollada)
iku lam yakhlu (ora sepi, opo? iman)
min tardidin (saking keraguan)


Bait Keduabelas


12 - فَفِيهِ بَعْضُ الْقَوْمِ يَحْكِي الخُلْفَا ... وَبَعْضُهُمْ حَقَّقَ فِيهِ الْكَشْفَا

fa fihi (mongko iku tetep ing ndalem imane  muqollid)
ba'dhul qoumi (ing sebagiane kaum) maksude ulama
yahki (nyritakno sopo? ba'dul qoumi)
khulfa (ing khilaf)


Maksude khilaf, iman itu ada imannya muqollid itu diterima, ada yang mengatakan tidak diterima. 

wa ba'dhuhum (utawi sebagian ulama iku) nahqiqno sopo? ba'dhuhum
fihi (fi imane muqollid)
Al Kasyfa (ing penjelasan, kasyf)


Kalau temen2 pingin hafalan bait nadzom 7-12 , bisa lihat DISINI ya...

Comments