وَلَقَدۡ كُذِّبَتۡ رُسُلࣱ مِّن قَبۡلِكَ فَصَبَرُوا۟ عَلَىٰ مَا كُذِّبُوا۟ وَأُوذُوا۟ حَتَّىٰۤ أَتَىٰهُمۡ نَصۡرُنَاۚ وَلَا مُبَدِّلَ لِكَلِمَـٰتِ ٱللَّهِۚ وَلَقَدۡ جَاۤءَكَ مِن نَّبَإِی۟ ٱلۡمُرۡسَلِینَ
Surat Al An'am: 34
Ora ono nggenti maring piro2 kalimahe Alloh. Dawuhe Alloh? opo sing wis dipestekno Alloh, tumibo. Pestine Alloh iku aneh2 mulai biyen, sampek saiki. Lha wong konco, lha kok geting2an karo kancane, jenenge hasud, iyo to gak? hasud iku drengki. Koyok ngono, lhaiyo wong islam sing diperintah rukun, lha lek ono warisan sing geger lha mesti wong islam. Ora ono chino geger warisan. Lha kowe ngarani sakniki wong islam elek, yo neroko meneh. Tambah jeru....
Mulane kon merangi howo nafsu, tunduk opo putusane Alloh. Tunduk perintahe Gusti Alloh. Tunduk perintahe Alloh ilangi drengki, lek iso. Ilangi drengki.
walaa mubaddila likalimatillah (lan ora ono sing nggenti kalimate Alloh)
yo aneh2, Gusti Alloh nggawe aneh. Sing asal Nabi itu Bani Hasyim, ning ginio, sing disebut mushohe Nabi kok yo bani hasyim. Sopo rupane? Abu Lahab, Abu...? Jahal. Aneh to ora aneh? Gusti Alloh nggawe aneh, iki kowe ngerti terus. Ono wong islam, kok ono beboyo kenek. Aceh kenek tsunami, ora ono wong sarang, urunan duwet ngge mbantu aceh. yo ta gak? iki Alloh nggawe koyok ngono. Kabeh Alloh nggawe opo sing kedadean ning alam ndunyo, iku wis dadi qodho qodare Gusti Alloh. Lhaiyo mestine sing paling iman lak yo abu lahab to, wong sing paling seneng urung lahir wae abu lahab, geneo kok abu lahab
تبت يدا أبي لهب وتب
Sakniki koyok ngono Alloh.
(dunia ini) digawe aneh2. Ora ono sing nggenti, maring opo? kalimate Alloh. Dawuh Alloh. Alloh iku dawuh, opo sing dipirsani Alloh, didawuhaken maring Alloh. Lak kowe kan gak, mok ruhi, ora iso kowe nyritakno. Opo maneh wong bento, mek iman tok, nanging kon crito gak iso aku. Lha Alloh iku sifat sampurno, dadi opo sing dingendiken Alloh, iku opo sing dipirsani Alloh. Sing dipirsani Alloh, gak kenek, saking akehe.

Gak iso entek, entek segarane dawuhe Alloh ijek. Iki setengah saking perkoro sing kudu mbok imano. Lha mulane wong weruh Alloh iku karek sitik, mergo wong ngaji wis karek arang2. Yo... he...
Opo sing dipirsani Alloh? lha sekabehane opo wae pirso. Opo wae, gak ono sing gak dipirsani. Lha opo sing dipirsani Alloh, ono dawuhe Gusti..? Alloh.
Opo sing dipirsani Alloh? lha sekabehane opo wae pirso. Opo wae, gak ono sing gak dipirsani. Lha opo sing dipirsani Alloh, ono dawuhe Gusti..? Alloh.
وَلَا مُبَدِّلَ لِكَلِمَـٰتِ ٱللَّهِۚ
مواعيده - tafsir jalalain
Lan ora ono sing nggenti, piro2 kalimate Alloh. Mawa'idihi piro2 pengancame Alloh. Lha saiki mulane kowe kudu barengi kowe, opo sing digawe Alloh, kadang ora tuk, akalmu. Ora tuk akalmu. Pinter2 e umate Nabi Musa, iku bal'am, ning geneo? musuhe Nabi Musa sing gede kok? bal'am. Aneh to ora aneh? Dadi anehe mulai biyen nganti sakniki. Dadi umpamane wong islam digawe wong biasa, opo rupane biasane? ruh dulur. Lha wong dunyo, diplekno wong islam kabeh, rukun kabeh, lak gak ono wong kafir. Dunyo diwekno wong islam kabeh, malah akeh donyane, timbul hasud2e. Yo delok wae, ono lagek dawet laris, iku wong2 dodolan dawet kabeh, akhire dodol dawet, ora payu kabeh. Akeh tha gak? ngono iku? Katah. Sing ngono iku nggone wong islam opo wong kafir? Kok iso ngono? yo ojo mbok takokno.
وَلَا مُبَدِّلَ لِكَلِمَـٰتِ ٱللَّهِۚ
Ora ono sing nggenti piro2 kalimate Alloh, dawuh2e Alloh. Mawa'idihi, diarani pengancam, janji, mergo Alloh iku ono janjine. Wong kok iso elek, mergo diancam. Ojo dilakoni iki, kok dilakoni. Mulane onok wong mlebu neroko, mergo nglakoni doso, faham yo. He...? doso endi? sing ndadekno mlebu neroko? gak ono sing eruh kejobo Alloh. Piye kowe lagek wong sitok ae, diancam mlebu neroko selawase.
wa man qotala mukminan muta'ammidan, iku bakale mlebu neroko selawase. Mergo kowe nglakone doso gede, kadang ndadekno kowe dadi wong kafir. Wong Abu Lahab iku doso sitok tok, tabban lak.. ciloko. Dadi mulane ati2, kowe sing wedi ning Alloh. Alloh gak iso nuntun Alloh. Dadi lek kowe kepingin nuntun Alloh gendeng, wong kowe ora nduwe opo2 wae kok ape nuntun sing kuoso nggawe langit bumi, sak isine. Faham yo... Mulane ono wong, mateni sangang puluh songo. Ginio kok ora mlebu neroko? takok ning nggone pendito, kulo mateni wong... wis2.. kowe sak elek2 e wong kowe... dipateni pisan. Genep nopo? satus. Bareng genep satus takok ning 'Ulama, aku doso, doso piye wae, asal kowe tobat, apik, yo dadi wong ahli jannah. Tobat, malah urung tobat, lagek ape tobat, mlaku, wis oleh pengapurane Gusti..? Alloh. Gusti Alloh koyok mengkono, Gusti Alloh ora kenek mbok tuntun, dadi kowe koyok mengkono, wong islam, kudu mbok demeni.

Comments
Post a Comment