Skip to main content

Catatan Ngaji Kyai Maimun Zubair | Tafsir Jalalain Surat Al Anbiya 48 | Kisah Nabi-nabi

 


وَلَقَدۡ ءَاتَیۡنَا مُوسَىٰ وَهَـٰرُونَ ٱلۡفُرۡقَانَ وَضِیَاۤءࣰ وَذِكۡرࣰا لِّلۡمُتَّقِینَ

ولقد آتينا موسى وهارون الفرقان أي التوراة الفارقة بين الحق والباطل والحلال والحرام وضياءً بها وذكراً عظة بها للمتقين

walaqod aatainaa ( lan yekti paring, sopo? ingsun) 

musa ( ing musa)
wa haaruna ( lan ing harun)
furqona ( ing kitab furqon, yoiku kitab taurot)


 أي التوراة الفارقة بين الحق والباطل والحلال والحرام
al faariqoh bainal haqqi wal bathil. Bathil iku ing ndalem bab i'tiqod. Nah saiki misah antarane halal dan harom. Nah bener kliru, iku onok ning taurot, onok ing Al Quran, nah iki diarani nopo? al furqon. 
yoiku kitab taurot, sing misah antarane haq lan bathil. 
wa dhiyaa-an ( lan kanggo pepadang)
pepadang kanggo opo? 

يستضاء من ظلمات الجهل
yustadho'u bihaa min dzulumaatil jahli

dinggo pepadang soko petenge bodo, kowe ora ngerti halal haram. Kowe kepengen balik, yo saiki ning taurot. 


wa dzikron ( lan kanggo pepeling) 

lil muttaqiin ( maring wong soleh taqwa2 kabeh)

wa dzikron ( lan kanggo pitutur)

wa dzikron ( lan kanggo pengeleng2)

lil muttaqin ( sopo wong sing taqwa)


ٱلَّذِينَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُم بِٱلْغَيْبِ وَهُم مِّنَ ٱلسَّاعَةِ مُشْفِقُونَ

الذين يخشون ربهم بالغيب عن الناس أي في الخلاء عنهم وهم من الساعة أي أهوالها مشفقون خائفون

alladzina yakhsyauna robbahum (muttaqin iku, wong akeh kang podo wedi)

podo wedi kabeh, robbahum ( ing Pengerane)

wedi siksane Alloh. 

bil ghoibi (kelawan wektune ghoib)

ai fil kholaa-i 'anhum tegese ing ndalem sepi, 'anhum  saking menungso. Ora ning nggone ngarepe menungso. (wedi ing Alloh, ing wektu sepi) wedi ing Alloh ing waktu rame, iku iso ugo pamer. Faham yo...  Semono ugo eling memyang Alloh ing wektu sepi, dzikir dewekan, wektu dalu).

wa hum minas sa'ati ai ahlwaalihaa

musyfiquna (iku podo wedi kabeh)

Wedi Pengeran, Wedi sikso. Naliko wedi sikso, yo ndonyo, yo akhirat. 


--

Nah ndunyo iki ono siksane, Ono kenikmatane. Sebab endi perkoro opo wae, manungso kok oleh ora enak, iku mergo awak e dewe sing nglakoni, gak iso. Mulane sakniki kok umpamane wong iku apik kabeh, yo enak ning ndunyo iki. Nanging gak iso kon apik kabeh, mergo dibandani elek. 

Isite wong enak iku, lek nduwe sifat elek. Iso Dagangane laris, iku lak kowe nduwe sifat ngeblesno kancamu kiwo tengen. Pengin dadi lurah, yo lek iso ngalahno konco e kiwo tengen. Loh njajal... loh wes mbuh, kabeh Pengeran.. yo ora ngiro dadi. 


لَقَدْ خَلَقْنَا ٱلْإِنسَٰنَ فِى كَبَدٍ

لقد خلقنا الإنسان أي الجنس في كبد نصب وشدة يكابد مصائب الدنيا وشدائد الآخرة

Dadi yo ewuh, Dadi laqod kholaqnaal insaana fii kabad. Aku ndadekno menungso ki payah. Mok kon gak payah gak iso. Iki sikso, dadi sikso iku ndunyo, ono sikso akhirat.

 Sikso ndunyo iku tumplek blek, iku sakduringe nabi musa. Sakuringe Nabi Musa, gak iso onok sikso tumplek blek, mergo onok tumurune kitab taurot. Jaman Nabi ibrohim urung ono kitab, jaman nabi luth urung ono kitab. Bareng wes ono kitab, iki ora ono sikso tumplek blek, kono disikso kene gak, nggih.. ora iso. Wong masutno wae gak iso saiki, ono kyai masudno tumplek blek, ora iso saiki. Ono kitab quran. Bareng ono taurot mudun, injil mudun, al quran mudun, gak ono entek2an, sikso sitik2an. Kono sikso, kene gak. kono ngelu, kene waras. Ngono yo... mulane saiki Alloh nerangaken, jaman anyar iku sakwise nabi musa, mergo onok kitab taurot. 

Lhaiki ning kene...


walaqod atainaa musa...

Loh iku wae... urung mesti wong alim niku melek dalu. Kadang wong bento melek? dalu. Loh lak ewuh kabeh. Bareng onok quran iki, ya alloh ya robbi, wes ojo mbok sanggah iki. Iki kersane Gusti Alloh. Lha wong melek dalu, iku urung mesti kerono Alloh, mergo wedi dunyane entek. Dadi njaluk dungo karo kyai, dos pundi dongane..? iki woco tumrap dalu., jajal. Insyaalloh dunyamu bakal ngene... nah ciloko melek dalu kerono donyo. Nah sing ciloko maneh, melek dalu kerono? dunyo ora oleh dunyo pisan. Lak kowar kawir, bar kabeh. Podo karo poso dalail, wes dipasani sepuluh tahun, ngono mlarate rakaruan, ora sido sugih. 


Wong kapan wis parak e ning dino akhir, lhaiki sing bener. 


wedimu menyang Alloh, olehmu wedi menyang akhirot. ngibadah menyang alloh, kerono akhirat. iki sampeyan angen2. iki taurot lan injil. Mergo gandeng niku. Diarani taurot niku perjanjian lama. injil perjanjian baru. Lah saiki injil taurot wis disek. sedowo niku tenggene nopo? bani israil. Diparingi ing ngatase kitab taurot. Nah iki nerangno nabi musa. Ninggone kene iki, Gusti Alloh arep nerangno urut2an, sing didisikno, ninggone musa lan harun. Musa lan harun, iku dongangen Musa dicampur harun. Ngko bakal ndongengaken ibrohim. Ibrohim mangke dewe maneh, bakal ndongengaken kisohe nabi luth. Ngkok iki. Kisohe Nabi Nuh.. iki ning kene. limo kisohe nabi dawud, enem kisohe nabi ayu, pitu kisohe nabi ismail lan idris. wolu qisohe nabi dzun nun. songo qisohe nabi zakaria, sepuluh qisohe mariam. Ben wong iku iso ndelok. Iki nabi musa karo nabi harun, dewe. 

Ono sing koyok nabi ibrohim, nabi ibrohim iku sabare koyok ngono. Ono sing koyok Nabi Musa, wes tumpes lak mpun gusti, kesuwen kesuwen. Faham yo... mulane sakniki dino iki dino musa, kyai meh entek. Kyainan meh entek. Mergo ora ngerti nabi. Mergo ulama warosatul anbiya. Lha nabi iku gak onok, nabi podo. Kok onok kyai, kulo nderek njenengan, iku ketemu pirang perkoro... saiki njajal. Takok mboh, kulo nderek. Ora enek.. mesti dewe. Mbok kon podo karo kowe, rusak.. dadi rusak e kyai kon podo karo ndekne. Padahal kyai iku wes dikek i karo wangsit sOko Gusti Alloh. Faham nopo mboten? mulane sakniki didongengno. 


wa hadza dzikru mubarokun anzalnaahu afa antum lahu munkirun. Kok mok ingkari piye? 17.32



ppalanwaesarang

Kenapa Nabi Yusuf mengabdi kepada fir'aun 





Comments