Skip to main content

Ngaji Hikam Gus Baha | Hikmah ke 151-152 | Kitab Al Hikam

 

Hikmah ke 151 Kitab Hikam
Berikut ini adalah transkrip kajian Gus Baha Kitab Hikam, hikmah ke 151. Semoga bisa menghibur kalian semua, semoga 

اباح لك ان تنظر في الممكوّنات وما اذن لك ان تقف مع ذوات المكوّنات 

قل انظروا ماذافى السماوات  

فتح لك باب الافهام 

ولم يقل: انظرواالسماوات لـءلا يدلك على وجودالاجرام


Abaha (ngolehno, sopo? Alloh Subhanahu wa ta'ala)
laka (maring siro)
membolehkan iku lho...
Alloh membolehkan

An Tandzuro (ing yento angen2, sopo? siro)
Kowe angen2

Maa (ing perkoro)
fil mukawwanati (sing terjadi ning barang2 sing diwujudno)

TAPI

wa Maa adzina (lan ora maringi izin, sopo? Alloh)
laka (maring siro)
an tanqifa (ing yento mandek siro)

ma'a dzawatil mukawwanati (sertane Dzate/ Jasad watake sing diciptakno Alloh)
sertane Dzat/ wujude barang sing mukawwanah 

Qul.. (ngucapo sopo? siro Muhammad)
Umatem warahi ngene.. 
Undzuruu..(angen2 sopo? siro)
maa dzaa (ing opo)
fis samaawati (kang terjadi ing piro2 langit)
fis samaawati (kang ing ndalem piro2 langit)


Fataha (mbukak sopo? Alloh) 
laka (maring siro)
baabal afhami (ing piro2 pintu pemahaman)

wa lam yaqul (lan ora dawuh, sopo? Alloh Subhananu wa ta'ala)
undzuruu as samaawati 
Undzuruu ( ndelok o sopo? siro)
as samaawati (ing piro2 langit)

Kowe iku ndelok o sing terjadi ning piro2 langit. Ora kok Alloh kowe ndelok o langit. Umpomo Alloh dawuh kowe ndelok o langit, 

li anlaa yadulla (supoyo ora nunjukno, sopo? Alloh)
ka (ing siro)
Alloh ora nunjukno kowe 
Ala wujudil ajromi (ing ngatase wujude piro2 jirim / wujude piro2 jasad)


Lah pemikirane ngeten niki...
Hikmah ke 152



الاكوان ثابتة بإثباته وممحوّة باحد يّة ذاته

Al Akwaanu (utawi piro2 barang sing wujud)
sak ndunyo.. kuabeh, menungso langit bumi. 
iku 
Tsabitatun (iku barang sing wujud)
TAPI wujude
bi itsbatihi (kelawan diwujudno Alloh)
wa mamhuwatun (lan den hapus)
utowo den hapus, mamhuwah maknane disirnakno, utowo dihapus. 
olehe den hapus..
bi ahadiyati dzaatihi (kelawan sifat, ahade Dzate Alloh)

Pun kulo terangaken nggih. Dados Alloh Dawuh...

قل انظروا ماذافى السماوات  

Hei umate Muhammad, warahono, ruho.. kowe iku angen2 maa dzaa. Nggih alon2 nggih, kulo terangno nggih. Undzuruu.. Qulindzuruu... maadza fissamaawati wal Ardh. 

Kowe angen2o.. ning langit iku terjadi opo? dadi mboten kok Alloh dawuh langit iku pikiren, bumi iku pikiren. Lak langit mbek bumi dipikir, berarti Alloh nunjukkuno muk sekadar jirim/ utawi jasad. Tapi sing didawuhno Alloh nopo? 

قل انظروا ماذافى السماوات  

langit delok en, menungso yo delok en. Ngko lak ketok, bahwa menungso langit bumi kabeh niku, mboten bisa menciptakan dirinya sendiri. Terciptane mergo kersane Alloh. Dadi Maadzaa.. kenapa? Jadi ini cara berfikir tiyang2 tasawwuf, 


إني لا أحب الآفلين


Dawuhe Nabi Ibrahim, Aku ora seneng barang sing ilang. Dadi misale kowe ndewak2no presiden. Nak ndewaknone mergo ndekne wujud hebat, ngkok wujude yo songko barang sing mboten wujud. Sak wuse wujud, engko dadi ora wujud. Dadi wong sugih, wong hebat niku lek pas wujud. Ngkok mati... terus ora wujud, faham nggih. SIng saiki wujud, saking mboten nopo? wujud. Nak ngono ora nduw eksistensi. Lhaiyo wong wujud kok iso diilangno. Iku wujud model opo? raine piye, cap opo? Lek wes wani wujud yo wes ora iso diilangno. 

Kulo warahi carane mikir wong hakikat nggih. Wong wujud kok iso diilangno, iku lak wis gak gagah blas, gak hebat blas. 

Comments