Skip to main content

Ngaji Hikam Gus Baha | Hikmah ke 22 | Kitab Al Hikam



Bismillahirrohmanirrohim

Kitab Hikam 22

ما مِنْ نَفَسٍ تُبْدْيهِ إلّا وَلَهُ قَدَرٌ فيكَ يُمْضيهِ

Maa min nafasin (ora ono utawi sak keluare nafas/ sak ambekan)
Ora ono siji ambekan sing mbok keluarno
tubdi (kang ngetokno/munculno opo? nafas)
hi (ing man/abd)
illa (kecuali) 
wa lahu (lan keduwe abd)
qodarun (keputusane Alloh) 
fiika (ing ndalem siro) 
yumdhihi (kang bakal terus, opo? ikilah qodar)
hi (ing ikilah amal)


Ngeten lho maksude, kulo terangno riyin nggih, (mangke) kulo  maknane maleh. Jadi setiap helaan nafsu/ setiap helaan nafas. Coro kyai jowo iku nafas. Dadi ngeten nggih, kulo terangno masalah nafahat.

ﺇﻥ ﻟﺮﺑﻜﻢ ﻓﻲ ﺃﻳﺎﻡ ﺩﻫﺮﻛﻢ ﻧﻔﺤﺎﺕ ﻓﺘﻌﺮﺿﻮا ﻟﻬﺎ ﻟﻌﻞ ﺃﻥ ﻳﺼﻴﺒﻜﻢ ﻧﻔﺤﺔ ﻣﻨﻬﺎ ﻓﻼ ﺗﺸﻘﻮﻥ ﺑﻌﺪﻫﺎ ﺃﺑﺪا

ان لله تعالى في ايام دقيق نفحات فتعرضوا نفحته


Setiap detik dari kehidupan ini, Alloh punya nafahat. Punya tiupan2 rohmat. Karena setiap detik itu ada kemungkinan rohmate Alloh. Maka bersiap2lah, fata'arrodhu itu bersiap siap. Setiap saat, Entuk nafahate Pengeran, entuk nafahate? sopo? Pengeran.  

Misale kulo wong alim, wong sholeh. Wonten maling, onok wong terkenal penggaweane maling, penggaweane zino, penggaweane mateni wong. Itu tetep dia punya satu nurani, misalnya dia punya nurani satu jam untuk shodaqoh. Terus shodaqoh teng kulo. Niki contoh sing nyata mawon, shodaqoh teng kulo. Terus saya mengatakan, iki duwek maling. Coro fekih itu duwik maling, haram tak tompo. Itu kliru, klirune ngeten, bisa saja satu jam itu sangat berarti bagi dia, karena satu jam dia memutuskan taubat. Memutuskan gak maling (terus) duwik e dikekno wong alim. Faham nggih. Dan aku sebagai wong alim sama, aku nglakoni kesalahan nompo duwek, iku lak pikiranku tak pangan dewe. Nha nek pikiranku tak kekno masjid, tak kekno faqir miskin kan gak ada masalah....Itu kan thomakmu. Salahmu nduwe thomak butuh mangan? dewe. 

Angger ono pikiran ora dipangan dewe? apik. Dikekno masjid.. faham nggih. Apik ora dinggo  tombok judi. Ternyata satu jam ini sangat penting bagi dia. Mutusno taubat. 

Mulane Rosululloh itu kalau disowani wong maling, mulai wong awam macem2, jangan2 dia sedang mendapat nafahat. Jangan2 dia sedang mendaapt nafa'at. Mulane jaman guru2 kulo sampek bapak kulo, jaman guru2 santri2,  sampai Kyai pesantren. Mulai riyin lek didolani wong fasik nggih ditompo. Sing marai salah, lak kowe berfikir mbok nggo? dewe. Jangan2 pas nafahat. Syarate nafahat lho, uduk dinggo politik, nopo? nafahat. 
Nah bukti dari teori saya itu, yang jelas itu teng hadits. 


أنّ نَبِيَّ الله – صلى الله عليه وسلم 

قَالَ : كَانَ فِيمَنْ كَانَ قَبْلَكمْ رَجُلٌ قَتَلَ تِسْعَةً وتِسْعينَ نَفْساً 

فَسَأَلَ عَنْ أعْلَمِ أَهْلِ الأرضِ ، فَدُلَّ عَلَى رَاهِبٍ ، فَأَتَاهُ 

فقال : إنَّهُ قَتَلَ تِسعَةً وتِسْعِينَ نَفْساً فَهَلْ لَهُ مِنْ تَوبَةٍ ؟ 

فقالَ : لا ، فَقَتَلهُ فَكَمَّلَ بهِ مئَةً 


ثُمَّ سَأَلَ عَنْ أَعْلَمِ أَهْلِ الأَرضِ 

فَدُلَّ عَلَى رَجُلٍ عَالِمٍ 

فقَالَ إِنَّهُ قَتَلَ مِئَةَ نَفْسٍ فَهَلْ لَهُ مِنْ تَوْبَةٍ ؟ 

فقالَ : نَعَمْ ، ومَنْ يَحُولُ بَيْنَهُ وبَيْنَ التَّوْبَةِ ؟ 

انْطَلِقْ إِلى أرضِ كَذَا وكَذَا فإِنَّ بِهَا أُناساً يَعْبُدُونَ الله تَعَالَى فاعْبُدِ الله مَعَهُمْ

ولاَ تَرْجِعْ إِلى أَرْضِكَ فَإِنَّهَا أرضُ سُوءٍ 

فانْطَلَقَ حَتَّى إِذَا نَصَفَ الطَّرِيقَ أَتَاهُ الْمَوْتُ 

فاخْتَصَمَتْ فِيهِ مَلائِكَةُ الرَّحْمَةِ ومَلائِكَةُ العَذَابِ . فَقَالتْ مَلائِكَةُ الرَّحْمَةِ : جَاءَ تَائِباً ، مُقْبِلاً بِقَلبِهِ إِلى اللهِ تَعَالَى 

وقالتْ مَلائِكَةُ العَذَابِ : إنَّهُ لمْ يَعْمَلْ خَيراً قَطُّ ، فَأَتَاهُمْ مَلَكٌ في صورَةِ آدَمِيٍّ فَجَعَلُوهُ بَيْنَهُمْ

– أيْ حَكَماً – 

فقالَ : قِيسُوا ما بينَ الأرضَينِ فَإلَى أيّتهما كَانَ أدنَى فَهُوَ لَهُ . 

فَقَاسُوا فَوَجَدُوهُ أدْنى إِلى الأرْضِ التي أرَادَ ، فَقَبَضَتْهُ مَلائِكَةُ الرَّحمةِ )) مُتَّفَقٌ عليه 


Enek wong iku mateni sangang puluh songo. Dia punya nafahat, moro2 kepengen tobat. Ketika kepingin tobat, nggolek i kyai. Ndekne entuk nafahat. Ketika kepingin tobat, yo nggolek i kyai.  Lha ndilalah kyai pertama sing sing dikonsultasikno, lah gak iso... akhire dipateni pisan. Wong ape tobat, ora oleh, akhire sempurno mateni 100wong. Nafahatnya masih hidup, takok wong maneh, takok wong alim. Akhire wong alim njawab, ora kok kemlinti, ndekne enak lek njawab

ومَنْ يَحُولُ بَيْنَهُ وبَيْنَ التَّوْبَةِ 

 ومَنْ يَحُولُ بَيْنَ الله وبَيْنَ عبده

Sopo sing iso ngalangi hubungane Alloh mbek hambane. Sopo sing iso ngalang2i hubunganmu mbek Pengeran. Ora ono.. sing iso ngalangi hubungane wong mbek Pengeran. 

Kulo eling dawuhe bapak, bojo iku wong liyo. Buktine kenek dipegat. Tapi nak anak....? ora kenek dipegat. Lhaiyo, anak mbek wong tuwo ae ora kenek dipegat, opo maneh hubungan menungso mbek Alloh Subhanahu wa ta'ala. Mulane kulo lek ngaji niki nangis, tenggene ayat .. 

ثُمَّ رُدُّوۤا۟ إِلَى ٱللَّهِ مَوۡلَىٰهُمُ ٱلۡحَقِّۚ أَلَا لَهُ ٱلۡحُكۡمُ وَهُوَ أَسۡرَعُ ٱلۡحَـٰسِبِینَ

Surat Al An'am: 62. Wong kafiro koyok opo, wong dzolimo koyok opo, pada akhire tetep bali ning Alloh. Maulaahum, Alloh iku hakikote dzat sing? (jadi tempat kembali)

Mulane wong sholeh mati seneng, urip yo seneng, mati yo seneng. Pada akhire kowe yo bali ning? Alloh. 


Wong anak ambek bapak, ora iso pegatan, opo maneh? kawulo mbek Pengeran. Mulane jawabe wong alim pinter. 

ومَنْ يَحُولُ بَيْنَهُ وبَيْنَ التَّوْبَةِ 

Sopo sing iso ngalang2 hubungane wong ambek Pengerane. Tenan tho kyai? kulo sik saget (hubungan) mbek Pengeran? lek saget? carane pripun?  Terus kyaine ngomong (tentang syari'at). Kamu itu hidup di daerah preman, di daerah (kurang bagus). Kowe nak kepingin apik, kowe ning negeri sing dihuni wong2 apik. Bareng ape ning nggone negeri iku, misale negeri iku 100 kilo, Pas 50kilo luwih rong senti, kiro2 katek sak jengkal, mati. 


Malaikat rohmat, ini bagian saya. 

جَاءَ تَائِباً ، مُقْبِلاً بِقَلبِهِ إِلى اللهِ تَعَالَى

Malaikat adzab, ndak ini bagianku...

إنَّهُ لمْ يَعْمَلْ خَيراً قَطُّ ، فَأَتَاهُمْ مَلَكٌ في صورَةِ آدَمِيٍّ فَجَعَلُوهُ بَيْنَهُمْ

Mulane kulo lak ngaji pede, mergo pas ngulangno hukume Pengeran, mergo pas nafahate..


Malaikat rohmat mbek malaikat adzab (tukaran) terus Jare Pengeran, Ya Jibril.. tengahi mereka, putuskan secara adil. Kalau lak wis nglangkahi bumi elek, berarti bagiane malaikat rohmat. Lak sik urung, berarti bagiane malaikat adzab. 

Nafahat2 ngono iku ojo geman mbok pateni, misale kowe dadi wong pingin shodaqoh, kudu mbok kawal shodaqoh. Kowe nglilir pingin tahajjud, kudu mbok kawal, sholat, mumpung kepingin tahajjud. 

Faham nggih, mulane ngendikane...

ان لله تعالى في ايام دقيق نفحات فتعرضوا نفحته

alaa inna lillahi nafahatun fi ayyamikum


Mulane ngendikane wali2, yaa robbi, 

أَصْـبَحْنا وَأَصْـبَحَ المُـلْكُ لله وَالحَمدُ لله ، لا إلهَ إلاّ اللّهُ وَحدَهُ لا شَريكَ لهُ، لهُ المُـلكُ ولهُ الحَمْـد، وهُوَ على كلّ شَيءٍ قدير ، رَبِّ أسْـأَلُـكَ خَـيرَ ما في هـذا اليوم وَخَـيرَ ما بَعْـدَه ، وَأَعـوذُ بِكَ مِنْ شَـرِّ ما في هـذا اليوم وَشَرِّ ما بَعْـدَه، رَبِّ أَعـوذُبِكَ مِنَ الْكَسَـلِ وَسـوءِ الْكِـبَر ، رَبِّ أَعـوذُ بِكَ مِنْ عَـذابٍ في النّـارِ وَعَـذابٍ في القَـبْر

asbahnaa wa asbahnaa mulku lillah, kulo tangi sadar, siap nompo rohmate panjenengan. Siap nompo hidayate penjenengan. Makane ihdinas shirothol mustaqim. Gusti masio kulo wong elek, wong nakal, tapi setiap saat siap nompo rohmate, hidayate penjenengan. 

بيدك الخير وانت على كل شيء قدير

Mulane ndungo iku biyadikal khoir, wa anta 'ala kulli syai-in qodir. Senajanto Alloh yo iso ngersakno elek, tapi ora disebut. Namung biyadikal khoir. Penjenengan sing maringi kebaikan. Faham nggih, jadi setiap saat, orang itu punya potensi (mendapat rahmat). 

Mendapat nafahaat iku bejo, Mosok mateni wong sampek satus, gara2 nafahat dikawal, diimplementasikan rupa2ne berjalan menuju daerah yang bagus, akhire jatahe malaikat nopo? malaikat rahmat. 

Saiki klirune santri iku, sering mbiyarno nafaat. Misale kepengen shodaqoh, sido to ora..... Kulo misale ngajar teng bojonegoro, teng sarang. Nurute aras2en yo iso mawon, tapi kulo gampang mawon, aku mulang didelok Pengeran (dadi maleh semangat). Sebetulnya di dalam kehidupan kita, setiap saat onok nafahate Pengeran. 


ما مِنْ نَفَسٍ تُبْدْيهِ إلّا وَلَهُ قَدَرٌ فيكَ يُمْضيهِ

Maa min nafasin (ora ono iku saking ambekan) 
Ora ono siji ambekan sing mbok keluarno
tubdi (kang ngetokno/munculno sopo? siro) Mbok tok no ning alam raya iki. 
hi (ing nafas)
illa (kecuali) 
wa lahu (iku kagungane Alloh Subhanhu wa ta'ala)
qodarun (keputusane Alloh) 
fiika (ing ndalem siro) 
yumdhihi (kang bakal mutusno, sopo? Alloh)
hi (ing al qodar)


Mulane mulai riyin, wong alim iku aneh2. Wong alim iku aneh2. Mulane ono wong alim (biasa) nemen2 yo ora bener. Kadang ono anehe. Niki Hadits Shohih... 


عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ:
أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ: " قَالَ رَجُلٌ: لَأَتَصَدَّقَنَّ بِصَدَقَةٍ، فَخَرَجَ بِصَدَقَتِهِ، فَوَضَعَهَا فِي يَدِ سَارِقٍ، فَأَصْبَحُوا يَتَحَدَّثُونَ: تُصُدِّقَ عَلَى سَارِقٍ

فَقَالَ: اللَّهُمَّ لَكَ الحَمْدُ، لَأَتَصَدَّقَنَّ بِصَدَقَةٍ، فَخَرَجَ بِصَدَقَتِهِ فَوَضَعَهَا فِي يَدَيْ زَانِيَةٍ، فَأَصْبَحُوا يَتَحَدَّثُونَ: تُصُدِّقَ اللَّيْلَةَ عَلَى زَانِيَةٍ، فَقَالَ: اللَّهُمَّ لَكَ الحَمْدُ، عَلَى زَانِيَةٍ؟ لَأَتَصَدَّقَنَّ بِصَدَقَةٍ، فَخَرَجَ بِصَدَقَتِهِ، فَوَضَعَهَا فِي يَدَيْ غَنِيٍّ،
فَأَصْبَحُوا يَتَحَدَّثُونَ: تُصُدِّقَ عَلَى غَنِيٍّ،
فَقَالَ: اللَّهُمَّ لَكَ الحَمْدُ، عَلَى سَارِقٍ وَعَلَى زَانِيَةٍ وَعَلَى غَنِيٍّ

فَأُتِيَ فَقِيلَ لَهُ:
أَمَّا صَدَقَتُكَ عَلَى سَارِقٍ فَلَعَلَّهُ أَنْ يَسْتَعِفَّ عَنْ سَرِقَتِهِ، وَأَمَّا الزَّانِيَةُ فَلَعَلَّهَا أَنْ تَسْتَعِفَّ عَنْ زِنَاهَا، وَأَمَّا الغَنِيُّ فَلَعَلَّهُ يَعْتَبِرُ فَيُنْفِقُ مِمَّا أَعْطَاهُ اللَّهُ "


dulu ada orang pinter di zaman bani isroil, penggaweane sedekah. Wong sing terkenal lonte, diparani dikek i duwek. Jadi aneh, pak kyai, ngekek i duwek lonte. Terus lagi ngekek i maling, Terus ngekek i wong sugih. Karena aneh, masyarakat tanya... kenapa pak kyai ngekek i lonte? dia itu lonte...



Dek e dadi lonte, mergo golek? duwek. Dadi tak kek i duwek, ben gak usah? nglonte. 
Dek e maling, mergo golek? duwek. Dadi tak kek i duwek, ben gak usah? maling. 
Dek e wong sugih, nganti dunyane akeh mergo mlirit, iki tak tambahi.... 


Sak elek2 e wong, iku mesti nduwe nafahat. 
Onok lonte, ruh asu kehausan. Ndekne nduwe nafahat, pas iku entuk nafahate Pengeran, ndekne medun ning sumur, dikekno nganggo sepatu boot. Iku dramatis, carane nggolek banyu. Lak kyai gak iso, mergo kyai khusyu' (gak pencilak an). Sing iso model ngene lonte. Bareng dikek no asu, Pengeran matur suwun, mergo onok makhluk e sing (dislametno). Artinya apa? sekian detik nafahat. Nuranine lonte, saake mbek asu, dan ketika nafahat iku dikawal diwujudno tenan. Dadi ditampani ning Pengeran, ning Alloh Swt. Ojo sampek oleh nafahat mbok pateni. Nahafat iku ojo dipateni. 

ان لله تعالى في ايام دقيق نفحات فتعرضوا نفحته

Jadi kita setiap saat kudu siap nompo nafahate? Pengeran. Ojo sampek nafahat itu dipateni. Mulane teng ...., gak onok wong nyolong asu (dibeleh). Nyolonge wedus mbek pitek, mergo halal. Masio maling masih percaya hukum, masih eling nabine, lak wedus pitik halal. Padahal maling.... moh nyolong asu mergo haram, moh nyolong babi mergo? haram. Padahal nyolong iku yo haram, tapi sik iso ngerti hukum halal haram asu pitik wedus. Jadi nafahat itu jangan dimatikan. Misale Alloh nompo, maasyaalloh. 


Nabi isa itu kan orang pilihan, itu gadah, kaum hawariyyin. Teng mriku wonten wong terkenal preman. Sing premane, waktu Nabi Isa jalan2... dikawal oleh hawariyin. Itu ketika berjalan di kampung itu, si preman itu, wong kok sholeh2 ngono yo. Akhire melu bareng... mlaku sama mereka. Itu terus kaum hawariyin (ada yang risih). Wong preman kok melu kyai. Pas ada yang risih itu, terus Alloh ngekek i wahyu ning Isa. Kaum hawariyin sing kok... saiki tak cabut ko status hawariyin. Nuangis kaum sing hawariyin. Nabi Isa nggih tangklet, kenapa ya Alloh? Onok preman sing kepengen tobat... entuk nafahat. Dekne iku ruh wong apik seneng, ngidolakno kowe, pingin apik. Ngetotno kowe, kok malah kowe sing risih? Sopo sing iso ngalang2i rohmatKu? 

Misalkan ada orang (elek koyok opo), kamu bodoh kalau menutup potensi rohmate? Pengeran. 

Suatu ketika, saat Hawariyin dalam sebuah perjalanan, terlihat oleh seorang preman yang sangat tertarik untuk mengikuti orang-orang shalih tersebut. Preman itu pun langsung ikut bergabung. Namun di antara Hawariyin ternyata ada salah seorang yang merasa risih dengan kehadiran preman tersebut. “Aku dikenal wali, kok dekat dengan preman?!” 

Maka si wali itu mempercepat jalannya. Sedangkan si preman sejak awal memperlambat jalannya. Preman ini rupanya rendah diri dan merasa orang semacam dirinya tidak layak bersama orang shalih. “Intinya, preman ini menjaga kesopanan sementara si wali memelihara keangkuhan,” 

Lalu apa yang terjadi? Saat itu juga Allah berfirman kepada Nabi Isa ‘alaihissalam. “Isa, dua orang ini memulai amal dari nol! Wali ini Aku hapus amalnya, preman ini Aku hapus semua dosanya.” Semuanya nol-nol. Menurut Gus Baha, satu pihak (preman) mendapat barakahnya adab (etika), sementara satunya lagi (si wali) mendapat konsekuensi dari ujub (sombong). “Jadi kita tidak pernah tahu, Allah itu meletakkan ridha-Nya di mana dan meletakkan sukhtu (murka-Nya) di mana!

Mulane teng hadits qudsi,..

مَن ذا الذي يَتَأَلَّى عَلَيَّ أنْ لا أغْفِرَ لِفُلانٍ، فإنِّي قدْ غَفَرْتُ لِفُلانٍ، وأَحْبَطْتُ عَمَلَكَ، أوْ كما قالَ

Sopo sing iso ? ngatur PengampunanKu? RohmatKu? Sampai bersumpah tidak bakal diampuni dosa si fulan oleh Robb. 

Kanjeng Nabi kan wis nabi. Sayyidul Awwalin wal Akhirin. Iku wae, disalahno Pengeran, dielengno. Pamane Nabi Sayyid Hamzah, dipateni Wahsyi. Tapi apa yang terjadi ketika Nabi (masutno) wahsyi. Wahsyi wong elek, tobate ora bakal ditompo. Tapi apa yang terjadi???

ليس لك من الأمر شيء أو يتوب عليهم أو يعذبهم

Sing Pengeran iku Aku, ora iso kowe sing (nentokno). Laisa laka minal amri syai-un. Wahsyi diparingi? tobat. Itu berarti Wahsyi entuk nafahat saking Pengeran. Wahsyi aku kon nompo tobatem, jare Pengeran. Tapi aku jek eling, kowe tahu mateni pamanku.... 

Wahsyi
Aku bersumpah, sebagaimana pernah membunuh orang yang paling dicintai Rosululloh, Aku bersumpah akan membunuh orang yang paling dibenci? Rosululloh, yaitu Musailamah Al Kadzab. Iku barokahe nafahat... Mulane kulo suwun, lek panjenengan dadi wong sholeh. Mungkin kita benci maksiat, tapi tetep ning atimu, jangan menutup nafahate Pengeran. Kebeh wong entuk hak, entuk nafahate sinten? Pengeran. 

Mulane jare Quran niku...

 بل الإنسان على نفسه بصيرة ولو ألقى معاذيره
Surat Al Qiyamah 14

Menungso piye2 sik nduwe nurani. Nurani itu (gak bisa mati). Mulane Agomo islam iku diarani 


فطرة الله التي فطر الناس عليه

fitrotallohillati fathoronnasa 'alaihaa

Surat Rum: 30

Maling iku, uripe ko maling. Tapi dia sadar, benarnya (fakta) lak maling iku doso. Lonte iku rejekine ko nglonte, tapi dia sadar lak nglonte iku doso. Umpomo agomo islam ra sesuai fitroh kan....? lonte, maling, janggal...  Ternyata mereka gak janggal. Lonte pun setuju lek zino haram. Maling yo setuju lek maling haram. Mulane harame maling, haram sing mujma' alaih. Mergo lonte maling lah ngerti lek ngono iku haram. Korupsi yo mujma' alaih, mergo koruptor barang, ngerti lak korupsi yo doso. Mulane ndelik2, ora wani terang2an. Kenapa kok maling iku haram mujma' alaih, mergo konvensi antar maling itu memutuskan? itu yo haram. Itu sing disebut..

بل الإنسان على نفسه بصيرة 

Sebagian ayat,

وفي أنفسكم أفلا تبصرون

Mulane sok mben lak ning akhirat Pengeran takok, kenek opo kowe? dadi maling? Mboten enten sing ngandani... 

كفى بالبصيرة

Basyirohmu nuranimu iku cukup, nyeksikno kowe, lak maling iku doso. Iku jenenge nafahat. Kulo njenengan sing ngaji, nafahat itu jangan dimatikan. Mpun jangan dimatekno, meskipun ada syari'at, wong ora oleh kancanan wong nakal, marai ketularan. Tapi nafahat ini jangan dibuang.... 

ومَنْ يَحُولُ بَيْنَهُ وبَيْنَ التَّوْبَةِ 



Comments