Skip to main content

Ngaji Hikam Gus Baha | Hikmah ke 253 | Kitab Al Hikam



Hikmah ke 253 Kitab Hikam
Catatan Ngaji Gus Baha Kitab Hikam. Semoga bisa bermanfaat untuk kalian semua, selamat menikmati. 



Bismillahirrohmanirrohim

الحكمة الثالثة والخمسون بعد المائتين


كيف تطلب العوض على عمل – هو متصدق به عليك ؟ 

أم كيف تطلب الجزاء على صدق – هو مهديه إليك ؟


Iki sing wajib sampeyan hafalno, niki kulo niku paling eling. Jaman Ngaji hikam kalian Mbah Moen iku, paling eling2 nggih niki, madzhab niki. 


كيف تطلب العوض على عمل – هو متصدق به عليك ؟ 

Kaifa hale koyok opo? 
tathlubu (nggolek i, sopo? siro)
al 'iwadho (ing gentine)
'iwadh teng mriki maknane opah. 


Kowe nggolek i opah ?


'ala amalin (ing ngatase 'amal)

sing 
huwa (utawi Alloh Subhanahu wa ta'ala) 
iku 
mutashoddiqun (Dzat sing maringi Shodaqoh)
bihi (kelawan 'amal)
'alaika (ing ngatase siro)

Kowe kok nuntut opah, ning Alloh? mergo kowe nglakoni 'amal sing hakikote 'amal iku Alloh nyodaqohi ning kowe. Kowe iso ngamal iku. cek elek e kowe. 


أم كيف تطلب الجزاء على صدق – هو مهديه إليك ؟

Am kaifa (utowo hale koyok opo?)
Tathlubu (nggolek i, sopo? siro)
Al Jazaa-a (walese 'amal)
'ala Shidqin (ing ngatas kebenerane 'amal)

sing 
Huwa  (Utawi Alloh)
iku
Muhdihi (sing maringi Hadiah, sopo? Alloh)
ilaika (maring siro)


Mpun iki hafalno, njenengan hafal iki slamet ndunyo akhirat tenan. Faham nggih.. Dadi ikhlas iku kenek dilatih. Mulane onok wong kok ndarani ikhlas kuwi angel yo goblok, coro madzhab Abu Hasan Asy Syadzali. Ikhlas iku gampang. Angger utekem waras, nggih ikhlase? gampang. Saiki rungokno nggih, jarene Abu Hasan Asy Syadzali sing saiki ditiru muride niki. 

Piye leh, kowe iku kok iso nuntut opah. Iwadh teng mriki maksude Opah. Kowe kok iso nuntut opah maring Alloh iku piye? kowe iso ngamal iku kersane Alloh. Saiki kowe iso zakat iku yo duwik e Alloh. Kowe iso sholat yo mergo hidayahe Alloh. Bareng Alloh wes maringi kowe iso sholat, Alloh mbok tuntut, maringi opahe? sholat. Yo iku kowe nuntut njaluk opah? suargo. Kok iso.. wong amale kuwi songko Alloh, kersane Alloh. Bareng Alloh maringi 'Amal mbok tuntut ngekek i? iwadh maknane pengganti (opah). Lak yo aneh... Jadi gampang, nglatih ikhlas iku gampang. 

Dadi Kados kulo ngeten niki misale. Misale kulo keceluk wong ngalim. Loh ilmuku iku kersane Alloh. Aku iso ngalim diparingi Alloh. Iso ngulang ning poro santri yo kersane Alloh. Kok bareng aku ngulang, aku nuntut Alloh ngopahi ngulangku. Loh aku iso ngulang hadiahe Alloh. Bareng wes ngulang njaluk? Opah. Lha wong kok anehe ngono. Goblok kok nganti ngono. 

Dadi tunggale ngeten nggih, contoh (fisik) kulo nyontokno ngeten. Koyok rukhin tak kek i duwek sak milyat nggo dagang. Khin iki duwek sak milyat nggo dagang. Bareng nggo dagang bati, dadi telung milyat. Bareng dadi telung milyat, rukhin sowan kulo. Gus.. kulo bisnis niku sukses, sak milyat dadi telung milyat. Maka kamu harus memberi saya lagi tiga milyat, sebagai bentuk hadiah, mergo aku bisnisne sukses. Lha bocah kok gendenge ngono, wong iso nduwe duwik telung milyat kok duwik ku sak milyat.. Bareng wis sukses malah nuntut maneh njaluk? telung milyat sebagai hadiah ndekne? sukse. Saiki tak takok i.. sampeyan iso zakat nganggo duwek e sopo? Alloh. Shodaqoh? hidayat saking sinten? Alloh. Bareng wis kasil zakat, kasil shodaqoh, Alloh mbok tuntut. Gusti... ojo maringi iso zakat tok to.. sak opahe ndi? Lho iku geblek opo ora? 

Sampeyan iso sholat kersane sopo? Alloh, gelem ngaji yo kersane sopo? Alloh. Bareng iso sholat nuntut, ya Alloh pundi opahe sholat pundi? Makane ditakokno iku kaifa.. kaifa iku aneh. Mosok kowe njaluk opah, ambek 'amal sing Alloh ngekek i hadiah 'amal iku ning kowe. Faham sing kulo maksud nggih? lhaiyo wong kok koyok ngono wong kok...? Faham sing sing kulo maksud nggih? Dadi kowe lek kepingin latihan ikhlas nggih ngoten. Misale kowe kepingin dadi wong alim ngulang. Mulang santri2 sing ora iso salam templek, santri sing ora iso ngekek i seneng kowe. Yo eling ae, aku ngalim iku ilmu saking Alloh, iso ngulang yo kersane Alloh. Aku zakat, duwek yo duwek e Alloh. Ditekdir kepingin zakat yo sing nggerakno? Alloh. Saiki yowis, bar zakat yowis. Alhamdulillah. Lha niku, madzhabe sopo? Abu Hasan Asy Syadzali. Dados.. yowis ngoten niku. Dados niki kulo woco syarahe nggih, sing crito muride, crito niku lho.. nopo...?

ولذالك صدر المؤلف رضي الله عنه
بكيف يعجبك من ذالك 

قال الواسطي: مطالبة الأعواض على الطاعات من نسيان الفضل

Al Wasithiyu
Mutholabatul a'wadhi (utawi nggolek opah)
'alath tho'ah (ing ngatase tho'at)
iku 
min nisyaanil fadhli (songko lali fadhole Alloh)

Dados kados kulo ngeten niki, sebagai wong 'alim diparingi mulang. Terus eling terus.. matur nuwun Gusti..diparingi ngulang. Matur nuwun Gusti, diparingi sholat... wes ngono lak aku eling fadhole? Alloh. Eling Anugerahe Alloh diparingi sholat diparingi? mulang. Lha nak aku wong geblek. Gusti.. kulo mpun sholat, penjengan opahi, Kulo mpun mulang lho, penjengan opahi. Lho wong ilmuku songko Alloh, sholatku songko Alloh, bareng wis sholat nuntut? opah. Iku podo karo rukhin tak modali sak milyat, bareng tak modali, engkok malah? nuntut maneh sebagai opahe? Lha piye.. bar dikek i kok malah? nuntut? Angger nuntut berarti lali fadhole Alloh. Mestine sing mbok eling2 iku peparinge? Alloh. 

وعن محمد بن علي بن حبيش قال 

سئل ابو العباس بن عطاء وانا حاضر 

عن اقرب شيء الى مقت الله تعالى 

قال رؤية النفس وافعالها 

واشد من ذلك مطالعة الاغراض عن افعالها



Terus Abul Abbas ditakok i,
اقرب شيء الى مقت الله تعالى

وقال رؤية النفس وافعالها 

rukyatun nafsi wa af'aluha, yoiku ndelok awakmu dewe. Misale sholat, woh guwe sholat banget, misale shodaqoh gue banget. Pokok tiap ngamal niku ngroso koyo2 ndekne niku sing nopo? ngamal. Tanpo campur tangan hidayate? Alloh. Dadi sesuatu sing marekno bencine Alloh, rukyatun nafsi wa af'aluhaa. 

Terus...

و اشد من ذالك 
(utawi sing luwih banget)
min dzalika (tinimbang rukyatun nafsi wa af'aluha)

مطالبة الأعواض على الطاعات من نسيان الفضل
mutholabatul a'wadhi (utawi nuntut opah) 
'ala Af'aliha (ing ngatase nglakoni tho'at). Utowo ing ngatase perilakune Nafsu ning tho'at. Yo elek tenan... 

kulo baleni maleh, tak contokno. Pun sampeyan tak kek i sitok2 nggih. Sampeyan sholat kersane? sinten? Alloh. Iso sholat nggih hidayat saking? Alloh. Loh Alloh wis maringi hidayat sholat, bareng kowe wis sholat malah Alloh mbok tuntut maneh. Padahal Dzat sing wis maringi kowe? sholat. Yo iku tunggale mau. Kowe tak kek i duwek sak milyat, cung iki lho duwik sak milyat nggo mergawe. bareng sukses dadi telung milyat, kowe sowan ning aku. Karena saya sukses, maka kasih saya lagi tiga milyat. Wong kok geblek e ngono. Bar dikek i ora matur nuwun kok malah? dadi lucu. Lhaiyo.. mulane disebut kaifa. Kaifa niku wong nopo? wong lucu. Mulane disebut. Kaifa.. kok iso... kok iso 

تطلب العوض على عمل – هو متصدق به عليك ؟

تطلب الجزاء على صدق – هو مهديه إليك ؟

Dadi faham nggih, dadi ikhlas iku gampil. Coro madzhab Syadzali niku gampang. Angger kowe ora rukyatun nafsi, kowe yakin lak alim kersane Alloh. Kowe iso ngulang yo kersane Alloh, kok ora ikhlas iku piye? ape njaluk2 iku isin. Akhire wes angel, wong2 wushul iku wes angel, coro arep nuntut. Murid kok ora ruh hak e guru, hak e ngene2. Padahal sing nduwe hak i yo sopo? kowe mulang iku kersane Alloh, murid ora ruh kersane guru yo kersane Alloh. Kabeh kersane Alloh pokok e Masyaallohu kaana maa lam yasya- lam yakun. Wa laa haulaa wa laa quwwata illa billah. Wes pokok e ngono, damai. Urip wes bar ngono wae. Mulane coro kitab hikam maqome duwur. 

Mbah dolah salam kajen, niku lak bocah ngaji ihya taksih angsal. Lak ngaji hikam rapati angsal. Jare mergo? keduwuren. Lek coro kulo nggih, wes duwur ora duwur, wes digawe gampang ngono wae. Paling gak yo wes kowe2 duwur, ngono wae, kok angel temen. Lek ra duwur yo embo2 nopo? duwur. Tapi kulo setuju, tapi akhir2 ini nggih.. beliau nggih ngajar hikam, nggih katah santri sing nderek. Nggih coro kulo pancene hikam niku harus diajarkan. Piye2 iku, sing iso meruntuhkan dominasi setan i yo faham2 kados hikam. Lho nggih, to.. sampeyan latihan ikhlas ngangge dalil ulama feqih, cek repote. Ikhlas iku kowe ora arep2 ngamal, ganjaran. Ikhlas iku ora peduli ambek sing ngenyek utowo sing? muji. Wong feqih lak na'rifi ngono kan mbulete ora karuan. Pancene ora ahline. Ngamal ikhlas iku piye? 

An Laa yufarriqo baina dzaaamika wa madahika. Kowe ora iso mbedakno antarane sing ngelem ambek sing? ngenyek. Mergo wongi podo. Woh mbulete ora karuan. Lek nerangno nganti koyok ngono. Ora spesiale ... lek kitab hikam nerangno ikhlasi yo gampang. Lha kowe ape ora ikhlas iku ape njaluk sopo maneh? Nuntut Pengeran, wong Pengeran i sing ngekek i kowe hidayat ngamal. Bareng wis ngekeki hadiah kok tuntut maneh, wong kok ora nduwe isin. Gampang to? Gampang.... Wong kok nuntut hadiah, hadiah sholat iku diparingi Alloh. Kowe iso zakat yo nganggo dunyane? Alloh. 

Dadi misale rukhin tak kek i duwek, sak juta. Ikilho.. duwek pek. Bareng duwek pek... Terus aku ngomong, sing sak juta iku zakati. Terus dizakati 25ewu, rong persen setengah. Bariku mbalikne ning aku. Sukani hadiah, kulo mpun zakat. Lhaiyo wing mbok ngge zakat duwik e sopo? Yo duwek e njenengan. Lha kok njaluk hadiah aku? wes tak kek i duwek sak juta? Lho tetep njaluk. 


Lhoo... atuk kowe ora usah njaluk atas nama  'iwadh (minta upah). Nyuwun maleh Gusti? lho kenek opo? njaluk? 
Nggih seneng mawon kulo njaluk, penjenengan sugih. Malah seneng Pengeran.. Malah penak, njaluk kok mboten angsal, wong kulo fekir, menungso. Njaluk e nggih teng Panjenengan sing Sugih. Malah seneng Pengeran. Iku berarti 

wa antum fuqoro-u ilalloh. 

Atuk njaluk nggawe alasan, malah Pengeran ra seneng. Gusti nyuwun duwek, lha wingi panjenengan nyukani sak juta pun kulo zakati, berarti kulo... Malah mbulet... Ora usah muni ngono. Lhak njaluk Pengeran... Gusti kulo nyuwun, Gusti kulo niku Kyai, lak mlarat ra pantes. Lah malah ra payu ngono iku. Ngrayu Pengeran iku ora payu. 

Gusti kulo niku fekir, nyuwun duwek. Sesuk neh kulo fekir Gusti, njaluk duwek. Ngono malah seneng Pengeran. Mergo jelas. Tathlubu niku nuntut. Dadi faham nggih, eling2 pokok e tak warahe carane nggih. Sampeyan zakat, kersane Alloh. Duwek sing mbok ngge zakat? duwek e Alloh. Kowe iso sugih, duwek e Pengeran. Iso sujud, dengan tubuh kamu, loh sing maringi jantungmu sehat, boyok em sehat iso sujud, iku kersane sopo? Alloh. Diparingi kepingin sujud? kersane Alloh. Bareng Alloh sudah memberi itu semua ke kamu. Terus kowe nuntut, wong sing maringi hadiah kowe, iku pantes to ora? yo ora pantes. Mulane disebut kaifa, kaifa iku kok iso... Kaifa.. wong kok ngono.. dados niki jelas nggih. 

كيف تطلب العوض على عمل – هو متصدق به عليك ؟ 

أم كيف تطلب الجزاء على صدق – هو مهديه إليك ؟

Mosok kowe nuntut walese ngamal sing Alloh maringi? hadiah ning kowe, utowo shodaqoh ning kowe. Eling2 nggih, mulane terus wong2 tasawuf kados sullam taufiq, terus wong pokok e yakin minalloh wa ilalloh. Kowe eling hidayat iku minalloh. Saiki nek nduwe duwek, misale dinggo shodaqoh yo ilalloh. Kulo muna muni shodaqoh iku ora kudu mbok kekno kyaimu utowo gurumu, ora usah. Shodaqoh iku paling apik iku ning keluarga. Syukur2 tuk guru, tuk konco. Tapi ngendikane Nabi, 

Diinarun anfaqtahu fii sabilillah, wa dinarun ... terus sakteruse..
Afdholuhaa ajron alladzi anfaqtahu 'ala ahlik. Dinar paling apik iku sing mbok shodaqohno ning saudaramu. Nah.. dadi penak agomo iku ngongkon shodaqoh, tapi ujung2e? paling afdhol sing dikekno keluarga. Mergo angger keluarga sehat, islam sak ndunyo yo sehat? Makane... 

Yas aluunaka maadza yunfiquun

Mereka tanya kowe Muhammad, lek infaq dikekno sopo? 
Shodaqoh ning masjid, ganjarane ngene2. Akeh ganjaran mbok shodaqohne ning wong tuwo. Makane akeh pengurus takmir iku wes ruwet. Angger wong tuane kereng, ning masjid seneng. Lek masjid dikak kek i lek wong tuane ora. Ning qurane iku ora ono, wa bil masjidi ihsana. Sing ono wa bil walidaini ihsana. Masjid iku angger kenek ngge sujud, sesucine apik yo wes. Malah apik2 nemen2 i min aqrobis sa'ah

Fatwa ngene iki wes gak populer. Malah diamuk, wong kok ora seneng syi'are masjid. Bar sakiki... repot... padahal dekne seneng syi'ar pas ndekne pengurus takmir, akhire isin lek masjide elek, mergo penguruse lagi ndekne. Lak ndekne wes ora pengurus, onok tarik an masjid. Norak narik, koyok ora nduwe urusan. Loh jebule yo podo, jebule ndekne seneng masjide apik, mergo lagi pengurus? Takmir. Lek wis ora yo ora pati? semangat. Wes ketok asline. Ketok nopo? asline. Eling2 nggih, dadi carane ikhlas niku, kowe yakin lak 'amal niku minalloh. 



Kaifa Tathlubul Ajro Min Man Huwa Muhdihi ilaika 

Mulane jarene Hikam, kulo niku tak kenang jan hikam, coro hikam, wong ra ikhlas iku bento-bento ne uwong mergo coro hikam, logikane gampang. Dadi hikam nggo motivasi ikhlas, nganggo ilmu hakikat gampang, ngeten redaksine

 كَيْفَ تَطْلُبُ الاجر من من هُوَ مُهْديهِ إلَيْكَ 

Utek kem mbok deleh endi, kok njaluk opah kambek sing ngekek i hadiah, piye? Contone ngeten nggih, sampeyan tak kek i duwik 100 Juta, tak kek i, sampeyan tak kon dagang, bareng tak kon dagang sukses (terus) bati, bareng bati, njaluk opah neh ning aku. Kan lucu to nggih, wong sing ngekek i hadiah kok malah dijaluk i opah. Jare hikam, wong islam iku iman, iso sholat sebab taufiq e Alloh, Iso haji sebab taufiq e Alloh, kito iso ibadah sebab taufiq e Alloh, lha bar Alloh ngekek i taufiq kok dijaluk i opah. Lho kuwi lek nuntut opah kambek sing ngekek i hadiah? iku lucu to ra lucu? Masuk akal to ra masuk akal? 


Ikhlas pakai ilmu hakikat


Dadi sak jane gampang, supoyo kowe sholat ikhlas, yakin.. Ya Alloh sholat kulo, sebab kersane njenengan. Nggih pun tho.. Arep njaluk opah wis isin. Mpun dikek i hadiah sholat piro2 to. Sing marai kowe nuntut mergo GeEr ‘Ujub. Aku iso sholat, lek iso sholat berhak suargo lho ‘Ujub. Bolak balik, kenapa kita ikhlas susah, Mergo awale ilmu mu mbok kawal ambek ilmu syari’at. Nek coro kowe awale cara melihat ilmu hakikat Ikhlas iku gampang, Nggih mboten? Loh mboten guyon niki, tenan 

Gampang pundi ikhlase njenengan mbek ilmune kulo?  Sampeyan rasakne disek. Dadi ikhlas iku, kudu dimulai ko ilmu hakikat disek, iku gampang. Koyok kulo misale mulang, Ya Alloh, njenengan nekdir kulo ngalim nekdir kulo saget mulang, berarti njenengan maringi kulo saget ibadah, selesai kan. Tapi lek nuruti syari’at? Wah guru sak huruf dadi sewu dinar. Terus gampang nggremeng kan kulo. Ngaji gak dihormati, nyangoni sitik. Malah ra karu karuan. Gara2 pertama mandang, wes nganggo syari'at.

Aku mulang, berarti aku berhak ntuk alfu dinar Wong jare al lala (nadzom) iku, mulang sak huruf ae ditarif pinten? 1000 Dinar. Paham nggih, tapi nak pertama nganggo ilmu hakikat? Aku mulang ditekdir Pengeran, ditekdir nduwe kesempatan ibadah mpun kok nganti nuntut, wes ra kepikiran. Jenenge nuntut, jenenge ngundat ngundat wes ra kepikiran, faham nggih. Jadi sakniki, carane ikhlas iku piye? yo anut ilmu hakikat, (yoiku) Ilmu sing awale wes anut ilmu nopo? Hakikat. 

Ikhlas susah karena?

Lek Kowe pertama nganggo ilmu syariat, ikhlas mekso kowe. Yo mesti mekso to kowe, (misale) sampeyan ngroso nduwe duwik, ngroso nglakoni sholat, ngroso ngulang. Wes tak ulang tenanan, jebule ra pati ngormati aku, yo tersinggung to. Lho, lek tersinggune tiyang ikhlas mboten menyangkut ngoten, Ora pantes, quran diulangke kok kowe terlambat Quran diulang kok kowe guyon, Mergo piye2 standar Quran diulang, kudu 

idza dzukirollohu wajilat qulubuhum , 

kan benten to nggih. Mboten menyangkut pribadi, tersinggung mboten. Supaya quran iku bener2 

zadat hum imanaa. 

Lha tersinggune wong syariat kan ngono. Gak ngregani wong. Gak ngregani wong sepuh Lek sing kyai jarene gak ngregani kyai Bareng umure tuwo, Gak ngregani wong tuwo. Malah nyikso ati to kowe, pertuntang pertuntung Lha sampeyan nganggo ilmu hakikat, selesai Wes ora kepikiran blas. Mulane coro sing ngarang hikam, coro sing ngarangh hikam sing ngarang ihya, Ikhlas iku gampang, sing marai angel, kowe ki nganggo ilmu syariat. Sehingga kowe ngroso ujub.


Takmir

Yo Iku mau, duwik iki wek ku, Ngalim, ilmu ku, ono mesjid tanpa aku, ra dadi masjid. Sehingga gak dadi imam, Yo nggremeng tenan, Lha lek awale ngangge ilmu hakikat. Ya Alloh njenengan rohman tenan, Nekdir kulo, saget ngamal dadi pengurus takmir Nekdir kulo saget dadi pantia takmir, Ngko misale sing dadi imam wong liyo, Alhamdulillah gusti, sakniki masjid rame.. Cek imame kulo, cek mboten Mboten penting, Butuh kulo ramene masjid.. Kulo niku pengurus takmir, maksude Ngrameni nopo? masjid. Takmir zaman akhir, ngrameni masalah. Dadi masjide tetep gak rame, masalahe nopo? (rame). Wes mboh raroh, Maksude takmir masjid lak ngramekno mesjid to nggih? Mboten ngramekno masalah nopo? Masjid, Paham Nggih,


Comments