Skip to main content

Ngaji Hikam Gus Baha | Hikmah ke 35 | Kitab Al Hikam

 



أَصْلُ كُلِّ مَعْصِيَةٍ وَغَفْلَةٍ وَشَهْوَةٍ – الرِّضَا عَنِ النَّفْسِ، وَأَصْلُ كُلِّ طَاعَةٍ وَيَقْظَةٍ وَعِفَّةٍ، عَدَمُ الرِّضَا مِنْكَ عَنْهَا. وَلِأَنْ تَصْحَبَ جَاهِلًا لاَ يَرْضَى عَنْ نَفْسِهِ خَيْرٌ لَكَ مِنْ أَنْ تَصْحَبَ عَالمًا يَرضَى عَنْ نَفسِهِ فَأَىُّ عِلْمٍ لِعَالمٍ يَرْضَى عَنْ نَفْسِهِ وَأَىُّ جَهْلٍ لِجَاهِلٍ لَا يَرْضَى عَنْ نَفْسِهِ

Ashlu kulli ma'shiyatin (utawi asal usule saben2 maksiat)
wa ghoflatin (lan asal usule lali soko Pengeran) 
wa syahwatin ( lan asal usule nafsu, nuruti nafsu, nurute barang sing ora bener)

Asal usule maksiat, lali Pengeran, nuruti syahwat, iku Ar Ridho (puas) seneng 
'anin naafsi (muk kerono nafsu)

Wa ashli kulli tho'atin (utawi asal usule saben2 tho'at) 
wa wayaqodzotin (lan eling Pengeran) wa yaqodhzo (den lan tangi) maksude eling, tangi eling Pengeran. wa 'iqothin (lan wiki / menghindari barang sing ora bener). 
iku 'adamur ridho (iku ora anane ridho). 
minka (saking siro)
anhaa (saking nafsu)

Jadi ngeten nggih, kulo terangaken sak alinea. Asal usule maksiat, lali pengeran, iku mesti kerono nuruti nafsu. Nuruti nafsu niku kelas2 an, kelas paling rendah paling elek, tiyang nganti zino, nganti korupsi, nganti nyolong, nganti.... Iku nuruti nafsu kelas2 wong2 sing paling rendahan. Dadi angger nuruti nafsu maknane zino maling mabuk dan sebagainya. Tapi lak nuruti nafsu dengan para ulama dengan para wali niku ngeten. Misale kepingin suargo, niku nggih kepingin nafsu. Kepengen pangkat, disenengi wong nggih nuruti nafsu. Nah nuruti nafsu sing kelas2 poro ulama niku disebut lali. WOng Alloh ta'ala iku dzat paling penting, paling berperan dalam hidupmu, kok muk ibadah kerono nuruti? menungso? itu sudah kelas2 nuruti nafsu menurut poro ulama. 

Suatu saat, Uwais Al Qorni wong sing didawuhaken Kanjeng Nabi Khoirul Qurun, Uwais Al Qorni. Niku kanjeng Nabi mboten menangi. Tapi Nabi pesen kambek Sayyidinaa Umar, umar mbesuk lak dadi kholifah, nak ketemu wong sing jenenge Uwais Al Qorni, njaluk dungo, mergo dongane di dengar Pengeran. Uwais Al Qorni niku seorang anak, pemuda sing penggaweane angon wedus, ngrumat ibuk e.  (03.58)

Comments