Skip to main content

Sanad Keilmuan Kyai Maimoen Zubair - Guru Gus Baha

 

Berikut ini adalah catatan Ngaji Gus baha, ketika beliau menjelaskan tentang sanad keilmuan Guru beliau Kyai Maimoen Zubair. 



Sanad Keilmuan

Kulo terangno silsilah sanad kulo, nggih sanad e wong sak Indonesia, niku sami. Misale Mbah Moen niku riyin ngaji kalian Mbah Karim Lirboyo, empat tahun beliau di Lirboyo. Mbah Karim niku ngaji mbah Hasyim Asy'ari. Mbah Hasyim Asy'ari riyin teng mekah ngaji kalian mbah Mahfudz Termas. Mbah Mahfudz termas niku ngaos kalian Sayyid Abi Bakar Sato - shohibu i'anatith tholibin (penulis). Sayyid Abi Bakar Sato ngaji kalian Sayyid Zaini Dahlan niku Al Hasani, pun teruss....ngantos Syaikh Utsman Ad Dimyati dugi Rosululloh Shollallohu 'alaihi Wa Sallam. 

Nak mpun Imam Asy Syafi'i niku gampil. Imam Syafi'i ngaji Imam Malik, Imam Malik ngaji Imam Syihabuddin Az Zuhri (Imam Zuhri), Imam Zuhri Ngaji Imam Nafi' - Mboten Nafi' Qori' - tapi Imam Nafi' ahli fiqh. Imam Nafi' Ngaos teng Ibnu Umar, Ibnu Umar menangi Rosululloh Shollallohu 'alaihi wa sallam. Nah njenengan sok lak ditakoni Pengeran, kulo Ngaji Gus Baha ngko sing nerusno aku.... kowe tak kon ngapalno raiso, faham nggih. Misale Mustofa ape ngapalno dewe, lali malah repot. 

Nggih, nak Mbah Moen ngangge sanad keluarga, riyin alite mbah moen ngaji mbah zubair, Mbah Zubair niku ngaji Mbah Fakih Maskumambang-Gresik. Mbah Fakih Maskumambang ngaos kalian mbah mahfudz termas. Mbah Mahfudz termas ngaos Sayyid Abi Bakar Sato (terus) Ngaos Sayyid Zaini Dahlan. 

Sakwise Mbah Moen alim ngaos teng mekah, teng mekah ngaos Sayyid Alawi, Abahe Sayyid Muhammad. Sayyid 'Alawi ngaos kalian abahe Sayyid Abbas. Sayyid Abbas niku menangi Sayyid Zaini Dahlan. Mangke terus sambung maleh.

Intinya semuanya (terhubung). Misalkan pondok Ploso ya sama, misalnya Mbah Jazuli ngaji sama Mbah Zainuddin mojosari, kadang mbah jazuli nggih ngaos mbah hasyim asy'ari. Nggih sami, Mbah Hasyim terus Mbah Mahfudz. Lirboyo wes karuan sami.

Lha nak sanad Jowo, Mbah Karim Lirboyo Ngaos Mbah Hasyim, Mbah Hasyim teng jawi nate ngaos mbah Kholil Bangkalan. Mbah Kholil ngaos teng Pondok Sidogiri teng mbah Nawawi, kalian Syaikh Abu Dzar, tapi mboten menangi syaikh Abu dzar. Terus Mbah Kholil nate ngaos teng Syaikh Nawawi Banten, Syaikh Nawawi banten ngaos Syaikh Arsyad bin Abdul Shomad, Banjar. Tapi kepanggihe nggih teng pundi? mekah. 

Makane Jogja ono ngaji sakjane waras. Riyin diantara sanad pondok sarang niku ngliwati Syaikh Bakir. Syaikh Bakir Jogja, mboten bakir sing jadub mboten, niku lak sing nduwe tombak numbali tanah jowo. Ben gak ono danyange, saiki danyange ganti mustofa. Ucul sitok niki.... Syaikh Bakir Jogja, kulo nate dicritane bapak kulo, syaikh bakir iku ndek ha'...  lha njenengan kok ngertos, aku tahu ketemu dek e jarene bapak. Dados sanad niku sama (jalure)



Dari Syaikh Mahfudz At Tarmasi

  1. Syaikh Muhammad Mahfudz bin Abdullah at-Tarmasi (1285-1338 H/1868-1920 M), dari gurunya
  2. Syaikh as-Sayyid Abubakar Utsman bin Muhammad Syatha ad-Dimyathi al-Husaini asy-Syafi'i (w. 1310 H/1892 M), dari gurunya
  3. Syaikh as-Sayyid Ahmad bin Zaini Dahlan (1231-1304 H/1816-1886 M), dari gurunya
  4. Syaikh Utsman bin Hasan ad-Dimyathi, dari gurunya
  5. Syaikh Muhammad bin Ali asy-Syanawani asy-Syafi'i (w. 1233 H/1818 M), dari gurunya
  6. Syaikh Isa bin Ahmad al-Barawi az-Zubairi asy-Syafi'i (w. 1182H/1768 M) , dari gurunya
  7. Syaikh Syamsuddin Muhammad bin Muhammad ad-Dafari asy-Syafi'i (w. setelah 1161 H/M) , dari gurunya
  8. Syaikh Salim bin Abdullah al-Bashri asy-Syafi'i (w. 60 H/1747 M) , dari gurunya
  9. Syaikh Abdullah bin Salim al-Bashri al-Makki asy-Syafi'i (1048 - 1134H / 1638 - 1722M) dari gurunya
  10. Syaikh Syamsuddin Abu Abdillah Muhammad bin |-^ prime A|a^ prime al-Babili asy-Syafi'i al-Azhari (1000-1077 H/1591-1666), dari gurunya
  11. Syaikh Ahmad bin Muhammad al-Ghunaimi ( 64-1044 H/1557-1634 M) , dari gurunya
  12. Syaikh Syamsuddin Muhammad bin Ahmad ar-Ramli (919 - 1004H / 1513 - 1596M) , dari gurunya
  13. Syaikh al-Islam, Qadhi al-Qudhat Zainuddin Abu Yahya Zakariya bin Muhammad al Anshari (826-926 H/1423-1520 M ), dari gurunya
  14. Al-Hafidz Taqiyyuddin Muhammad bin Muhammad bin Fahad al-Makki asy-Syafi'i al-'Alawi al-Hasyimi (787-871 H 1385-1466 M) dari gurunya
  15. Syaikh Majduddin Abu Thahir Muhammad bin Ya'qub al-Lughawi asy-Syirazi al Fairuzabadi (729-817 H/1329-1415 M), dari gurunya
  16. Al-Hafidz Sirajuddin Umar bin Ali al-Qazwini (683-750 H/1284-1349 M), dari gurunya
  17. Al-Qadhi Abubakar Muhammad bin Abdullah al-Taftazani, dari gurunya
  18. Syarafuddin Abubakar Muhammad bin Muhammad al-Harawi, dari gurunya
  19. Syaikh Fakhruddin Muhammad bin Umar ar-Razi (544-606 H / 1150 - 1210 M), dari gurunya
  20. Syaikh Dhiyauddin Umar bin al-Husain ar-Razi (hidup sebelum 559 H/1164 M) , dari gurunya
  21. Syaikh Abu al-Qasim Salman bin Nashir bin Imran al-Anshari al-Arghiyani (w. 512 H/1118 M) dari gurunya
  22. Imam al-Haramain Dhiyauddin Abu al-Ma'ali Abdul Malik bin Abdullah al-Juwaini (419 478 H/1028-1085 M) dari gurunya
  23. Al-Ustadz Abu al-Qasim Abdul Jabbar bin Ali bin Muhammad bin Haskan al-Asfarayini al-Iskaf (w. 452 H/1034 M), dari gurunya
  24. Ruknuddin al-Ustadz Abu Ishaq al-Asfarayini (w. 418 H/1027 M), dari gurunya
  25. Syaikh al-Mutakallimin Abu al-Hasan al-Bahili, dari gurunya
  26. Syaikh as-Sunnah, Imam al-Mutakallimin Abu al-Hasan al-Asy'ari (270-330 H/883 947 M), dari gurunya
  27. Al-Hafidz Zakariya as-Saji (220-307 H), dari gurunya
  28. Imam Rabi' al-Muradi (w. 270), dari gurunya
  29. Imam al-Muzani (w. 264 H), dari gurunya
  30. Imam Muhammad bin Idris bin Syafi' (w. 204), dari gurunya
  31. Imam Malik bin Anas, dari gurunya
  32. Imam Nafi', dari gurunya
  33. Sahabat Ibnu Umar Ra., dari
  34. Sayyidina Rasulullah Saw.


Ibnu Qadhi Syuhbah menjelaskan bahwa Imam al-Asy'ari berguru kepada Syaikh Zakariya as-Saji, beliau dari Rabi' dan al-Muzani, keduanya adalah murid Imam asy-Syafi'i. Dari al Hafidz Zakariya as-Saji inilah Imam al-Asy'ari mengutip riwayat dalam madzhab Ahlussunnah. (Lihat dalam Thabaqat asy-Syafi'iyyah juz 1 hal.7)




Butuh Guru

Ben kowe ngertos silsilah. Mergo wong lak raruh silsilah, kados wong ngaji sakiki. Wong ngaji kok tanpo guru? ko internet ko buku. Akhire sitik2 muni sunnah Rosul. Repoott.. padahal wonten pepatah, 

من تعلم بلا شيخ فشيخه الشيطان

man ta'allama bilaa syaikhin wa syaikhuhu syaithon

Wong belajar tanpo guru, gurune syaitan. Karena diluar ilmu itu ada ahwal, mpun niki tak niyati suronan tak khutbahi sampeyan, kepekso niki. Tapi kulo bar khatam kitab niki. Mengke kulo ngaji, tak cuplik. 

Kenapa ngaji tanpa guru itu kok gurunya syaithan? karena diluar hukum yang diterapkan oleh Rosululloh itu ada ahwal, ada perilaku, ada karakter, ada ciri khas. Misalnya gini contoh gampang. Semua ulama mulai guru2 saya, sampai Rosululloh itu semuanya mengatakan Nahi Mungkar itu Wajib. Tapi mulai dulu, itu mereka gak punya tradisi jadi ekstrimis. Meskipun meyakini nahi mungkar niku wajib. Mereka punya ahwal, punya tradisi, lak ono wong nakal ngundang (pas) anak e nikah, yo teko. 

Wong kulo bolak-balik, ngakadno bocah, anak e wong abangan. Bapak e teko teng nggen kulo, "ngapunten gus, mengke akade jam 9". "Kok saget?" lha mengke bar dzuhur dangdutan". "Njenengan rawuh sing akad mawon gus", Cangkemu yo mesti ae aku... (ora) kurang ajar piye.. Yo wes terang2 an. Mengke bar dzuhur niku (dangdutan). Kulo teko wes ono sound system macem2. Artise kadang yo wes teko mus. Macem2 macake mus. Coro mustofa ruh, yo muni Astaghfirulloh. Lak kulo yo wes raruh, wong maqomku ruh e Pengeran, yo embo2 raruh ngono wae. 

Mergo wong lek kekhusyu'en, niku wiridane salah. Mustofa sering kulo nyek, ono wong khusyu' teko ning resepsi. Lanang wedok kumpul, padahal keluarga kyai. Wiridane ngene, Jaman wes rusak, acara nggone kyai lanang wedok kumpul. Neroko tok, neroko tok. Wiridane ngono. Terus kulo tegur, Mbah lak wiridan Subhanalloh, wiridan kok neroko2.. Sampek akhire Kyaine, Astaghfirulloh, berarti kulo goblog gus? Yo goblog tenanan. Wong teko ning acara nikahan, Kyai sakniki wes rusak, lanang wedok kumpul, neroko tok. Mbah wiridan niku Subhanalloh, wiridan kok neroko. Ono jamane Nabi wiridan, Neroko, iki jaman rusak... wiridan i  Subhanalloh Alhamdulillah. Wiridan kok neroko, jaman wes rusak, raenek sing kenek dinut. Wiridan sing diulangno nabi 

wal baqiyatush sholihat. 

Subhanalloh wal Hamdulillah

Dadi wong lak ke ekstrimen iku dadi wiridane kliru, faham nggih. Hayo wong2 ekstrim lek wiridan piye? Jale.. takok? Lha takok mustofa...? Mulane wong ojo nemen2 ekstrim. Tapi lak terlalu sekuler ora ono bedane maksiat mbek Tho'at. Sedengan sak kulo, sak kulo niki sedengan. Yo ora ngalim, yo ora bodo. Lha lek kowe wes parah khin, parah. Mergo kunane kuno niku, thoat niku butuh proses. Nabi niku iso nahi mungkar niku sakwise 13 Tahun dadi Nabi, yoiku sakwise (Ba'da) Fathil Makkah. Sak durunge niku, meneng ae, ono opo ae, meneng ae. Intine kabeh niku butuh proses, kabeh niku butuh nopo? proses. Lha niku jenenge ahwal, Lha niku jenenge ahwal. Dadi hukum netepi nahi mungkar iku wajib, tapi yo ono tradisi ahwal. 

Ahwal sing dilakoni Nabi iku, wong sing ra seneng nabi iku, amen dikak kek i. Ambek Nabi dikek i duwek, diservice. Sampek dadi kesenjangan, yoiku wong sing elek dikek i nabi terus, sing apik? (jarang). Sampek sahabat anshor do protes ini gak adil. Akhire nabi memberi penjelasan, imanem iku wes bener, biasa heroik, biasa ngekek i, yowes kowe terus ae ngekek i ben tetep apik. Lak wong abangan senenge dikek i, (soale) lagi seneng kyai. Yo wes kudu ngono. Iku jenenge, aku ngekek i iku 

أتألفهم على الاسلام

ata-allafuhum 'alal islam. Ben gelem nopo? islam. Akhire ono istilah, 


 إِنَّمَا ٱلصَّدَقَـٰتُ لِلۡفُقَرَاۤءِ وَٱلۡمَسَـٰكِینِ وَٱلۡعَـٰمِلِینَ عَلَیۡهَا وَٱلۡمُؤَلَّفَةِ قُلُوبُهُمۡ وَفِی ٱلرِّقَابِ وَٱلۡغَـٰرِمِینَ وَفِی سَبِیلِ ٱللَّهِ وَٱبۡنِ ٱلسَّبِیلِۖ فَرِیضَةࣰ مِّنَ ٱللَّهِۗ وَٱللَّهُ عَلِیمٌ حَكِیمࣱ

wal muallafati qulubuhum, sing diapik2. Yoiku jenenge ahwal. Nggih niku jenenge ahwal, kita punya ahwal, diluar hukum nahi munkar itu kita punya ahwal. 

Lha lek nuruti ngaji ning nggone media massa, utawi teng internet, utawi teng media sosial, yo ngeri... Indonesia Sudah Thogut. Indonesia sudah penuh dengan maksiat. Sehingga harus kita hancurkan. 

Orang yang maksiat itu juga orang yang sujud. Jaman akhir itu orang berstatus ganda, membunuh orang sujud itu boleh gak? Nabi itu disuruh merangi orang 

أمرت أن أقاتل الناس  

حتى يشهدوا أن لا إله إلا الله ، وأن محمدا رسول الله

ويقيموا الصلاة ، ويؤتوا الزكاة ، فإذا فعلوا ذلك عصموا مني دماءهم وأموالهم إلا بحق الإسلام 

وحسابهم على الله تعالى 

hatta yasyhadu an laa ilaaha illalloh, wa anna muhammadar rosululloh. wa iqomish sholah, wa itaa-iz zakah. 

Sekarang orang2 yang biasa dangdutan, iku sujud opo ora? (sujud). Sing biasa riba rentener, yo wonge? sujud. Yo Sowan Kyai, CSR e dikekno pondok mbek masjid. Proposale yo ko masjid, ko pondok. Orang yang sama, sing maksiat yo wong iku, sing tho'at yo wong iku. Lha lek hukumi, wong iku oleh dipateni, berarti kowe ngolehno mateni wong sujud. Tapi lak ndarani wong iku wong apik yo kliru, wong sering maksiat. 

Lak coro aku? lha ora ndarani iku ra wajib, laopo ndarani barang. Mulane kulo lek ditakok i, Gus wong iku lek coro sampeyan tho'at opo ora? Lak (aku) ditakok i (ngono) wong iku jenenge Rukhin. Laiyo apik tha elek? Alloh ra majibno aku ndarani wong apik, opo wong elek. Muk Alloh majibno aku, lak nyelok iku jenenge. Aku ruh jenenge rukhin. Yowes ngono tok, tapi orang2 sekarang karena ngaji tanpa guru, memaksakan tahu status, orang itu sholeh atau tidak sholeh, layak dibunuh apa ndak. 

Lha itu memaksakan, takalluf. Nopo? takalluf... Iku ora oleh ning agomo wong kok takalluf. Yoiku sing saya dari guru2 saya. Faham nggih, dadi kulo nggih gadah sanad saking bapak kulo kyai Nursalim, mbah kulo niku tukang tirakat, jenenge mbah nursam saking bapak. Niku riyin bapak kulo ngaji, kalian buyut2 saking ibuk kulo, ngaji kalian Kyai Zubaidi (Tuban). 

Terus sak teruse nganti dugi Rosululloh Shollallohu 'alaihi Wa Sallam. 


Comments