Skip to main content

Tafsir Surat Al Maidah ayat 14 | Catatan Ngaji Kyai Maimun Zubair

 

وَمِنَ ٱلَّذِینَ قَالُوۤا۟ إِنَّا نَصَـٰرَىٰۤ أَخَذۡنَا مِیثَـٰقَهُمۡ فَنَسُوا۟ حَظࣰّا مِّمَّا ذُكِّرُوا۟ بِهِۦ فَأَغۡرَیۡنَا بَیۡنَهُمُ ٱلۡعَدَاوَةَ وَٱلۡبَغۡضَاۤءَ إِلَىٰ یَوۡمِ ٱلۡقِیَـٰمَةِۚ وَسَوۡفَ یُنَبِّئُهُمُ ٱللَّهُ بِمَا كَانُوا۟ یَصۡنَعُونَ

Surat Al Maidah ayat 14

wa saufa yunabbihumullohu (bakal nyritani wong akeh, sopo? Alloh)
bimaa kaanuu yashna'uun (bebarang kang podo kelakon)

Dikandakno dening Alloh, kowe ngene, kowe ngene, kowe ngene...  nggih nggih nggih nggih. Nggih kabeh. Dadi kabeh bakal dicritani dening Alloh. Lakon2 e, kowe tahu maksiat, lakonmu dikandakno dening Alloh. Dadi mlebu suargo gak iso kowe, wong dosane akeh. He...

dadi 

من نوقش في الحساب هلك


Wong sing dibanget2ne (hisab) njur rusak. Mergo ora ono wong sing ora doso. Niki Alloh Subhanahu wa ta'ala nggawe koyok ngono. 


وَسَوۡفَ یُنَبِّئُهُمُ ٱللَّهُ بِمَا كَانُوا۟ یَصۡنَعُونَ

Surat Al Maidah ayat 14

sebab olehe ono wong akeh, podo nglakoni sopo wong akeh. Lakone... ora kok olehe imane tok. Lakone. Lah lakon iki sing ndadekaken wong iku oleh olo, wong iku oleh apik. Lakon, soko lakon. 

وَسَوۡفَ یُنَبِّئُهُمُ ٱللَّهُ بِمَا كَانُوا۟ یَصۡنَعُونَ

Nah lakon sing ndadekno apik, dadi apik. Ora weruh kejobo Alloh Subhanahu wa ta'ala. Lakon elek sing ndadekno elek, ora oleh iman, yo lakon. Ora ono sing ngerti kejobo Gusti..? Alloh Subhanahu wa ta'ala. Kadang lakon iku apik, apik.. naliko apik ijeh kafir (tapi) ndadekno ridhone Alloh. Pirang2 crito sing koyok ngono. Mulane perlu ruh, kowe, ngamal iku wernane loro. Ono sing ngamal iku disyarataken kudu islam. Lek gak islam gak iso.. Koyok sholat, kowe sholat gak islam, ora iso ditrimo. Masio ndungo ping piro2 gak ditrimo. Syarate kudu islam. Kowe ngamal, ono sing syarate ora islam, SEDEKAH. Kowe shodaqoh, wong islam yo keno ora islam yo keno. Faham yo...

Nah.. ngamal iku ono sing didadekno Gusti Alloh gawe cilakane wong kafir. Ono 'amal iku sing ndadekno keapikane wong senajan dilakoni jeh wektu kafir, (banjur) ning dadi islam. Mergo ditrimo dening Gusti? Alloh. Koyo dene setengahe Pendeto tukang nyembah geni, jenenge opo kuwi? Majusi. WOng majusi iku pendeto, ono wong fekir ditulung. Wong fekir, anak e akeh, wong rondo. Ditrimo dening Alloh. Naliko iku ijeh Majusi, lho akhire ape mati, kok oleh pituduh songko Alloh, mlebu islam, terus mati. Min Ahlil Jannah. Dadi urung mesti, lakon. Dadi kabeh songko lakon.  

وَسَوۡفَ یُنَبِّئُهُمُ ٱللَّهُ بِمَا كَانُوا۟ یَصۡنَعُونَ

sebab olehe agawe, agawe opo? iki. Opo sing ndadekno enak? opo sing ndadekno ora enak? Alloh dewe. Ning kene Alloh nganggo sak kerso. Iku Gusti Alloh, pirang2 koyok ngono iku. 

وَسَوۡفَ یُنَبِّئُهُمُ ٱللَّهُ بِمَا كَانُوا۟ یَصۡنَعُونَ
Mulane, ojo sampek kowe bangga ning 'amal. Kapan kowe nglakoni apik, kudu kroso aku iku nglakoni kejobo oleh pitulunge Gusti? Alloh. Lek kowe nglakoni elek, iki wus qodho qodare Alloh. Ngertio, iki salahmu gedhe, kowe nglakoni ke elek an. Mulane dawuhe Alloh. 


وَمَاۤ أَصَـٰبَكُم مِّن مُّصِیبَةࣲ فَبِمَا كَسَبَتۡ أَیۡدِیكُمۡ وَیَعۡفُوا۟ عَن كَثِیرࣲ
Surat Asy Syuro: 30

Lha lek barang iku apik, piye saiki? 

مَّاۤ أَصَابَكَ مِنۡ حَسَنَةࣲ فَمِنَ ٱللَّهِۖ وَمَاۤ أَصَابَكَ مِن سَیِّئَةࣲ فَمِن نَّفۡسِكَۚ وَأَرۡسَلۡنَـٰكَ لِلنَّاسِ رَسُولࣰاۚ وَكَفَىٰ بِٱللَّهِ شَهِیدࣰا
Ojo sampek kowe kondo, iki (kerono kersane) Gusti Alloh. Senajan hakikote Apik Elek yo Gusti? Alloh. Hakikot.... mulane iman dikek i iman nomer nem. 

خيره و شره من الله

Iku hakikot. Syari'at, ora kenek kowe mbangsakno elek ning Gusti? Alloh. Ojo sampek, kowe nglakoni zino, iki takdire Alloh. Iyo kabeh takdire Alloh. Ning kowe (lek) muni iki kersane Alloh, harom, kadang (sampai) kafir. Iki kadang Alloh nggawe koyok ngono. Nah iki dikek i...


وَسَوۡفَ یُنَبِّئُهُمُ ٱللَّهُ بِمَا كَانُوا۟ یَصۡنَعُونَ
wa saufa yunabbi-humulloh (bakal nyritane wong akeh, sopo? Alloh)
sebab barang kang ono akeh, nglakoni kabeh. Nglakoni iku lakon. Dadi onok elek, iku sebab ono lakon? elek. Iku dadi mlebu? neroko. Faham yo... Lek elek oleh bendune Alloh, ora iso mati netepi iman, tapi mati netepi kekufuran. 


https://www.youtube.com/watch?v=ytS3gI8DHTY

Comments