Skip to main content

Tafsir Surat An Nisa 36 | Kyai Maimoen Zubair | Catatan ngaji

 


 وَٱعْبُدُوا۟ ٱللَّهَ وَلَا تُشْرِكُوا۟ بِهِۦ شَيْـًٔا ۖ وَبِٱلْوَٰلِدَيْنِ إِحْسَٰنًا وَبِذِى ٱلْقُرْبَىٰ وَٱلْيَتَٰمَىٰ وَٱلْمَسَٰكِينِ وَٱلْجَارِ ذِى ٱلْقُرْبَىٰ وَٱلْجَارِ ٱلْجُنُبِ وَٱلصَّاحِبِ بِٱلْجَنۢبِ وَٱبْنِ ٱلسَّبِيلِ وَمَا مَلَكَتْ أَيْمَٰنُكُمْ ۗ إِنَّ ٱللَّهَ لَا يُحِبُّ مَن كَانَ مُخْتَالًا فَخُورًا


Wa'budulloha lan nyembaho siro kabeh ing Alloh. 
wa laa tusyriku bihi syai-an lan ojo nyekutokno sliramu kabeh, 
bihi kelawan Alloh.
Syaian ing sewiji2 


wa'budulloha lan nyembaho siro kabeh ing Alloh. Iku sing dikarepaken nyembaho siro ing Alloh iku maknane kowe ojo nyembah kejobo marang Alloh. Dadi maknane, wong iku kapan ORA nyembah menyang (liyane) Alloh, (berarti) muk nyewijekno menyang Alloh. 


Kaidah Beribadah

Lha sakniki wong iku ORA nyembah ning Alloh,  itu jadi pokok. Jadi kowe nyembah ning Alloh, iku nomor loro. Sing nomor siji ojo nyembah menyang liyane? Alloh. Iki ndudohno kapan ono perintah, iku ngandung nyegah. Nggih... Kapan ono perintah, ngandung nyegah. Kowe diperintah kon ngapik i wong tuwo, (berarti) kowe ojo sampek nampek i wong tuwo. Faham nggih.. Iki ning kono... (maksude).

Dadi kowe diperintah kon sholat, iki kowe ojo sampek nglakoni perkoro sing bertentangan karo sholat. Dadi iki Alloh ndamel ngoten, koidah. Ndi2.. kapan ono perintah ngandung nyegah. Ndi2 kapan ono nyegah, ngandung ing ngatase perintah. Tapi perintah iku nomor loro, mergo pokok e ning wa'budulloh. Kowe ojo nyembah kejobo, kowe nyembaho menyang Alloh. Kuwi maknane, kowe ojo nyembah liyane Alloh. 

Saiki nyembah ning liyane Alloh dilarang, Saiki utomo ndi perintahe (karo nyegahe?). Sing penting nyegahe. Dadi kok onok wong kok gak sholat, ning ora tahu nyembah braholo ora tahu mujo, ora tahu iko ora tahu iki. Iki wes apek iki...nggih..nggih... meskipun ora utomo. 

Ning wong sholat, ora nyembah (ning liyane Alloh), nah iki sing apik tenan. Kowe sakniki sholat, tapi kadang2 yo ning klenteng, nah iki sing kafir. Faham nggih...? Iki Alloh ndamel ngoten niku dadi qoidah, kowe nyembaho ning Alloh, iku maknane ojo nyembah kowe kejobo ning Alloh. Maknane ngoten, dadi masio ora nyembah ning Alloh, kowe kok ora nyembah ning liyane Alloh, kowe mukmin. Mlebu suargo, oleh bagian suargo, mergo wis nglaksanakno wa'budulloha. Mergo tembung wa'budulloha. Kowe nyembaho ning Alloh, maknane kowe ojo nyembah liyane Gusti Alloh. 

Kok onok wong, laa ilaaha illalloh muhammadur rosululloh, kok ora gelem sholat? nanging iman tenan, yo wes islam ndekne. Asal ora nyembah liyane Alloh. Mergo maknane wa'budulloh iku ngandung arti laa ta'budu ghoiralloh. Kowe ojo nyembah, liyane Gusti? Alloh. Dadi kowe ora nyembah liyane Alloh, dadi kowe wes nduwe iman. Wa'budulloha kowe nyembaho menyang gusti? Alloh. 


Kowe ojo zino, faham nggih. Iki mengandung perintah. Lha perintahe piye? kawin. Lha mulakno wong kawin, setengahe qil (pendapat) wajib. Faham niku nggih. Mergo ndi2 kapan nyegah... saiki gak iso, nyegah iki lek ugung mbok lakoni nopo? perintahe. Nah perintahe sarehne kowe ora kenek zino, dadi saiki kawino. Ngoten niku yo wonten, faham niku nggih. Dadi wong kok wis kawin, ora zino, ganjarane double loro. Wis ora zino, dilakoni mergo nyegah, kawin yo dilakoni mergo iki dingge nyegah, iku kowe kudu nopo? kudu anut nopo? perintah. Niku ngeten niki, kuwi jenenge amr ma'ruf nahi mungkar. Saiki kowe ora keno lungguh, kudu ngadek, dadi ngadek yo oleh ganjaran. Dadi wa'budulloha kowe nyembaho siro kabeh. Alloha ing Gusti Alloh. Lah kowe kapan nyembah ning Alloh, maknane ora keno nyembah ning liyane Alloh. Dadi ono wong kok islam, gak tahu sholat, coro pikiran ulama sing akeh, ora tahu sholat, ning islam tenan, ora tahu nyembah ning liyane Alloh. Tapi kito percoyo, ora sholat iku pancene yo doso. Nggih (oleh) bagian suargo niki, faham nggih. Mergo ora nyembah menyang Alloh, iku wes nglakoni wa'budulloh. Kowe nyembaho ning Gusti? Alloh. 

Lha sakniki endi kapan ono perintah, ngandung penyegah. Perintahe karo nyegahe, bahaya nyegahe. Nggih, lek kowe diperintah. Yo.. kene dicegah, kene diperintah, iki sing bahaya nyembah ning liyane Alloh. Masio  kowe sholat, nanging nyembah liyane Alloh, tetep kowe ora islam. Niki keringanane nek perintah, dadi nek perintah, diterjang sitik2, iku bahayane siji. Nanging lak nyegah, iku diterjang, bahayane double loro. Faham niki nggih, niki qoidah. 


واعبدوا الله وحِّدوه 

wa'budulloha iku maknane wahiduhu. Nyewijekno ning Alloh. Nyewijekne ning Alloh ing ndalem Tauhid. Tauhid, kowe nyawijekno Alloh, tegese nekataken esane sewijine Gusti Alloh. Gusti Alloh niku suwiji ing ndalem sifate, suwiji ing ndalem dzate, suwiji ing ndalem penggaweane. Niki maknane wa'budulloha wa laa tusyriku bihi syai-an. Kowe nyewijekno kabeh ing Alloh, wa laa tusyriku bihi syai-an. lan ojo nyekutukno siro kabeh bihi kelawan selain Alloh. 

ولا تُشركوا به شيئا و أحسنوا بالوالدين إحسانا برّا ولين جانب

Nyuwijekno Alloh, nyuwijekno ing ndalem dzate, dzate Alloh iku siji, ora iso double. Mulane endi kapan ono agomo liyane agomo liyane islam, iku mesti ono loro, ono telu. Ono anak ono bapak ono embok. Niku sedoyo. Nah iki sewiji tok, ing ndalem dzate, maknane wis ora ono dzat sing koyo gusti Alloh. Dadi Alloh iku mung siji tok, gak ono sing ngimbangi. Bedo karo liyane lak ono sing ngimbangi. Mulane wong uripe barang anyar, iku mesti pirang2, sitok tok gak iso. Sampeyan, arep mangan, ora  iso nandur lak gak onok pande, lak gak onok  iko gak onok iki. Gambar mawon lek gambar urip, iku kudu pirang2, mulane bioskop niku lak urep, pirang2 rol. Mergo gambare terus disorot, pirang2. Gambare nopo? gambare bioskop niku pirang2, solan salin solan salin. Iki jenenge malah urep. Lak sitok tok malah mati. Jenenge bioskop mati, gambar sitok disorot. Iki tenguk2 mati, kosong. Dadi liyane Alloh, iku pirang2... Sakniki lek ning Alloh mung siji tok. Dzate siji, Sifate yo siji, sifate nopo? setunggal. Bedo karo sifate menungso...pengrungune niki double, kadang pengrungune wes gak kuoso, saiki didouble. Dikek i nopo? batu. 


Alloh Subhanahu wa ta'ala mung siji tok, molane ora iso ruh ning Gusti Alloh, kejobo ngkok lek wes ketemu Alloh. Panggonane ketemu Alloh onok ing nopo? suargo. Jadi iki pokok, Alloh itu suwiji Dzate, suwiji Sifate, Suwiji penggaweane. Maknane Suwiji Dzate, muk sitok tok Dzate. Sifate sitok, ora ono sifate Alloh iku double. Bedo karo menungso iku double. Sifate double, iko ikine double. Pengrungune nopo? double. Alate pengrungu yo selaput2, alate macem2 nggih. Saiki umpamane nyuoro, intil2 e dibuah, ora iso nyuoro. Intil2 e ijek, tapi lisane gak enek, yo ora iso nyuoro, dadi sarwo nopo? double. Iku menungso, kabeh hawadits, koyok mengkono. 

Niki Alloh siji, suwiji ing ndalem Dzate, suwiji ing ndalem Sifate, suwiji ing ndalem Penggaweane. Kabeh penggawean iku ora ono kejobo dikersakno Gusti? Alloh. Sampeyan islam, mergo dikersakno Alloh. Sampeyan kafir yo mergo dikersakno Alloh. Suwe ngaji yo dikersakno Alloh, ora ngaji yo dikersakno? Alloh. Ora onok sak tek kliwer opo, penggawean, kejobo penggawean iku dikersakno dening Alloh. Hakikote Penggaweane Gusti?? Alloh. Iki nyewijekno Alloh. Mulane sakniki, ning dadane iki iso nduwe pikiran. Ono wong kafir, iku ora iso kafir lek ora dikersakno Alloh. Mulane onok wong kafir ora kenek mok elek2 nemen2. Kowe lek eling ning kersane Alloh, ora keno mbok elek2. Wong piye? wes kersane Alloh. Faham nggih. Kowe lek eruh ing ngatase iku, kon ingkar wajib mok elek2. Mulane nduwe sifat nopo? double. Wong iku kapan dadi ora Alloh, iku kudu nduwe sifat double. Faham nggih... Lha lek Gusti Alloh? mung sitok tok, mulane ora iso weruh ning Alloh, kejobo engkok sakwise ketemu? menyang Alloh. Ono ing opo? suargo. 

Wa'budulloha (nyembaho siro ing Alloh)
ai wahiduhu ( maknane nyewijekno siro kabeh, ing Alloh)
wa laa tusyriku bihi syai-an (ojo nyekutokno, sliramu kabeh)
bihi (kelawan Alloh)
syai-an (ing sewiji wiji)
Wis gak ono, kejobo kabeh iku ing Gusti...? Alloh. 
Kowe ojo sampek ngarani ono penggawean, opo sing wujud ono ing alam dunyo, sing ora kersane gusti? Alloh. Molane... sak tumindak, sak obah, iku wong apik2 e wong lek eling menyang Gusti...? Alloh. 


wa laa tusyriku bihi syai-an (ojo nyekutokno siro kabeh)
bihi (kelawan Alloh)
syai-an (ing sewiji wiji)

 و أحسنوا بالوالدين إحسانا برّا ولين جانب
wa bil walidaini ihsanan (lan kelawan wong tuwo loro)
wa ahsinuu (gaweo bagus siro kabeh)
bil walidain 
ihsaanan ( kelawan bagus tenan)
birron (kelawan bagus)
Sakiki digandengno kowe, sakiki nyembah Alloh, kudu apik ning wong tuwamu loro. Sebab onok hadits Bukhori dingendika aken. Ridhollohi ma'ar ridhol walidaini. Gusti Alloh ridho iku, lek oleh ridhone wong tuwo loro. Mulane ati2, senajan kapir wong tuwane. Senajan wong tuwane maksiat, apik kowe iso apik, lek oleh ridhane wong tuwo loro. Bab iki jimat iki. Mulana Nabi Ibrahim dingendikaaken. 
Wa idzibtalaa ibrohima robbuhu bi kalimatin. 

Nalikane, kandakno mad, ning Umatmu, Gusti Alloh nyobo ibrahim pirang2 kalimat. Gede2ne cobo, nabi ibrohim, kon mbrantas berholo. Ning wong tuwane, Ibrohim dadi kepalane braholo. Ibrohim lek ora oleh neroko loro, neroko nggone. Mulane mergo 
Wa bil waalidaini ihsaanan. Mulane Nabi Ibrohim diparingi Pinter. Mulane kapan ono Nabi diarani Fathonah. Gaene mrotoli braholo, braholo niku dipun protoli. Nanging piye? supoyo wong tuwane ora gelo? Sing gede, ora melu diprotol, dikalungi nopo? mentik. Yo.... jadih kuabeh, sing cilik2 diprotoli, sing gede dikalungi nopo? mentik. Bareng, wong2 duko2, kirangan mboten kulo, lha kok ora kulo iku, lha kabeh lak Pengeran? sing anu Pengeran, aku lak muk dermo tok. Sopo sing mrotoli? mboten kulo. Menawi mawon lek panjenengan duko, sing ageng niku, mergi gelo, piyambak e muring2. Nah wong tuwane, ngguyu kepingkel2. Mulane dadi Pemimpin iku kudu iso ngguyokno. Ojo kok sepaneng muring2 terus. 

Niku menawi mawon bah niku, sing tuwo niku muring2. Mergi rumawos, piyambak e niku mboten patos diladeni. Tiyang sak babiliun niki podo nyembah braholo sing cilik2, sing gedi mboten patos disembah, dados muring2, mentik i sing cilik2 niku. Niku dicritane, terus ramane kepingkel2. Mulane kudu ono ngelmune ngonten niku kudu ono. Ojo sitok, kullil haqqo wa lau kaana murron. Wes barang haq wes.... wono wong tuwane terus ditabok i. Nah iki jenenge ..... Teng mriki niki jenenge cobo. Dadi siji... kowe lek kepingin slamet, ojo nyembah kejobo ning nggone Gusti Alloh. Nanging kowe ojo sampek oleh bendune wong tuwo loro. 
Wa bil waalidaini ihsaanan. 



Wa'budulloha (nyembaho siro kabeh ing Alloh)
wa laa tusyrikuu (lan ojo nyekutokno siro kabeh)
bihi (kelawan Alloh)
syai-an (ing sewiji wiji)


Nomor loro 

 و أحسنوا بالوالدين إحسانا برّا ولين جانب
wa bil walidaini (lan kelawan wong tuwo loro)
ihsannan. (ai ahsinuu... baguse, ihsanan kelawan nggawe bagus tenan). Niki dibarengaken. 
birron kelwan bagus
waliina jaanib ( lan lemese laku) tegese sing andap asor. Senajan wong kafir wong tuwamu, contone koyok Nabiyulloh Ibrohim. Niki piye...? akal. 

Makane 

الدين عقل لا دين لمن لا عقل له

Agomo iku akal, ora ono agomo lek ora nduwe akal. Mulane Nabi Ibrohim nopo? pinter. Bapak e dadi kepalane braholo, Anak e dipun utus dening Gusti Alloh. Supoyo mbrantas nopo? braholo. 


Wa'budulloha (nyembaho siro kabeh ing Alloh)
wa laa tusyrikuu (lan ojo nyekutokno siro kabeh)
bihi (kelawan Alloh)
syai-an (ing sewiji wiji)

Wa bil waalidaini ihsaanan. 

Podo karo firmane Alloh Subhanahu wa ta'ala
Anisykurlii wa liwaalidaika wa ilaikal mashir. 
wa qodho robbuka an laa ta'budu illa iyaahu, wa bil waalidaini ihsaanan. 

وبذي القربى» القرابة 

wa bidzil qurba, lan kelawan kang nduweni sanak. Sanakmu, maknane wong sing parek. Al qoroobahtu, iku yo apik i. Mulane ojo sampek wong iku ora onok anak turun. Mulane dipun larang zino, iku supoyo ojo sampek, ono turunan iki ora karuan. Famili ora karuan. Niki mergo gawe Alloh Swt, bali ning kene iki. Kowe ngapik i ning wong tuwo loro. Mulane kowe kawino, marang sing wis nduwe wong tuwo loro. Ojo sampek kawin, wong sing ora karuan wong tuwo loro. Mergo iki penting wong tuwo loro. Nah mrembete wong tuwo loro, iso mrembet ning sanad. 

Wa bidzil qurba, lan kelawan wong kang anduweni kesanak an. Sanak iku yo penting, mulane sanak iku diarani rohim. Rohim iku arti saking kata2 rohmat. Mulane sampek kandungane ibu iku pertama kali diarani jannin. Jannin iku panggonane ning rohim. Rohim iku panggonan citak ane anak sing wonten ing padarane nopo? ibu. Mergo timbul rohmah, belas kasihan iku ijeh ning alam ndunyo, nek ijek onok rohim, onok janin karuan rohime sopo? janine sopo? Mrembete lek wes ruh wong tuwo loro, ruh dulure, ruh sanak e, ruh misanane, iki nopo? keluarga sehat. Lha neng kene, poro nabi2 iku wong sing wis kinaruan nasabe. Mulane Nabi Muhammad niku nasabe sampek karuan tuk Nabiyulloh Adam, alaihissalam. Sampek ila yaumil qiyamah. Sopo wong islam sing bagus? sing ketok nasabe, turun sopo? sampek mbahe, sampek ngerti  

Sampek kawin, kowe 

Wa bil waalidaini ihsaanan. 



Wal yataama lan piro2 anak yatim. Alloh sakwise nerangaken hak antarane bapak keibunan, ing ngatase dulur famili, sing nggowo ning keluarga sing harmonis. Ruh misanane, ruh mindoane, ruh ping limo ping nem ijeh ngerti. Nah iki 

wal yataama (lan piro2 wong yatim)
Mulane ndunyo iku apik lek ijek onok wong miskin. 
ijek onok anak yatim, iki jek apik..

28.00



واليتامى والمساكين 



والجار ذي القربى

 القريب منك في الجوار أو النسب 

والجار الجُنُب البعيد عنك في الجوار أو النسب والصاحب بالجنب 

الرفيق في سفر أو صناعة وقيل الزوجة 

وابن السبيل

 المنقطع في سفره 

وما ملكت أيمانكم 

من الأرقاء 

إن الله لا يحب من كان مختالا

 متكبرا 

فخورا

 على الناس بما أوتي.



https://www.youtube.com/watch?v=Txl3qYAwcLU


Comments