Skip to main content

Ngaji Kitab Hikam Gus Baha | Alam Tajalli | Ilmu Hakikat

 


الحَقائِقُ تَرِدُ في حالِ التَّجَلّي مُجْمَلَةً

وَبَعْدَ الوَعيِ يَكونُ البَيانُ. 

(فَإِذَا قَرَأْنَاهُ فَاتَّبِعْ قُرْآنَهُ. ثُمَّ إن عَلَيْنَا بَيَانَهُ

al haqoiqu (utawi piro2 hakikote ilmu) - MUBTADA
yoiku ilmu sing hakikat. Ilmu hakikat 

iku

taridu (tumeko, opo? ilmu hakikat) - KHOBAR
olehe tumeko? 
fi haali tajalliy (ing ndalem keadaan tajalli)
Tajalli yoiku keadaan wong begitu dekat lan jelas, wong parek ning nggone Alloh Subhanahu Wa Ta'ala. 

Wong sing lagi ngalami alam tajalli, hakikote ilmu iku olehe teko mujmalan hale ijek gemblengan, hale ijek global. Lha wa ba'dal wa'i, sak wise nggadahi ilmu, sakwise entuk e ilmu. 
Yakunu (lagi ono, opo? )
Al Bayaanu ( ilmu sing banget jelase)
Terus Ibnu Athoilah Assakandari ndamel istidlaal, 

فَإِذَا قَرَأْنَاهُ فَاتَّبِعْ قُرْآنَهُ. ثُمَّ إن عَلَيْنَا بَيَانَهُ

faidza qoro-naahu, moko nalikane moco, sopo? insun. 
hu ing quran. 

fattabi' mongko anuto sopo? siro
quranahu (ing wacanane quran)

tsumma inna 'alainaa (mongko nuli wajib)
ing ngatase ingsun, Alloh. 
opo? 
bayaanahu (njelasno ing quran)


Dados ngeten nggih, kulo terangno ilmu hakikat nggih. Ilmu hakikat niku, tumekane tenan tuk ati niku sakwise njenengan ngalami alam tajalli. Alam tajalli niku merasa sampeyan begitu dekat dengan Alloh. Dekat dengan Alloh niku macem2 nggih, sebab paling gampang niku nggih, disebutaken poro ulama, niku ngangge sebab ilmu tauhid. Misale kados kulo, kulo mikir, kulo niku dadi wong, yo ngulang yo nduwe duwek, yo nduwe utang, yo nduwe masalah, yo ngrameni ndunyo, yo ngrusak, yo ngapik i macem2. Bar niku terus kulo tajalli. Aku kok penting, penting apane? jaman rung onok aku srengenge yo berputar koyok biasane, paling gak orang itu akan menjadi gak siapa2, dan mok yakin sama Alloh. 

Jaman kowe rung lahir, srengenge yo terbit. Jaman rung ono kowe, ndunyo yo tertib. Semua bergerak. Kowe mati srengenge yo ora mandeg, yo terbit koyok biasane, mbulan yo kayak biasanya. Gak direspon blas, urip gak direspon alam, mati yo gak direspon alam. Paling gak.. kowe terus ngerti..
Wong sing ahli pertanian, ahli ketahanan pangan,   (wong goblok kabeh) wong kok ngeklaim dirinya sing mikir ketahanan nopo? pangan. Zaman ora ono.. yo wong mangan kabeh. 

Ndekne pinter terus diangkat menteri, ndekne nggolek mangan (dadi menteri). Yo wes ngono tok menungso niku. Yo niku sakwise yakin ngoten, sakwise tajalli, terus ono al wa'yu.. ono ngadahi, nah sakwise ngadahi ilmu,


qulillah, tsumma dzarhum fi khoudhihi yal'abun. 


Dek e yakin, ainul yaqin, lak ndunyo sing pantes diomongno muk sitok, Alloh. Mulane ndekne ape percoyo ngamal, amale mung sepiro.  Ape percoyo liyane, kabeh yo makhluq e. Makhluq e iku hakikote (ora ono) hakikote ora berperan.  Niku maqome tiyang2 sing duwur...


qul lillah tsumma dzarhum fi khoudhihi yal'abun

Terus ibnu athoilah assakandari, nggawe istidlaal, fa idza qoro-naahu fattabi' quranah. Ilmu iku pertama mujmal, maknane glondongan/ global, urung jelas. Sakwise iku entuk penjelasan sing detail. 


Kulo mbuktekno teng sholat nggih, kulo moco kitab niku katah. Ngalami penguripan teng ndunyo niku pun katah, macem2. Kenek opo sholat kok dikawiti Allohu Akbar. Menungso iku mesti nduwe bahasa sing salah, kados ngaji kulo wingi. Ndarani Presiden itu orang kuat, ndarani presiden amerika itu orang terkuat di dunia. Ini bahasa jorok dalam ilmu hakikat, bahasa yang sangat bathil karena ketika anda bilang presiden orang kuat,  orang kaya itu orang kuat, malaikat itu ora faham bahasane sampeyan. Mergo coro izroil, dipitet yo nopo? mati. Wong sak amerika, sak ndunyo, lek Alloh ngersakno, dipitet yo mati. Umpomo wong iku kuat, artine iso nguasai ndunyo, artine bumi. tapi ora iso nguasai mars, ora iso nguasai planet2 liyo. Ora iso nguasai alam malakut. Wis Lek mpun ngoten kowe ngerti lak menungso iku. Wong nentokno matine ae ora iso, lek wayahe mati yo mati. Pada tingkat sing wis kowe tajalli ngene iki, pada tingkat sing wes tajalli ngene iki, pas kowe moco...

Innalloha 'ala kulli syai-in qodir. 

Alloh itu kuoso nglakoni opo wae, lak menungso ora iso. Nha lek kowe ora tahu tajalli, niki nuwun sewu nggih, lak kowe ora tahu tajalli, kowe mlarat utangem akeh, kowe ora tahu tajalli,....Dongo ora mandi, Alloh iso nylametno aku? Innaa lillah wa innaa ilaihi roji'un. Wes ora tahu tajalli, akhire istifqor, nyepelekno kekuasaane? Alloh. 

Padahal lek nganggo tajalli malah gampang. Kowe nduwe utang, bojo wani, wong sak indonesia wani kowe, nyio2 kowe, mestine lak pas tajalli malah gampang, Ya Alloh Gusti, cek dhoife kulo. Wong kepingin ora nduwe utang ae kok ora iso? Cek dho'ife kulo, kepingin nduwe duwek kok ora iso? Nggih sing kuoso Njenengan, kulo kepingin wae kok ora iso? Tapi syaitan masuk ning kito, malah nyo'al dongo, dongo yo ora mesti mandi, ndungo nyatane yo tetep nduwe utang akeh. Yowes sing mesti hakikot yo iku mau, aku iki dho'if, kepingin nduwe utang ae, yo nduwe utang. Aku iki dho'if, kepingin nduwe masalah ae, yo tetep nduwe? masalah. Kok malah diwalik? dongo nyatane ora mandi, ijazah2 diwoco yo ora mandi. Kowe goblok kok nganti ngono, mestine cara berfikir ora nganti ngono. Ya Alloh, cek dho'ife kulo, angger nduwe kareb, ora kesampaian, angger nduwe karep, ora kesampeyan. Sing kuoso Njenengan, mpun Gusti, males nduwe kareb. Kan malah apik, muni ngono. Males nduwe nopo? kareb. Jadi mesisan tajalli, diundakno. Jadi niki haqo-iq. Jadi haqo-iq pertama tajalli, sakwise 


وَبَعْدَ الوَعيِ يَكونُ البَيانُ. 

Sak wise kulo mikir, presiden amerika yo mati, dokter yo mati, ahli pakar kehidupan yo mati. Sing tukang mbahas ketahanan pangan yo mati. Ketahanan pangan tujuane opo? wong iso mangan tujuane opo? ben urip kan? Tapi nyatane sakwise ketahanan pangan terjaga tetep mati, gunane opo? ketahanan pangan? pada akhirnya sama. Ono ketahanan pangan yo akhirnya mati, ora ono ketahanan pangan yo ono? mati. Misale kowe tukang mikir ketahanan pangan ditakok i Pengeran. Tri menteri, maksudtem lek wes onok ketahanan pangan terus piye? biar orang tetep hidup. Terus? gak mati? Misale Pengeran takok ngono. Mati juga Gusti? Terus pentinge opo? nggo alam malakut? Ya penting saja....  Coro tuk alam hakikat iku wes ora penting kabeh. Akhire kito dikaffarohi setiap sholat muni? Allohu Akbar. Setidaknya kowe yakin lak Maha Besar kuwi Alloh. Dadi lak omonganem salah, yo omongan salah, keyakinanmu salah, yo mbalek neh ning Alloh, sedino ping limo. Muni nopo? Allohu Akbar. Mulane dawuhe kanjeng Nabi, sholat niku ngafarohi kesalahan antarane dua sholat. 

Salah iku ora mung ndelok wong ayu tok, termasuk salah dalam bahasa kita memahami presiden orang kuat, ndarani duwek iku penting, masa depan penting. Pentinge bingung ora jelas. Masa depan penting yo akhirat iku, masa depan. Jadi dalam bahasa Malaikat Masa depan iku akhirat. Menungso muni masa depan iku? tuwo, duwik e akeh, anak buah akeh, karek ngremot dikongkon ngalor ngidul. Dadi kowe muni masa depan Malaikat ora paham. Iku muna muni masa depan kok malah kedonyan? Pikirane Malaikat masa depan kan wong nyiapno, kematian. Sing goblok malaikate ta menungsane? 


Makane iku ora ono tajalline blas, dadi wong ngono iku ilmune ora hakikat blas. Wong lak sing duwur tenan. 


وَمَا قَدَرُوا۟ ٱللَّهَ حَقَّ قَدۡرِهِۦۤ إِذۡ قَالُوا۟ مَاۤ أَنزَلَ ٱللَّهُ عَلَىٰ بَشَرࣲ مِّن شَیۡءࣲۗ 

قُلۡ مَنۡ أَنزَلَ ٱلۡكِتَـٰبَ ٱلَّذِی جَاۤءَ بِهِۦ مُوسَىٰ نُورࣰا وَهُدࣰى لِّلنَّاسِۖ 

تَجۡعَلُونَهُۥ قَرَاطِیسَ تُبۡدُونَهَا وَتُخۡفُونَ كَثِیرࣰاۖ وَعُلِّمۡتُم مَّا لَمۡ تَعۡلَمُوۤا۟ أَنتُمۡ وَلَاۤ ءَابَاۤؤُكُمۡۖ 

قُلِ ٱللَّهُۖ ثُمَّ ذَرۡهُمۡ فِی خَوۡضِهِمۡ یَلۡعَبُونَ

Qullillah.. kabeh iku kersane Alloh, mbalik ning Alloh, 
tsumma dzarhum fii khoudhihi yal'abuun

Surat Al An'am 91



Coro gampangane kabeh ndunyo iku innaa lillahi wa innaa ilaihi nopo? roji'uuna. Kabeh iku kersane Alloh. Lek coro Sullam Taufiq nggawe muqoddimah, 

Pokok e urip kito iku minhu, wa ilaihi wa fihi, wa lahu, sampek kyaine bingung dhomirno. fihi wa lahu mboh. Pokok e urip iku fihi lahu ilaihi minhu... hahu hahu. Mulane ono thoriqoh, wiridan iku muni Alloh ora iso. Hu hu hu hu.... hahu hahu hahu. Kabeh iku dhomir sya-n tok. Usribat ma'na dhomirisy sya-n. Wong lak maqome duwur, wiridane mek dhomir sya-n. Dhomir sya-n ora mek hu hu tok, fa'lam annahu laa ilaaha illalloh. Terus dijupuk dhomir ning annahu, akhire wiridan.. kan ono thoriqot sing wiridan, hu hu hu hu.. Lek sing elek, muni hu ora faham. Ha hu ha hu... Mursyide kadang yo ora faham pisan. Yoh repot kowe... Tapi kuwi luwih apik timbang sing kedonyan, dadi 


الحَقائِقُ تَرِدُ في حالِ التَّجَلّي مُجْمَلَةً

وَبَعْدَ الوَعيِ يَكونُ البَيانُ

Sing penting ngaji ilmu hakikat, suwe2 ruh rasane dewe. Lak ora ruh rasane yo ojo embo2 ruh, malah mbodoni iku. Ora kok hakikat, tapi digawe opo? hakikat. Nduwe utang ora dipikir, anak bojo ora dipikir, wo cah bento iku... cah bento.. Lak urung keramat ojo kakean polah, lak wis keramat ngono diurusi Pengeran. Ora mikir ndunyo tambah ambles. 

الوارد يأتي من حضرة قهّار 
لأجل ذلك لا يصادمه شيء إلا دمغه 
بَلْ نَقْذِفُ بِالْحَقِّ عَلَى الْباطِلِ فَيَدْمَغُهُ فَإِذا هُوَ زاهِقٌ 
Surat Al Anbiya 18

قلت : إنما كان الوارد الذي يرد على قلوب السائرين أو الطالبين قويّا شديدا 
لأنه يأتي من حضرة اسمه تعالى القهار ليدمغ بقهريته كل ما وجد في النفس أو القلب من الأغيار

Shoddama iku maknane tabrak, nabrak. Shoddam maknane tabrak. Mulane lek moco arab, Shoddam iku tulisane shod dal alif nun. Nduwe anak kepingin dadi presiden kabeh ditabrak i, mergo jenenge nopo? Shoddam husein. (18.00)



مَتى وَرَدَتِ الوارِداتُ الإلهيَّةُ إلَيْكَ 

هَدَمَتِ العَوائِدَ عَلَيْكَ

إِنَّ الْمُلُوكَ إِذَا دَخَلُوا قَرْيَةً أَفْسَدُوهَا

Apabila datang inspirasi ilahiyah kepadamu, maka itu akan menghancurkah kebiasaan-kebiasaanmu (Firman Allah): "sesungguhnya raja-raja itu, ketika masuk kedalam suatu perkampungan, mereka tentu akan membinasakannya”









Comments