wal ju'i (lan luwe)
Lha iki kabeh gentine opo? Lak wong iku wedi menyang Alloh, ora wedi menyang sekabehane. Dadi kok onok wong islam kok wedi ning nggone liyane, mergo ora patek wedi ning Alloh. Ono wong islam, kok saiki kecobo lesu, mergo ora patek poso. Mergo poso iku lesu. Gusti Alloh Subhanahu wa ta'ala nggawe berlawanan iki yo. Dene wong islam iku kapan ora wedi ning Alloh, wedi marang liyane. Mergo barang iku dening Alloh, digawe pesten ning wong iku. Gak iso wong gak lesu. Imma lesu, pancen kowe ora nduwe, wa imma lesu poso. Kowe miliho lesu poso, ojo sampek? lesu mergo nopo? ora nduwe, kurang pangan. Saiki kowe wedi, miliho kowe wedi menyang Alloh, ojo sampek wedi ning musuh. Saiki kowe kepingin mundak2 duwitmu, mergaweo, tur zakati, mesti sugih. yo... Ojo sampek kowe nggolek duwek, mundak mergo rentenir. Lho niki Alloh nggawe koyok ngene. Lek ora mok lakoni, sing iki ilang, lek iki ora mok lakoni, sing iki ilang. Faham yo.. iki (kersane) Alloh.
Gene Alloh mrintahno poso, maksude ben ora lesu. Anak2 e ora lesu, mergo wong tuane masani anak e. Turun dadi wong gede2.. lek dadi bupati, dadi camat, dadi macem2. Mulane wong mbelah dadi ngek ngek along along. Wong pati iso sugih mergo pertanian, wa hakadza. Alloh nuruti ing ngatase sekabehane opo? makhluk e. sing diangen2. Iki kowe wedi, kapan kowe wedi ning Alloh ora wedi kelawan liyane. Iku wes koyok ngono, dadi wa naqsin minal amwaal, sudo duwetmu, dadi timbang sudo aluwung mbok ngge zakat. Sampeyan zakat, wong podo shodaqoh, iki sudane duwek yo ora ono. Wa hakadza... sak teruse saiki. Saiki Alloh Subhanahu wa ta'ala nggawe duwet iku zaman Rosululloh Shollallohu 'alaihi wa sallam, iki kowe lak duwet emas, iki supoyo mbok nggo tuku. Ojo mbok simpen. Jadi ora ono duwet gak emas. Terus genti nopo? seloko/ tembaga, akhir2 niki. Faham nggih. Jaman londo, crik-crik crik iku seloko kabeh. Karek saiki negoro2 islam sing nduwe seloko, saudi seloko, mesir seloko, iko seloko, iko seloko, saiki seloko entek. Dadi kene takok, entek e ndunyo gak nduwe seloko, iku berarti wes entek blas. Sing paling akhir seloko. Kuwait iku sak durunge ono perang kuwait iraq, iku duwete seloko kanggo tuku. Sakniki dirampas karo saddam, emase tok dijupuk i. Sakniki banjur diubah, ta'amul ngangge duwet nopo? kertas. Dadi sak ndunyo iku wes kertas kabeh. Takon saiki wes kertas kabeh. Jaman kulo teng sa'udi riyin, nggih seloko. Jaman londo mriki nggih seloko. Lah wong wis moh mas, mergo mas dinggo perhiasan.
Saiki seloko dinggo nopo? perhiasan. Saiki entek ta'amul nganggo seloko, saiki entek ta'amul nganggo kertas. Lah kertas iku barang sing ora patek ono regane. Lho wes dinggo saiki ta'amul, iki jenenge
idza wujidal amru bi ghoiri ahlik, fantadziris sa'ah.
Iki ngalamate kiamat, nanging wong saiki wes ora rumongso nyedeki kiamat. Loh kertas iki ajine nopo? kok iso (dibikin uang). Alloh Subhanahu wa ta'ala yaf'alu maa yasyaa.. Laa yus-lu 'amma yaf'alu wa hum yus-aluun. Bareng wis teko tuk e, iku ora rumongso wong dielengno koyok ngene kadang ijeh ora patik nopo? rumongso.
وَلَنَبۡلُوَنَّكُم بِشَیۡءࣲ مِّنَ ٱلۡخَوۡفِ وَٱلۡجُوعِ وَنَقۡصࣲ مِّنَ ٱلۡأَمۡوَ ٰلِ وَٱلۡأَنفُسِ وَٱلثَّمَرَ ٰتِۗ وَبَشِّرِ ٱلصَّـٰبِرِینَ
Mulane Rosululloh Shollallohu 'alaihi wa sallam, Kanjeng Nabi takok ning nggone bojone, kowe nduwe opo? ora ono opo2. Ora ono sarapan, nek ngono aku poso. Iki contoh ning ngatase umat. Dadi wong iku piya piye mesti kowe lesu kowe. Imma kowe milih lesumu iku poso, imma lesumu iku gak nduwe duwet selawas2 e. Niki (kersane) Alloh. Dadi Alloh nggawe barang apik, nggawe barang elek. Onok wong iku kok elek kabeh, sing apik disumpet dening Alloh. Ono wong kok apik kabeh? sing elek iku dinggo sumpet. Iku pancen mengkono. Wong kapan wis biasa mangan ribo, wis biasa ta'amul nganggo ribo, iku arep nggawe barang sing ora ribo kangelan. Sampeyan titeni, rasakno dewe2.
وَلَنَبۡلُوَنَّكُم بِشَیۡءࣲ مِّنَ ٱلۡخَوۡفِ وَٱلۡجُوعِ وَنَقۡصࣲ مِّنَ ٱلۡأَمۡوَ ٰلِ وَٱلۡأَنفُسِ وَٱلثَّمَرَ ٰتِۗ وَبَشِّرِ ٱلصَّـٰبِرِینَ
Iki asale ayat, naliko Kanjeng Nabi Muhammad Shollallohu 'alaihi wa sallam dicobo luwe. Dicobo kelawan ora patek nduwe duwek. Shohabat dicobo akeh sing dipateni, naliko perang uhud. Nanging ayate Alloh iku lek tumurun ora mung tertampung ning nggone opo? sebabe tumurun, sing menurut qoidah,
Al 'Ibrotu bi umumil lafdzi, laa bikhushushis sabab.
Jadi ora kok ayat tumurun iku maknane terus anut sababe tok, yo umum sakniki. Dadi..
وَلَنَبۡلُوَنَّكُم بِشَیۡءࣲ
Tak cobo kowe, nah tembung cobo iku ono loro, ono cobo bagus, ono cobo (jelek). Cobo sing bagus, sing pasti sementara, lan nguataken ganjaran. Ono cobo iku olo, diparingi fekir, ngresulo, terus sampek lakone sing ora karu2an, iki jenenge cobo. Wes fekir, cobo sing olo bakal nggowo ing ngatase neroko. Ning ono cobo, cobo iku sing bagus, gak nduwe duwek, isuk poso. Nyuwun menyang Alloh, ngko dzuhur, Alloh paringi, mboh dalane Alloh, yaf'alu maa yasyaa-
وَنَقۡصࣲ مِّنَ ٱلۡأَمۡوَ ٰلِ
Kekurangan saking duwek, kekurangan saking duwek, duwite dinggo sedekah, loh iki yo cobo.. Ning yo ono cobo iku, kowe ora gelem sedekah, yo sing dipangan ono. (18.02)
sudo karo alloh iku wes dijatah, tiap wong mesti bakal sudo. Imma sudane mbok gawe apek, imma sudone mbok gawe nopo? olo. Iki terserah.
wa naqsin minal amwali
zakat yo naqsin minal amwal, wats tsamaroti yo naqsin minal amwal. saiki dipangan tikua yo naqsin minal amwal. Podo, dadi dikek i kabeh. Wal anfusi lan awak2an. Kowe mati syahid, fi sabilillah yo naqsin minal amwal. Kowe ora mati syahid yo mesti ono paten pinaten. Ono denken2 onok… ora iso iki, sampeyan delok ndunyo iki wes ngene terus, mulai zaman qobil habil, sampai ila yaumil? qiyamah. Karek milih kowe, saiki kowe seneng lesu poso? opo lesu ora nduwe?
Kowe saiki wedi ning Alloh? opo wedi marang liyane. Saiki kowe seneng duwitmu sudo kelawan amal zakat sing apik? opo disudo dening Alloh kelawan olo.
wa bassyirish shobiriina. lan mbebungaho sopo? siro
ash shobiriina ( ing wong kang sabar2 kabeh)
bungahono, maknane sabar iku iso nahan, isih tahan.Nah iso nahan, mergo eling menyang Alloh. Kowe lek diparingi Alloh cobo, fekir umpamane, fekiro sak fekire fekir.. kowe ojo nelongso, iki songko Alloh. Ngertio kowe, wong islam digawe fekir, kejobo soko lakone dewe. Ora iso..
Ning yo rakenek, wah fekir yo kerono lakone dewe, wes ora usah ditulung, lah iki kowe jenenge? nyelidiki wong.
wa basysyirish shobiriina. Mbebungaho siro ing wong sing sabar2 kabeh.
ٱلَّذِینَ إِذَاۤ أَصَـٰبَتۡهُم مُّصِیبَةࣱ قَالُوۤا۟ إِنَّا لِلَّهِ وَإِنَّاۤ إِلَیۡهِ رَ ٰجِعُونَ
هم الذين إذا أصابتهم مصيبة بلاء قالوا إنا لله ملكا وعبيدا يفعل بنا ما يشاء ﴿وإنا إليه راجعون﴾ في الآخرة فيجازينا وفي الحديث من استرجع عند المصيبة أجره الله فيها وأخلف الله عليه خيرا وفيه أن مصباح النبي ﷺ طفئ فاسترجع فقالت عائشة: إنما هذا مصباح فقال: كل ما أساء المؤمن فهو مصيبة رواه أبو داود في مراسيله
wa basy syirish shobirin, mbebungah, bil jannah. Alladzina (wong akeh)
idza ashobathum (naliko ngenani opo? wong akeh)
musibah balaaun (cobo)
qoluu podo ngucap, sopo? wong akeh.
innaa lillahi wa innaa ilaihi roji'uuna.
Innaa setuhune kito kabeh, lillahi (saking Alloh)
milkan (piro2 milike Alloh)
wa abiidan ( piro2 kawulane Alloh)
wa innaa lan setuhune kito iku
Lillahi ( maring Alloh)
roji'una ( bali)
fil akhiroti ( bali ing ndalem akhirot)
Kowe elingo ning ndunyo iki mung sementara, dadi lek ono musibah, elingo ndunyo iki opo? sementara. Sementara iku sedilut, ora kiro suwe, bali menyang Alloh. Paling pol, pitung puluh, iku wes arang2 pitung puluh iku. Nggih, sing kaprah seket sewidak. Kowe lek ndelok umur, delok ae, umur sing akeh iki umur piro, sing sitik umur piro? kapan ruh lek umur sewidak menduwur iku arang2.. kaprahe wong iku umur sewidak yo arang2. Delok…
ٱلَّذِینَ إِذَاۤ أَصَـٰبَتۡهُم مُّصِیبَةࣱ قَالُوۤا۟ إِنَّا لِلَّهِ وَإِنَّاۤ إِلَیۡهِ رَ ٰجِعُونَ
Iku kowe didelok, opo sabar, opo gak? Kapan sabar, yo mesti bakal oleh wales.
من استرجع عند المصيبة آجره الله فيها وأخلف الله عليه خيرا
manistarja'i utawi sing moco istirja' sopo? wong
indal nushibati nalikane ono mushibah,
ajzaahullohu fiiha, ngganjar, sopo? Alloh ing wong
fihaa (ing ndalem musibah)
wa akhlafa (lan ngganti, sopo? )
Allohu (Alloh)
alaihi ing ngatase wong
khoiron (ing perkoro kang luwih bagus)
Mesti wae kowe, ono (musibah) inna lillahi dibalek e menyang Alloh, pasti bakal di ganjar Alloh. Ora usah katek nganggo insyaalloh, wis mesti. Wong wis janji, Mergo Alloh Subhanahu wa Ta'ala
Laa yukhlifullohul mi'ad
wa akhlafa 'alaihi khoiron (meski digawe sing luwih bagus). Asale kowe dagang cilik, entek.. sabar ono musibah, ora ngersulo. Bakal digenti kowe, oleh penggawean sing luwih gede timbang sing mau. Iku lak tenanan.. lek istiqomah.
قَالُوۤا۟ إِنَّا لِلَّهِ وَإِنَّاۤ إِلَیۡهِ رَ ٰجِعُونَ
Dadi ora kok dingge ngresulo. Nanging dinggo pepeling lak kito iki, tek e Alloh. Dadi dicobo yo disanggupi (dilampahi). Tur kita bakal bali mbesuk teng akhirat.
وفيه أن مصباح النبي ﷺ طفئ فاسترجع فقالت عائشة
wa fihi (lan ing ndalem hadis)
anna mishbahan nabi Setuhune Lampune Kanjeng Nabi Muhammad Shollallohu 'alaihi wa sallam.
Thofi'a iku mati, Fastarja'a. Lampu mati wae istirja ( inna lillahi wa inna ilaihi roji'un)
Faqoolat 'aaisyah
إنما هذا مصباح
Niku lak lampu mawon kanjeng Nabi, musibah lampu wae kok inna lillahi wa inna ilaihi roji'un.
فقال: كل ما أساء المؤمن فهو مصيبة
kullu maa (utawi barang sing ora ngenakno)
Asaa-al Mukmin
ora ngenakno, nyusahno, ngelek aken,
fahuwa mushibatun mongko iku jenenge musibah.
رواه أبو داود في مراسيله
rowahu abu dawud fi marosilihi
ing ndalem piro2 hadits mursale Abu Dawud.
لا يصيب أحدا من المسلمين مصيبة فيسترجع عند مصيبته
ثم يقول : اللهم أجرني في مصيبتي واخلف لي خيرا منها ،
إلا فعل ذلك به
Dadi lek kowe kenek musibah, ndongo o
Allohumma ajjirnii fii mushibati wakhluflii khoiron minhaa
Ya Alloh, kulo sampeyan ganjar, mushibah kulo niki. Dadi angger ono musibah terus oleh opo? ganjaran. Sampeyan gentos engkang langkung sae, timbang meniko musibah. Sing kenek musibah iku, (misale) dadi parimu kenek homo, sampeyan nyuwun ning Alloh supoyo digenti sing luwih bagus, dadi rizqi ora mung dalane iku tok.
Dawuhe kanjeng Nabi Muhammad Shollallohu 'alaihi wa sallam.
Illa fa'ala dzalika bihi
Mesti dituruti, diijabahi Alloh.
Allumma ajjirnii fii mushibati, wakhluflii khoiron minhaa
iku dongane. Yo... pokok e, iki Ummi Salamah. Ono wong dadi garwane Abu Salamah, sing lanang jenenge Abu Salamah. Sing wedok, jenenge nopo? Ummi Salamah. Senenge ora karuan iku, wong loro iku, dadi koyok mimi lan mintuno. Dadak abu salamah mati. Nah ummi salamah kadung krungu lak keblaen kowe moco innaa lillahi wa innaa ilaihi roji'una. Allohumma Ajjirnii fi mushibati, wakhluflii khoiron minhaa. Kulo sampeyan ganjar musibah kulo niki Ya Alloh, sampeyan genti sing luwih bagus. Dadak Abu Salamah mati, diganti Gusti Kanjeng Nabi. Ono ngoten niku nggih. Dadi malah luwih duwur. Dadi asale dadi garwane Abu Salamah, terus dadi garwane Gusti Kanjeng Nabi. Niku lek Mandi dongo niki...
Pirang2 niku. Mesti iku, iku tumprap wong wing biasa, lek wong sing duwur, entuk musibah tambah mbebungah. Tambah bungah. Ono sing malah ora gelem nyuwun. Naliko Nabi Ibrohim 'alaihissalam kenek musibah, kenek musibah ning njeroni geni. Ora ndungo, ambek moco subhanalloh.....Moho suci Alloh. Ditekani Malaikat Jibril, nopo sampeyan mboten saget? kok amen Subhanalloh. Nopo sampeyan ora nduwe kajat? Nanging lek tenggene sampeyan kulo mboten butuh. La kok mboten mboten nyuwun? lha Gusti Alloh pun sumerap kok disuwun, iki jenenge maqom sing luwih duwur.
Lek sampeyan yo...
Allohumma ajjirnii fii mushibati, wakhluflii khoiron minhaa. Innaa lillahi wa innaa ilaihi roji'un.
أولئك عليهم صلوات مغفرة من ربهم ورحمة نعمة وأولئك هم المهتدون إلى الصواب
Ulaaika (utawi mengkono2 wong kang oleh musibah)
Alladzinaa Qoolu innaa lillahi wa innaa ilaihi roji'uuna.
'alaihim (ing ngatase ulaik)
sholawatun (utawi maghfiroh)
mir robbihim (saking Robb)
wa rohmatun (lan rohmat)
wa ulaaika (lan utawi mengkono2)
hum (wong akeh)
Al Muhtaduuna ( iku wong sing oleh petunjuk kabeh)
Wong sing gelem nglakoni sabar, sing gelem moco innaa lillahi wa innaa ilaihi roji'una iku bakal oleh rahmat kanugrahan saking Alloh, lan oleh pituduh saking Alloh Subhanahu wa Ta'ala.
Innash shofaa setuhune Gunung Shofa, maknane watu sing atos. Iku maknane shofa, asal maknane. Lha lek marwah iku watu sing gembuk, asal maknane. Tapi karo2ne gunung.
Innashofa wal marwata min sya'airillah (setuhune gunung shofa lan marwah)
min sya'airillah (iku setengah ing syi'ar keagungane, agamane Alloh)
ora kok syi'ar jahiliyah. Koyok dene setengahe wong islam nyono.
Innashofa wal marwata min sya'airillah (setuhune gunung shofa lan marwah)
min sya'airillah (iku saking piro2 agunge, tetengere kemuliaane agamane Alloh)
Mergo wong2 podo ngarani, wong islam akeh sing ngarani, shofa marwah iku syi'ar jaman jahiliyah, mergo ning shofa marwah iku ono nopo? recane. Yo.... reco sing disembah2. Iku lak angel iku, lha saiki recane dibuak?
fa laa junaha (mongko ora ono, doso)
'alaihi
anyathoffa (ing yento mubeng2 sopo? wong)
Lek coro madzhab syafi'i rukun, ora trimu wajib, nanging rukun, ditinggal ora sah kajine. Setengahe wajib. Ditinggal kenek, nanging doso. Setengahe sunnah, yoiku coro madzhabe abu hanifah. Mergo dawuhe Alloh Subhanahu wa ta'ala falaa itsma 'alaihi an yaththowaffa bihimaa. Ora doso... thowaf. Walhasil, ulama akeh2 e ngarani sa'i hukume nopo? fardhu, setengahe qil wajib, setengahe qil sunnah. Ora ono doso, maknane opo? ora nglakoni yo ora popo, wong ora ono doso, mung sunnat. Kanjeng Nabi Sa'i. Walhasil penak, ikhtilafe poro ulama i ndadekno penak.
Comments
Post a Comment