Skip to main content

Tafsir Surat Asy Syu'aro | Catatan Ngaji Gus Baha

 

Bismillahirrohmanirrohim


سورة الشعراء 

مكية إلا آية ١٩٧ 

و٢٢٤ إلى آخر السورة  فمدنية 

وآياتها ٢٢٧ آية 

نزلت بعد الواقعة 

Surotusy sy'aro- (Utawi Surat Syu'aro-) - MUBTADA
iku makkiyatun (iku bongso Makkiyah) - KHOBAR

ayat yang 224 
ilaa akhirihaa (sampai akhirnya)
fa madaniyatun (mongko bongso madinah) 


Ayat 1

طسم الله أعلم بمراده بذلك

Allohu a'lamu bimuroodihi bi dzalika.
Allohu (Utawi Alloh) - MUBTADA
iku A'lamu (sing luwih pirso) - KHOBAR
bi murodihi (sing dikersakno)
hi (kelawan maknane)

Dzalika (maknane Tho Sin Mim)
Maksude mpun mboten usah ditakwil2 pokok e ngoten. 


Ayat 2

تلك أي هذه الآيات آيات الكتاب القرآن والإضافة بمعنى من المبين المظهر الحق من الباطل

Tilka (utawi hadzihil ayaatu) - MUBTADA
Utawi hadzihil ayaat (piro2 ayat)
iku ayatul kitabi (piro2 ayate Quran) - KHOBAR
Ail Quraini (tegese Quran)
Wal idhofatu (utawi idhofah)
iku bima'na min ( kelawan maknane min)

sifate kitab al Mubini (kang njelasno) - SIFAT
al mudzhiri (tegese sing njelasno)
Al Haqqo (ing barang haq)

dijelasno 
minal bathili (saking barang bathil)
Dados tugase Quran niku mbedakno ndi seng haq, lan ndi sing bathil. 


Ayat 3

لعلك يا محمد باخع نفسك قاتلها غما من أجل ألا يكونوا أي أهل مكة 
مؤمنين ولعل هنا للإشفاق أي أشفق عليها بتخفيف هذا الغم
La'allaka (menowo2 siro Muhammad)
Yaa Muhammad (utawi Muhammad) 
ik Bakhi'un Nafsaka ( iku wong sing ngrusak) - KHOBAR
nafsaka (ing awak e dewe)
ai qotiluhaa ( tegese wong sing mateni ning nafsika)
ghomman (kerono susah)
min ajli (kerono ) 
allaa yakunuu ( yento ora ono sopo? penduduk  mekkah)
ai ahlu makkah (penduduk mekkah)
mukminiina (iku iman kabeh) - KHOBAR
wa la'ala hunaa (utawi ing ndalem kene)
lil'isyfaq (maksude Alloh iku welas ning Nabi Muhammad, ketok e susah nganti hampir bunuh diri mergo nganggep umate ora gelem iman. Jadi Nabi itu tersiksa sampek mendekati mensusahkan diri sendiri. Lak tenggene hadits2 shohih iku malah nabi sering munggah gunung, kepengen ngglundung, pengen munggah gunung, kepengen ngglundung. Gara2 ndelok kaume beduwak ora gelem2 nopo? iman. Terus dikandani Pengeran...


لعلك باخع نفسك ألا يكونوا  
مؤمنين

Mbarno lak uwis, lapo kowe nganti mikir koyok ngono, pokok e kowe dakwah wis. 

Ai Asyfiq (tegese welaso siro)
'alaihaa (ing ngatase nafsika)
bi takhfifi hadzal ghommi
(kelawan ngringakno ikilah kesusahan)



Ayat 4

إن نشأ ننزل عليهم من السماء آية فظلت 
بمعنى المضارع: أي تظل، أي تدوم أعناقهم لها خاضعين 
فيؤمنون، ولما وصفت الأعناق بالخضوع الذي هو لأربابها جمعت الصفة منه جمع العقلاء
inna (saktemene)
nasayak (ngersakno sopo? ingsun)
nunazzil (nurun no sopo? insun)
'alaihim (ing ngatase kafir mekah)
minas samaa-i (saking langit)
ingsun nurunno 
ayatan (ing ayat)
Fadzollat (mongko dadi opo? )
A'naaquhum (mongko piro2 a'nake, piro2 gulune kuffar).
bi ma'nal mudhorri'i (kelawan maknane mudhorre')
ai tadzillu (tegese bakal dadi)
Ai tadumu ( tegese bakal terus)
opo
A'naaquhum (piro2 gulune kuffar)
lahaa ( maring ayat)
khodhi'ina (iku tunduk kabeh)
Fa yu-minuuna ( mongko podo iman sopo? kafir Mekkah )

wa lamma (lan semangsane )
wusifati (den sifati)
opo?
Al a'naqu (piro2 gulu)
bil khudhu'i (kelawan tunduk)
alladzi (kang)
huwa (utawi ladzi)
iku liarbabihaa (keduwe wong kang nduweni gulu).
jumi'at (mongko den jamakno)
ash shifatu (sifat) 
minhu (saking a'naq)
jam'ul uqolaa-i (jamak e wong sing nduweni akal). Mergo gulu ora nduwe akal, maksude sing nduwe gulu. Maksude sing dianggep 'uqola

Ayat 5

وما يأتيهم من ذكر قرآن من الرحمن محدث صفة كاشفة إلا كانوا عنه معرضين

wa maa ya-tihim (lan ora teko )
him (ing kafir mekkah)
min dzikrin (saking quran)
minarrohmani (saking ar rohman) 
muhdatsin (kang denperbarui) 
Sebagian ayat niku min robbihim, sing jus nopo? juz pitulas nggih? Teng mriki minarrohmani muhdatsin. Utawi.... Subhanalloh, kulo moco surat syu'aro niku termasuk surat sing kulo molai alit, iso ngaji nganti sakniki paling panik. 
Muhtadatsin (kang den perbarui)
shifatun ( sing dawuh muhdats iku) 
Kasyifatun (kang nyata/ kang tenanan)
illaa kaanu (kecuali ono sopo? kuffar)
'anhu (saking dzikrin sing muhdats)
mu'ridhiinaa (iku mengo kabeh)

Ayat 6

فقد كذبوا به فستأتيهم أنباء عواقب ما كانوا به يستهزءُون
faqod kadzabuu (mongko temen2 mendustakan sopo? kuffar mekah)
bihi (kelawan ayat/ kelawan quran)
fasaya-tihim (mongko bakal teko)
him (ing kuffar)
opo? ambaa-u (opo critane )
'awaqibu (tegesi critane perkoro)
maa kaanu (ono sopo? kuffar)
bihi ( kelawan maa )
yastahzi-uuna ( iku ngenyek, sopo? kuffar)


Ayat 7

أولم يروا ينظروا إلى الأرض كم أنبتنا فيها أي كثيرا من كل زوج كريم نوع حسن
Awalam yaroo (onoto ora mikir, sopo? kuffar)
ai yandzuru (tegese angen2 sopo? kuffar)
ilaa ardhi (maring bumi) 
kamaa ambatnaa (pirang2 nukulno, sopo? insun)
fihaa (ing ndalem ardh)
ai katsiron (tegese akeh banget)
min kulli zaujin (saking saben2 pasangan)
karimin ( kang apik)
nau'in (tegese werno)
hasanin (kang bagus)
Ora melok nandur, ora melok nggedekno, wes pokok e ngerti2 melok manen. Ora ono sing mikir, mikire rugi ta untung? 

Ayat 8
إن في ذلك لآية دلالة على كمال قدرته تعالى 
وما كان أكثرهم مؤمنين في علم الله، 
وكان قال سيبويه: زائدة
Inna fii dzalika (saktemene ing ndalem kabeh)
laayaatan ( saktemene dadi ayat)
dalaalatan ( dadi bukti)
'ala kamali qudroti ta'ala ( ing ngatase sempurnane kekuasaane Alloh Ta'ala)
wa maa kaana (lan ora ono sopo? aktsaruhum (akeh2 e kuffar)
mukminina (iman kabeh)
fi 'ilmillahi ( ing ndalem ilmune Alloh Subhanahu wa ta'ala)
wa kaana (utawi kaana)
qola sibawaihi ( dawuhe Imam Sibawaih)
iku 
zaidatun (zaidah)

Ayat 9
وإن ربك لهو العزيز ذو العزة ينتقم من الكافرين الرحيم يرحم المؤمنين
wa inna robbaka (saktemene Pengeran siro)
iku 
lahuwal 'azizun (Dzat sing menangan)
dzul 'izati (tegese kang nduwe menangan)
yantaqimu (nyikso sopo? Alloh Swt)
minal kaafirina (saking piro2 wong kafir)

ar rohimu (kang welas)
yarhamu (kang melasi sopo? Alloh Swt)
al mukminin ( ing piro2 wong mukmin)

Nggih kulo terangno nggih, setunggal menyangkut surat syu'aro nggih. Surat Syu'aro niku jamak e sya'ir. Sya'ir niku nggih penyair. Penyair niku katah2 e nggih mbodoni, mbladus niku. Tapi yo kadang onok apik e. Dados resmi dawuhe Alloh teng Syu'aro niku...

وَٱلشُّعَرَاۤءُ یَتَّبِعُهُمُ ٱلۡغَاوُۥنَ
أَلَمۡ تَرَ أَنَّهُمۡ فِی كُلِّ وَادࣲ یَهِیمُونَ
وَأَنَّهُمۡ یَقُولُونَ مَا لَا یَفۡعَلُونَ
إِلَّا ٱلَّذِینَ ءَامَنُوا۟ وَعَمِلُوا۟ ٱلصَّـٰلِحَـٰتِ وَذَكَرُوا۟ ٱللَّهَ كَثِیرࣰا 
وَٱنتَصَرُوا۟ مِنۢ بَعۡدِ مَا ظُلِمُوا۟ۗ وَسَیَعۡلَمُ ٱلَّذِینَ ظَلَمُوۤا۟ أَیَّ مُنقَلَبࣲ یَنقَلِبُونَ

ayat 224-227

Terus wonten istitsnaa. Dados ngeten nggih, penyakite tiyang arab riyen niku lak gueting wong niku nggih disya'irno. Lak nggawe istilah yo macem2, coro ruh raine mutah2, coro bahasane iku elek banget. Dadi wong arab lek ndarani wong elek iku...

كبعرة نكرتها الديك
" koyok tletong garing sing dicocoki pitek"
dadi wong kok elek e nganti koyok tletong garing sing dicocoki pitek. Elek kok nganti ngono, wong arab niku (lek ngarani). Terus lak ngelem wong lomo iku, umpomo nyawane ono ning epek2 e, sing dikekno yo nyawane iku. Dadi lak ngelem wong lomo yo sundul langit, lak ngelem wong elek yo? entek ngamek. Akhire biasa bombastis. Iku jenenge penyair. Penyair niku lak riyin nggih ngoten niku, coro sakniki jurnalis. Lek ngelem nggih sundul langit, lek ngeprekno nggih? entek ngamek. Iku disebut...

فِی كُلِّ وَادࣲ یَهِیمُونَ

Nggih, terus model emoh tanggung jawab. Pokok e kulo crito sing tenggene Quran ambek hadits shohih, terus modele ora tanggung jawab. Jadi modele haditsul ifki, ketika Sayyidah A'isyah digosipno macem2. Nggih, sayyidah A'isyah digosipno macem2. Modele lek ditakok i nyakang. Coro Nabi takok, coro Nabi takon kowe percoyo gosip A'isyah, nggih dos pundi kanjeng Nabi, sak ruh kulo, lek onok gerih, onok kucing nggih dipangan. Cangekeme niku uelek, cuma wong arap nyontokno ora gerih ora kucing. Dadi onok adonan roti, wedus iku dikek i suket iku wes sueneng, opo maneh dikek i adonan roti, tambah sueneng. Lak disalahno? jare maksude ora ngono, faham nggih. Ruepot, musuh penyair iku wes ruepot. Akhire terus lama2 penyair iku dadi profesi. Sing penyairan ko isyq, bronto ko Pengeran, diabadikno dadi makalah2 sing ndadekno wong parek Pengeran. Kados burdah, kados barzanji, tapi sing ko profesi, dibatalno syari'at mergo roto2 nggolek duwek. Sing profesi dibatalno syari'at mergo roto2 nopo? nggolek duwek. Tapi lak sing songko isyq, soko bronto ning Pengeran iku, diabadikno syari'at sing keramate ngantos sakniki. Kados Burdah niku, sing ngarang Imam sinten? Imam Bushiri. Niku kados ngoten, 

Niku ora usah Alhamdulillah, ora usah salam, ora usah bismillah. Pancen ngarange niku mboten sengaja ngarang ape pamer. Ujuk2 ngarang 

أمِنْ تذَكُّرِ جيرانٍ بذي سلمِ

مزجتَ دمعاً جرى من مقلة ٍ بدمِ

Mosok gara2 kangen wong ayu, mbok tangisi sampek air mata bercampur darah. Nganti, terus dibandingno. Bareng pas kangen Nabi Muhammad sing mbok sifati nyafa'ati ndunyo akhirat, kowe kangenem biasa2 wae. Utek ta utek... wes terakhire ngono, pokok e ndekne nggawe perbandingan iku wong kangen kekasih wae nganti air mata bercampur darah. Akhire mulai menyalahkan dirinya sendiri...

ظلمتُ سُنَّة َ منْ أحيا الظلامَ إلى

أنِ اشْتَكَتْ قَدَماهُ الضُّرَّ مِنْ وَرَم 

وشدَّ مِنْ سَغَبٍ أحشاءهُ وَطَوَى

تحتَ الحجارة ِ كشحاً مترفَ الأدمِ

Masyaalloh, cek ndzolimku.. bariku terus mulai crito Kanjeng Nabi. 

محمدٌ سيدُّ الكونينِ والثَّقَلَيْنِ

والفريقينِ من عُربٍ ومن عجمِ

نبينَّا الآمرُ الناهي فلا أحدٌ

أبَرَّ في قَوْلِ «لا» مِنْهُ وَلا «نَعَمِ»

هُوَ الحَبيبُ الذي تُرْجَى شَفَاعَتُهُ

لِكلِّ هَوْلٍ مِنَ الأهوالِ مُقْتَحَمِ

Iku ora niat nggolek duwek. Nggih gak jadi nopo? profesi. Karena yang ngarang itu orang 'alim, niki khase wong 'alim. Bahkan Sayyid Muhammad, semua ulama itu yang gak bisa ditinggalkan dari burdah itu satu. Mungkin yang lain kan hafale, Muhammadun Sayyidun kaunaini waats tsaqolaini. Wal habibulladzi turja syafa'atuhu... Karena banyak kepentingan, sitik2 nopo? turja syafa'atuhu. Kepingine niku disyafa'ati Kanjeng Nabi. Tapi lek kados Sayyid Muhammad, lek kados Ulama2 top, itu yang dikenang dari burdah itu satu, itu yang gak bisa ditinggalkan dari semua karangan tentang madegh ning nabi. 

دَعْ ما ادَّعَتْهُ النَّصارَى في نَبيِّهِمِ

وَاحكُمْ بما شِئْتَ مَدْحاً فيهِ واحْتَكِمِ

Da' ninggalneo sopo? siro
maa (ning perkoro)
idda'at (kang nglakoni)
hu (ing maa)
sopo? 
an Nashoro fi nabiyihim 

Pokok e sing penting lek ngelem Nabi iku sitok pesenku, tinggalkan tradisi nashrani yaitu ngelem Nabi berlebihan nganti Nabi Isa dadi Pengeran. Itu aturan dasar ngelem Nabi itu..

دَعْ ما ادَّعَتْهُ النَّصارَى في نَبيِّهِمِ

Niku penting, sehingga dengan kowe ngelem Nabi ora ngarah dadi Pengeran. Gunane akeh, gunane yoiku, lek Nabi nduwe garwo terus nduwe anak, malah apik. Malah adoh ko sifate Pengeran. Nabi Isa itu gak nduwe anak, gak nduwe bojo, sehingga wong nashroni fantastis terus anak e Pengeran. Yo mirip Pengeran ora nduwe anak ora nduwe bojo. Molane njing mben Nabi Isa kaleh Nabi Muhammad lek (ketemu) Alloh, penak Nabi Muhammad. Ya Alloh, kulo nyifati Njenengan Mukhollafatul lil hawadits. Wes kulo bedo banget mbek Njenengan, kulo nduwe anak, nduwe bojo. Njenengan ra nduwe anak, ora nduwe bojo. Sing radi repot Nabi Isa, faham nggih. Niki penting kulo aturaken, dados ora ono Nabi Sempurno koyok Nabi Muhammad. 

Wong Nashroni mrovokasi wong islam, lek wong apik iku sing ngurusi agomo tenanan, nganti lali anak bojo. Padahal wong2 lak ora nduwe anak bojo malah mirip2 dikaitno koyok sifate? Pengeran. Molane kabeh Nabi rabi iku yo wajib, maksude dadi ibadahe. Saiki wong wes ora ruh ilmu ngene2 iki. Nyongkone Nabi Muhammad iku simpatik Nabi isa, perkarane ora ngrumat anak bojo. Dadi kudu ruh, padahal sifate Pengeran mukhollafatul lil hawaditsi. Lek kowe kepingin bedo banget yo... kowe nduwe utang iku apik, Pengeran ora nduwe utang.  Wes anggep ae ngono, mukholafatul lil hawadits. Kowe lak ra ruh, yo bangga, wong aku ora Pengeran. Ora kabul kajate yo bangga, pancen ora Pengeran. Dadi kowe kudu ruh ilmu ngono iku, dadi iku hebate Kanjeng Nabi Muhammad. Molane umate Nabi iku umat sing paling bener sak ndunyo. Penggemar Nabi Isa, iku nyilakakno Nabi Isa, iku isa ndarani anak e Pengeran. Penggemare Nabi Muhammad malah Nambahi Sifate Nabi Muhammad Al A'rodh Al Basyariyah. Mbarno lek kanjeng Nabi nduwe sifat Menungso. (12.56)

Comments