Skip to main content

Harta yang Baik | Catatan Ngaji Gus Baha

Njengan tak critani nggih, kulo niku apal Sya'ir Arab. Mergi kulo nduwe kepentingan tak nggo maknani quran. Iku lak ndarani wong elek, lek ngibaratno wong elek jarene...

كبعرة نكرتها الديك

Koyok taek garing sing dicocok pitek. Dadi lak ndarani misale onok tokoh kok elek i, iku nyontokno niku...


كبعرة نكرتها الديك

Koyok taek/ tletong. Taek iku kan wes elek, iku sik dicocok i? pitek, wes koyok opo? elek e. 


Nah riyin itu ada banyak penyair yang sering dikasih uang Sayyid 'Ali Zainal 'Abidin (anak e Sayyid Husein). Sayyid Husein sendiri sering ngekek i uang penyair. Digugat, sama Sayyid Hasan, kenapa anda suka ngasih uang penyair? bukankah? mereka cangkeme elek? Terus jare Sayyid Husein, 

كَتَبَ الْحَسَنُ بْنُ عَلِيٍّ إِلَى الْحُسَيْنِ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُمَا يَعِيبُ عَلَيْهِ إِعْطَاءَ الشُّعَرَاءِ ، 

فَقَالَ الْحُسَيْنُ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ 

إِنَّ خَيْرَ الْمَالِ مَا وُقِيَ بِهِ الْعِرْضُ


خير المال ما وقي به العرض

Kulo jek apal lafadz e, khoirul maali, maa wuqi'ya bihil irdhu

Apik2 e duwek iku sing kanggo njogo harga diri. Dadi kowe misale nduwe tonggo kecangkeman, lak ora mbok kek i duwek kecangkeman, gak mbok service kecangkeman. Senajanto ndekne wong fasik kudu mbok kak kek i. Mergo lak iku kecangkeman terus, nglarakno ati. Nah ngilangi loro ati iku ibadah. 

Molane sering Imam Ghozali, ulama riyin, ono preman, dikek i duwek. Wong2 podo janggal, gak ngekek i wong sholeh, kok ngekek i preman? Itu mulai dulu. Loh iku ora nyuap, pancene kawit ndisek wes ngono..

خير المال ما وقي به العرض

Apik2 e duwek? sing nggo nutup cangkem nopo? elek. Lah ngono iku ora suap, kulo baleni maleh, ngono niku ora suap. Faham nggih, dadi eling2 nggih. Ora kok terus kulo geting wong sholeh mboten. Nggih kito hormati, tapi lak fatwa ojo mbok rungokno. Faham nggih, kito hormati, kulo lah lak salaman nggih tak cucup. Tapi nak mulai fatwa tak lawan. Ojo kok peh2 gus njenengan nyucup kok nglawan fatwa kulo? Nyucup mergo njenengan tuwo, lak fatwa tetep tak lawan. Nggloyor kabeh ora karu2an, ora karuan jluntrungane. 

Nah itu hebate Abu Bakar, beliau itu orang sholeh, mboten nate doso, tiyang bersih, tapi ketika ayat itu untuk orang bersih tsummastaqomu... beliau nggugat jangan, jangan artikan demikian, lak ngono Umate Nabi ora ono sing mlebu nopo? suargo. Jadi Tsummastaqomuu.. ai lam yaltafitu ilaa li ghoirihi.. Tidak berpaling pada tuhan lainya. Kok istiqomah iku nganti mati ora salah blas. Yo repot, lak wong nganti mati ora salah blas yo ora mungkin. Liyane Rosululloh i mboten mungkin. Ayo contokno sopo, Abu Bakar tahu nduwe masalah ambek Sayyidah Fathimah. Semuanya nduwe masalah Sayyidina Umar pernah nduwe masalah ambek Sayyidina Ali. Sayyidina Utsman, yo jenenge wong, kumpul mesti ono gesekan. Sing bener sopo? yo podo benere wong ijtihade shohabat. Jadi misale nggih, kulo ijtihad, niki rungokno tenan. Coro kulo, presiden utawi mentri, utawi pengurus masjid iku atuk sing sugih. Mergo lak duwek masjid diutang, iku iso njupuk donyane. Lha lak takmir mlarat? Lha sing sitok ijtihad. Ketua takmir sing mlarat ae, sing penting sholeh. 

Mergo wong mlarat mbek wong sugih niku biayane podo. Kulo ngrasakno. sampeyan lak gak ruh rasane dadi Kyai. Yo ngono rasane dadi kyai, dadi kroso, mlarat mbek sugih podo. Kulo lak didolani Gus gede, pokok e sugih. Yo ora nyangoni, tapi pantese disuguhi sate. Sate mangane enak, tak etung yo entek 100ewu. Bareng didolani santri mlarat, tempe yo doyan, tapi muleh nyangoni. Gak iso muleh lak ora disangoni, tak etung yo podo. E... jebule wong sugeh mbek wong mlarat iku? podo to? Jadi aku kumpul wong wis suwi, makane Bapak gaene ngendikan. Aku wes mati roso ha, dadi kyai. Podoh hormat wong sugih, karo wong mlarat, iku podo. Lak wong sugih, mertamu kan gak nyangoni. Tapi pakanane? sate. Podo wae ngentekno donyo. Sing mlarat, tempe tahu doyan, tapi nyangoni. Lak ora disangoni ora muleh, yo ora iso muleh tenan pancenan. Podo kan? podo ae. 

Njajal, kowe lungo ambek wong sugih, diumbali kowe diservice. Mbok etung terus ngentekno duwek. Misale kulo mlarat. Dijak lungo rukhin sugih, numpak alphard, dibiayai telung ndino, tetep ae aku ora kerjo telung ndino. Misale aku kerjo telung ndino entuk seket. Berarti telung ndino entuk 150.000. Rukhin wes ngroso berjasa mergo gratis, padahal aku kelangan kesempatan kerjo? 150.000. Podo tak angen2, sawangane wong sugih, lak ngejak wong, tak biayai, gratis. Gratis ndasem, Telung ndino aku ora kerjo. Kecuali wong sugih iku ideal, ora kerjo pirang ndino? Biasane sedino piro? seket. Eh... tak ganti 100.000 Tapi jarang, wong sugih angger wis nggratisi nyongkone pun?  kondang. Kowe lak gak tahu ruh, dadi ulama mikir koyok kulo? mboten nate. Podo wae... Podo misale nduwe bojo elek mbek sugih iku? larang ndi? podo wae. Ndandani wong elek yo entek akeh. Ora dadi2, padahal iku yo angel, podo ae. Jare wong ayu engkek, selerane blonjo. Wong elek, ora nduwe selera blonjo, tapi ndandani iku yo angel tenan. Podo wae, pokok e intine iku? podo wae. 


Comments