Skip to main content

Peralihan Makna Kata | MAKRUH | Catatan Ngaji Gus Baha


Cuplikan dari Kajian Gus Baha atas Kitab Qowaidul Asaasiyah fi 'ulumil quran, karya Sayyid Muhammad. Silahkan bisa kalian buka pada Sub-Judul Awwalu Maa Nazala. Pada kata ini, halaman 16. Semoga bermanfaat ya temen2... selamat menikmati.


لكن العلماء أجابوا عن هذا التعارض باجوابة

Lakinil ulamaa-u (tetapine piro2 ulama)
iku ajaabuu ( berpendapat) 

Ono sing moco lakin, ono sing moco lakinnal 'ulama-a


an hadzat ta'arudhi (ning ikilah pertentangan)
biajwabatin ( kelawan piro2 jawaban)


أشهرها أن

المراد بالأولية في حديث جابر 

أولية مخصوصة 

Asyharuhaa (utawi luwih masyhur2 e, ajwabah)
annal muroda (saktemene kang den kersakno)
bil awwaliyati (kelawan siji awal) siji keceluk kawitan
fii haditsi jabirin (ing ndalem hadis shohabat jabir)
awwaliyatun makhshushotun (ing bongso kawitan kang khusus)


وهي أولية الأمر بالإنذار ، أي أول ما نزل للرسالة و يأيها المدثر وأول

ما نزل للنبوة و اقرأ باسم ربك ف ، وهذا جواب جيد سديد 

وأجاب بعضهم : بأن مراد جابر أن سورة المدثر أول سورة


wa hiya (utawi awwaliyatu makhshushoh)
awwaliyatu amri (kawitane perintah)
fil indzari (kelawan ngekek i indzar)

Dadi maksude haditsnya Jabir yang memaklumatkan yaa aiyuhal muddatsir itu adalah

أول ما نزل

awwalu maa nazala

أول ما نزل في الانذار

ai awwalu maa nazala fil indzar


Pertama Nabi kenek khithob, kowe ojo dadi Nabi tok Muhammad. Tapi juga melakukan indzar, melakukan peringatan. Jadi Surat Muddatsir opo? 

أول ما نزل في الانذار

awwalu maa nazala fil indzar

Faham ngggih. Tapi kalau awwalu maa nazala untuk memastikan nabi itu seorang rosul, tetep Iqro'. 


Jadi sama2 awal, yang satu awal binisbat ma'lumat bahwa beliau nabi. Yang satu lagi, awal pertama tugas (harus disampaikan ke orang lain). Jadi sama2 awwal yang satu awal pengangkatan nabi. Yang satu awal jadi da'i atau muballigh apa? menyampaikan (ilmu). Arep ngomong muballigh, bahasa ndisek karo sakniki niku bedo. 

Nak ndisek zaman ndisek wong keceluk muballigh, 

مبلغ عن الله

muballighun anillahDadi keren... 


Sakniki muballigh niku, (kadang) 

مبلغ مراد نفسه

muballigh murooda nafsih. 

Nyampekno karepe dewe. Lha muballigh kok pidatone? aku ning kono dihormati, difasilitasi, lek ning kene? Nah iku nyampekno agamane Pengeran to? karepe nafsune? Lhaiyo lek ngono sing disampekno hukume Pengeran opo? karepe? dewe? Aku ning ndi2 difasilitasi tiket lan sak penderek e. Lha iku nyampekno hukume Pengeran opo? karepe dewe.

مبلغ عن هوى النفس 

Iku Muballighun 'an hawa nafsu, gak 


مبلغ عن حكم الله 

muballighun 'an hukmillah. 

Lha ndisek iku, angger era ndisek iku muballigh, 

  • muballighun ahkamalloh, 
  • muballighun ayaatillah, 
  • muballighun al halal wal harom. 

Nah iku muballighun anillah, lha niku keren, nopo? keren. Tapi sakniki mboten, muballigh niku ora mesti ngono... Mulane sakniki niku (ojo dibahasakno muballigh) mergo nopo?  peralihan makananya itu ekstrim. 



STATUS MAKRUH

Kayak makruh, makruh dulu itu di atas harom. Makruh dulu itu fauqol harom, mergo maknane makruh niku digetingi, berarti maknane fauqol harom. Saiki makruh iku dunal harom. Lha saiki bahasa ndisek mbok nggo bahasa sakniki yo kacau. Ndisek iku nak coro sahabat mbok takok i, Pak shohabat, hukume kafir piye? MAKRUH, hukume zino piye? makruh. Zaman iku, tapi maknane makruh iku fauqol harom, di atas? harom. 


Mergo...

وَٱعۡلَمُوۤا۟ أَنَّ فِیكُمۡ رَسُولَ ٱللَّهِۚ لَوۡ یُطِیعُكُمۡ فِی كَثِیرࣲ مِّنَ ٱلۡأَمۡرِ لَعَنِتُّمۡ 

وَلَـٰكِنَّ ٱللَّهَ حَبَّبَ إِلَیۡكُمُ ٱلۡإِیمَـٰنَ وَزَیَّنَهُۥ فِی قُلُوبِكُمۡ وَكَرَّهَ إِلَیۡكُمُ ٱلۡكُفۡرَ وَٱلۡفُسُوقَ وَٱلۡعِصۡیَانَۚ 

أُو۟لَـٰۤىِٕكَ هُمُ ٱلرَّ ٰ⁠شِدُونَ 

Surah Al-Hujurât: 7

Mpun2 kang, ngaji2 kang.. ojo moto.. ngaji2.. Kowe iku lak moto, berarti mikir wong liyo, kowe sing penting ngaji faham. Yo tak terangno yo.. Ndisek, makruh iku maknane digetingi, lak digetingi maknane sak nduwure? harom. Mulane lak maknani kudu mbok maknani, ora oleh nggo bahasa arab. Ngko lak bahasa arab, Mushthola 'alaih. Dadi lak mknani kudu tegas, 

wa karoha ( lan geting sopo? Alloh) wajib kowe maknani ngono iku wajib. ilaikum maring siro kabeh, al kufro (ing kekafiran) wal fusuqo (lan kefasikan). 

Lha lak mbok mknani nganggo bahasa arab, wong ngko mikire makruh iku wes nganggo istilahe fiqih, fiqih kekinian, berarti ngko ngene. 

wa karoha lan makruhno sopo? Alloh. ilaikum maring siro kabeh, al kufro ing kufr. 


Nah kufur iki ngko makruh. Terus pikirane makruh iku koyok rokok, dunal? harom. Yo celoko... Molane ulama iku penting, ulama lho yo.. ora muballigh, penting. Ben ruh, duduk perkarane iku ben ruh. Mergo bahasa iku ngalami perubahan. Sangat.... Makanya ada ulama yang menandai, makna makruh dunal harom itu setelah tahun 300..  ada tahunya. Dulu orang bernama Ustadz itu terhormat. Karena ustadz di mesir sampai sekarang Professor, dadi 

ila darojatil ustadziyah maknane? Professor. Nong kene coro Ustadz iku TPQ. Jadi coro wong Mesir dolan ning Indonesia gawuh, sebanyak itu professor. Lho ustadz takokno wong2 sing kuliah ning al azhar. Ustadz itu maknanya apa? 

al Ustadz Al Duktur maknane opo? Professor Doktor. 

Balagho ila rukbatil ustadziyah maknane opo? professor bukan sekedar doktor. Ustadziyah itu professor. Lha ning Indonesia guru TPQ TPA itu? Ustadz. berarti semuanya? Professor. Jadi bahasa itu.... yasudah harus ditanggali. 


وَكَرَّهَ إِلَیۡكُمُ ٱلۡكُفۡرَ وَٱلۡفُسُوقَ وَٱلۡعِصۡیَانَۚ

Wa karroha ilaikumul kufro wal fusuqo...


Makanya Ibnu Taimiyah dan beberapa Ulama itu mangkel betul ketika Imam Asy Syafi'i ngendikan akrohu kadza, kemudian sebagian ashabnya menafsiri hanya makruh itu marah besar beliau. Karena Imam Asy Syafi'i Era orisinil, ketika ngendikan makruh, bisa saja maksudnya itu haram. Maknane akrohu kadza, saya gak suka itu. Gak suka itu kan... Saiki bayangkan misalnya Alloh ngendikan Aku gak seneng itu... atau Rosululloh ngendikan aku gak seneng itu, kan parah. 

Nah dulu itu pernah ada periode, makruh itu fauqol harom


Sama dulu ada istilah muballigh itu luar biasa, karena 

  • balagho 'anillah
  • Balagho ahkamalloh, 
  • balagho murodalloh, 

itu keren. Hanya ngendikan hukum2nya Alloh, ayat2nya Alloh. Dulu ya gitu, 


 بلغوا عني ولو آية 

balighu 'anni walau ayah. 

Tapi lama2 sebagian muballigh itu menyampaikan muroda nafsih. Aku lak diundng ning Batam entuk sakmene. Iku ngerangno hukume Pengeran opo ngerangno nafsune? Makanya semenjak era2 modern, Sayyid Abdulloh Al Haddad itu sering duko. Masyhur niku dukane Sayyid Abdulloh Al Haddad ( Quthb ad-Da'wah wa al-Irsyad ). 


و كم داع يدعى انه دعى الى الله, ولكن يدعو الى نفسه

Kam min da'in yudda'u annahu da'i ilalloh. 

Tapi haqiqote yad'u ila nafsik. 

Banyak da'i yang katanya yad'u ilalloh, tapi hakikatnya mendakwahkan diri sendiri.

Mulane ngaji nganggo kitab niku coro kulo nggih ditradisikan, supaya kita hanya muji.....? Misalnya saya ngaji qowaid assasiyah, paling kalau kamu kagum kan kagum Sayyid Muhammad. Nanti Sayyid Muhammad memaklumatkan diri, bahwa kitab ini kesimpulan dari kitab Itqon, Akhirnya Kita mengajak orang cinta Sayyid Muhammad, cinta Imam Suyuthi. 

Lha aku lak mbok buruhno kon moco. Kowe iku pemales, moh nggolek kamus, moh kok maknani dewe, enak ngaji gus baha tompo mateng. Nah kurang ajarem ning kono iku, dadi aku asline mbok buruhno. Molane kabeh wong alim menamakan dirinya Khodimul Ilmi. Buruhe Ilmu. Tapi sing perlu mbok catet mbesuk ning dino kiamat iku. 

سيد القوم خادمهم

Sayyidul Qoumi khoodimuhum. 

Sok mben ning dino kiamat tetep bose iku aku. Mergo opo? 

سيد القوم خادمهم

Sayyidul qoumi, khodimuhum 

Sing dadi bos besar iku? khodimuhum. Lek kowe ning surgo ndisik i aku, tak... gak sopan. Selain yo ora mungkin. Karena kabeh ono aturane, ora kok perkoro kulo GR utowo ujub, Mboten. Alloh iku tetep nerapno hukum akhlaq. Misale hamdani mlebu suargo disek, aku keren. Mesti malaikat lah ora ikhlas, gak bener iki. Nah kecuali wes ikhtiari... Kayak Rosululloh ken mlebu suargo disek, mboten purun, mergo bade nyafa'ati. Nah iku bener. Misale Ha.. mlebu suargo, sak nduwure santri2 ndamaran, mboten Gusti, santai mawon, bocah2 riyin sing ora ruh dalane, tapi kan iku ikhtiari.. nopo? ikhtiari. 

Mpun sing bocah2 mawon, kan sing dereng ruh nopo? dalane. Nah iku Ikhtiari. Tapi lak slonang slonong yo tetep... wajib dilarahi. 


Kulo baleni nggih, jadi ngaji quran tafsir iku angel kang. Maksude angel iku ya sebetulnya gak angel nggih. Tapi memang harus ada ilmunya, termasuk menanggali periode. Saya ulangi lagi, menanggali? Periode. Kalau gak ditanggali, wa karroha mbok maknani makruh yo taqobbalallohu minna wa minkum. Coba maknani karroha disitu. 


وَلَـٰكِنَّ ٱللَّهَ حَبَّبَ إِلَیۡكُمُ ٱلۡإِیمَـٰنَ وَزَیَّنَهُۥ فِی قُلُوبِكُمۡ وَكَرَّهَ إِلَیۡكُمُ ٱلۡكُفۡرَ وَٱلۡفُسُوقَ وَٱلۡعِصۡیَانَۚ 

habbaba ilaikumul iman (Alloh mencintakan kamu, supaya Iman)
wa karroha (lan mekruh no, sopo? Alloh) Mbok maknani ngangge bahasa Mekruh, mesti santri maknani mekruh moro ning feqih, yoiku?dunal harom (di bawah harom). Koyok rokok... jadi kafir iku mekruh, ora nganti harom. Pancen sampeyan ora (nggeluti tafsir) iku wes bener, pancen bahaya. Wong moco tafsir, nganggo pendapate, iku podo karo pesen tiket? neroko. 

من قال في القرآن برأيه فليتبوأ مقعده من النار

Orang yang ngomong quran nganggo pendapate iku, pesen tiket ning neroko. Molane coro kulo, ngandel kulo, lek wes wani ngulang tafsir, mulang nganggo kitab wae, berarti kowe muk moco pendapate Imam Suyuthi. Imam Suyuthi makili pendapate gurune, gurune - gurune sampek Rosululloh Shollallohu 'alaihi wa sallam. Wong kowe iku ora tahu ngaji, muk pinter bahasa nas nis nus, terus seminar tafsir tanpo kitab, kowe ngomong pendapatem opo? Pendapate Pengeran? 


Menurut saya... menurut saya mbahmu, iki Quran, kok menurut saya. Bocah kok ora karu2an, piye? syari'at kok menurut saya? Bocah kok (ngono) kudu di islamno iku. Maksude mulang quran mbek hadits, iku lak sakral, terus muni menurut? saya. Yo ngono kuwi, kadang mustami' e kadang mantuk2. Iku rodok kabeh, yakin.. aku ora muni rodok onok terusane. Aku muni muk rodok tok, ngko lak mbok riwayatno rodok gendeng, aku ora tahu muni ngono. Muk muni rodok tok... Gak boleh seperti itu, kita harus terlatih sanad. Kulo mulang tafsir pede, mboten kulo sombong, mergo hormati mbah moen. Mergo Mbah Moen iku muride Sayyid Alawi. Beliau keahlianya di tafsir. Ya tentu semua ilmu ahli, tapi keahlianya spesialnya di tafsir. Mulane beliau ngarang banyak kitab khulashoh faidhul khobir, khulashoh taqrib. Banyak karangan sayyid alawi tentang tafsir. Makanya yang Mbah Moen yang putra Mbah Zubair, yang Mbah Zubair ahli feqih, Mbah Moen sebagai ahli? tafsir. Karena didikan Sayyid? Alawi. Habib Ali Asy Syathiri juga ahli tafsir, karena sama2 temanya Mbah Moen ketika ngaji? di Sayyid Alawi. Sehingga karanganya juga tentang tafsir, an nafahat al haromiyah. Jadi artine ketika nuwun sewu, tanpa niat sombong, ketika Mbah Moen punya murid, saya. Ketika saya nekuni tafsir niku wonten pantese. Mulai ora pantes, ketika aku nduwe murid sampeyan... iku mulai masalah. Lha kyaine ahli tafsir, muride moco mabadi', kan..? 

Lha iku kemungkinane yo loro, kemungkinane kenemenen, utowo tawadhu'. Lak tawadhu' yo wali, maksude yo wali. Jadi kok enek murid ku kok moco mabadi', pesholatan, iku tawadhu' nopo? tawadhu'.  Tawadhu' iku wali, loh khusnudzon iku kudu dipekso, dilatih. Khusnudzon kok, tak telitine gus.. yo ora... tajassus doso. Tajassus iku? doso. Kulo sampek sakniki moco sullam taufiq, angger khatam kulo baleni, angger khatam kulo baleni. Karena wong iku kudu onok tawadhu' e. Wong kyai sak kowe, kok moco sullam taufiq, aku sik moco sullam taufiq. Kowe kok moco mu'in, akeh mauqufe, yakin. Moco sediluk2 kok mauquf, bener dhomire muk hari pertama tok. Mergo disinauni, bariku dhomire wes ora karu2an. Cuma muride goblok, jadi ora ruh salahe. Jajal sing ngrungokno podo alime, piye? dhomir kok ora karu2an. 

Jadi kulo baleni maleh nggih, kalau maknani quran, termasuk harus ada penanggalan istilah. Ya samalah, dulu istilah muballigh itu sakral, karena balighu 'anni wa lau? ayah. Dulu seorang muballigh itu yang menyampaikan ketentuan Alloh, yang menyampaikan hukum2nya Alloh, yang menyampaikan ayat2nya Alloh. Jadi sakral. Tapi lama2 muballigh itu, sebagian ya.. mboh sebagian besar (mboh kecil) gak tahu. Itu kalau menyampaikan karepe dewe, cerita kalau di batam dapat sekian, maksude nyindir panitia sing saiki. Lha kelakuan ngono iku, kelakuan da'i ilalloh? opo da'i ila nafsi? Aku ora ngukume lho yo, kowe sing njawab. Itu jaman Sayyid Al Hadad pun sering duko. 

و كم داع يدعى انه دعى الى الله, ولكن يدعو الى نفسه

hakikote da'a ila? nafsih, karena yang dipikir? howo nafsune. Nah saiki wes tengah2 wae, niru Mbah Moen niru wong sholeh2, sak alime Mbah Moen ae lek mulang nganggo kitab. Paling gak koyok kulo ngeten niki kan? Kowe sik eling, ini kitab karangane Sayyid Muhammad, Sayyid Muhammad guru2ne putrane Mbah Moen. Jelas, sanade jelas. Beliau juga memaklumatkan kalau ini zubdatul itqon (kesimpulan dari kitab? itqon). Yang ngarang abah saya. Sayyid Muhammad ya fair, ini gak karangan saya, karanganya abah saya, sayyid Abbas. Jadi dulu itu memang karanganya sayyid abbas, ketika masih zubdatul itqon. Terus era sayyid muhammad di modifikasi dadi al qowaid al asasiyah. Terus beliau cerita sanadnya, di kitab ini beliau cerita sanadnya, sampek Imam Suyuthi, Imam Suyuthi cerita sanadnya sampe? Rosululloh. Kan jelas, ini pendapat siapa? versi siapa? kan jelas versi beliau. Tapi lak kowe? tanpo kitab? iki mau. Wong nerangno quran kok menurut? saya. Piye critane? iku kowe arep ngaji quran opo ngaji menurut? saya. Iku wong do ora mikir, lek ora dilorohi yo do ora mikir. Sing mentolo yo kulo, ngomong ngono. Yo mboh tersinggung opo ora karepmu, pokok e,, 


قل الحق ولو كان مرا

qulil haqqo wa lau kaana murron, 

yo ora ruh. Pokok e ngono, aturane ngono. Ojo geman kowe, lak muni tafsir menurut? saya. Karena tadi, paling gak menurut Imam Suyuthi, dalam menafsiri ayat ini, menurut imam? siapa saja, termasuk mufassir modern. Asal beliau kredibel, dipakai ulama kita, kita pakai. Misalnya kayak Sya'rowi, ya kita pakai, karena guru2 kita pakai. Sayyid abbas, sayyid alawi, mbah moen. Kalau di Indonesia mungkin Hamka, Mbah Bisri musthofa, Kyai Misbah...

Comments