Skip to main content

Panggilan di Dalam Al Quran | Catatan Ngaji Gus Qoyyum


Bersedekah
.
Wonten setunggalipun peristiwa, Kanjeng Nabi Shollallohu 'alaihi wa Sallama mrintahno shodaqoh, ayo, do shodaqoh. Pun ngumumno, kanjeng Nabi lek ngumumno iku khuthbah. Khuthbah kangge ngumumaken shodaqoh, menyeru shodaqoh. Lajeng kanjeng Nabi niku duko, tenggene wajahipun ketingal duko, wes diundang SHODAQOH,  wes diundang diseru shodaqoh kok ora rumongso. Kanjeng Nabi ketingal duko, gang sedelok wonten shohabat engkang mbeto, uang logam diwadahi kantong. Lajeng Nabi nembe ketingal bungah, berarti nembe sadar bershodaqoh, panggilan nabi. 

Meniko akhiripun dawuh, wong sing pertama niki. Wong sing pertama terus diikuti tiang katah, niki sing pertama entuk ganjaran loro. Entuk ganjarang shodaqoh, lan pelopor shodaqoh. Dadi sing kedua, ketiga, keempat, kelima, niku sing pertama entuk ganjarane.  Diikuti tiang sepuluh? ono ganjarane. Diikuti wong satus, ono ganjarane. Sebab dek e sing pertama bershodaqoh. NAH NIKU DADOS TEORI. Teorine ngeten, setiap wonten panggilan, khususe panggilane kanjeng Nabi, panggilane Gusti Alloh. Panggilane ulama, niku manfaate akeh. Dadi rumiyin niku ono santri, ngalim mboten nate diundang Kyai. Mboten nate diperintah Kyai, niku kirang. Coro berkahe niku gak koyok, nate dikengken. Jadi  lek ono santri alim, ora tahu dikongkon KYAI, niku kalian santri sing ora patik o alim,\tapi sering dikongkon, niku barokahe bedo, sebab diundang, dipanggil. 



Panggilan di Dalam Al Quran 

Huruf Ya niku, 

Huruf Ya teng quran, niku mencapai 21.964. Niku ya sing kangge memanggil, yaa.. (hai) memanggil, hai... niku teng quran 361, katah sanget. Jadi teng quran memanggil niku sering sanget, panggilan yaa.. yaa.. niku ngantek pinten? 361. Saking total huruf yaa.. 21.964. Mpun nate ngitung? dereng nggih, niku ngitunge manual, dereng ngangge komputer, manual ngitunge. Sing dipanggil teng quran, 361.
Ono Yaa Adamu, 
Ono Yaa Aiyuhalladzina aamanu
Ono Yaa Aiyuhar rosulu
Niku total, 361. 


Panggilan (untuk) unsur API

Nah niku panggilan niku, niku Al Quran wonten memanggil benda unsur API. Api pernah dipanggil oleh Quran, jadi teng quran, api dipanggil, niku kasiate, kangge nurunaken hipertensi. Niku teng quran, dadi lek wong budrek2 dongane niku, Ono dongo memanggil api teng Al Quran, supoyo, turun budrek e, terutama wong sing tukang ngamuk (ahli ngamuk). Niku teng Al Quran, wong sing awak e panas, wong sing demam, wong sing db, wong sing loro panas, niku teng quran dipanggil api. 

قلنا یـٰنار كونی بردا وسلـٰما علىٰ إبر ٰ⁠هیم

Surat al Anbiya 69

Ayat niki khasiate katah, ngge nyuwuk wong sing loro panas. Ngge wong sing hipertensi, angger bade ngunjuk, moco niku, tapi ojo terus, mangan iwak wedus ambek moco iku. Bludrek moco... 


قلنا یـٰنار كونی بردا وسلـٰما علىٰ إبر ٰ⁠هیم

Surat al Anbiya 69

Wong sing loro panas, wong sing darah tinggi, wong sing tempramental, ngamuk an, sitik2 ngamuk, sitik2 ngamuk. Niku disuwuk ngangge nopo? 

yaa naaru, kuuni bardan wa salaman ala ibrohim

Wong sing tenggene daerah panas, wong sing kerja tenggene pertambangan, niku kan dongane niku. Kerjo tenggene pertambangan, pertambangan migas, pertambangan nopo? pertambangan nopo? batubara, niku dongo kesehatane nopo? 

yaa naaru, kuuni bardan wa salaman ala ibrohim

hei, geni... dadio adem. Niku geni dipanggil. 

geni dipanggil namung sepindah. Yaa naaru niku satu kali. 



Panggilan (untuk) BUMI

Wonten maleh teng Al Quran, bumi dipanggil. Bumi dipanggil teng Al Quran. 

وقیل یـٰأرض ٱبلعی ماءك ویـٰسماء أقلعی وغیض ٱلماء وقضی ٱلأمر وٱستوت على ٱلجودی وقیل بعدا للقوم ٱلظـٰلمین

Surat Hud: 44


Wahai bumi, telanlah air. Niki dongane ngilangno banjir. Niku biasane ngangge niku, dongane nopo? nglereni nopo? banjir. Dadi ulama2 mbiyen, lek ndongo supoyo banjire ilang, Niku ngangge niki, yaa Ardhubla-i ma-aki. Wahai bumi, telanlah airmu. wa yaa samaa-u aqli'i.. (wahai langit, hentikanlah hujanmu). Dipanggil kalih al quran, nganggene panggilan. Niku teng quran namung setunggal2, langit dipanggil satu kali. bumi dipanggil satu kali, Api dipanggil ping pinten? satu kali. 

Lha... Kanjeng Rosul, dipanggil dua kali. Yaa Aiyuhar Rosulu (2kali). Yaa Aiyuhannabiyuu ( 13 kali). Dadi lek nabi dipanggil ping pinten? 13. Wahai Nabi.. 13 kali. (Sedangkan) Yaa Aiyuhar Rosulu (wahai rosul), ping pinten? 2 kali. Dadi kasiate ageng, PANGGILAN API, PANGGILAN BUMI, Panggilan langit. Padahal pinten wau? panggilan teng Al Quran? 361, Niku (contoh wau) nembe Api, Bumi, Langit, Nabi, Rosul (yang dipanggil). 

Yaa Aiyuhannabiyyu....

یـٰأیها ٱلنبی حسبك ٱلله ومن ٱتبعك من ٱلمؤمنین
Surat Al Anfal 64

Kulo niki dereng pidato lho, nembe pembukaan, nembe. 


یـٰأیها ٱلنبی حسبك ٱلله ومن ٱتبعك من ٱلمؤمنین
Surat Al Anfal 64

Wahai Nabi... yang mencukupi kamu, Alloh. Wahai Nabi, yang mencukupi kamu, santrimu, muridmu, sahabatmu, Jadi zaman semono, kanjeng Nabi niku didukung Gusti Alloh, (kalih didukung santrine). Wa manittaba'aka, didukung pengikut setia kanjeng Nabi, di dukung shohabat, di dukung santri. Nah, niki wontene namung Kyai, sing nggadai derajat. Hasbukallohu wa manittaba'aka minal mukminin, niku kyai, ulama. Ulama niku kan gadah deraja, hasbukallohu wa manittaba'aka minal mukminin, dicukupi kalih pengikute. Niku ulama.. mula ulama posisine teng mriku. Hasbukallohu (kamu dicukupi). wa manittaba'aka (kamu dicukupi oleh santrimu). Niki namung sinten? ulama. Mulo niku dipanggil, Ulama niku dipanggil Alloh, pangkate teng ayat niku. Kulo lak kepingin, pangapunten, tapi ojo mbok omongno wong akeh. Wong lak kepingin gampang ditut wiridane niku, dongane niku. Gampang ditut wong, wiridane niku, sedino ping 600. Sedino ping pinten? 6000 lek gelem moco lho yo..Dadi gampang ditut wong. Yaa aiyuhannabiyyu, hasbukallohu wa manittaba'aka minal mukminin, nah niku dongane. Meniko awal pidato kulo. 

Amma ba'du. 

(Kulo nembe amma ba'du niki). Pun nggih, teorinipun panggilan. Nah.. berarti sakmeniko urut, Alloh memanggil Api, Alloh memanggil bumi, Alloh memanggil langit,  Alloh memanggil Nabi, Rosul, berarti ulama niku nderek panggilan Alloh. Niku nderek panggilan Alloh teng ayat, hasbukallohu wa manittaba'aka minal mukminin. Mulo, mbah bisri, tenggene tafsir al ibriz, kaitan meniko, rikolo nafsiri nafsiri ayat...

وٱلذین ءامنوا وٱتبعتهم ذریتهم بإیمـٰن ألحقنا بهم ذریتهم وما ألتنـٰهم من عملهم من شیء كل ٱمرىٕ بما كسب رهین

Surat At Thuur 21

Nek onok wong iman, yo wong iman, putu2ne melu iman. Meniko putune disusulno melok derajate Mbahe. Nggih niki, (mangke) dawuhe Mbah Bisri dos pundi. Dados ayat qurane, 
walladziina aamanu... nek ono wong iman,
wttaba'athum dzurriyatuhum bi imaanin. anak putune melu iman. 
Alhaqna bihim dzurriyatahum (anak putune disusulno mbahe). Dadi mugi2 kito, insyaalloh disusulno mbah kholil nggih. Putu2ne, mbah kholil ini disusulno mbah kholil kasingan. Dawuhe Mbah bisri, putro mantu mbah kholil kasingan meniko. Nafsiri nik ono pak ane pangkate luhur, onjo, unjuk. Putrane pangkate unjuk,  mboh unjuk imane, mboh unjuk ilmune, mboh unjuk, ibadahe. Niki, lek onok sing ngisor, mboh buyute, mbuh napa2ne, niki katut menduwur, YAKNI sejene wonten  beban, beban supoyo katut menduwur, insyaalloh berkah menduwur. Lha sing nduwur ora mlorot mengisor. Lhoo... niku lek ono sing mulyo, anehe ngoten. Sing ora patek o mulyo katut mulyo, sing mulyo ora terus katut dadi mboten mulyo. Niku....


وٱلذین ءامنوا وٱتبعتهم ذریتهم بإیمـٰن 

ألحقنا بهم ذریتهم وما ألتنـٰهم من عملهم من شیء كل ٱمرىٕ بما كسب رهین

Surat At Thuur 21


Mulo panggilan, wong lek kulino dipanggil kaleh kyaine. Dikonkan kongkoni. Niku mbenjing, ngongkon tiyang niku gampil. Lha lek ngalim, ora tahu dikongkon kyaine, niku lek ngongkon wong yo ora digugu. Niku rahasiane.... Sebab nopo? Gusti Alloh ndamel HUKUM KARMA. Dadi mbiyen kalih ulama niku disibukno nopo? lek disibukno ilmu, yo urung tentu di khidmahi wong. Lek sibuk khidmah dateng kyai, iku suk mben yo dikhidmahi wong. Padahal sing jenenge tokoh, sing jenenge figur niku, dikhidmahi tiyang. Padahal sing jenenge tokoh, sing jenenge figur niku dikhidmahi tiyang. Biasane ngeten. Mulo riyin, Mbah Kholil Kasingan, meniko masyaalloh, lek ngulang didawuhno Gus bisri adib, mulange ping pat likur. Lek abah kulo dawuh, mboten, abah kulo nate nderek ngaos teng mriki, ngulange ping 40. Mbah Kholil Kasingan niku ngulang sedinten ping? 40, Sasate mboten sare. Mungkin nate ping 24, nggih nate ping 40. Lek pak de kulo nate teng mriki dangu, Lek abah kulo wongsal wangsul nderek posonan teng mriki, dateng Mbah Kholil Kasingan, niku sedinten, ngulange ping? 40. Niku tiyang kepingin diundang, kepingin dikongkon. 

Zaman Kanjeng Nabi, nek ono wong Yahudi Gebres, niku nyedak Kanjeng Nabi. Kepingin didongakno Kanjeng Nabi Yarhamukalloh. Wong Yahudi, wong kafir2, sing mboten islam, niku angger gebres, diketok2 e kanjeng Nabi, gebrese didudohno kanjeng Nabi, ben kanjeng Nabi ndongakno nopo? Yarhamukalloh. Royok an, angger gebres dipamerno kanjeng Nabi. Ora ono gebres dipamerno POlisi ora onok. Gebres niku dipamerno kanjeng Nabi. WOng yahudi, gebres dipamerno kanjeng Nabi. Mboten niyat ngenyek kanjeng Nabi, utowo mboten sungkan. Mboten...arep2 didongakno Yarhamukalloh. Mulo ulama mbiyen niku, lek wes pangkate duwur, niku mboten pados ilmu, tapi pados dikonkon kyai. Piye supoyo dikonkon Kyai. Sebab mengukur ketokohan, Wonten DOKTOR ABDUH YAMANI, kulo nate moco penelitianipun, nate kulo woco ngantek rampung. Nate kulo ulangaken. Doktor ABduh Yamani niku ngulang teng pondok e Sayyid Muhammad bin ALawi Al Maliki. Ulama sing hebat, niku ulama sing tahu angon wedus. Maasyaalloh, sebab sedoyo Nabi, sekolahe angon wedus, sedoyo pak. 

ما من نبي الا وقد رعى الغنم

Jadi mesti nate angon wedus, tanpa kecuali. Nabi Adam yo nate angon wedus, Nabi Nuh angon wedus, Nabi SHoleh angon wedus, Nabi kito piyambak angon wedus. Nabi isa angon wedus, Nabi Musa angon wedus, mulo lek sampeyan kepingin dadi ustadz, barokah, kolo2 angon nopo? wedus. Kyai2 kuno.. wah, niku rumangkak, mraktekno niku. Saiki jarang, ustadz angon wedus. Saiki ustadz omahe bek, sepeda montor raketang kriditan. Jan jane niku wedus. Loh kulo dangu, kulo riyin dilatih abah kulo angon wedus nate. Dados dipraktekno kaleh abah kulo. Sebab sedoyo nabi nate menggembala kambing, ulama2 nate menggembala kambing, sedoyo niku. Kulo riyin, nggih pinten wulan angon wedus kulo. Nate angol wedus, teng sabin2..nglatih, sebab niku tarbiyahe ngoten. Katah pak polisi2 nembe pensiun, nembe angon wedus, lek bakdo pensiun. Maasyaalloh. Nah kyai2 kuno niku ngoten niku, mergo piyambak e kulino mendidik, koyok pendidikan Alloh dateng Nabi, pendidikan Nabi dateng shohabat, pendidikan shohabat dateng ulama, pendidikan ulama dateng santri. Mulo santri2 mbiyen, kon angon wedus, kon ngopeni iki, kon ngopeni iki, kon ngopeni iki. Supoyo opo? ngko kulino ngopeni. Lek ilmu tok mboten saget, mulo katah tiyang akademisi yang kalah kalian santri teng mriku. 

Lulusan nopo lulusan nopo, bareng teng masyarakat, mboten kulino angon, mboten kulino diperintah. Sementara sing lulusan pondok, kulino disiagakan, kulino dipleter, kulino dikangelno, akhiripun teng masyarakat, dibalas kaleh Alloh, mereka memimpin, mereka memimpin, dan mereka bisa punya pengikut. NIku rahasiane niku. 

Mondok teng Kyai KHolil bangkalan, niku kadang santrine sing duangu, kon nduduk lemah, kon nggawe tambak. Teng Mbah kholil bangkalan, kongkon nggarap sawah, kon macul, ngoten niku sing katah. Maasyaalloh, niku sakniki mpun jarang. Malah kadang2 kyaine dibodoni santri, jadi wes jarang, padahal niku penting sanget. 

Jadi panggilan Alloh teng Nabi, panggilan Nabi dateng shohabat, panggilan shohabat dateng ulama, panggilan ulama dateng santri, niku khasiat pertama, manfaat pertama membentuk kepribadian. Panggilan ulama wonten energi, sing disebut transfer ilmu. Nyuwun sewu niki nggih, diundang kyai, niku luar biasa. Kenopo? niki kulo dudohi rahasiane. Dipanggil kyai, kalian ulama, dipanggil Mbah KHolil kasingan. Lah bayangno, santri sewu, niku gotak ane teng pundi, dadi lek ngaji niku wes mboten kanten2an. Mbah kholil kasingan, ngaji katek ping 40. Nek mulang alfiyah niku iso ko mburi. Abah kulo kan nderek sing niku, nderek ngaji Mbah KHolil, nderek ngaji alfiyah sing ko mburi. Diwalik. Ko mburi mengarep iso, ko ngarep memburi iso. Niku nek apalan ko ngarep ning mburi biasa. sing luar biasa ko mburi mengarep. Sing luar biasa maneh, niku nopo? dodol quran, ratahu moco quran. Luar biasa maneh, dodol sarung ora tahu sholat. DADI mbah kholil kasingan niku ko mburi mengarep saget, ko ngarep memburi saget. Nah niku sing paling nikmat niku lak diundang ditugasi. Diundang ditugasi ulama niku wonten transfer ilmu. Nah niki kulo crito....

Dados ngoten, riyin niku, zaman Kyai2 kuno, wonten kebukak ilmu niku wonten macem2. 

  • wonten keranten keecrdasan  IQ, kecerdasan otakipun, memang tiyange cerdas. 
  • wonten wonten tiyang pinter mboten keranten cerdas, keranten kesholihan tiyang sepuh, Dadi wong tuwane sholeh, anak e dadi alim. Wong tuwane dadi ahli tahajjud, anak e dadine uripe kepenak. Wong tuwane ahli qiyamul lail, anak e dadi 'alim2. Katah niki, iki mboten keranten cerdas, cerdas mboten, tirakat nggih mboten, sing tirakat wong tuwane. 
  • Nomor tigo, wonten tiyang kebukak ilmu, dadi 'alim, niku kerono riyadhoh. Tirakate awak e. Ono wong kebukak, ilmu, tirakat mboten sepiro, keranten mushohabah, sering dikonkon ulama. 
Niki crito, sinten niku... Riyin niku, menteri hukum, sinten sing menteri hukum niku? Professor sinten, professor sing meninggal niku, pakar ham niku. Nah niku crito, teng mesir niku, Teng Mesir niku wonten lare, umur 6 tahun wuto. Nggih wuto saestu niku, milai alit wuto. Sekolah teng pundi2 ditolak. Bade sekolah mriko ditolak, sekolah mriko ditolak. Mboten wonten alat kangge nampung bocah wuto. Moro mriko ditolak, moro mriko ditolak, Ing akhiripun nderek rektor al Azhar. Nderek, nggih tukang resik2, laden2, nggawekno teh. Cuma niki teng mejo kulo mboten wonten tehe. Nggawekno wedang, ngoten2 niku, sulak2. Lah.. lare niki, engkang umur nem tahun nderek resik2, ngrungokno, dikongkan konkon, kalian rektor al azhar, Ngrungokno, nggawakno kitab, munaqoshah, nopo niku? seminar, neliti, ceramah, ngrungokno, nggawakno kitab, ngrungokno nggawakno kitab, suwe2 lare sing wuto niki pinter. Pinter, akhire dados menteri, bocah wuto niki dados menteri. Menteri pendidikan, zaman Presiden Najib teng Mesir. Niku nate wonten menteri Pendidikan BUTA. Lan niku nderek rektor Al Azhar, kerono dikongkan kongkon, dadi 'alim. 

Wonten melih, wonten Pengarang kitab, sastrawan arab, naminipun Yaquth Al Hamawi. Niku sastrawan, pengarang ensiklopedi sastrawan terbesar, wonten kitab naminipun Mu'jamul Udaba, kumpulan sastrawan2 besar. Kulo kagungan, gansal jilid besar. Niku kumpulan biografi sastrawan sedunia, bahasa Arab, naminipun Mu'jamul Udaba. Niku karanganipun Yaquth Al Hamawi, niku yoknopo niku, nopo sekolah? nopo mondok? mboten. Mboten... niku tukang pelayang toko kitab. Kerono pelayan toko kitab, dikonkan kongkon karo majikane, ning urusan kitab terus. Suwe2 pinter. Pelayan toko kitab, suwe2 pinter, ngalim, nganti ngarang kitab jenenge mu'jamul udaba, KUMPULAN sastrawan2 islam sedunia. Niku yaquth al hamawi. Kerono diundang terus. Mulo njenengan, diundang Kyai, laden2 wedang, pas kyai teng mriku dzikir, akhire tertanam dzikir. Pas kyai teng mriku membicarakan ilmu, akhire transfer ilmu. Pas kyai teng mriku nembe ditakok i tiyang, masalah, ambek ngrungokno, ambek ngladeni, akhire ngerti, carane Kyai Komunikasi. Carane Kyai memutuskan perkara, carane Kyai santun terhadap masyarakat, carane Kyai berinteraksi terhadap tetangga, ngerti sedoyo, lah niki ilmu sing berharga. Ilmu sing berharga, karena dipanggil Kyai. Iki keuntungan nomor kalih, sering diundang Kyai. Lha saknikisantri diundang Kyaikan mlayu...dikongkon iku mlayu. Lha nggih, nggih? seneng mboten dikongkon. Padahal hikmahe niku sae dikongkon. 

Nomor tigo, niki meniko (panggilan) saget jadi terapi kesehatan. Niku melalui panggilan. Asy Syaukani (Imam Syaukani). Asy Syaukani niku ulama engkang biasa dingge tiyang salafy. Tapi niku madzhabe zaidiyah, sing gadah tafsir faidul qodir, sing gadah syarah bulughul mahrom. Imam Syaukani niku crito, nah.. Abdulloh bin Umar, niku nate loro nopo jenenge? otot kecepit. Abdulloh bin Umar nate sakit otot kecepit, niku marine memanggil, memanggil, Yaa Muhammad... Shollallohu 'alaihi wa sallam. Dadi lak loro otot kecepit itu dongane itu. Tapi ketika moco dongo iku, yaa Muhammad Shollallohu 'alaihi wa sallam. Tenggene memori otak, kedah mengkosongkan tidak ada yang dicintai manusia di bumi ini kecuali Rosululloh. Dadi ojok eling, anak e, ojo eling,bojone, ojo eling mertuane, opo maneh kok eling? bank iki bank iki, malah ojo. Wong eling mertuo ojo, eling anak ojo, eling istri ojo, eling guru ojo. Pas moco memanggil, yaa Muhammad Shollallohu 'alaihi wa sallam, niku konsentrasi, niku iso marekno nopo? sebabe marine otot kecepit. Niku sing di 'alimi sopo? Abdulloh bin Umar, karena memanggil. Mulo syaikh ABdul Qodir Jailani, lek nyuwuk2 kan.. kandani yo jinne, dikonkon Abdul QOdir Jailani kon metu, ngoten tok. 

Ahmad bin hambal, ono wong kejinan, niku digawani Gampyak. Imam Ahmad, niki wonten tiyang kerasukan, "yooo.. tak gawani gampyak ku". Ngko gampyak ku iki cekel, jinne kandani, hei... jin, kowe gelem metu gak? lek ra gelem metu, ngko dikepruk ambek gampyak e imam hambali. Metu jinne... tapi gampyak e Imam Hambali lho... lek gampyak e modin yo ora iso. Gampyak e Imam Hambali niki, lha lek gampyak ekulo panjenengan, kyai modin nggih mboten saget. Niku gampyak e imam hambali, dipanggil. Jin e dipanggil, hei jin, metuo, lek gak metu awas... iki gampyak e Imam Hambali. (Terus) metu ndekne. Jadi panggilan menyebut ulama itu enten energine. Iku panggilan, mulo maasyaalloh. Mongko maasyaalloh, kulo sering diijazahi tiyang kuno2 niku, mbah kholil kasingan, niku senengane teng pundi. kunci ilmu teng pundi. Mbah Hasyim asy'ari,kunci ilmu teng pundi. Tapi wau nggih rekaos saestu, angon wedus iku penting. Kulo nate angon wedus, dangu kulo niku. Wis pokok e angger ono wedus, kulo dikonkon angon2 teng sawah2. Nggih kulo mlebet sawah2. Kaleh nganu, kalih nglalar kitab, niku kaleh angon wedus. Ora ketang... pokok e ngge syarat. Pokok e wes tahu ngrasakno jenenge angon nopo? angon wedus. Ngrasakne. Sebab niku ono khasiate. 


Energi, memanggil, atau dipanggil ulama. Memanggil Rosululloh Shollallohu 'alaihi wa sallam. Ono energine, pun pinten niku? niku khasiate panggilan? nah...

یـٰأیها ٱلنبی حسبك ٱلله ومن ٱتبعك من ٱلمؤمنین
Surat Al Anfal 64

Wonten maleh, zaman rumiyin, ulama meniko, nggdahi keahlian benten2. 
  • Ono ulama, 'alim mboten ngarang kitab. 
  • Ono 'ulama, sak ngisore, malah ngarang kitab. 
  • Ono ulama, ngarang kitab terus, gak tahu mulang, wonten zaman riyin. 
Wonten, abah kulo menangi, abah kulo menangi. Kulo nderek ngaos kitab2 e niku. Ulama sing ngurang tok, gak tahu mulang. Wes gak sempet mulang, pokok e wis ngarang terus, gak tahu mulang. Ora iso dijak jagongan. Mboten saget dijak jagongan, pengarang2 zaman riyin. Kan dereng ngangge komputer, sakniki ngoten mboten nyerek. Klak klik klak klik niku sak unine. Ora susunane, ora pikirane, kangelane, angger klak klik klak klik, metu sedoyo. Riyin niku kangelan saestu. Ulama ngarang kitab, iku ora mulang, katah. ULAMA ngulang terus, ora ngarang kitab, bahkan wonten ulama, mboten ngarang kitab, mboten ngulang. Lha niku yok nopo kyai? lho niku riyin ono ulama sing khusus dongo. Mbiyen tenggene Tulungagung, wonten Kyai Namine Abdul Fattah. Kyai Fattah Tulungagung. Niku piyantune putih, kados kapuk, abah kulo sering sowan. WALI, niku wali, ora patek o akeh ngulang, yo ora patek o ngopeni ngarang kitab, tapi ngalime luar biasa. Ngalime luar biasa, kewaliane luar biasa. Niku katah. 

Ono ulama sing ngibadah ora diketok ketokno. Umar Hamdan, Mekkah, angger bar sholat plencing, bar sholat plencing, gak ketok wiridan suwe2, mboten. Wonten ulama sing ngotenniku. 

Ono ulama sing seumur hidup dalile  siji tok nggih wonten. Dadi seumur hidup NIkuu... wal takun

ولتكن منكم أمة یدعون إلى ٱلخیر 
ویأمرون بٱلمعروف وینهون عن ٱلمنكر 
وأولـٰىٕك هم ٱلمفلحون

(Surat Ali 'Imron: 104)

Mberangkatno wong mati yo wal takun. Manten yo wal takun, Teko kaji yo wal Takun, Aqiqoh yo waltakun. NGisi Haul yo, waltakun. Niku wonten teng lasem. Ulama niku dijaluk i dongo Kyai2 lasem. Sebab mandi dongane. 

Ono ulama melih, zaman riyin teng rembang mriki, angger moco kitab, kliru terus. Lek maknani, bener terus. Lek moco niku kliru terus, dadi angger moco niku klira kliru, Tapi ulama2 ageng, zaman riyin, niku lek ora mudeng maksude kitab, niku tangklet piyambak e, niki maksude piye mbah? tapi piyambak e lek moco klira kliru. Tapi dinggo konsule ulama ageng2. Wonten ulama ngoten niku. 

Wonten Ulama teng mesir Buta Huruf, Buta Huruf, jadi niku jenisne benten2. Ulama buta huruf wonten, naminipun Ali Al Khowas. Gurunipun Imam Sya'roni, niku buta huruf, tapi luar biasa ilmunipun. 

Nah kulo sampeyan, lek dipanggil kalih Kyai, dipanggil kalih tiyang sholeh, ndak gage gage. Senajan dikonkon mboten perkoro elek, angger dikonkon perkoro apik, ndak gage gage. Mulo riyin niki, tiyang teng mriki, mondok teng mriki, ulama2 mbiyen niku senenge lek diutus Mbah KHolil kasingan. Dados mboten masalah ilmu tok, lek masalah ilmu mboten dibahas. Pun karuan ngalime, terus sing mondok mriki pun ngalim2. Sing dadi masalah teng mriki, royok an, khidmah dateng Mbah Kholil Kasingan. Niku barokahe ageng, Ageng barokahe niku. Wong Mbah Kholil Kasingan sasate Mboten sare. Sasate mboten sare, namung ilmu kaleh ibadah. Ilmu ibadah, ilmu ibadah. 

Mulo zaman biyen, Imam Bajuri, Imam Bajuri niku guru besar Al Azhar. Terkenal teng jowo Bajuri, terkenal nggih? Bajuri niku Ulama-ul azhar. Niku andalanipun ulama al azhar waktu niku. Imam Bajuri, sing ngarang Khasiah Fathul Qorib. Khasiah Bajuri. Imam Bajuri crito, Niku Nabi Adam, waktu kepetuk Siti Hawa pertama, terus jatuh cinta. Langsung jatuh cinta, naluri soale. Siji lanang, siji nopo? wedok. Langsung, begitu ketemu langsung jatuh cinta. Bareng jatuh cinta, Nabi Adam ngersakno siti hawa, Dipengingkaro Gusti Alloh, ojo sek Adam, kowe lek kepingin kawin karo hawa, ono syarate, mahare. Mahare opo? moco sholawat ping sewu sak ambekan. Lek iso mbok tiru, dadi Nabi Adam, Kawin kalih sinten? siti hawa, Niku mahare kon moco sholawat dateng kanjeng Nabi. 
Allohumma SHolli 'Ala Muhammad
Allohumma SHolli 'Ala Muhammad
Tapi ping sewu sak ambekan, mahare, pokok e moco, adam sholawat ning Muhammad, teng Kanjeng Nabi Muhammad ping sewu sak ambekan. Akhire Nabi Adam moco sholawat ping sewu sak ambekan. Akhire sik entuk 500 gak kuat. Njenengan sholawat ping satus gak ambekan kiat mboten? Mboten kiat, Lah Nabi Adam niku 500, 500 sak ambekan, jan jane kudune sewu, tuk 500 pedot, akhire karo Gusti Alloh, Adam, iki lagek panjer, wong lagek 500. Iki kowe mahare uang muka, podo karo uang muka. Akhire panjer pertama, 500 sak ambekan, Ba'dho niku diterusno maleh, 500 sholawat sak ambekan. Nembe nikah kaleh siti hawa. Niku syarate, berarti kan memanggil kanjeng Nabi? Sholawat, mulo kasiate katah sholawat. 

Wong jowo iku kan, saene wong jowo niku mudeng ora mudeng moco sholawat. Jan jane yo ora mudeng, hadhroh hadhroh macem2, sing nyanyi lah nggih mboten ngerti maksude. Nggih nyuwun sewu lho nggih, hadhroh teng pundi2 niku, diwoco cek piye wae polahe, NIku sing moco sing ngrungokno, yo wes roto2, akeh2 e ora faham, cuma tresno karo sholawat. Lak nggih? tapi jan jane mboten faham maksude. Ono burdah diwoco niku, pokok e angger, Tapi ngoten niku wis dadi dongo. Aku gak cocok lek diarane grudak gruduk. Bagi sing gak berkenan, lhaiyo moco gak ngerti maksude grudak gruduk. Yo gak a.... Lha lek nyetel lagu barat ora ngerti masude iku grudak gruduk. Tapi lak moco sholawat ora faham, wis pokok e nggih mboten faham saestu niku. Cuma niku khasiate katah, lan barokahe akeh. Lha tiwas ora ngerti maksude ora moco? Lak mending moco, ora ketang ora ngerti nopo? maksude. Daripada ngerti maksude ora tahu? moco. Niku taksih mending moco ora ngerti maksude. 

Nah... pun... Manfaat terakhir.... Sampeyan, ngertos Ulama mbiyen niku? Niku lak diundang karo Kyaine, niku kan kiyambak e kan? Mbayangno niki kan? tiyang sing mbeto ilmu, warotsatul Anbiyaa... Peneruse Nabi Saw. Khususe Kanjeng Nabi Saw. Mbah Kholil Kasingan niki, masyhure ahli nahwu. Jan jane mboten namung nahwu, ilmune Bunder. Bunder niku...... teknograft, dadi roto2 saget. Werno2 ilmune... Ilmune Mbah Kholil kasingan niki werno werno. Sampek zaman semono Mbah Kholil Kasingan niku mulang Mukhdzil Muhtaj. Dereng Nate mireng nggih? Mbah kholil kasingan, niku mulang mughnil muhtaj. Lha regone kitab niku kan larang? Kitab zaman riyin niku rong jilid, niku regane limang rupiah. Sapi regane 10 rupiah. Sapi, urip niku pinten? 10 rupiah. Kitab kok rong jilid, impor ko mesir, berarti 5 rupiah, berarti entuk pedet. Lha mbah kholil kasingan, nate mulang mugnil muhtaj niku, kitab limang jilid, impor. Niku regone mboh piro, zaman semono niku. Sing ngaji niku lek ora wong sugih mboten kelar. Zaman semono... Niku kitab engkan pelajaran inggil, diucalno Mbah Kholil Kasingan. Kitab Mugnil Muhtaj...

Abah kulo niku crito, Mbah KHolil kasingan niku aneh lho cong... Zaman londo iku wes ngulang mugnil muhtaj. Niku kyai wae ora kabeh nduwe zaman semono. Ora angger Kyai kagungan kitab niku, nah niki Mbah Kholil ngulang. Niki kan pun aneh, pelajarane niki kan pun aneh. Dadi mboten namung ahli nahwu, ahli shorof, ahli sastra mboten. Nggih memang bunder, ilmune bunder. Pakde kulo riyin bade dipek mantu, ken moco kitab, kalah. NIku critane ngoten, pakde kulo pakde mahfudz niku kan teng mriki dangu. Sarengan Kyai Abdulloh Zaini, sarengan. Sarengan kalian panjenenganipun Allohuyarham Kyai Mahruz Lirboyo. Sarengan Kyai Sirodj, kan dateng mriki sedoyo, mbah sirodj. Niku teng mriki sedoyo, cuma niku kurun awal. Nggih termasuk kurun awal, kuno. Niku leres, Mbah kholil kasingan niku lek ngepek mantu, niku dilombakno moco kitab. 



QONUN ASASI
Njenengan dereng nate mireng, riyen, Mbah Hasyim Asy'ariy, pengurus NU pertama, cabang, niku kan kudu hafal alfiyah, pertama. Lho riyin... sakniki enten ngono, ora ono wong (ngurus). Mbiyen ngoten. Kuetate mboten kantenan. Mbah Hasyim Asy'ari, kan wonten qonun asasi, Qonun Asasi dinten meniko, sing wek e NU, niku kan engkang nggarap, khusus NUA ( NU - Afghonistan) Niku kan kalih, tanpa sepengetahuan PB (Pengurus BEsar) niku Duta besar, kalian kawulo. Ngantos sakniki. Dados Duta besar Indonesia teng Afghanistan, niku ngurusi NUA, Niku kan engkang njaaraken Qonun Asasi, niku kan kawulo. Terus dingge teng Negara Afghanistan, kangge ngatasi konflik, suku2 teng afghanistan. Niku cuma mboten nate kulo publikasikno. Niku dereng kulo launchingaken. Niku kitab kulo sing dinggo pak polisi, naminipun... Al Insaniyah, min Turotsi Afghonistan wa Fadhoilihaa. Niku kitab kawula, kitab kawulo susunan kawulo, Engkang dibeto duta besar afghonistan teng mriko. Dubes mriki, Mayjend Arif Rohman. Khusus menangani antara Hubungan NUA, kaleh konflik horisontal, tenggene Afghonistan. Ngantos sakniki, dados teng mriki dereng ngantos kulo ajaraken, cuma hubungane teng mriko. Selama niki, winginane kulo tilik i, dateng pakistan, lajeng hubungan kalian setunggal ahli nuklir. Ahli nuklir engkang terkait hubungan perkembangan2 teng mriko, lajeng kalian komunikasi kalih kedutaan, gang sediluk, winginane muludan wonten ,,,, niku nggih, teng afghanistan. Niku pas sederek2 kawulo teng mriku mengke kulo criani, niki terakhir namung nopo selingan nggih. 

Tapi engkang inti, masalah dipanggil ulama niku penting sanget. Diundang, hei fulan, hei fulan, Maasyaalloh,, dadi riyin diundang, diundang Mbah Hasyim Asy'ari. 

Nah niki wonten catatan. Kyai Kholil kasingan muride pun Kyai Mahfudz Termaz, muride pun Kyak Kholil Bangkalan. Mekaten, niki perlu kulo tambahken, Kyai kholil kasingan meniko, masio mboten mondok teng Mbah Mahfudz, utawi mboten mondok teng Mbah Kholil Bangkalan. Langkung2 nderek Mbah Mahfudz, nggih nderek Mbah Kholil Bangkalan, Latar belakang beliau itu kan sampun baitul ilmi. Kan teng sarang niku, Mbah Kholil harun, Umar harun, kakak adik teng sarang. Piyantun kalih meniko nggih ngalim, nggih wali. Yo ora muk ngalim tok, yo ora muk wali tok. YO ngalim yo...? wali. 

Niku mpun ket teng sarang. Jadi Mbah Kholil kasingan niku alim teng sarang. Memang piyantun sarang. Adik ipun mbah umar harun, adik niku. Mbah Umar Harun niku gurune Kyai2 engkang langkung sepuh, gadah adik rayi, mbah kholil harun. Dadi mboten moro teng Mbah Mahfudz, Mbah Kholil Bangkalan, nggih ngalim, memang mpun ngalim. Maasyaalloh, keng sarang. Grade ipun pun sejajar, sebabipun nopo? Kyai Mahfudz termaz, meniko manuskripipun kan kulo engkang nyimpen, ngantos sakniki. Manuskrip2ipun beliau, teng daftaripun, daftar murid, sing ditulis engkang dikomentari oleh Syaikh Yasin bin Isa alfadani, mekkah. Engkang rumiyin pertama kulo bedah teng sidogiri. Kitabipun niku sing mbedah kawulo, terus terang mawon ngoten. Kifayatul Mustafidz tentang Syaikh Mahfudz, sak murid2e. Niku sing mbedah kulo, pertama niku, nembe dicetak. Wa takhorrojo 'alaihi yadaih, sing medal teng mbah mahfudz niku ulama2, jujur222.... kuatah, meniko lek kulo ngarani, ngalime insyaalloh rumiyin Mbah Kholil. RIyin Mbah Kholil Kasingan. Dadi Mbah Kholil kasingan niki mpun melampaui, melampaui murid2 engkang nderek teng Mbah Mahfudz termaz. 

Teng mriku mboten wonten catatan, mbah kholil kasingan. Mboten dicatat, sami kados teng krapyak. Kulo nate ngisi haul mbah munawwir krapyak, meniko dados catatan engkang mengagetkan. Sebab temuan terbaru, karya tokoh2 quran dunia, Kan wonten, kitab Al Imta', niku kumpulan pakar2 dunia. Niku wolung jilid, bahasa Arab. NIku disebut, Syaikh Mahfudz Termaz, termasuk pakar AL Quran dunia. Teng mriku muride, disebut satu  per satu, termasuk Mbah Dalhar watucongol. Aneh bin ajaib, mbah munawwir mboten disebut, padahal mbah munawwir iku murid mbah mahfudz, termaz bidang Al Quran. Lan aneh bin ajaib, al quran teng pondok al munawwir, meniko mboten teng nggene mbah mahfudz. Loh niki lak aneh, kulo takokno niku sing katah mboten mbah mahfudz, tapi kulo nate ngertos sanad Al Quran, Mbah munawwir saking Mbah Mahfudz termaz. Dadi teng mriku, tenggene data (Kitab) Kifayatul Mustafidz, Mbah kholil kasingan meniko mboten nderek daftar murid2 e Mbah Mahfudz, sebab niki ngalime langkung riyin. Niki engkang disebut2 niku engkang ngalim 'ala yadaih (ditangani mbah mahfudz). Lah mbah kholil kasingan niki mboten. YO memang wis alim ket ning sarang, wis nggone ilmu, faham nggih.. wis nopo niku, wis baitul ilmi kanzul ilmi, Mbah kholil kasingan niku wis panggonan ilmu, ket teng sarang, mulo mboten derek daftar murid2 sing disebut murid2 syaikh mahfudz at turmuzi, engkang wonten kifayatul mustafidz. 

Nah niku penting sanget, mulo kulo tegesaken maleh, bilih diundang ulama niku bejo. Lah sakniki niki njenengan kulo, nyedak2 wong sholeh, sebab ulama tentu mboten kados rumiyin, sakniki kriterianipun solehe, nggih, nyedak2 tiyang nopo? sholeh. KRITERIA SHOLEH, bicaranya sholeh, kriteria sholeh, tawadhu'nya sholeh, gaya hidupnya sholeh, Perilakunya sholeh, tata kramanya sholeh, unggah ungguhe sholeh, pola pikirnya sholeh, visi misinya sholeh, niku golek ono. Niku golek ono, golekono wong sing koyok ngono iku. Tandane nopo? Angger bicara menambah ilmu, angger bicara menjauhkan kita dari duniawi. Angger bicara mendekatkan kita ke akhirat, SHOLEH... setiap dia bicara menambah ilmu, setiap dia bicara membuat kita zuhud di dunia, setiap dia bicara mendorong kita ke akhirat, iku wong sholeh. Iku cedakono, biasane wonge dongane mandi. Kowe dikongkan kongkon wis ora masalah, Ojo mbok delok wonge cek pinter, cek ora patek o opo? pinter. Sing penting golek ono wong nopo? sholeh. Meniko engkang saget kulo terangaken, hikmahipun yaa... sing artinipun panggilan, 

Dados wau kulo tegesaken critane panjang. Dados NU engkang kagungan cabang teng luar negeri, Niku kan tiyange mboten tiyang luar negeri. Misalkan NU jepang, niku kan mboten wong jepang pak, Yo wong Indonesia sing sekolah teng? jepang. Nggih mboten tiyang jepang, secara umum lho nggih. NU cabang malaysia, kulo kan wongsal wangsul ngisi NU cabang malaysia, Niku nggih tiyange tiyang mriki, cuma tiyange urip teng malaysia. Tapi lek NU wong luar negeri, teng ndunyo niki namung NUA. Namung Afghanistan, teng kantor kedutaan niku namung wong wolu las, Tiyang wolu las tok, teng kedutaan, tapi anggota asli penduduk afghonistan, 6000. Nah 6000 niki dikelola kalian sederek kulo naminipun mayjend arif rahman. Membawa tiyang niki temporer, gentas gentos, diterima PBNU, Dadi sing ngelola niki namine Mayjend Arif Rahman. Teko mriki wes ketok kerjasama kalih NU, NU namung masilitasi kepanggih. Tapi OTak ipun mubengno, NUA, NU Afghonistas, enggih mayjend arif rahman niki. Akhiripun buku panduanipun, kangge menjaga konflik meniko, buku panduanipun dirembat kalian kawulo tiyang kalih. NIki critane ngaten. TIYANG kaleh, yo opo niki kyai? soale piyambak e kaleh kulo akrab sanget. Kulo lek teng jakarta nyare teng daleme, meniko Jendral Arif Rahman. Riyin nopo niku?SESKOAD, Dados akhire dibentuk kesepakatan, inggih meniko, yoknopo Kyai? njenengan njabarno, NU kangge ngatasi konflik afghanistan. Akhire kulo kaji, tentang QONUN ASASI Mbah Hasyim Asy'ari, 40 Hadits, kulo pendet sebagian, terus kaleh literatur afghanistan. Lahirlah KITAB AL Insaniyah, min turotsi Afghonistan wa Fadhoilihaa. Niki nembe teng mriko pak polisi, nah...tapi keranten niku dereng ditranslate, meniko taksih dibeto poro jendral2, sing katah jendral. 

Pangapunten, niku mboten keranten hubungan politik, dados niku keranten hubungan ngaos. Katah engkang ngaos teng nggen kulo, tiap tahun gantian, ping pinten. Sedoso sedoso sedoso, dados sedoso jendral, ngaos teng nggen kulo tigang dinten, kondur, mangke sedoso melih, kadang saking TNI kadang saking POLRI. ROmbonganipun bapak anton bahrul alam, rombonganipun Panglima Angkatan Darat. Sing bade niki rombonganipun panglima TNI. Tapi mboten wonten acara, mboten wonten kulo damelno acara seremonial, ngundang wartawan, MBOTEN. Nggih ngaji, rong dino telung dino,kondur. Ganti maneh, ganti maneh, ngaten, tentang ilmu militer. Ilmu tentang etika kemiliteran, etika prajurit, nashihatul junud. Nah niku nembe kulo tinggal sekedap, maasyaalloh, kolo wingenane wonten muludan, nembe moco ayat, 

zuyyina lin naasi hubbusy syahawati...... nembe moco niku, di.... sing pejah katah. Akhire kulo kalian mayjend Arif Rahman lajeng sibuk, Alhamdulillah beliau selamet, kejadian niku pas teng cedak e bandara. Niku  pas ayat zuyyina linnasi...  dereng mulai acara, kito bersyukur muludan teng jowo niki aman, berkat katah. Teko dok entuk berkat, muleh, nggih katah. Malang kadang2 ora nggenah2 panitiane gak sholat2 nggih wonten, teng kampung2 cuma niku sedoyo keranten cinta dateng Rosululloh Saw. Kekurangane tetep didandani, sing kurang2 tetep didandani. Meniko katah ilmu2 engkang kito keberkahan saking kyai2 sepuh, termasuk Mbah Kholil Kasingan, kito namung sak kuku ireng, ilmu kito niku namung sak kuku ireng dibanding ilmune tiyang2 riyin. Kito niki ngeblat, ngerpek, ilmu kito niki ora dunung lor kidol, pokok e angger.... lha wes piye.. wes jenenge... Riyin niku angger Kyai niku wali, pak polisi. Angger Kyai niku mesti wali,  Angger diundang Kyai, wali... dongone niku kadang2 ora sengaja, ngucap mandi, ngucap mandi. Lha koyok aku iki ora, ndongo wis diupacarakno ono panggunge yo gak mandi. 

Lha kyai kuno niku ndongo ora usah sponsor, mandi. Awak e dewe ki ndongo wes sponsor, digratisi ikine gratis, malah gak mandi. Leres nggih? malah gak mandi. Mbiyen iku gak ono sponsor malah mandi, piye yo... marahi piyantune koyok semanten iskhlase, ora pamrih opo2, teko ndongo, teko ndongo, Jelas mandi. Kyai kuno2 niku, idu basine mandi, watuk e mandi, kringete mandi, nyeblek e mandi, kyai kuno2, n iku... Kito niku digekne panggung gedi, malah enek sponsore, PT iki PT iki,, malah ora mandi. Wes mugi2 barokah sedoyo. Mekaten engkang kawulo aturaken, kulo namung ngadong berkah Mbah Kholil Harus, dados mbah kholil harun, jauh lebih cepat, kados Mbah Munawwir Krapyak, niku Murid Mbah Mahfudz Termaz tapi mboten melok data teng mriku. Padahal kulo dicritani abah kulo, lan kulo nate nemokno sanad, Mbah Munawwir saking Mbah Mahfudz Termaz. Tapi Quran teng krapyak, roto2 lare2 niku mboten saking Mbah Mahfudz? termaz. Nggih wonten sing keng mriku, nggih wonten sing mboten. 

Robbanaa aatinaa fiddunyaa hasanah
wa fil akhiroti hasanah
wa qinaa 'adzaaban naari

Allohumma ahdinaa bil 'ilmi
wa zayyinnaa bil hilmi
wa aqwimnaa bit taqwa
wa jammilnaa bil 'afiyah
Allohumma kunna naa
walaa takun 'alainaa 
biyadikal khoir, innaka 'ala kulli syai-in qodir. 
Akhrijnaa minadz dzulumaati ilan nuuri.  
Akhrijnaa minadz dzulumaati ilan nuuri.  
Robbi anzilni munzalan mubarokan
waanta khoirun munzilin
allohummaj'alnaa min ahlil haq, 
alladzina tholabul haq, min kal haq, yaa haq, 
Subhanakallohumma laa ilaaha illa anta
nastaghfiruka wa natubu ilaik
wa akhiru da'wana 'anil hamdulillahi robbil 'alamin

Assalamu'alaikum warohmatullohi wa barokatuh

Comments