Skip to main content

Macam2 Hidayah dari Alloh kepada Manusia | Catatan Ngaji Gus Qoyyum


Hidayah Fitroh

Hidayah itu wonten pinten2 macem, ono hidayatul fitroh. Hidayatul Fitroh niku petunjuk wiwit bayi. Bayi teng njero kandungan, bayi teng njero kandungan mangan. Teng njero kandungan bayi niku mangan. Medal saking kandungan, bayi niku nyusu, saget nangis, saget rewel, padahal dereng kagungan kecerdasan, dereng faham. Bayi kenging geni, tetep nangis. Kengeng obat sing pahit, tetep nangis. Niku namine hidayah fitri, hidayah fitroh. Petunjuk Alloh sejak bayi. Sedoyo bayi niki lahir, niku sedoyo iman dateng Gusti Alloh, cuma lek gede, ono sing gak iman, ono sing Iman. Tapi lek lagek lahir, sedoyo Iman dateng Gusti Alloh. Sedoyo, nembe lahir sedoyo bayi iman. Gedene ono sing iman ono sing mboten. Naminipun hidayah fitroh. 



Hidayatul Hawasyi

Nomor kaleh, hidayatul hawaasyi. Petunjuk panca indra. Kupinge panjenengan niku ngrungokno lagu2, karo ngrungokno musuhe sampeyan dirasani, iku enak ndi? Kupinge sampeyan ngrungokno lagu2 nikmat mboten? ngrungokno musik? Kupinge njenengan ngrungokno Quran, nikmat mboten? nikmat. Kupinge panjenengan ngrungokno wong dirasani? nikmat mboten? Niku wonten hidayah, naminipun hidayah panca indra. (misal) Telinga Mata (panca indera). Mata - ndelok Quran, Ndelok wong loro, kito syukur sehat. Pas ndelok wong loro niku kito syukur sehat. Pas ndelok wong miskin, kito niku langsung syukur diparingi barokah. Pas ndelok wong menderita kito niku syukur bahagia. Pas ndelok wong kekurangan kito niku syukur, diparingi kesempurnaan. Pas ndelok wong bodo, kito niku syukur diparingi ilmu. Nah niku jenenge hidayah panca indera. 


Hidayah Akal

Nomor tigo, hidayah akal. Nomor tigo nopo? hidayah akal. Petunjuk akal... niku minggah. Nopo petunjuk akal? sekolah, entuk ilmu, petunjuk akal. Ngaji, entuk ilmu, petunjuk akal. Teng MESIR niku wonten pak, teng mesir niku wonten lare, Milai lahir BUTA. Milai lahir nopo? BUTA. Sing crito niki, dadang hawari, DOKTOR DOKTER dadang hawari. Niki crito, teng mesir, nik mboten dadang hawari, niku wonten teng buku hukum dan Al Quran, utawi professor sinten? kulo kesupen. Cuma tukang resik2 omahe professor, tiyange nopo? wuto. TUNA NETRA. Piyambak e niku tukang resik2 teng daleme professor, nyapu2, nyulak2 i Umbah2, wuto tiyange, milai lahir wuto. Cuma kerjane teng nggene professor, tiyang pinter. Lah niku, keranten kerjo teng daleme professor, Professore mulang teng kampus, ngetutno, piyambak e ngetutno. Professore seminar, piyambak e ngetutno. Nggawakno buku, professore niki nguji mahasiswa piyambak e melu, nggawakno tase. akhire dadi tiyang pinter, dadi tiyang pinter, akhire piyambak e dadi professor dados menteri pendidikan teng mesir. Lho... niki maasyaalloh, tiyange buta diparingi kecerdasan. WONGE WUTO tapi cerdas. 

Wonten maleh, sing ahli obat2an arab, teng arab niku wonten dokter, ahli nopo niku?? ahli herbal, ngarang buku, bukune niku dingge pengobatan, herbal sedunia. Naminipun al ajabul ujab, buku tentang herbal sak ndonyo. Niku jenenge dawud al anthoqi. Niku tiyange wuto, tapi alim dados dokter. Lho niku wonten, aneh kan nggih? TENG mesir wonten maleh, ulama sing dimulyakno sak ndunyo, Niku nggih tuna netra. Abdulloh bin Abbas, niku nggih tuna netra. Zakariya al Anshori nggih tuna netra. Abdulloh bin abbas nggih tuna netra, lho niku diparingi Gusti Alloh masio tuna netra, masio tuna netra diparingi ilmu katah, jenenge Hidayatul Aqli. Petunjuk kecerdasan akal. Pun pinten nggih? Petunjuk Fitrah, petunjuk panca indra, petunjuk akal. 



Hidayah Din

Nomor sekawan hidayatud diin, petunjuk agama. Nah niki nomor sekawan, hidayatud din, petunjuk agama. Petunjuk agama nopo? panjenengan diparingi remen masjid. Niku barokahe ageng. Remen dateng teng masjid niku mpun barokah. Imam Al Ghozali, teng Kitab Ihya Ulumiddin, niku wonten tiyang jogo teng Penjara, Selama tiga puluh tahun jogo teng penjara, niku angger penjahat di takok i. ROto2 gak tahu sholat berjama'ah. ANgger onok penjahat, mlebu penjara, ditakok i,,,niku roto2 gak sholat berjama'ah. Berarti hidayat agama, sholat berjama'ah. Niki nomor sekawan. Termasuk hidayah agama, seneng maos quran. Seneng maos quran, sampeyan maos qurane sedino entuk piro bu? sedino bu? sampeyan? 10 juz?? Sedoso juz nopo? kalih doso juz? 


Ono sing sedino niku 1 juz, ono sing sedino niku sak surat. Ono sing sedino muk sepuluh ayat, Ono sing setahun sepisan. Moco quran setahun sepisan. Ono mung pendak romadhon. Nah... niki kirang, hidayah agamane kirang. Termasuk hidayah agama, panjenengan kulo, sregep2 ndongo dateng Gusti Alloh. Keadaan cukup yo ndongo, keadaan kurang yo ndongo. Keadaan sehat yo ndongo, keadaan loro yo ndongo. Biasane wong niku lek ndongo pas keadaan loro, Pas keadaan rekoso niku lagek ndongo. Niku mboten, keadaan sehat yo ndongo, Niku jenenge hidayah agama. 

Comments