Skip to main content

Renungan tentang Kehidupan | Catatan Ngaji Kyai Maimoen Zubair


Pembukaan Ngaji
.

Assalamu'alaikum warohmatullohi wa barokatuh

السلام عليكم و رحمة الله و بركاته


بسم الله الرحمن الرحيم

الحمد لله الذي اخترى من بين سائر اخياره الانبياء

ختمه بختمهم و خاتمهم

نبينا و حبيبنا و قرة اعيوننا

مولانا محمد سيد الانبياء و امام الاذكياء

Bismillahirrohmanirrohim

Alhamdulillahilladzi-ikhtaro

min baini sairi akhyaarihi, Al Anbiya..
Khotama bi khotamihim, 
wa khootimihim

Nabiyyinaa wa habibinaa wa qurroti a'yuninaa
maulaanaa muhammad, Sayyidil Anbiyaa wa Imamil adzkiyaa

و جعل الله سبحانه و تعالى اقتداء هذه الامة لالعلماء بمنزيلة اقتداء للانبياء 

حيث قال نبينا محمد صلى الله عليه و سلم في بعض الاحادثه 

العلماء وراثة الانبياء

wa ja'alallohu subhanahu wa ta'ala, iqtidaa-a hadzihil ummah, lil 'ulamaa, bi manzilatil iqtidaa-i lil anbiyaa haitsu qola, nabiyunaa muhammad saw. fi ba'di ahaditsihi, 
Al 'Ulama- warotsatul anbiyaa. 

صلى الله  و سلم و بارك على حبيبنا و قرة اعيوننا و مولانا محمد

و على اله  الامجد 

و اصحابه

الذىن وعدهم الله سبحانه و تعال بخيرالجزاء يوم الميعاد

Shollallohu wa sallama wa baroka 'ala habibinaa wa qurroti a'yuninaa, maulaanaa Muhammad. Wa 'alaa alihi al amjad, 

Cuplikan Video, dan terjemahan bisa kalian saksikan disini, temen2. 


و اصحابه

الذىن وعدهم الله سبحانه و تعال بخيرالجزاء يوم الميعاد

wa ash-habihi, alladzina wa'adahumullohu subhaanahu wa ta'ala, bi khoiril jazaa-i yaumal mi'ad, 


اما بعد

Amma ba'du

Cuplikan Video, dan terjemahan bisa kalian saksikan disini, temen2. 


Dumateng, ngersanipun poro keluarga, dzurriyah, putro wayah, saking Al Maghfurlah, Al Marhum Kyai Mbah Munawwar, wa fi muqoddamihim, panjenenganipun sederek kawulo engkang minongko dados putranipun, nggentos dumateng besan kawulo engkang sampun kapundut, Al Marhum, Al Maghfurlah Abdul Ghofur, semangke dipun terusaken Alhamdulillah dening putranipun piyambak, inggih meniko, sederek kulo, Kyai Haji Muhiddin Munawwar, dibantu sedoyo wayah2 saking panjenenganipun engkang kito kempal keranten mrengeti haul, mrengeti dumateng tahun wafatipun, panjanenganipun Al Maghfurlah, Al Marhum panjenenganipun Kyai Munawwar. Engkang ngantos sak mangke dipun catet haulipun sampun kaping pinten? 42 (sekawan doso kalih). Sekaligus niki indah, mrengeti atsar, labet, tinggalan saking Kyai Munawwar, tinggalan rupi pondok pesantren. 


PONDOK PESANTREN
.

Pondok pesantren, niki ciri khass setunggaling keistimewaan menganalisa utawi mirsani perkembangan islam wonten ing negari kito, wonten ing nusantara kito, Indonesia. Niki terkenal pondok pesantrenPondok pesantren niku dibangun -lowangan -gotak2 an, utawi kamar2an. Sehingga kata2 pondok niki saget dadi kata imbal-balik. Kata engkang saget kembali, wonten ing asal usul keislaman, islam saking negari arab, dikembangkan islam ke timur. Ke Timur, Wetan, puncak ramene islam wonten islam, wonten ing wetan, inggih meniko negari pundi? Indonesia. 

Cuplikan Video, dan terjemahan bisa kalian saksikan disini, temen2. 

Indonesia wonten pondok. Pondok dipantau, pantauan, pantauan meniko setunggaling hal engkang perkawis engkang nyorot, nyorote niki saget wangsul (mantul). Dados perkembangan saking negari arab, ngetan dumugi wonten ing Indonesia, berkembang, keislaman wonten ing indonesia, anggadahi ciri khoss pondok Pesantren. Sampai kata2 pondok niki, dados bahasa arab, opo artine pondok? asrama/tempat penginepan, apa itu saking poro tamu2/saking poro siswa murid/saking pondok2 penginepan. Sehinggo kata2 pondok niki mantau, wangsul ing negari arab. Dados bahasa arab, pondok, merupakan setunggalipun bangunan engkang, ngangkang nggih nampung, dumateng umat, kanti nyediaken kamar2 minongko kangge tilemipun manungso ingkang ketampung. NIKI PONDOK. 

Cuplikan Video, dan terjemahan bisa kalian saksikan disini, temen2. 


TIMUR dan BARAT
.

Poro rawuh, poro sederek engkang kawulo mulyaaken. Milo saking meniko, Indonesia niki minongko gambaran islam ngetan paling... apa yang disebut2 asy syirqul aqsho, wetan sing paling notok. Poro sederek, poro bapak engkang kawulo mulyak-aken. Sami kalian islam ngilen. Ngilen meniko, notok... notokipun islam ngilen, wonten ing lautan engkang ageng. Lautan ageng kala wau sing disebut2 lautan atlantikDados Islam ngilen, dumugi lautan atlantik. disebut2  (al maghribul aqsho) - nggih niku puncak barat, notoke barat. Poro sederek engkang kawulo mulya-aken. Notok barat disebat2 al maghribul aqsho, notok timur disebut sebut al masyriq al aqsho

Pramilo saking meniko, quran piyambak ngendika-aken, nggambaraken engkang mekaten. Nopo engkang disebat2 wonten ing surat Al Kahfi. (Akhir) Surat Al Kahfi, Quran nggambaraken, crito... opo sing disebut2 ashabul kahfi. Ashabul kahfi, minongko crito engkang nerangaken penduduk yang terdahulu, kapan? mongso ashabul kahfi. Ashabul kahfi, wong2 sing bener2 dados crito indah. Crito engkang nerangaken Quran, nyataaken setunggalipun rojo engkang ageng, asmo Dzulqornain. Dzulqornain artosipun kagungan dua tanduk. Tanduk, sungu, sungu...? iso moro ngetan, iso moro ngulon. Dzulqornain menguasai puncak timur, puncak barat. 

Cuplikan Video, dan terjemahan bisa kalian saksikan disini, temen2. 




Kisah Dzulqornain -Zulkarnain
.

Dawuhipun Alloh Subhanahu wa ta'ala
حتى اذا بلغ مغرب الشمس
hatta idza balagho maghribasy syamsi, 
(Surat Al Kahfi 86)

Sehinggo dzulqornain ing ndalem panggonan, surupe srengenge (puncak kulon) pundi? lautan Atlantik. Diterusaken....


حتى اذا بلغ مطلع الشمس
hatta idza balagho mathli'asy syamsi
(Surat Al Kahfi 90)

Sehinggo Dzulqornain tumeko ing ndalem nggon metune/ terbit matahari. Pundi...? puncak timur. Kaleh2 meniko merupa-aken seganten anggadahi nami benten (PASIFIK dan ATLANTIK) sing maknane, bedo tapi kerono podo. Sakniki maknane podo, tapi nopo? tapi bedo

Dados mempersatukan umat menungso, iku  lek ngerti titik bedo, tapi podo. Titik podo, tapi bedo. Dadi lek ora ngerti repot. 

Cuplikan Video, dan terjemahan bisa kalian saksikan disini, temen2. 



Titik podo, Manungso iku podo, lanang karo wadon, sami nopo mboten sami? nun...? sami nopo mboten sami? sami. Gak mungkin ono podo lek lanang tok, gak mungkin ono podo nek wedok tok. Bisa berbeda, iso bedo, mergo lanang karo wedok. Tapi menuju podo, lek lanang tok ora iso dadi podo, geger. Nggih nopo mboten? Wedok tok, tambah Mbahe geger. Niki teng mriki, jadi siapa manusia itu bisa dianggap sebagai pimpinan, lek wis ngerti titik iki. Podo tapi nopo? bedo,bedo tapi podo. Teng mriki satu titik pokok, sing ajaran agomo islam, iku agomo sing bener2 mbekto dumateng ajaran, apa yang disebut kata2 

بالرغم من الاختلاف

biroghmi minal ikhtilaf, senajan ono bedo, tapi 

تتحقق الاتفاق

tatahaqqoqu al ittifaq

Bedo nanging iso dadi podo. Teng mriki timbul opo sing jenenge bhineka tunggal eka. Bhen.. eko, dewe2, tapi bhineka, tapi tunggal eka, loh kembali lagi. Niki Alloh....


Nah sekarang tahu, apa sebab bangsa ini sulit untuk diselesaikan? karena tidak tahu yang ini. Kadang kyaine dewe ora patek ngerti, lho njajal.. pas nopo mboten pas niki? plek nopo mboten plek niki? plek niku cocok, cok galicok, gali gacok, cocok

Cuplikan Video, dan terjemahan bisa kalian saksikan disini, temen2. 


Sampeyan pirsani sakniki. 

Lautan Atlantik, itu dari kata2 setengah bahasa arab, intholaqqo- yantholiqu-inthilaqon. Kapan ono tembung inthilaqon, iku artine obah terus. Kowe ruh, obah terus iku lautan atlantik. Tapi sebalik e lek kowe ning etan, iku jenenge pasif. Pasif iku ora patek obah, molane diarani pasifik. Kono diarani atlantik, kene diarani pasifik. Dadi Kowe ngerti lek obah iku lek ono meneng, ngerti meneng lek ono obah. Iki teng mriki niki, ini beda yang benar2 ajaran islam itu ajaran yang benar2 ajaran sing cocok karo fitrah manungso, pas... Poro sederek, poro bapak engkang kawulo mulyak aken. Niki meniko wong iku iso sampurno, lek wes ngerti wetan, wetan niku pasif, nggih to nggih? pasif niku meneng. Molane bahasa arabe diarani, al bahru.... segoro sing segoro niku, meneng. Nggih... pasif. Niki Alloh. 

Cuplikan Video, dan terjemahan bisa kalian saksikan disini, temen2. 


Laut Atlantik
.

Tapi lek teng kulon, nate teng atlantik nopo dereng? panjenengan? yo bejane, pancen ora ruhan. Kowe lek wis ruh lautan atlantik, niku dewe, karo pasif, pasif iku wong meneng. Jadi menungso iku harus tahu bertentangan, tapi bertentangan untuk persatuan. NGerti persatuan jangan untuk bertentangan. Lha lek kowe ngko.. bertentangan untuk persatuan, persatuan untuk bertentangan. MUBENG terus.... Niki, jadi sakniki dunyo niki mubeng. Saking mubenge, kowe mana tahu al aqsho. ORA ISO... 

Kowe ngetan tuk lautan pasifik. Ngetan terus, tuk amerika. Amerika ngetan terus tuk lautan atlantik, lho mbalik malih. Mongko atlantik kulon, gineo kok iso ning wetan. Teng mriki, manungso kolo wau, Al Qur-an ngajaraken. Kowe belajar iku sehinggo notok, NOtok sampai tahu akan apa yang dimaksud. dan ngerti apa tujuan? tapi ngerti pertentangan dan persatuan. 

Cuplikan Video, dan terjemahan bisa kalian saksikan disini, temen2. 


Niki mubeng.... Pramilo saking meniko dalu niki, kulo matur.... MEstine kulo niku mboten saget, wong aku iki wis tuwo. Iki mau wis ape ora teko, ning gineo kok iso teko. Sareng kulo teko teng mriki, mengapa terjadi kayak gitu? niki memprengeti pondok sing kaping pinten? 87. Kulo dewe umure 87, semene iki gak onok sing umure 80an? nggih nopo mboten? mulo aku umurku wis 87, jek iso ngomong, niku lak aneh to nggih??

 

Pemilik dua TANDUK
.

Poro rawuh, poro sederek engkang kawulo mulyak aken. Dalu niki panjenengan pirso, apa niku yang terjadi. Crito dzulqornain, rojo sing anduweni sungu loro. Nduwe kekuatan dua. Kekuatan timur, kekuatan barat. Timur, pasifik, barat atlantik. Atlantik niku ombake gede2. Pun nate ngriko nopo dereng? Pasifik niku wetan, mpun nate teng pasifik nopo dereng? mergo pasifik niku wetane irian, niku disebut lautan pasifik. Bahasa Arabe Al Haadi.. haadi iku yahda-u maknane pasif. Wong lek wes ngerti lautan pasifik niku gede. Sebab misah antarane asia kaleh nopo? amerika. Nah lautan atlantik, misah antarane eropa kalian amerika. 

Cuplikan Video, dan terjemahan bisa kalian saksikan disini, temen2.


Jadi pokok ndunyo niki, wiwitan niku jadi pungkasan, pungkasan, iku jadi wiwitan. Sejarah manungso iku maju, sakwise ono wong njelajah tuk amerika, liwat lautan pasifik, niki wiwitan. Bareng ono wong tuk amerika, jaman andalus, niku manungso ketingal kemajuan, sebab niku ndunyo engkang baru. Sak mangke tuk mangsane bahwa timur barat, timur zaman sak perang dunia kedua, Soviet. Barat.. amerika.. geger. SING SITOK KAPITALIS, sing SITOK KOMUNIS. Geger... tapi mengapa?? biar ngerti bedo, tapi podo. Mulai biyen sampek saiki, ono timur ono barat, ono wetan, ono kulon. 

Cuplikan Video, dan terjemahan bisa kalian saksikan disini, temen2.


Orang berkata.. lho lek ono timur ono barat, Mongko lek ono jatuh, timur jatuh disek. Zaman nalikane Kanjeng Nabi dipun utus dening Gusti ALLOH. Ono timur, persia. ONo barat, romawi. 

TANDA pergantian, tekaning kanjeng Nabi (islam) sing nggowo perubahan alam, 

timur jatuh, rupane persia. 

KAPAN? barat jatuh? Romawi? Nah ini jadi pertanyaan.  

Lho sakniki sakwuse jepang kalah, sakwuse hancur, kholifah sing terakhir, jatuh tahun 1917, sak niki tahun pinten niki? 2013. LHo tuk e kalih ewu pitulas, kirang pinter tahun? kirang pinter tahun? 4 tahun. Mbiyen kholifah jatuh 1917. Opo sing disebut khulafa-u bani ustman. Kirang pinten niki? 4 tahun. 



Makna Angka Empat
.

Nah papat iku jadi pokok, wong iku lek ora ngerti papat, ora iso urip ning alam ndunyo. MOLANE sakniki wong ketok lemu2, sak lurahe engkang asmo, sinten wau? minanurrohman, senajan lurah, SE, kulo sing dadi kyai ora patek sarjana. 

Jajal. Niki Alloh

PAPAT Iku dadi pokok, wong senori iku kuru2 mergo ora 4 sehat 5 sempurna. WOng iku iso sehat lek onok berase, onok lawuhe, ono iwak e, ono nopo? buah2ane. Wah iki sehat, empat sehat. Jenenge Al Mawaddil Ghodza- Al Arba'ah. Jenenge Al Mawardhil Ghodza- Al Arba'ah. Pokok2 makanan yang empat. Kene diarani empat sehat?.... ISlam mawaddu Al Ghodza-a Al Arb'ah. Jadi pokok wong iku ono pokok e papat, iku yo kuru, kuru iku maknane ora iso nopo? LEMU. Senajan ono papate, lek ora ono limane yo kurang hiburane. Niki manungso, poro sederek, niki kurang papat. Dadi mbesuk, tahun pinten? 2017, Kita sudah genap, 100 tahun, umat islam tidak berkholifah. 


Perbedaan adalah keniscayaan
.

Sakniki niku wong podo bingung, sebab tidak tahu pedoman, repot. Repot iku yo angel, wong pancen, KUDU NGERTI bhineka tunggal ika. Kudu ngerti, bedo tapi podo, podo tapi bedo. Wong lek podo tok, repot... bedo tok, yo repot... Harus ada bedo, harus ada podo. Wong lek kemauane podo, lek nggolek bojo seneng sing duwur kabeh, mergo mentul2 e sing gak nguati. Lha terus sing ende2k iku ora patek payu. MOngko Gusti Alloh iku lek nggawe duwur, yo nggawe nopo? endek. 

Jadi tahu sekarang, timur-barat. Gineo, lek membahas sesuatu ilmiah, kok dari barat? tidak timur? Dari barat sampai ke timur, ora ono, dari timur sampai ke barat. Niki dadi pokok, dadi ilmiyah niku ko kulon parak e ngetan. Milo tenggene Al Quran nyritak aken dzulqornain, 

حتىٰ إذا بلغ مغرب ٱلشمس وجدها تغرب فی عین حمئة ووجد عندها قوما 

قلنا یـٰذا ٱلقرنین إما أن تعذب وإما أن تتخذ فیهم حسنا

Surat Al Kahfi 86

Cuplikan Video, dan terjemahan bisa kalian saksikan disini, temen2.


Niki Dzulqornain anduweni sungu wetan, sungu kulon. Dadi ora kok sungu kulon, sungu wetan. Lek ngurut2 ko wetan, paraklon. Molane teng quran ngendikane Nabi Ibrohim, bareng dibantah, sopo? Gusti Alloh, dawuhe Nabi Ibrohim, Alloh iku 

Alladzi Yuhyi.. wa Yumit, sing gawe urip, sing gawe mati. Urip kaleh mati ini bedo nopo podo? nuun? bedo... tapi ngerti podo. Ning Musuhe Nabi Ibrohim, Numrud, ora paham. Dikandakno sopo? alladzi yuhyi wa yumit. Sing nguripaken, sing mateni. Wong sing dadi numrud, ora podo karo Ibrohim, mergo tidak mempunyai pengetahuan, ngedir2no kekuasaane, ngedir2no kekuatane, akhire memanggil dua narapidana, wong sing kenek kunjoro,sing sitok diuripi sing sitok dipateni. 

Kata Numrud, ana uhyi wa umit. Aku sing nguripi, yo iso mateni. Iki siji tak pateni, narapidanane sing sitok tak uripno. Iki saking bentone. Dadi soko bentone, dikandani ora ngangge barat ke timur,tapi sing ngangge dari timur ke barat. Apa kata Ibrohim?? Qola fa innalloha ya-ti bisy syamsi minal masyriqi fakti bihaa minal maghribi. Gusti Alloh iku nggawe srengene metu (mletek) ning wetan, surup ning kulon. Jadi seseorang menganalisa ko timur, srengenge iku ko timur. Ko wetan, surup ning kulon. Ngerti koyok ngene iki pancen pengertian orang yang bodo. Tidak mencari pengertian yang sempurna. Rohe muk, ko wetan, parak e ngulon. Srengenge iku ko wetan, mletek, (terus) surup teng pundi? kulon. Mergo ngertine, ndi kapan mletek iku ko wetan, kapan ono surup iku ko kulon. Apa itu matahari, apa itu rembulan, apa bintang2. Jadi ruhe mung moto tok. Tidak ada otak, tidak ada fikiran, ora ono angen2e ati. 

Tapi lak diangen2 ati,fikiran, ora kok ko wetan ko kulon. Tapi angen2 kowe, dari barat sampai ke timur, berjajar pulau2. Sampeyan angen2, dadi wong nduwe pengertian lek wes ngerti, kowe angen2, loh mbulan iku, gineo lek tanggal siji, teng kulon opo teng wetan? Heee....? kulon. Tapi lak tanggap 14 ning ndi? wetan. Niku mlaku nopo meneng? Loh nggremet opo meneng? nggremet. Jadi ilmu pengetahuan ahli falak, apa pengetahuan perbintangan, iku dipikir, bagaimana perjalanan dari barat parake nopo? timur. Diangen angen...

Sehingga rembulan iku pas PURNOMO, iku tanggal kaping pinten? tanggal pinten? 14. Lha lek saiki, pat belas, kowe ngerti Purnomo 14, sehingga keliling dunyo, rembulan iku kapan wis 28, iku entek. Entek iku telas... mergo 14 kali dua iku berapa? pinten? 28. Molane dinggo itungan wolu likur, mulane enek wong wolu likur kok urung kawin, pancen prawan tuwo kowe iku tak kandani yo... nggih nopo mboten? LARANG regane ngene iki yo... jadi mestine 14 karo 14 wolu likur.  Jadi 14 karo 14 wolu likur, niki isyaroh wonten Al Quran, Gusti Alloh ngendiko...

وٱلقمر قدرنـٰه منازل حتىٰ عاد كٱلعرجون ٱلقدیم

Surat Yasin 39

Wal Qomaro lan ing rembulan, tak pestikno rembulan iku nduwe tempat2 gerak yang sama, tiap malam. Jadi tiap malam gerak e podo. Saiki separo 14, jadi manazilal qomar, tempat2 pemberhentian  rembulan dalam satu bulan 28. Jadi mestine tanggal 29, wis tanggal 1. Niki sampai sekarang manusia belum bisa menemukan kadang kok 30 kadang 29. Niki wong sing akale duwur podo mikir, urung iso nemokno. Tapi wong senori sing bento, penak e ra karuan. Penak... lho ning ndi? rembulane lek wis 28? Lagek angkrem.... lho jajal.. penak ndi? wong pinter karo wong bento? Penak wong bento.. ora usah mikir, lagek angkrem...

Molane sampai saiki gak ada fikiran, mengapa bangsa kita dulu, mulai kidule senori, pundi niku? leran, opo maneh sampek tuk mbanyu urip, biyen kabeh mangan gaplek, nggih nopo mboten pak? Lek ora gaplek, ndeplok jagung. Leres nopo mboten? Sampek lek ono wong wedok iku gak onok sing tangane alus, mesti kasar. Lho jare wong leran, yo pancen nggolek bojo iku sing tangane kasar, tak golek i sing enak, Lho mergo?? lek kanggo ngukur geger iku lho enak e ora karuan. Lho pikirane iku lho, wong bojo kok kango kukuran tok? Mengapa?? mongko orang yang berfikir nggolek tangane bojo sing nikmat iku sing tangane kasar? opo sing alus? ALUS... wah yo wes ngerti lek ngono.. pancen sarjana ekonomi jare. Nah... niki Alloh. 

Jadi sakniki karek ngeten niki, jadi berfikir dari barat sampai ke timur, dari timur sampai ke barat. Jadi terus manusia di dunia itu berfikir sampai onok kemajuan, kemajuan iku dari barat ke timur. Sampeyan angen2.... Tapi lak kebalikan dari timur ke barat. Hancurnya ROMAWI dengan PERSI, duluan Persi. Hancurnya Soviet dengan amerika, disek ndi? soviet. Niki teng mriki, Quran itu abadinya kayak gitu. Pramilo saking meniko poro rawuh engkang kawulo mulyak aken. Sebab opo AL QUran iku dadi pedoman kangge wong islam. Sebab wong islam niki sing digawe dening Gusti Alloh, PEMBUKA KEPINTERAN. Ono pinter iku sak wuse kanjeng Nabi Muhammad Shollallohu 'alaihi wa Sallam diutus. Diutus kanjeng Nabi tahun 611, bertepatan bulan Romadhon bulan Agustus. Jadi pertengahan agustustahun 611, wiwitan kanjeng Nabi diutus, diturunaken Kitab Suci Al Quran. Di situ kenikmatan kanjeng Nabi sing dadi rahmatan lil 'alamin.  Bangkit mulai Agustus romadhon, bangsa Indonesia diparingi dadi contoh. bahwa Proklamasi kemerdekaan tepat pada 17 agustus, bertepatan 8 Romadhon, niki Alloh. 


Jadi bangsa Indonesia jadi pandangan. Nek ijeh koyok ngene terus bangsa ini, Wis diparingi kaji, ora ono kaji seluruh dunia koyok Indonesia. Kaji iku paling akeh di dunia 80rb, TAPI Indonesia bukan seratus, malah 220. Ndak ada, kowe nggolek negoro, endi wae gak ada Negara yang hajinya tiap tahun 200 lebih kecuali bangsa Indonesia. Lha niki monggo dipikir, mengapa sekarang kayak begini? Kulo niku menangi, sing umur kulo 87, Podo karo mrengeti pondok mansaul huda. Niki kulo kroso, Dulu saya haji itu 15ribu, tahun 49, dua kali 20ribu. Setelah bangsa kita makan beras, nggih.... ono sing mangan jagung nopo mboten sakniki? jarang, kejobo wong sing banget bakhile. Niki ternyata, mulai akhir2 ini bangsa kita gak ada, Umroh paling akeh koyok bangsa INdonesia. Sebab nunggu kaji sampai 12tahun. Saking gandrunge teng mekkah, ora ngenteni engkok lek wes oleh KUOTA, Nanging urung oleh KUOTA wes gantrung Umroh. Molane ono wong urung tahu Umroh, pancen pawak an, bejane awak, kowe tak kandani yo... Poro rawuh, poro sederek engkang kawulo mulyak aken, wangsul maleh, Nek onok wong berfikir yang kaitan berfikir dari barat sampai ke timur. Nek ono wong berfikir dari timur ke barat iki jenenge ngglundung semprol. Saiki pikir, rembulan iku ko kulon parak e ngetan. Iki yo mlaku, ning rembulan lek didelok kok wetan surup ono ing? kulon, podo mlakune. Jadi sebagai manusia tahu dan bisa berfikir... 

Ono wong iku trimo ngglundung semprong, ono wong iku berfikir yang berani nentang arus. Ora kok, dekne anut arus... ono angin ko lor.. parak e? ngidul. Ono angin ko kidul, parak e ngalor. Ono angin ko wetan, parak e? ngulon. Ono angin ko kulon parak e? ngetan. Jadi selama hidup ini hanya tertiup oleh angin tok. Wong sing koyok ngono iku nduwe pikiran, nopo mboten gadah pikiran? NON PIKIRAN. Nggih to nggih? Milo saking meniko, apa yang disebut orang itu usaha, yang tahu bahwa usaha itu tidak muk ndelok zamane tok, ora mung ndelok keadaane tok, tapi berfikir bagaimana kebaikan untuk hidup ini supaya bahagia bukan hanya pertama, dan bukan hanya akhir. Tapi pertama dan yang akhir, jenengen usaha, nopo? Ikhtiar. Nah sakniki sing luwih parek, wong lek didelok, Perubahan mlaku iku sing pareng didelok ketok niku rembulan. Rembulan iku mlakune ko wetan parak e ngulan, tapi dekne ikhtiar ko wetan parak e ngulon. Sehinggo 14 dino. Molane 14 diarani purnomo. Saiki lak sampeyan berfikir tahu, ora kok terus saiki wah mangan beras, seneng2 tok, tidak memfikirkan akibat beras ini. Sebab ngerti anane beras niki banyak, iku mengandung sesuatu hal kalau kita tidak benar2 berfikir, akan banyak  membawa kehancuran. Sebab nopo? biyen gak mungkin dunia ini hancur. Sebab wong nandur, iku berputar, nandur, diluku, diluku ngangge nopo? ngangge nopo? TRAKTOR nopo ngangge sapi? SAPI. Biyen??? sapi, sapi iso nletong, nletonge kanggo pupuk. Jadi kalau manusia itu tetep ora ono traktor, merusak lingkungan. TAPI sakniki jajal, menyuburkan tanah itu ngangge pupuk, atau ngangge tletong? Rabuk... PUPUK. PUPUK niku soko phospat. Kulo pun ningali, negara yang banyak mengandung phospat. Sampeyan pun nopo dereng? dereng.. rohe mung jowo. Jowo niku wonten pabrik pupuk, teng gresik. Sing diproduksi bahan2 sing wesine titik. Ning paciran, ning gresik, itu lama2 pasti habis. 

Kulo pun ningali, negoro2 sing kaya pupuk. Mpun ngerti nopo dereng sampeyan? dereng. Kulo mpun, yo niku tenggene maroko. Kulo riyin, setahun setengah kapungkur ndelok maroko. Gineo aku kok iso tuk maroko? gara2ne dadi kyai. Kulo niku ndongo,ngadepi SBY, sampeyan mpun nate ndongani teng ngarepe SBY nopo dereng? dereng. Kulo ndongo, jejer SBY niku wonten Prof. Dr. Maryam. Ngawasi kulo terus, kulo nggih ngawasi. Wong tuwo diawasi yo melok, wong jenenge... tak awasi wae. Mergi dongo kulo niku, ngangge dongo arab sing tak susun dewe, mergi kyai niku kaprahe dongo apalan. Nggih to nggih?? kapan apalane ilang, yo klagepan ndekne. Kulo ndongo, ndongak aken pak SBY, Allohumma ayyid hukumahaa Indonesia,niku maryam ngawasi kulo, mergo dongane kok penak. Kulo nggih kroso penak, wong ning ngarepe SBY kok onok wong ayune ngono. Kulo medal kalian istri kulo,teng mobil niku maryam nututi kulo. Wehno nomor telfon, wehno foto, wehno iko, wehno iki. Wah... bojo kulo buntarapan rodok piye, mlirak mlirik, ngoten. 

Yo maklum, dadi wong nggih. Dadi wong niku angel, molane lek ora gelem angel yo ojo dadi wong kowe, kandani yo. Enak e nduwe bojo sing rodok elek, nurutan tak kandani yo. Tapi kowe lak nduwe bojo ayu, walah.... rewele rakaruan. Jare wong senori, apik sing elek2 lah, lek nurutan..Yo wis wong pancen akal muk semono. Nggih nopo mboten? Poro rawuh, poro sederek, jadi kulo diundang wong wadon, rupane apik.Wis tak turuti... yoh, ngko lek gak syawal, yo ruah. Akhire ribut, kulo syawal,kulo mriko teng maroko. Alhadulillah. Dadak dewekne niku sing dadi pugeran, Universitas Negara Ibnu Thufail, jadi kulo teng mriko dimulyakno. Dadi tamune wong gede niku enak, timbang dadi tamuni wong cilik. Leres nopo mboten pak? nggih nopo mboten? Niki Alloh. 

Sehinggo kulo keliling2, sumerap teng maroko milai saking ler, ngantos kidul, dipertunjukkan satu negara yang banyak mengandung gunungnya phospat. Milai ler kidul, 600km, kulo tempuh kirang luwih 5 jam. 100 luwih, satus luwih, mubeng. Niki....


Dadi Alloh Subhanahu wa ta'ala ngendikaaken....

حتىٰ إذا بلغ مغرب ٱلشمس وجدها تغرب فی عین حمئة ووجد عندها قوما 

قلنا یـٰذا ٱلقرنین إما أن تعذب وإما أن تتخذ فیهم حسنا

Surat Al Kahfi 86

Dzilqornain nduwe ilmu, nduwe pengertian segala apa pun ada jalan. Dan orang2 akan sampai kepada apapun kalau benar2 tahu jalan. Dan melewati jalan yang ditentukan oleh Alloh Subhanahu wa ta'ala. Sehingga tuk kulon, tuk lautan nopo? atlantik. Niki Alloh. 

Sakwuse tuk kulon, ning kulon ono loro, ono wong sing apik, ono wong sing elek. Dadi wong iku lek apik tok, yo ora ngerti elek. Wong iku elek tok, yo ora ngerti apik. Wong iku apik tok, lek ora ono elek, yo ora iso. Wong isite ono apik iku lek ono opo? elek. Dadi milo saking meniko, Gusti Alloh ndamel, isite tentrem lek ono polisi. Ning ono polisi, mergo ono ora ketentreman, dadi angel kowe. Jadi tuk barat, apa yang terjadi, ning kono onok elek, onok apik. Apa itu? ROjo Dzulqornain, kulo sumerap bilih teng bagian barat, ono sing apik, ono sing elek. Elek lan apik, kesemuanya itu ada hikmah, ono kebijaksanaan saking Gusti?Alloh. Ono elek ono apik iso dadi tentrem kalau tahu menempatkan elek ning nggone elek, apik ning keapik an. Apa kata Dzulqornain? wong sing elek, yo tak adili, tak seleh ninggone panggonan pengadilan sing cocok karo wong sing elek. Wong sing apik yo tak adili, tak seleh ning panggonan sing cocok ning panggonan keapik an. Jadi senajan ono elek apik, yo ora popo, wong ning ndunyo, pancen iku koyok mengkono. Gusti Alloh Subhanahu wa ta'ala kabeh ora kok digawe apik kabeh. Sehinggo Alloh Subhanahu wa ta'ala ngendiko wonten ing kitab Suci Al Quran, Dawuhipun Alloh Subhanhu wa ta'ala. Kowe ojo anut, godane syaitan. 

یـٰأیها ٱلذین ءامنوا ٱدخلوا فی ٱلسلم كافة ولا تتبعوا خطو ٰ⁠ت ٱلشیطـٰن إنهۥ لكم عدو مبین

Surat Al Baqoroh 208

Kowe mlebuo ninggone islam iku kabeh. Dadi ojo kok separo, aku mung mlebu islam mergo NU, sing sitok aku mlebu islam mergo Muhammadiyah. Geger nopo mboten akhire? Aku mlebu islam mergo santri, aku mlebu islam mergo polisi, wah repot iki. Dadi saiki kowe mlebu islam iku kabeh. Tapi gak iso menungso mlebu islam kabeh2an, lha lek kabeh2an lak apik terus? ora ono elek. Dadi gineo wong islam, kok dadi geger, Apa yang terjadi di siria, apa yang terjadi di mesir, al mursi. Ini mergo gene.. sebab mlebu islam ora kaffah, tapi karena kesenangan, karena howo nafsu, iki jenengen mengikuti jejak syaitan. 

ولا تتبعوا خطو ٰ⁠ت ٱلشیطـٰن إنهۥ لكم عدو مبین

Molane wong islam iku geger terus, ning mesir geger. Teng Indonesia? yo podo.. podo iku maknane ora bedo. Niki Alloh. Pancen manungso iku nggone luput, menungso kok apik kabeh, yo ora karu karuan. Wong isite rame iku lek ono sing elek. Nggih nopo mboten? Niki Alloh. Molane teruse ayat.. sampeyan delok AL Quran niki Indahe...

یـٰأیها ٱلذین ءامنوا ٱدخلوا فی ٱلسلم كافة ولا تتبعوا خطو ٰ⁠ت ٱلشیطـٰن إنهۥ لكم عدو مبین

Surat Al Baqoroh 208

Kowe mlebu islam ojo kerono anut syaitan, jangan masuk islam karena ini kesukaan saya. Yang cocok dengan selera saya. Ora kok cocoke selera, tapi perintahe Alloh. Dan kau masuk islam kerono anut perintahe Gusti Alloh. NGeten niki abot nopo enteng? abot. Molane teruse Al AQuran, 

فإن زللتم من بعد ما جاءتكم ٱلبینـٰت فٱعلموا أن ٱلله عزیز حكیم

Surat Al Baqoroh 209

Fa in zalaltum, lek sliramu kepleset. Kowe wong islam kepleset, masuk islam tidak kaffah, Iku sing kaprah koyok ngono. Dadi gineo wong islam kok angel,sampek setengahe ayat ngendikane Alloh, lau anfaqta maa fil ardhi, jami'an maa allafta baina qulubikum. Duwit sak ndunyo kok danakno kanggo mempersatukan umat islam, maa alafta baina qulubikum. Tak akan mampu Muhammad kau mempersatukan mereka. Iki zalal, fa in zalaltum... lek kowe kepleset, ora menurut sak mestine... pancen Alloh ku aziizun, hakiimun. Gineo kok wicaksono...? Sebab Manusia mempunyai selera yang berbeda. Kowe dadi kyai, mempunyai selera yang berbeda dengan yang bukan nopo? bukan nopo? Kyai. Dadi digawe bedo bedo. Lha bedo2 ini setelah mau merendah, memang aku beda, tapi beda supaya untuk aku podo, lak apik. Dadi kabeh mbok kon apik kabeh gak mungkin. Fa in zalaltum... pancen sing akeh sing kepleset, iku angel diowahi, pancen iku sifat Azizun (menang). Semua manusia dibuat kayak begitu, dan Alloh membuat kayak begitu itu suatu kebijaksanaan. 


NGONO yo ngono-o ning OJO NGONO

Poro rawuh, poro sederek, engkang kawulo mulyak aken. Kulo dalu niki ngomong, kepingin panjenengan sedoyo kulo jak, Apa simbol sing sederhana, NGONO yo ngono o, ning ojo ngono. Iki penak iki, ngono yo ngono o, ning ojo ngono. Jadi manusia tidak mungkin untuk baik, wong nduwe selera yang berbeda. Nduwe kesenangan yang berbeda, dan mempunyai keuntungan kalau bisa menindas orang lain.Wong iso sugih, lek ono fong fekir... nggih nopo mboten, niki Alloh... itu manusia ( Sifat Alloh ) Azizun hakim. Milo saking meniko, niki ajaran agomo islam, wes to, mbok kon pas, gak iso. Ning senajan ngono yo ngono o ning ojo? ngono. Jadi berbeda, kembali kepada fitrah bangsa INdonesia, sing Bangsa Indonesia niki diparingi dening Alloh, ada kesamaan dengan (nabi). Nabi diberi nikmat oleh Alloh bertepatan dengan Bulan ROmadhon. Bertepatan bulan agustus. Sama dengan bangsa INdonesia, oleh kemerdakaan 17 Agustus, 8 ROmadhon. Nabi dibalik, nabi diangkat jadi Nabi 8 Agustus 17 ROmadhon, makane Nuzulul quran 17 ROmadhon. Molane aku kondo, ojo gandrung, kowe gawe negoro islam. wis ora wayahe, kita harus tahu. mempersatukan bangsa ini, dan kita proklamasikan bangsa ini, sesudah jatuhnya kholifah. 

KHolifah jatuh pada tahun 1817, sehingga sekarang sudah tahun 2013, empat tahun lagi kita memprengeti, manusia tidak memiliki kholifah. Kalau tidak ada kholifah berarti manusia harus bisa mempersatukan. Tidak bisa mempersatukan kecuali tahu berbeda tapi sama, tapi tahu sama, tapi berbeda. Sami kaleh nyusun rumah tangga, yo pentung2an, wedok tok, yo sido kosot2an terus, kowe tak kandani. Jadi tahu akan hal ini, kita sebagai bangsa Indonesia, yang mempunyai sifat terakhir. terakhir, bahwa kita telah dilalui empat khulafaa. KHolifah khulafaaur rosyidin, Khulafaa bani umayyah. KHulafaa bani 'Abbas, khulafa bani Utsman, empat. Empat tahun lagi kita sudah seratus tahun. Nah satus tahun itu satu abad. Kapan wes ruh satu abad, berarti ngerti satu siklus. Jadi manusia itu tiap 100 100 100 itu rubah. Milo poro rawuh, gineo islam niku mulai zaman nabi sampai sekarang, kok jadi agama yang paling terhormat di dunia. 


TIGA HAL yang MERUSAK

Kulo winginane niku teng spanyol. Panjenengan pun nate nopo dereng? dereng, pancen sengojo kulo. Lagek mudun wis digledek, ditemoni wong wedok, sing ayu. Pawak an awak ku iki, tak kandani yo. Sareng kulo ningali, tenggene taman wisata sing gede. Nggih sing kulo arani gede niku istana alhamra. Istana yang indah, dibangun masih belum ada teknologi modern. Tapi istana itu sangat indah, tinggalan zaman asbania. Asbania niku negorane Ibnu Malik. Negarane Imam Qurthubi, negarane Imam yang paling terhormat di dunia, sing saiki geger ning Mesir. Jenenge sinten? Presiden Mursi, Mursi niku spanyol. Niku aneh niku. Poro sederek, poro bapak engkang kawulo mulyak aken. Kulo digledek kalian wong wedok, naliko ninjau wonten ing istana al hamra. Fa Idzan, akhire wong wedok niku njaluk dongo aku, kok ngerti lak aku iki Kyai? lho njajal. Nggih to nggih? Mergo KRISIS EKONOMI, krisis ekonomi iku dalam puncak kekrisisan, karena banyak pengangguran. Wong iku lek nganggur iku elek2 e wong. Dadi bahaya ndonyo niku nomor siji pengangguran. 

إن الشباب والفراغ والجدة 

مفسدة للمرء أي مفسدة

Telu perkoro niki lho, ndadekno bahayane Alam Ndonyo. 

SIJI, wong iku mung nuruti hawa nafsu tok. Innasy syababa (keanoman) mung pedomane asal ijek kuat. Nuruti nafsu iku sing dadi pokok. Nuruti kesenangan, tidak memfikirkan hari depan. Iki kerusakan sing nomor siji. Dadi ngerti sakniki, bahwasanya kenikmatan itu kemewahan. Dekne, mung golek mewah2 tok, tidak mau memfikirkan anak cucu. Iku syabab, dadi nuruti hawa nafsu, nuruti syaitan. Nuruti ajakane opo sing ora cocok ning hukum syari'at, kerusakan sing maha besar. 

Nomor loro wong iku nganggur, iku marai rusak. Mergo wong iku lek wes nganggur, pikirane ora ono sing apik. Gak nduwe duwek, kepingin duwek, nyambut gawe gak iso, wong nganggur, saiki pikirane nyolong opo pikirane? ape piye? NUN...? NYOLONG. Jadi pengangguran bener, Jadi bener sing ndorong kulo niku, apa sebab kau kayak begini. Sebab banyak pengangguran Kyai, e.... kok yo cocok. Dadi telu niki lho... SIJI nuruti nafsu, nuruti Syaitan. LORO, nganggur, pengangguran. Banyak pengangguran. 

NOMOR TELU, wal jaddah, semugih, maknane ora nduwe karep. Wong iku lek wes ora nduwe karep, yo repot. Di kon maju ora seneng, dikongkon mencari pengetahuan, ah...ngene wae wes apek kok. Omahe ora ono cendelane, ah....wes apik, lillahi? ta'ala. Wah iki repot iki, mulane onok kyai enek sing dijajah 350? yo mergo ngene iki, tak kandani yo. Sehingga harus kreatif. 

إن الشباب والفراغ والجدة 

Sehingga ojo kok wong iku ora nduwe karep. Eh trimo ngene lak uwes, lillahi ta'ala. Loh jajal, akeh ngoten niku. Harus mempunyai kehendak bagaimana langkah untuk membawa manusia ini maju. Ora kok langkah membawa manusia, (pada ) kemunduran. Nganggo dalil jarene lillahi? ta'ala, salahe.... 

TELU iki lho bahayane, 

إن الشباب والفراغ والجدة 

مفسدة للمرء أي مفسدة

KErusakan gede. Sakniki ketok, Nganggur, saya tahu wonten spanyol banyak pengangguran. Milo saking meniko, lapangan pekerjaan perlu dibina. Jadi manusia jangan kok kerja, ngko golek i. Nggolek pekerjaan tok, tanpa membina lapangan2 pekerjaan. Akhire karena tidak ada lapangan pekerjaan, semua cari pekerjaan, sotonan nopo mboten akhire? sotonan nopo mboten? sotonan. Jadi bagaimana manusia iku ojo sampek nuruti hawa nafsu, ojo sampek nuruti ajakane setan. Ojo sampek berbuat yang gak baik. TAPI ojo sampek dadi pengangguran. Lha senajan kowe ora nganggur, kerja, nanging kowe kerjane ora ono kemauan, yo repot. Telu, dadi ono lapangan pekerjaan, ono, biso ngempet howo nafsu, NOMOR TELU dekne kreatif, bisa mempunyai pandangan2 kekarepan sing nggowo kemajuan urip ning alam ndonyo, sampek sowan ning ndalem ngarsaning Gusti Alloh. 

Lha TELU niki poro sederek, ngumpulno telu niki. Mongko telu niki bedo2, dadi balik podo tapi bedo, bedo tapi PODO. Saiki sampeyan nggolek iset, onok kemajuan, berfikir. Gineo Rembulan ko kulon, kok parak e ngetan. Iki ikhtiar...jadi ikhtiar iki ora kok menempuh, barang sing kok delok mripat tok. Tapi gunakan mripat otak dan ati, kalau BEGITU. Iki manungso diparingi dening Alloh, sakniki keadaan kados ngaten, sing ono mung teknologi modern. Tapi tidak mengerti bahwa teknologi modern merusak lingkungan dan merusak alam. Saiki wong teknologi modern, pupuk ora nganggo blotong, nganggo phospat. Phospat iki lama2 entek. Niki Alloh. 

Saiki ono teknologi modern, tidak membutuhkan nanam kapas tiap rumah, tidak memerlukan alat tenun untuk menenun sendiri2 mergo cukup bahan modern. Sing mencukupi pakaian umat manungso wonten ing alam ndunyo. Sampek ing zaman sing kados ngoten, niki Alloh Swt. Paring tuntunan tetep. Sehinggo ngerti kebenerane niki Agomo Islam. Sakniki Gusti Alloh Swt, ndamel satu hal yang bertentangan, ndunyo iki kabeh ketok, ndunyo iki diwehno wong islam tok. Sakniki ndunyo iki ora ono liyane opo  sing arane diarani zaman2 minyak saiki. Sampeyan numpak kapal terbang, bensol yo minyak. Numpak kapal mbiyen nganggo layar, saiki nganggo nopo? solar. Jadi apa itu solar, apa itu bensin, apa itu sing apik, sing digae iku kabeh gak onok sing nduwe kejobo umat islam. COBI Termasuk bangsa INdonesia, mempunyai lahan tambang2. Tapi Alloh Swt. nggawe tambang2 iku kadang2 timbul perbedaan rebutan, sopo sing nduwe hak ngedol. Niki Alloh. 

Poro sederek poro bapak engkang kawulo mulyak aken. Perbedaan antawisipun umat islam, digawe dening Alloh sangat berbeda2. Kulo winginane niku, bade siyam kirang pinten dinten, ningali teng nggene saudi arabiya. Kulo teng madinah telung dino, teng mekkah rong dino. Mergi krungu kabar, wong saudi saiki geger, perkoro opo? perkoro wong2 indonesia sing ada disana. Mergo akeh wong indonesia ada yang menyebabkan geger ono ning kono, sebab ada hal2 yang tidak di inginkan. Poro sederek, poro bapak engkang kawulo mulyak aken. Teng saudi ngetokno duwite akeh, tenggene saudi saben wong dibayar  2000 riyal. Ya Alloh.... iku ning Indonesia iso koyok ngono lek penak. Mongko sewu riyal iku podo karo 2,5 juta. Jadi berarti wong dibayar 2000 riyal podo karo dibayar 5juta. Wong senori, umpamane wong siji2 dikek i 5juta, kendangan dengkul nopo mboten? Niki Alloh. Apa yang terjadi, kayak begitu tidak suatu kenikmatan, suatu malapetaka. Sebab akhirnya tidak ada kreatif, mung ngendelno.... (jatah). Akhirnya ora ono suatu kemajuan pekerjaan. Niki Alloh. 

Milo saking meniko kulo sing wis tuwo koyok ngeten niki, pengen ngajak dateng panjenengan. Bangsa ini diparingi kenikmatan dening Gusti Alloh, kulo mulai cilik mangan jagung, ketelo, saknki beras kabeh, mulai sabang sampai merauke. Podo mangane.... kulo ningali ora ono sing kuru2 lemu2 kabeh. Semene akehe kok lemu, sampek santrine podo melok lemu, saking lemune ora gelem podo ngaji, lho njajal... nggih nopo mboten? WOng ngaji niku sakniki abot opo enteng? NUN...?? abot.. Laa ilaaha illalloh... yo pikiran, aku lak ngaji tak nggo opo? jajal.... aku iso moco kitab, tak nggo opo? Laa ilaaha illalloh. Panjenengan kulo aturi, dalu niki Mbah Kyai Munawwar ninggalaken pondok pesantren. Pondok pesantren kanggo ngaji. Ngaji kanggo menggali.. dumateng tinggalane poro ulama2 sing ndisek. Sing ulama niku pemaris soko nabi2, ngerti.... sakniki zaman teknologi modern, ngerti. Tapi gunakan teknologi modern itu, juga sebagian untuk memajukan kita. Sakniki katah kitab sing iso disimpen ninggone opo jenenge? alat sing biso numpuk kitab. Al Quran iku iso diseleh ning nggone alat sitik. Iso ditumpangi kitab sing macem2. 

Jadi sebagian, kulo mboten kepingin manungso kon ngaji kabeh, tapi jangan sampai kepunahan ngaji niki dadi ngilang. Sebab kulo yakin 'ainul yaqin, sebab kapan ndunyo niki keilangan ilmune poro 'ulama, itu akan terjadi. Wong saiki wis ketok, ketok niki opo? ketingal, ketingal... sampek wong2 sing ora ngerti saiki ae podo ngerti. Masih diperlukan kitab2, masih diperlukan wong iku iso ono hubungan kalian sang KHOLIQ.

 

ضربت علیهم ٱلذلة أین ما ثقفوا إلا بحبل من ٱلله وحبل من ٱلناس وباءو بغضب من ٱلله وضربت علیهم ٱلمسكنة ذ ٰ⁠لك بأنهم كانوا یكفرون بـٔایـٰت ٱلله ویقتلون ٱلأنبیاء بغیر حق ذ ٰ⁠لك بما عصوا وكانوا یعتدون

Surat Ali 'Imron 112

Dhuribat 'alaihimudz dzillatu ainamaa tsuqifu..
illa bi hablim minalloh, wa hablim minan naasi. 

Dzuribat 'alaihimudz dzillah
di dok.... Gusti Alloh, ngendikaaken, ngedok... opo ngedok iku wajib? ORA wajib, wong budaya. Budaya itu tidak ada yang wajib. Molane ono wong tuwo ngawinaken anak, iki budaya. ORA ono hukum islam nerangaken, wa yajibu, lan wajib wong tuwo... ngawinaken anak. Mergo iki wis dadi budaya. Ono wong tuwo kok ora gelem ngawinno anak, PANCEN akale kurang, Nggih nopo mboten? nggih nopo mboten? NIKI Alloh. DADI Dhuribat  di dok.. 'alaihimudz dzillah ainamaa tsuqifu, budaya yang apa pun. Jadi manusia itu ono budayane, ono tsaqofahe. Bangsa Indonesia mempunyai tsaqofah, yang berbeda dengan bangsa2 yang lain. Oleh karena itu, islam teko ning Indonesia, bukan berarti untuk mengubah budaya Indonesia menjadi budaya arab. MALAH REPOT, wong arab karo wong Indonesia iku bedo, bedo iku ora poo? do... Kulo yakin, Indonesia tidak lama, pasti akan jadi negara yang baldatun thoyyibatun wa robbun ghofur. Negara sing gemah ripah loh jinawi, dan mendapatkan ampunan dari Alloh Swt. Saiki wis diketokno, karena semarak keislaman menjadi besar. Kampung2 wis podo gelem sembahyang. Sampeyan tingali, banyu urip niku, ora ono masjide. Sakniki ojo kok banyu urip. wong pinggire banyu urip wae pun ono masjide. Nggih nopo mboten pak??

TAPI sayang, kalau pembinaan masih tidak disertai oleh kemauan dan pengertian agama sing diwarisne poro ulama2, saya khawatir kalau hari ini adalah kemakmuran yang hanya sementara. Innaa lillahi wa innaa ilaihi roji'un. Milo saking meniko, niki engkang penting kulo aturaken. Kulo mpun tuwo, niki wes kliwat sak jam, iki mestine ngono wis gak kuat, wong (kulo) wis wolung puluh pinten? wolung puluh? pitu. Kulo sedinten wis nemoni tamu, kulo omongi terus, tamune ora gelem mulih2. 


Lanjutan bisa kalian saksikan disini ya... temen2.. 

Comments