Skip to main content

Sejarah Perjuangan Islam | Catatan NGaji Kyai Maimun Zubair


NAMA2 ULAMA dan Daerah Asalnya

Ulama tahun 300 Imam Maturidi, mergo soko maturid, Niki...kalau gak begitu, pekerjaan/karyawan, sing nuduhaken ing ngatase, ndekne soko golongan koyok iku, koyok IMAM GHOZALI. Mergo suatu pekerjaan sing nggozlah, tukang ngantri. Niki Alloh Subhanahu wa Ta'ala. Ulama iku diciptakne (soko) desane, IMAM NAWAWI soko nawah. Satus kilo meter luwih tok ning nggone ndi? ning nggone dimasqo. Mbeguru ning Ibnu Malik, 


tabakhur min ilmin wahid, 
tabakhoro fi jami'il ulum


Akhire balik ning nawah. Ning nawah, wafat Imam Nawawi, durung kawin, mergo ijeh nom wis wafat. Durung sampek tuk sewidak... seketan piro. Niki Imam Nawawi, keramat imam nawawi, lek ngarang kitab, kadang lampune mati, drijine iso nopo? bersinar. Niki Alloh, Imam Ghozali, Imam Nawawi, niku sak teruse. 


Akhire sampek ning Indonesia niki. 


Zamane Mbah  Hasyim, ora ono mbah hasyim liyane, tebu ireng. Panjenenganipun Kyai Dimyati, KYai Mahfudz, ora muni pacitan, at turmudzi. Ngko pareg pacitan. Lan termaz iku ora deso, kampung. Panjenenganipun, sedoyo ngaten. Kyai Romli, Yoso... ora muni Jombang. Sekarang sudah hampir hilang kitab2 fiqh, Mergo masjid wes ora ono. Ditambah Masjid wis gak ono, saiki wong ndeso2 lek dadi santri ora ono sing eling desane, nanging eling nopo? kotane. Niku Ndilalalah ALloh.. Ana urid, wa anta turid, wallohu yaf'alu maa yurid. Niki Alloh...


Zaman Ghorib


Lha sakniki zaman sing mengkene iki, sing diarani ghorib. Zaman ghorib, ngaji muhadhoroh, Wau tak terangno iku donge, muhadhoroh soko al hadhir, wal bad. Dadi kota, wal bad ndeso. 

Kaprahe ulama iku ning kota, Hubungane ning kota2, pengalamane akeh. Ora ono riwayate ulama ruh muk sak negoro. 

  • Panjenenganipun Ibnu Malik, dilahirno ning Andalus, Spanyol. Pindah dadi Kyai gede ning mesir, pindah ning nggone dimasyqo, meninggal ning dimasyqo. 
  • IMAM QURTHUBI, saking qordhofa spanyol, pindah ning maroko, ngetan ngetan ngetan, al jazair ngetan terus, sampek tuk mesir. Wafat ning mesir. Nah ulama wartsatul anbiya... 
  • Panjenenganipun Imam Abil Hasan As sadzili, songko fast. Kulo pun nate ziyarah dateng panggonanipun Abil Hasan As Sadzili. 

Kulo ziyarah dateng panggonanipun pembaiatane Imam Ghozali. Imam As Sadzili teng Fast. MAROKO. Iso diparingi pindah ning maisaroh, sing 400 km soko peramaian. Pom dumugi pesareane niku 400 km. Kulo pun nate numpak motor, wani wanian, Kapan ziyarah rono, anak kulo sing ziyarah sing namine wafi. wis gak wani, numpak mobil, mergo lek bane pecah ape nambalno ban yo gak enek. Lek ning hape, arepe kirim wes gak ono tower kulo nekat, 400km. Niku muride, isite sumebar, thoriqot syadziliyah, yo wong soko spanyol maneh, yoiku al mursi. Murs, Mars niku soko spanyol, kok iso tuk nggone... diangkat malaikat. Kulo yakin, gak iso lak gak diangkat malaikat. DadOS kulo ziyarah poro wali2ne Alloh, kulo niku yakin, wali niku martabat sing duwur songko Gusti Alloh. Dahar songko Alloh langsung, Koyok dene Panjenenganipun Syaikh Abdul Qodir Al Jailani. Fallohi maa akaltu, hatta qila lii bi haqqi 'alaikum. Wa maa syaribtu, hatta qila lii bi haqqi a'laika syarob. 


Suluk Ulama

Panjenenganipun Syaikh Abdul Qodir AL Jailani, naliko suluk, medal saking, eling, Kalian alam sing alam malaikat, Metu songko alam basyariyah, panjenenganipun Syaikh Naqshobandi, lek ndongo, Allohummanqul naa. Allohummangqulnaa anil muhaj al basyariyah ilaa al malaki al mulki. Munggah ning alam sing diarani al muhaj. Alam manungso, mangan kudu dimasak, iki alam malakut. Syaikh Abdul Qodir Al Jailani meneng ning panggonane sing sepi, Ana ana.. wa anta wa anta. Jadi wong sing pas, wushul menyang Alloh, Laa ilaaha illalloh, ai laa maujuda illalloh. Ora ono sing (wujud) kejobo Alloh. Syaikh Abdul Qodir Al Jilani naliko tuk zaman mangsane laa maujuda illalloh, ora eling opo2 kejobo Alloh. Sehinggo ora dahar, kejobo ono daharan teko. Wes neng ngarepe iku ora didahar, lek rung krungu (suarane malaikat) kul yaa abdul qodir, maa akaltu hatta qila li.. bihaqqi alaika. 


Perjalanan Imam Al Ghozali

Panjenenganipun Syaikh Al Imam AL Ghozali, asale dadi ulama sing alim nduwe tinggalan kitab2 sing kito woco iku kabeh karangane Imam AL Ghozali, lan karange,, qodhi abi syuja'. Matanne niku sampek saiki ora ono sing ngowahi. Ono maneh sing ngarang kitab FIQIH panjenenganipun Imam AL Ghozali, metune luwih disek imam ghozali, tinimbang taqrib. Sebab taqrib niku umure 160 tahun. 160, 60 tahun dadi qodhi, mulang iko iki, 100 tahun taqrib abu syuja' nirakati kitab Taqrib ning kuburane Rosulillah Shollallohu 'alaihi Wa sallam. Fa yuqolu lahu... tukang sapune KUburane Rosulillah Shollallohu 'alaihi wa sallam, iku abu syuja'. Kitabe dadi barokah, ono kyai kok ora patek moco taqrib, mesti ora patek Kyai. 

Ono Imam Ghozali, sing ngarang kitab nopo? Kitab Fiqh dibagi telu, al wajiz, kanggo bocah ibtida'i. Al wasith, tsanawi aliyah, al Basith kanggo wong sing ulama2. Teko sak wuse Imam Ghozali, al wasith disyarahi asy syarhil kabir, kitab telu iku dikarang diarani minhajut tholibin,  li imamin nawawi. Sakwuse Imam Nawawi, tahun 900an, Imam Zakariya Al Anshori, sing wis ono Azhar, ning dikubur adoh soko azhar, niku ngarang kitab minhajut tholibin, diganti manhajut thulab. Disyarahi dadi Fathul Wahab. Milo ngertio kitab2 niki tinggalane poro 'Ulama. Diwoco, kowe moco kitab, iki minongko kowe nerusno poro Ulama, sing wis entek iki, karek sitik. 


Di atas Al Haq

Tapi kok iso ntek? gak ngarah lek ijek ono ndunyo. ijeh ono ulama. Mergo dawuhe kanjeng Nabi.... 

...dzohirina alal haq....

Sebagian umatku ono sing haq ae, sehinggo teko wangsane hari kiamat. Wangsul malih, ahlus sunnah wal jama'ah. Sunnah Sunnahe Nabi, jama'ah- jama'ahe poro shohabat. Wau kulo kondo aneh, zaman kanjeng Nabi lek ono wong islam, iku mesti iso coro arab. 

(Saben) Man dakhola fil islam, 

yatakallam bi lughotil arobiyah. 

Zamane Kanjeng Nabi, qobla fathil makkah. iku lek ono wong mlebu islam, ijen2. Ning sakwuse fathul makkah, 

idza jaa-a nashrullohi wal fathu...

Lek wes teko pitulunge Alloh. Pitulunge Alloh yoiku tahun 6 hijroh. Wal Fathu, wis kapan wis dibedah negoro mekkah. MEnungso podo mlebu agomo islam golong golongan. Ora ijen2. Molane akhire wong arab kabeh mlebu islam. Mergo (wong arab) zaman kanjeng Nabi mlebu islam kabeh. Negoro arab ono sing dijajah persi, bahrain. ONo sing dijajah romawi zaman kanjeng Nabi Tabuk. Mulo kanjeng Nabi mbedah Bahrain, mbedah tabuk. Sehinggo arab utuh, zaman kanjeng Nabi. Mulai tabuk sampai shon'a, mulai lautan merah sampai lautan wetan teluk persi. Kanjeng Nabi kon siap2 mati. Kapan kanjeng Nabi diperintah kon siap mati? 

idza jaa-a nashrullohi wal fathu...

Lek wes pitulunge Alloh teko. Pitulunge Alloh iku perang Khondaq. Perang khondaq iku perang sing didadekno panglima perang SALMAN AL FARISI, ko persi. Iki.. iki kawitan wae wes koyok ngene. Bareng SALMAN AL FARISI didadekno panglima nggawe khondaq. Sakwise nggawe khondaq, wong arab podo wedi kabeh. Ahzab, ahzabul arob. Mergo gak ono perang kok nggawe blombang blombangan, iki wes gak kenek ditandingi. Molane shohabat sa'ad tangklet teng kanjeng nabi. Ba'da hadza harbun yaa rosululloh? qola laa.. laa harba baina naa wa baina quraisy. Wes gak onok perang, sampai dituruni ayat, dawuhe Alloh Subhanahu wa ta'ala. 

Laqod shodaqo rosulullohu rukya bil haq. 

Luwih2 sakwise perang tahun kaping pitu. Balik soko hudaibiyah,dadi tahun 6 perang khondaq, Tahun 6 mlebu mekah, ning ora sido mlebu, mergo ning hudaibiyah ono perundingan hudaibiyah. Mergo ontane ora gelem, didekno kapan ngadek, kon mlebu mekkah gak gelem. Ontane kanjeng Nabi didepno madinah... mlayu ae. Da'haa fa innahaa makmur. Mbarno, untaku iki diperintah. Sampek timbul opo sing diarani nopo? persetujuan opo? hudaibiyah. Yoiku sulhul hudaibiyah. Damai, damai 10 tahun. 10 tahun lak ono wong islam mlebu kafir, ora usah dibalekno, wong wis kafir. Ning lek ono kafir mlebu islam, kon mbalekno. Mergo, gene kok dibalekno, ditanda tangani karo kanjeng Nabi, sing nulis Sayyidinaa ALi. Karomallohu wajhahu. Iki ndudohno Sayyidina Ali iku mantune Kanjeng Nabi sing dadi baabun min abwaabil 'ilmi. Dadi sulhul hudaibiyah ditulis, apa itu? akhire sayyidinaa umar mangkel. 

An u'ti adnaniyah, kito niki dianggep ashor, piye? Lek ono wong kafir, mlebu islam, kon mbalekno. Lha lek enek wong islam, mlebu kafir, Mbarno. Dawuhe kanjeng Nabi, wis kafir, mbok kapakno? Lha lek wis islam, kon mbalekno? lho ben islame murni. Dadi kowe kok mlebu islam ora kerono sesuatu hal. Kerono murni, dibalekno ben tetep islam. Akhire putrane sing diutus rundingan karo kanjeng Nabi, mlebu islam, dibalekno karo kanjeng Nabi. Bareng dibalekno, karo kanjeng Nabi akhire minggat, ning sewiji daerah. Piro2 wong islam do mlebu islam, wong kafir mlebu islam, dibalekno, kumpul karo amr bin suheil. Akhire dadi komplotan islam ora pihak mekkah, ora pihak madinah. Koyok mengkono kanjeng Nabi Pintere. Akhire Kanjeng Nabi tahun pitu umroh. Umrohe kanjeng Nabi sakwise mbedah khoibar. Khoibar iku jantung kekayaane yahudi. Sehinggo mulai tahun pitu, wong yahudi semuanya di bawah kekuasaan kanjeng Nabi. Mergo khoibar nentang, diperangi kalah. Sehinggo kanjeng Nabi Sugih, saking sugihe kanjeng Nabi, Sehinggo umroh tanggal pitu mau, kanjeng Nabi nyembelih unto 70. Mongko wong mekkah nduwe unto sepuluh wae arang2. Lha iki dawuhe Alloh Subhanahu wa ta'ala. 


یقولون لىٕن رجعنا إلى ٱلمدینة لیخرجن ٱلأعز منها ٱلأذل 

ولله ٱلعزة ولرسولهۦ وللمؤمنین ولـٰكن ٱلمنـٰفقین لا یعلمون

Surat Al Munafiqun: 8


Wong islam mulyo, wong mangane wae, ning kitab feqih sak mud. Fekir, ora kurang sak mud, 6 ons seprapat. Dadi 6 ons seprapat, ping 10 dino, nem kilo seprapat. 6kilo seprapat, ping telu piro? meh 19 kilo, kurang seprapat. Iku wong fekir, dadi kok wong islam mangane kurang soko iku,  yo ora patek islam. Dadi wong islam, sak mud, sing fekir... sing sedengan sak mud setengah. Dadi 9 ons, dadi wong islam iku mangane sewulan kudu pitu likur kilo. Lha kok entek? mergo paling sitik bab nafaqoh, mangan daging iku ping pitu, sing sedengan ping telu. Dadi seminggu kudu nyate pingtelu. Kadang sampek, urip ora tahu mangan sate, ono ta ora?? he...? wonten nopo mboten?? Niki Alloh... dadi wong islam mulyane koyo ngono, 



یقولون لىٕن رجعنا إلى ٱلمدینة لیخرجن ٱلأعز منها ٱلأذل 

ولله ٱلعزة ولرسولهۦ وللمؤمنین ولـٰكن ٱلمنـٰفقین لا یعلمون

Surat Al Munafiqun: 8


Tapi kowe ojo geger, lha kyai2 kok ngono? lha indonesia iki lain daripada yang lain. Lain daripada yang lain. Mergo islam iki dilebokno Indonesia karo wali. Kapan wali mesti tirakat. Dadi mlebune islam ning INdonesia, iku aneh daripada dimanapun islam iku masuk. Wali iku tirakat. Molane kowe dadi santri, mangane sak wulan pirangkilo? sedoso kilo. Wes trimo wae, pancen ko wali wali. Dadi islam wali iku khusus Indonesia. Sampek bid'ahe yo ko (wali). ONo wong ora cukur, tumane pirang2. Mlaku terus wae, ditakoni dalil, moco kitab gak iso. Mergo milih kewalian ilmu bathin. Yo anggone, wong kebathinan saiki bid'ahe yo kebathinan. Iku Indonesia. Dadi kowe kudu ruh koyok ngene iki. 


Poro rawuh poro sederek, Niki Alloh.... Lha sakniki ketok, sampeyan delok Indonesia niki. Bareng akeh wong sembahyang, akeh sing kaji. Gak ada dunia sing satu negara, lebih dua ratus. Satus wae gak ono, mesir wae pitung puluh. Ora ono, paling pol negoro iku kaji satus. Yoiku negoro iran, tapi arang2 wong iran kaji, mergo ora wong ahlus sunnah, mergo wong opo? syi'ah. Lhaiki indonesia ketok, bareng akeh sing sholat, mbiyen omahe akeh sing melik, mangan kadang njaluk njaluk, Aku kawitan tahun 50, nyediani sedino sewengi mesti ono wong njaluk sego, ping sepuluh. Saiki gak, mergo do sholat, diparingi dening Alloh. Sakniki do cukup, kaji pirang, Dunia gak ada, ngebek i mekah koyok dene wong Indonesia. Iku lagek abtadi-u imla' urung bismi dzatil 'aliyah. Mergo saiki sholate akeh, ning urung cocok karo islam. Ijeh berselisih, ijeh bertentangan. Belum mendalami hukum2 islam, malah kadang dikhawatirkan memberantas Kyai. Jadi Indonesia iki susahe mbrantas nopo? mbrantas nopo? kyai. Dadi pengurus organisasi NU, ora ono anak e dipondokno. Mesti sekolah, aku semono tamuku sak bis, dongakno kyai anak ku nembe kuliah niki. Iyo iyo... aku iya iyo ae. (Padahal) iku pengurus teras Nahdhotul Ulama, molane saiki abda-u islamu ghoriban, wa saya'udu ghoriban kamaa badaa. Fatuuba lil? ghuroba. 

Molane sampeyan ngaji, muhadhoroh, sabar, molane anak e kyai arang2. Ono anak e kyai sing di SMP no, SMA, kok ora? dipondokno, MOOOH..... mohe bantere ra karuan. Mergo dianggep Kyai iku Bid'ah, sing bener ndekne. Kullu bid'atin dholalah, wa kulla dhollalatin fin naar. Iku kurang ajar, lek wani, kurang ajar. Kitab dawuhe warotsatul anbiya. Dene saiki kok ora ning masjid, yowis. Alloh perintah, wong iku apikno, sak (iso2mu). Lek gelem yo kon ngaji tok. Lek gak gelem kon sekolah. Madrasah, eh kurikulum sitik2 ngko diwarahi, ngaji yo ngoten. Ning apik tenan lek gelem ngaji. Mboh uripku sok mben aku  pasrah menyang Gusti Alloh. Sami kalian Imron Tsani, mertuane Nabi Zakariya. Imron Tsani kapundut, garwane hannah, ngandut, ngandut iku meteng. Piye hannah ucapane? 


إذ قالت ٱمرأت عمر ٰ⁠ن 

رب إنی نذرت لك ما فی بطنی محررا 

فتقبل منی إنك أنت ٱلسمیع ٱلعلیم

Surat Ali 'Imron 35


Kulo nadzar Gusti... weteng kulo niki ajeng kulo damel muharror, muharror iku kyai. Lek gak Kyai Nabi, panggonane ning masjid. Ning opo kedadeane, bareng hannah nglairne, dadak wedok. Maryam.. Matur kalih Alloh... kok estri? mboten wonten tiyang lanang kados tiyang jaler. Mulane asale wa laisal unsa kal dzakar, dadi Al Quran iku kadang walik an. Mongko wong wedok iku ora koyok tiyang jaler. Lek wong lanang mlebu masjid bebas, ora haid. Lha niki, dadi ora sido muharror. Dadi Al Quran iku ono sing diwalik, kapan barang sing penting, diwalik Al Quran. Niki maryam, sak anak turune, sampeyan rekso soko syaitan. Kemanden, Maryam nduwe anak Nabi Isa. Lah direkso syaitan iku lak munggah ning langit. Lha niki Alloh lek nggawe koyok ngono. Tenan zakariya njaluk, supoyo tak rumate. Mergo iki Maryam wes ora nduwe pak. Dirumat karo Zakariya, karo Mbok Ayune. Ijeh cilek wes dadi wali. Ijeh cilek dadi wali, diseleh ning pengimaman mihrob, Molane sampek saiki mihrob iku telu, Ngopo kok telu, sing lor kanggo khutbah, Sing tengah kanggo sholat, sing kidul, mrengeti siti maryam. Dadi diseleh kidule Pengimaman. Diseleh kidule pengimaman, iku dikek i slambu. Molane mbiyen iku bapak nggawe mimbar, ngarepe dikek i klambu. Mergo tafaul ning siti nopo? maryam. DIBUKAK klambune ape dikirim panganan, wes ono panganan. Rizqi songko suargo, nah ketok rizqi soko suargo, ora pipis. Dadi mbesok ono suargo iku ora ono pipis, ora ono eek. Koyok siti maryam diseleh ning? kidule coro kene imaman. Ora eek, ora pipis. 


Enek poro wali2ne Alloh sing diketokno, yoiku Syaikh Abdul Qodir Al Jilani. Sing kulo ziarahi, ping pindo, panjenenganipun Syaikh Al Imam Abil Hasan Asy Syadzili ning Maisaroh. Ping telu Imam Al Ghozali, Imam Ghozali bareng Laa ilaaha illalloh, laa maujuda, lali kabeh. Mulane wong mbesuk ning suargo, diparingi dening Alloh omben2 sing diarani omben2 khomr. Nggih... nopo? khomr. Wali2ne Alloh, iku ngombe khomr mbesuk. Sing murni khomr suargo, lek wes ngombe khomr suargo, murni, lali liyane Alloh. Lali liyane Alloh sehinggo, .... illa wajhillah.  Enak2 e wong, kapan wae nek wes (ningali) menyang Alloh. 

Wujuhun yaumaidzin nadhiroh, ilaa robbihaa nadziroh. 

Dadi wali wes ora eling liyane Alloh. Imam Ghozali ning Baghdad, terus nyabrang ning oro2 ning tuk yaman, 3000 km. Muk nggowo timbo tok, mboh ko ndi? panganane? Songko Yaman, tuk mekkah. Songko Mekkah tuk Madinah, Songko Madinah, tuk Masjidil Aqsho, Tuk masjidil Aqsho, tuk masjid baitil maqdis. Yoiku masjid Umawiyah... Molane wong islam, Kuwi lek mlebu islam, senajan kowe ora cocok karo umawiyah, Mergo dadi rame zaman Sayyidinaa Husein, kito wajib MENENG. Mergo Imam Ghozali Tuk masjid Umawiyah. Tuk Masjid Umawiyah, ngarang Kitab Ihya sing Baabut Tauhid. Dadi Kitabut Tauhid, dikarang dening Imam Ghozali ning nggone Masjid Umawiyah. Panggonane Imam Ghozali diseker, Gak oleh Mlebu, alhamdulillah kulo iso mlebu, sembahyang rong roka'at kulo, pengin koyok dene... ora (kabeh), sak tetese wae wes seneng. Soko dimasqo, balik ninggone Thus. Mongko Thus iku melalui rusia, melalui padang pasir sing ono ing daerah siria. Iki Alloh, Imam Ghozali balik ning Thus, naliko balik ning Thuz isih ahli fiqih, ahli ilmi kalam, ahli filsafat, bareng tuk ning Thus, karek Laa maujuda illalloh. 

Molane Kitabe Imam Ghozali sing terakhir, kitab Minhajul 'Abidin, ndilalah, kitab Minhajul Abidin gak enek sing iso nyarahi kejobo Syaikh Ansyad Jampes. Kulo wiwitan disowano ning nggone kyai kalian bapak kulo teng Mbah Ansyad Jampes. Ora iso coro arab, dijak coro arab ora patek iso, ing gineo kok iso ngarang kitab syarahe Minhajul Abidin, yoiku kitab nopo? Sirojut Tholibin fi syarhi minhajut tholibin. Bapak iku kapan moco kitab, ndelok kagum, karangane Ansyad Jampes. Bareng ditekani, dijak coro arab, kulo mboten saget. Molane ngertio kowe, arab sing dikarepno kanjeng Nabi ora kok coro arab pasar. Coro Kyai Ihsan, Coro Arabe Mbah Dul Karim, Lirboyo, dadi ora kok....

Tapi ilaa aina tadzhab, Bahasa Arab. Molene Arab, (enek ) sing diarani arab pasar. Diarani arab pasar mergo, 

fis suuqi tuqomu royatus sayaathin

Ning Pasar iku dikerek gendero....

Molane ojo sombong kowe berbahasa arab mesir. Dadi islam itu aneh2 kayak gitu, mengapa zaman Kanjeng Nabi, wong islam kok iso berbahasa arab. .? 

Naliko kanjeng Nabi mbedah negoro sing ora berbahasa arab, TABUK setengah arab, setengah gak, Bareng tabuk dibedah Kanjeng Nabi, yatakallamuna bi lughotil arobiyah. Sakwise TABUK kanjeng Nabi perintah kaleh Sayyidina Zaid, bedah yarmuk. Zaid, mati.. budak. Zaid bin haritsah. Niki isyaroh, bahwa kalau engkau masuk islam, harus tahu sejarah. Aneh2e niku, harus kau benar2, kau ketahui. Ora ono wong sing disenengi kanjeng Nabi, koyo zaid, mongko budak. Iku zaid, budak iku orang yang diperjual belikan. Ora trimo disenengi, diangkat dadi putro angkat, kaleh Sayyidah Khodijah. Mergi Sayyidah Khodijah niku kagungan putro kaleh, qosim Abdulloh, Qosim Abdulloh wafat cilik, eling terus.. ngangkat putro kaleh, siji zaid, loro Sayyidinaa ALi. Molane kawitan wong islam, awwalu man islam, ABU BAKAR. Wa minasy syibyaan, ALI anak angkate Sayyidah Khodijah. wa minal mawaali zaid anak angkate Sayyidah Khodijah. Wa minal 'ariqo, bilal. Budak bilal, mergo iki senengane ABU BAKAR. Dituku kalian Abu Bakar. Abu bakar adalah seorang yang tidak bisa pisah kalian Sayyidah KHodijah bab perdagangan. Jadi tuku ning nggone bilal ora lepas soko duwik e Sayyidah Khodijah. MOLANE Tritunggal, Kanjeng Nabi Muhammad, Sayyidah Khodijah, Abu Bakar. Iki sampeyan angen2, iki kanjeng Nabi. 

Kanjeng Nabi, Khodijah Wafat, kagungan budak yang dihadiahi kalian Rojo mesir, jenenge asmane Maria.... asale nashroni, mlebu islam. Maria sebagai budak, yang diberikan kepada Nabi, dikumpuli kalian nabi, Kagungan putro Ibrohim. Atau Ibrohimu min sariyah, wa ummuhu mariyatul qibtiyah. Jadi tahu, bahwa Nabi itu seorang yang islam itu kaffah. Dadi lek wes ruh kaffah, yo kudu ngerti, wong sing duwur2. Mergo kanjeng Nabi iku klebu Arya, Muhammad Al Arya. Arya iku turunan bongso babilion sing elit, iku arya. Dadi arya iku songko Nabi Isma'il, songko madyan, songko ya'qub, songko 'aisy ar rum. Mulane jerman yo arya, mergo turunan aisy ar rum. 


Sampek wong jowo dewe iku pinter2, endi sing wong gede2 iku diarani arya. Aryo pamanggolo, aryo jipang, aryo penangsang. Niki elit, Tapi Nabi ruh sing wong cilik. Dadi islam iki harus mengkawinkan bainal agniya wad du'afa. Molane Haditse,,, 


innamaa tunshoruuna, bi dhu'afaa-ikum. Dadi orang sing budak2... milo saking meniko, ngilmu bathin, iku dikumpulno sayyidina ali. Sayyidina Ali, mengumpulkan ilmu dzohir, dan ilmu bathin. Ilmu bathine sayyidina ali yoiku makno dzikir Laa ilaaha illalloh. 47.12 Loh Sayyidina Ali dikucuri kelawan Laa ilaaha ilalloh dening kanjeng Nabi, sing dadi catetane ahli tasawwuf, sopo muride Kanjeng Nabi? Hasan Bisri, Molane Hasan Bisri iku tabi'in sing nomor siji, mergo sing di ba'iat sayyidinaa ali laa ilaaha illalloh. Hasan Bisri, ibune Budak Sayyidina HIndun. Jadi kanjeng Nabi tazawwaja hindan, fi yadi hindin, amadun sholihah, amad sing sholeh yoiku ibune hasan bisri. Dikawino kalih kanjeng Nabi, oleh Budak, lah lho njajal. Budak e sopo? Zaid bin Tsabit. Dadi Zaid bin Tsabit nduwe budak lanang, dikawinno karo budak wedok e hindun. Metu hasan bisri,iki wiwitan wong sing maris ilmu Soko Sayyidina Ali, ilmu bathin. Ibuk e budak, bapak e budak. Hasan bisri kagungan murid Sa'ad Al Ayyami, Sa'ad Al Ayami nduwe murid Dawud At Thoyi, songko bani thoyi'. Bani Thoyi' wong ndeso adoh, Dawud At Tho-i kagungan murid, ma'ruf al qurhi. Ma'ruf al Qurhi kagungan murid, As Sirri Saqdi. Sirri Saqdi kagungan murid Abil Qosim Al Junaidi. Budak iki mau... sing dadi imame thoriqoh ahli tasawwuf, kapan diarani ath thoriqotul mu'tabaroh, ora metu soko thoriqoh sing dikarang Abil QOsim Al Junaidi. Niki Abil Qosim Al Junaidi, ngregani turun rosul, yoiku salah siji songko Imam 12, sopo asmane lali aku, sopo sing eling? Ali Ar Ridho. ALi Ar Ridho muride soko bapak e yoiku Al Kadzim. 

Dadi manungso lek wes islam, ngerti, yo ngregani turunane kanjeng nabi, wajib. Mergo ora ono sing mberkahi ning alam ndonyo iki koyok turunane kanjeng Nabi. Molane aku kepingin ruh spanyol, iku mergo ning spanyo iku arang2 turunane Kanjeng Nabi. Iso punah, saiki dadi Spanyol. Kulo jak teng baghdad, bareng teng BAGHDAD

  • ono Abul QOsim Al Junaidi, 
  • Ono Waline Alloh Syaikh Abdul Qodir Al Jilani
  • Ono Panjenenganipun Imam Hambali, 
  • ono kuburane Sayyidina Husein ning karbala, 
  • Ono kuburane Sayyidina ALi. Ono kuburane wali sing pirang2, 

dadi ahlus sunnah wal jama'ah kudu ngerti, bedakno kowe antarane spanyol karo baghdad. 

Mongko ulamae akeh sing soko spanyol asbania, termasuk sing nerusno Thoriqot Syadziliyah, Yoiku sopo?? Al Mursi. Sampeyan angen2, alhamdulillah kulo sampun ningali, sampeyan kulo jak, kulo nasehati koyo ngene, supoyo tetep, ahlus sunnah wal jama'ah. Jama'ah iku jama'ahe poro shohabat. Jama'ahe poro shohabat, shohabat iku dadi jama'ah naliko Abu Bakar, Umar, Utsman, Ali. Wa qilaa.. qil, karangane Syaikh Abu Bakar As Sato, setengahe qil, Sayyidina Ali iku muk separo. Mergo akhire, sayyidina Ali ngalih ning KUffah. Molane (perpecahan) shohabat podo ijtihad dewe2, sampek ono perang sing diarani waq'atul jamal. waq'atus siffin macem2, iku sak wise sayyidina ali, indah wonten kuffah. Mergo dawuhe Kanjeng Nabi Muhammad Shollallohu 'alaihi wa sallam, 

Innakum sataftahunal iroq, wa taqushuunaa ilaihi bassa, 

kowe rono bakale, podo metu soko madinah ning iraq. Nanging wal madinatu khoirun,, nanging qoul sing mu'tamad, entek e ahlus sunnah wal jama'ah, sakwuse sayyidina Ali disampung sayyidina hasan. Mergo al khilafatu ba'di tsalatsun, 30 tahun sak wuse sayyidina hasan, nyerah ning mu'awiyah dadi gedene mu'awiyyah bin abi sufyan. Niki Ahlus Sunnah wal jama'ah. Nah Ahlus Sunnah wal jama'ah, diterusno, dadi ono mushaf loro, WONG syi'ah ngarani mushaf ali, wong ahlus sunnah wal jama'ah ngarani mushaf utsmani. Nah utsman min bani umayyah. Bina sayyidina Utsman ning nggone gubernuran syam. Diangkat mu'awiyyah, ora kenek mu'awiyyah mbok elek2 mergo mu'awiyah niki, juru tulise kanjeng Nabi, Quran. Jadi quran sing akhir, ba'da fathi makkah, mulai tahun 8hijriyah, 9, 10 sing nulis mu'awiyah. Lha sampeyan lek kepingin iso weruh, delok quran iku. Kapan sing tulisane mu'awiyyah dewe karo sing liya2ne. Dadi molane mu'awiyyah diangkat dene kanjeng Nabi, 

kaatiban lahu khoshoh, fi maa yata'allaqu fil quran

Molane akhire Mu'awiyyah, akhire diterusno, quran iku sing nulis, Sayyidina Utsman, ning tulisane sayyidina utsman urung ono tak tek ayat2e. Tak tek e ayat2, iku sakwise mu'awiyah, sak wuse mu'awiyyah iku Yazid bin Mu'awiyyah. Mu'awiyyah bin yazid bin mu'awiyyah. Rame Quran dadi wong alim sing tenan, Daulah mu'awiyyah, marwan bin hakam. Mergo marwan bin hakam iku kancane / muride abu huroiroh. Molane Marwan bin Hakam, alim2 e putrane marwan, Abdul  Malik bin Marwan, Abdul Malik bin Marwan, niki kancane Sa'id bin Musayyab. Dadi ora ono wong koyok Abdul Malik, senajan, keras koyok ngono, iko iki macem2. Nganging cilik e, dewekne, ngaji bareng2 karo sa'id bin Musayyab. Sa'id bin Musayyab, muride Abu Huroiroh, Molane Jare Imam Asy Syafi'i, kullu haditsin rowahau Sa'id bin Musayyab, Fa laa yahtaju bihal isnad. Gak usah sanad wisan, mergo ora ono haditse sa'id bin Musayyab, kejobo hadits iku soko Abu Huroiroh. 


Yo koyok ngene, gineo kanjeng Nabi, Kok ngek i hadits kok ora ning quraisy, ora ning anshor ahlil madinah, tapi diwehno Abu Huroiroh, iki yo (fitnah). Wa nablukum bisy syarri wal khoiri fitnah. Molane wong syi'ah moh haditse sinten? Abu Huroiroh, Wong ndeso ae nggo opo? Abu Huroiroh, nduwe (murid) Sa'id bin Musayyab, Sa'id bin Musayyab nduwe konco malik bin Marwan. Niki Alloh, Abdul Malik bin Marwan, dituntun karo marwan. Marwan gadah sederek, namine Abdul Aziz. Songko ngalime Abdul Aziz, dipek Mantu Sayyidina Umar. Abdul Aziz mantune Sayyidina Umar, Abdul Aziz kagungan putro namine, Umar bin Abdul 'Aziz. Niki Kholifah naliko sing entek2 an kekuatan. Dadi naliko umar bin Abdul Aziz dadi khulafa bani umayyah, mergo saking khusyu'-e, saking wedine ning Alloh, dho'fat, syaukatu bani Umayyah, apes. MOlane Jatuhe ono ning kholifah umar bin abdul aziz. Nanging Umar bin Abdul Aziz, diangkat dening Alloh minongko mujaddid al awwal. Mengubah Umat islam sing pertama Umar bin Abdul Aziz Mergo kawitan wong sing nulis hadits. Perintah Umar bin Abdul Aziz ning Imam Zuhri nulis hadits. Dadi podo karo Abu Bakar perintah ning Sayyidina Zaid nulis Al Quran. Molane Umar bin Abdul Aziz wiwitan berubah. Wong Islam ono tulisan quran, ono tulisan hadits. Dadi Islam molai awal, sampai ila yaumil qiyamah koyok ngene...Umar bin Abdul Aziz perintah, quran hadits ditulis, tahun 100. Tahun 200 ono Imam Asy SYafi'i. Ngramekno Ijtihad, dadi saiki ora kok QUran hadits tok, nanging ono ijma' qiyas, iku sakwuse Imam Syafi'i, keadaane. Ora iso mung Quran hadits tok, mergo luas islam. Imam Asy SYafi'i, AL Quran Hadits, Ijma', QIyas, Sakwuse 300, wong iku hubungan luar, dadi dalil ora kok nash tok, quran hadits. Ono dalil Aqli, ono Dalil Naqli. Aqli, rasio akal. Dadi ad dinu Aqlun, wa laa dinaa liman laa aqla lahu. Niki tahun pinten? 300, koyok mengkono. Nah saiki keadaan yang kayak begini belum dibukukan. Rame dibukukan, sak wuse tahun 400. Yoiku zaman Abu Bakar sing kawitan membukukan segala catetan para ulama,dibukukan. Abu Bakar Al Baqilani. Sampeyan delok sakniki, karangan sak wuse Abu Bakar Al Baqilani, pirang2 ditulis kitab2, koyo dene rame kitabe Imam Asy Syafi'i, Al Umm. Rame disyarahi syarhul kitabil umm. Tapi apa yang terjadi, pengertian yang macem2, filsafat. Ono aqli, ono naqli, sehinggo wong islam dadi kabur, kabure wong islam sehinggo banyak mencatatat ilmu2 filsafat, dadi keruntuhane umat islam sak wuse tahun 400, masjidil Aqsho dikuasani sampai Mesir, tuk halib. Tuk opo sing disebut,..

wadhrib lahum matsalan ashhabal qoryah (inthoqiyah). Dadi mulai tuk kairo sampai tuk Palestin. Molai palestin sampai tok syiria, sampai tok inthoqiyah, dikuasai SALIB. Fa ja-a fil khomis, Imam Ghozali, sing Jami' bainal ilmin dzohir wal bathin memperbaiki umat iki,apa yang terjadi? ono wong singjenenge Sholahuddin Al Ayyubi, semuanya dihapus, kekuasaan salib. Menang... koyok dene zamane Umar bin Abdul Aziz, iku zamane Imam AlGhozali.Ora mungiku,sak wuse tahun 500, Syaikh Abdul Qodir Al Jilani, Syaikh Abil Hasan Asy Syadzili, terakhir wali sing ketok tahun 700an,yoiku Imam Naqshobandi. Niki Alloh. 

Milo saking urut2an iki, sehinggo sunnah2, jama'atus shohabah, Nanging Shohabat iku nduwe murid2. Sopo muride Shohabat? tabi'in. Lha tabi'in ono sing bagian tasawwuf Hasan Bisri,ono sing bagian faqih, koyok dene panjenenganipun..... macem2. Abu Hanifah iku menangi shohabat, tapi ora tahu ngaji ning shohabat. Ikukenek nggo anggeran. Dadi ngaji iku yopenting.Dadi Imam ABu Hanifah, wafat tahun 150, lahir sakwuse tahun 100 piro , ijek akeh... Jadi Abu Hanifah iku tahun 75an, wafat tahun 100. Setengahe qil menangi nemshohabat. Ning ora ono riwayat iku Abu Hanifah, ngaji ning nggone poro shohabat, tapi ngajine ning Tabi'in, Dadi klebu Tabi'ut Tabi'in. Imam Abu Hanifah wong persi, dadi gak iso coro arab. Molane Imam Abu Hanifah iku, wallohi laqod, kadzabanii... al halab. Aku dibodoni karo tukang cukur wong arab. Mergo Imam Abi Hanifah iku madeb ka;bah njaluk cukur, Faqolal Halaq Al Arobi, jarene tukang cukur arab. Min Aina anta? min farish au min baghdad. Anta a'jami? iyo.. ana a'jami. Wajjih wajhaka ila jihadil baghdad, depno raimu madep ngetan. Mergo kowe wongwetan. Bareng wis dicukur kroso,aku dibodoniTukang cukur, mestine cukure wong kaji iku kudu madep pundi? kiblat. Nah teng mriki awal, ImamuMadzhab, Imam Abu Hanifah,wa lam yatakallam fil lughotilarobiyah. Nanging Ar Rojulun, fahima Al Quran wal ahadits. Molane awwalu mujtahidin al imamu arba'ah imamu Abu Hanifah. Adroka sittan minash shohabah. Molane Imam Asy Syafi'i ngendikan kullunaa ma'asyiro ahlil ijtihad, iyyalun min imamil abi hanifah. Kito kabeh ahli ijtihad iku keluargane Abu Hanifah. 

Disini ketok islam iku kaffah, dadi kabeh sing teko soko Rosululloh, dicekeli. Fa kullu maa ataa bihir rosulu... Fa haqquhu taslim wal qobulu. Opo sing tekankanjengNabi ikuterimo. Ojo sampek kowe nduwe sifat,penyakite wong islam loro. Siji Ashobiyah, loro hubbul mal. Aku santri, lek ora santri koyok dianggep wes ora islam.Jangan... Dadi Alloh nggawe macem2 wong islam. wong elek iku wae iso ndadekno apik. Elek wae lek wong islam,iso ndadekno apik. Spanyol ikugak ono masjide blas, Ning saiki ono main sepak bola. Pusate ndi? pusate ndi? spanyol. Lha wong sugih iku wong arab, PANCEN donyo iku dikekno wong islam, Dawuhe kanjeng Nabi Muhammad Shollallohu 'alaihi wa sallam, Laqod utiitu mafaatiha khoza-inil ardhi. Kunci2 gedonge bumi iki diwehno aku. MOlane mangane pitu likurkilo, yo...nyate pingpiro? ping pindo, ikuwong islam. Saiki dene ora ngono pancen salahe dewe. Saiki sing sugih iku wong arab, saking sugihe sampai duwik e luwih2. Dadi pembangunan ning spanyol, olahraga, mergo wong arab iku senajan kalahan, lek bal balan,nanging seneng bal balan. Yoo... iki ora ngrasani wong arab, kenyataan. PURWODADI KUTANE, sing dadi nyatane. 

DADI duwit soko kuwait, emirat arab, QOTHOR, iku mengalir ning ndi? spanyol. Perkoro bal balan. Perkoro mengalire duwek saiki ono masjid anyar, yoiku ning nggone ibukota spanyol, ndi? ibukotane? kok lali aku? Madrid. Dadi aku ndelok masjide, terus ndelok nggone bal balan. Molane Kanjeng Nabi lekngendiko,inamaa yuayyidu hadzad diini.Bir rojulil fajir. Gusti Alloh, nguataken iki agomo karo wonglanang sing fajir. Wong singpingin pangkat iku kan fajir, Yo.... lha lek ora ono wong islam sing kepingin pangkat yo ora iso mulyo. Lek ono wong senengbal balan, orasenengbal balan,yoora mulyo. Dadi ono masjid, mergo gara2ne opo? Bal balan, kowe lek ora ndelok tivi, yo ora ruh ndunyo. Ning kyai kok ndelok tivi? ngko dadi kyai tivi, molane omahku gak tak kek i tivi. Tapi yo wes mboh, urip ku iki. Niki Alloh, Dadi ngerti... wa kullu maa ata bihir rosulu, fa haqquhut taslim wal ?? qobulu. Molane kanjeng Nabi dadi panutan. Kanjeng Nabi, iku turun gede Ibrahim, turun Quroisy, gede.. tapi ahlur rosul. Tapi ahlur rosul, keluargane rosul didisekno. BanulHasyim banulmutholib iki sing diparingi pengertian dening Alloh, Isite ono nabi iki kowe banu hasyim, banu mutholib. WIWITAN ngeduk sumur zam2. Ora kok zaman nabi isma'il, kliru. Mergo ora tahu ngaji alfiyah, Paham iku molane koyok ngono. 


ويندب الموصول بالذي اشتهر

كبئر زمزم يلي وامن حفر


ai wa man hafaro bi-ro zam zama. Ai huwa abdan Mutholiba. Sing ngeduk iku Abdul Mutholib sak kancane. Ora kok isma'il. Isma'il iku setengah sendang. Ora sumur. 


Kitab KUNING

Mergo sabar, wes kadung, wes kadung ngaji, ngaji sing tenan, KUdu iso moco kitab sing tenan. Kitabe kitab kuning wae, kuning iku kosong, maknane. Ojo salah faham. Muni kunang kuning ora ruh, kitab kok kuning? maknane kosong. 

shifrul yadain : kosong tangane
Maknane kitabe ora kakehan sah sahan.Wong sing ngesahi, terus2an ikukaprahe ora patekpinter. Molane kowe iku lek moyok i yo ora apik, Molane kitabku sah2an iku entek, kadang moyok i ngene iki. Faham yo...Mongko sah2an iku penting. Kulo niku mbiyen niku molane ora patek ngesahi. Kulo ngaji teng bapak, iku mulai cilik, sampek alfiyah. Kapan tak sahi meneng wae, Al Kalbu asu, tak sahi, iku kok onok kalbu maneh, tak sahi asu, dikepruk tanganku. Sampeyan kepruk niki? dek ingi ono asu, saiki kok wes lali? Lalian/?? ora ahli ilmu kowe yo... Dadi kapan wes onok dek ingi, sesok wes ojo disahi maneh. Mergo dek ingi kudu mbok apalno. Dadi suwe2 dikepruk aku ora tahu ngesahi. Nanging aku kitab, tuku sah2an pirang2. Kitab i'anatut tholibin sahsahan. Kitab Mahalli sah2an. Dadi aku iku lek ono wong tukang ngesahi, iku tak glenik, supoyo kitabe meluaku. Ilang kabeh kitabe sak niki, wallohu a'lam. 

Niki engkang penting kulo aturaken, mugi2 manfaatono, Mergo... bi sirri asrooril faatihah


Comments