Kyai tanpa beban Lho kulo niku sering, kulo gak sombong, santri sarang niku tangklet kulo Gus sampeyan ki kyai nom, kok sawangane gak beban. Beban piye? Ra piye2. Konco kulo kan taksih katah, latihan ngiyai lak digetingi wong kepikiran. Lak kulo sak mitsqola dzarroh blas.. Ngoten. Mboten kepikiran blas, wong sopo nganti digetingi tak pikir. Lha sampeyan mikir menungso kabeh makhluk e alloh, kabeh menungso dikersakno pengeran. Wong wong do gething, menungso tak anggep ra ono ngono ae. Sing penting rodhiyallohu ‘anhum wa rodhu ‘an Sing penting ridhane Pengeran, sampeyan digeting wong kepikiran mergo, nganggep menungso iku jek ono, jek penting. Berarti maqom mu jek ndek, nganggep menungso nopoo? Mulane jare Pengeran Ala bidzikrillahi tathma’inul qulub. Sing marai ati kemrungsung mergo eling menungso. Digethingi wong tersiksa, lak disenengi wong beban, Disalami templek wong akeh beban, lak digetingi tersiksa, mergo kowe jek eling menungso, eling pengeran lak wis selesai. Nggih to e