Dadi sak jane gampang, supoyo kowe sholat ikhlas, yakin.. Ya Alloh sholat kulo, sebab kersane njenengan. Nggih pun tho.. Arep njaluk opah wis isin. Mpun dikek i hadiah sholat piro2 to. Sing marai kowe nuntut mergo GeEr ‘Ujub. Aku iso sholat, lek iso sholat berhak suargo lho ‘Ujub. Bolak balik, kenapa kita ikhlas susah, Mergo awale ilmu mu mbok kawal ambek ilmu syari’at. Nek coro kowe awale cara melihat ilmu hakikat Ikhlas iku gampang, Nggih mboten?
Loh mboten guyon niki, tenan
Gampang pundi ikhlase njenengan mbek ilmune kulo? Sampeyan rasakne disek. Dadi ikhlas iku, kudu dimulai ko ilmu hakikat disek, iku gampang. Koyok kulo misale mulang, Ya Alloh, njenengan nekdir kulo ngalim nekdir kulo saget mulang, berarti njenengan maringi kulo saget ibadah, selesai kan. Tapi lek nuruti syari’at? Wah guru sak huruf dadi sewu dinar. Terus gampang nggremeng kan kulo. Ngaji gak dihormati, nyangoni sitik. Malah ra karu karuan. Gara2 pertama mandang, wes nganggo syari'at.
Aku mulang, berarti aku berhak ntuk alfu dinar Wong jare al lala (nadzom) iku, mulang sak huruf ae ditarif pinten? 1000 Dinar. Paham nggih, tapi nak pertama nganggo ilmu hakikat? Aku mulang ditekdir Pengeran, ditekdir nduwe kesempatan ibadah mpun kok nganti nuntut, wes ra kepikiran. Jenenge nuntut, jenenge ngundat ngundat wes ra kepikiran, faham nggih. Jadi sakniki, carane ikhlas iku piye? yo anut ilmu hakikat, (yoiku) Ilmu sing awale wes anut ilmu nopo? Hakikat.
Ikhlas susah karena?
Lek Kowe pertama nganggo ilmu syariat, ikhlas mekso kowe. Yo mesti mekso to kowe, (misale) sampeyan ngroso nduwe duwik, ngroso nglakoni sholat, ngroso ngulang. Wes tak ulang tenanan, jebule ra pati ngormati aku, yo tersinggung to. Lho, lek tersinggune tiyang ikhlas mboten menyangkut ngoten, Ora pantes, quran diulangke kok kowe terlambat Quran diulang kok kowe guyon, Mergo piye2 standar Quran diulang, kudu
idza dzukirollohu wajilat qulubuhum ,
kan benten to nggih. Mboten menyangkut pribadi, tersinggung mboten.
Supaya quran iku bener2
zadat hum imanaa.
Lha tersinggune wong syariat kan ngono. Gak ngregani wong. Gak ngregani wong sepuh Lek sing kyai jarene gak ngregani kyai Bareng umure tuwo, Gak ngregani wong tuwo. Malah nyikso ati to kowe, pertuntang pertuntung Lha sampeyan nganggo ilmu hakikat, selesai Wes ora kepikiran blas. Mulane coro sing ngarang hikam, coro sing ngarangh hikam sing ngarang ihya, Ikhlas iku gampang, sing marai angel, kowe ki nganggo ilmu syariat. Sehingga kowe ngroso ujub.
Yo Iku mau, duwik iki wek ku, Ngalim, ilmu ku, ono mesjid tanpa aku, ra dadi masjid. Sehingga gak dadi imam, Yo nggremeng tenan, Lha lek awale ngangge ilmu hakikat. Ya Alloh njenengan rohman tenan, Nekdir kulo, saget ngamal dadi pengurus takmir Nekdir kulo saget dadi pantia takmir, Ngko misale sing dadi imam wong liyo, Alhamdulillah gusti, sakniki masjid rame.. Cek imame kulo, cek mboten Mboten penting, Butuh kulo ramene masjid.. Kulo niku pengurus takmir, maksude Ngrameni nopo? masjid. Takmir zaman akhir, ngrameni masalah. Dadi masjide tetep gak rame, masalahe nopo? (rame). Wes mboh raroh, Maksude takmir masjid lak ngramekno mesjid to nggih? Mboten ngramekno masalah nopo? Masjid, Paham Nggih,
Fii ro’yil ‘aini (ing ndalem pandangane mripat)
Teori Potensi
al mungsyaatu (tegese engkang diciptakan)
fil bahri (ind ndalem segoro).
Kal a’lami ing perahu niku mau koyok gunung
Rumiyin perahu cilik2 ae disifati koyok gunung, opo maneh saiki gede2, nah niku mau, opo njamen selamet? Nak perahune gede, sawangane teknologine canggeh sawangane slamet, lak perahu konting, iku sawangane (gampang) kecelakaan. La dek kapan kae Senopati kapal canggih kecelakaan, sing perahu konting malah selamet. Malah sing podo nulungi perahu konting.
Selama ini kan kito mboten tho??
Lek numpak pesawat, lek ndungo entek2 an. Mergo sawangane parek musibah, Lek ning omah sawangane aman, Faham nggih.. Lha iku menungso, lha iku dielengno pengeran, Ndak boleh begitu, kita selalu nduwe khauf, Hidayat nggih ngoten, Sawangane lek kowe sregep sholat, wes koyok parek pengeran, Bebas maksiat, Iso wae Pengeran ndadekno wong alim, ahli ngibadah, kecelakaan, nggih katah.
Tujuane nopo? Ben wong iku ora i’timad alal amal Coro hikam, ben wong ora tetanggenan mbek amal, Lha crito2 ning
Ning akhir hayate nggih selingkuh..
Masalah utamane kito iku ora eling pengeran, Eling
حظ النفس
hadzun nafsi
(keinginan manusia)
حظ النفس من المعصية ظاهر جلي، و حظها من الطاعة باطن خفي، و معالجة ما خفي صعب علاجه
hadzun nafsi
(merasa diri sendiri penting)
Coro bahasa sing rohe sampeyan, marai Ujub muni kula kulo, marai nopo? Marai ujub Njajal mulai pertama sampeyan nyebut ko kata Alloh, Alhamdulillah gus, kulo diparingi Alloh, utowo Alloh maringi kulo ngeten, Maringi arto kulo katah, Alloh maringi kulo taufiq, purun zakat. Wes ra kepikiran arepe undat2, arepe..nggih mboten? Mergo kebesaran Alloh ini akan melumat, ujub e sampeyan, faham nggih, Gampang tho sak niki? sampeyan ikhlas, pancene gampang, Ikhlas iku gampang, sing marai angel, marai awale mbok bangun ambek ilmu syariat Ra do ne to??
Kepengen ikhlas kok dibangun mbek basis nopo? Kabeh iku ono adone. Kula - Kulo Mulane jare hikam, kowe tumon wiridane nabi ono nyebut aku. Mulane diarani hikam, orang yang paling ngerti rahasia ikhlas yo hikam,
Semua wiridan yang diajarkan ke kita, gak ada yang nyebut aku, Gak ada wiridan hamidtu lloh, saya muji Alloh. Ya langsung alhamdulillah, Wiridan, subhanakallohumma bihamdik, Subhanak, Gak ada nabi mengajari sabbahtulloh, Karena kowe muni kulo wes rawan ujub. Angger muni kula kulo, rawan ujub, Nggih mboten?? mulane agama ngajari gak nyebut kulo.. Kuwi jenenge maqom fanaa, Terus diterkenalno ning hikam iku jenenge maqom fanaa Tidak pernah menyebut kulo. Dadi kowe angger eleng Pengeran, wes, Subhanalloh walhamdulillah, Angger kula kulo wes rawan ujub.
Kuwi ono sirrine Ben ngguwak ujub
Ngguwak haddzun nafsi, Pokok kula kulo i lereni, Kecuali ngaku dosa, bener..
كَيْفَ تَطْلُبُ الاجر من من هُوَ مُهْديهِ إلَيْكَ
fabi ai alaai robbikuma tukadziban.
Al Jawari (utawi piro2 perahu)
sing Al Mungsyaatu Fil Bahri kang ing ndalem segoro
Kal A’lam (koyo dene piro2 gunung),
ai kal jibali (koyo dene gunung)
Apane?
‘Idzoman gedene, lek ‘adzman artine balung,
Lek moco iku, ‘idzoman apane gede,
utowo ‘udzuman apane? Gede
Wartifa’an lan duwur.
fabi ai alaai robbikuma tukadziban (Mongko iku kelawan endine piro2 rohmate pengeran robb loro)
tukadzdziban nggorohno siro loro.
Kullu man ‘alaiha faanin.
Kullu man ing sekabehane wong,
‘Alaha ing ngatase ardh ( ai al ardh, tegese ing ndalem bumi)
Minal hayawani, saking piro2 hayawan, pokok kabeh sing urip, iku faanin bakal rusak.
Kabeh sok mben sing urip bakal rusak Halikun, tegese kabeh (bakal) rusak, maksude rusak niku nggih mati
Wa ‘ubbiro den ta’birno bi man kelawan kata man,
Taghliban, kerono menangno lil ‘uqola sing nduweni akal.
Mestine sinten mawon sing ning bumi iku rusak, cek menungso cek kewan, cek nopo mawon, tapi diistilahno kullu man, padahal man kangge menungso. Iku taghliban lil ‘uqola,
Wa yabqo lan tetepo
wajhu robbika (opo? wajahe dzat robb)
ai dzatuhu tegese dzate robbika
Dzul jalali kang nduweni Keagungan,
ai al ‘adzomati (tegese kang nduweni keagungan)
wal ikromati (Lan kemulyaan).
Pada akhire sing langgeng namung Alloh SWT.
Lil mukminina lan keduwe piro2 wong mukmin
Bi an nu’mihi kelawan piro2 nikmate
fabi ai alaai robbikuma tukadziban,
yas aluhu man fil ardhi
Potensi Adzab
Kulo wacakno surat nggih, menyangkut potensi adzab, ben sampeyan saget nulis ayate. Nggih niki tahun baru nggih, dadi sak niki sampeyan niati carane ikhlas. Gampang kan? Ajaran kulo. Wes diwarahi carane ikhlas, ra ikhlas bangkune. Dadi potensi adzab nggih, dadi sampeyan ben gampan syukur, misale ra nduwe duwek, ra nduwe nopo2 tapi sampeyan gampang syukur ngoten. Mergo setiap saat niku saget wonten adzab, entah gempa, entah tsunami, entah nopo mawon, sehingga dengan nyatanya gak ada itu sampeyan saget nopo? Syukur. Padahal potensi itu ada.
Niki nak tenggene surat al isro’ ayat 67-69. Dadi diwolak walik, kata2ne Pengeran dibolan baleni.
hu (ing Alloh)
Sopo?
man fis samawati ing ndalem piro2 langit,
wal ardhi lan piro2 bumi.
Ai yantiqu tegese njaluk, kelawan ngucap
sopo? Man.
Bi Nuthqin mestine nggih. Nopo niku? Bi nuthqin nopo ngangge ya, bi nuthqin au halin. Mestine mboten ya’ maksude tafsir jalalain ngeten, cek njaluk e niku bi nuthqin, kelawan pancen ngomong au halin, utawo nganggo nopo? Tingkah. Mboten enten sing ngangge ba wonten nggih.
Jawabe Nabi Ibrahim,
‘ilmuhu bi hali, yughni ‘an suali,
Alloh wis pirso keadaanku, ndadekno aku wes ra perlu njaluk.
Iku jenenge hal,
Mergo kulo ndadekno ujub. Faham nggih, kabeh ilmu hakikat mbuwak kata kulo, mergo kulo sing ndadekno ujub. Lha kowe misale ambek islam ape ujub iku piye, misale kowe ngangge ilmu hakikat. Kabeh ilmu hakikat lak ngeten.
Alhamdulillahilladzi hadanaa li hadza, wa maa kunna linahtadiya laulaa an hadaanalloh.
Jadi coro sampeyan nganggo ilmu hakikat mesti ikhlase.
- ngroso kyai,
- ngoroso islam wes suwi.
Pokoke angger ijek ono kata kulo marai rusak, njajal kowe ora usah muni kata kulo.
Alhamdulillahilladzi hadanaa li hadza, wa maa kunna linahtadiya laulaa an hadaanalloh.
Alhamdulillah cah, diparingi nikmat iman islam, umpomo gak diparingi nikmat Alloh ra bakal kito iman islam, mpun, Ora ngarah sampeyan kepikiran nuntut, ning atine sampeyan muni ngono ora bakal kepikiran nuntut. Tapi lek wes muni kulo, wes kakean penuntutan. Opo meneh, islam ket cilik sampek tuwek, ngiyai ora sugih2, (tapi) ono islam anyaran, koyok cino2 masuk islam terus sugih.
Kene islam kawit cilik ra sugih2 kono islam anyaran kok sugih.
Islam kok dibanding bandingno.
Ono kyai anyaran langsung melejit sugih, kowe ngiyai suwi ra sugih2.
Kene ngiyai suwi ra diregani, kono ngiyai anyaran diregani.
Hasud
Pokoke angger muni kulo marai hasud, marai drengki.
Pokok e lek wes muni Alloh wes ilang drengkine, Gusti Alhamdulillah mulai alit ngantek tuwek nekdir kulo dadi kyai, artine wonten fungsine kangge agomo. Alhamdulillah Gusti, pokok angger gak muni kulo niku, aman2.
Maqom Fana
Iku maknane fana, fana maknane rusak, maksude membunuh semua
Mulane jare hikam, titeni, angger barang apik, mesti ora ono kulone. Nabi lek marai wiridan Subhanalloh, Alhamdulillah, tapi lek barang elek kon nyebut kulo.
Robbi inni dzolamtu nafsi, Astaghfiruka wa atubu ilaik.
Tapi lak Subhanalloh gak ono ajarane nabi Sabbahtulloh,
hamidtulloh wa kabbartulloh, gak ada.
Wiridan yo langsung Subhalloh,
mergo angger muni tu marai ndase gede.
Wes pokok e gampangane ngoten. Nah lek wes bar ngono ikhlas gampang.
Ikhlas itu Mudah
Dadi ikhlas i mboten mbulet koyok bayangane njenengan, marai kowe nganggo basis syari’at mbok ikhlasno yo angel to. Duwikku tak kekno kowe, bar ngono nglateh ikhlas kakuwati (angel),
muni ku wes ndadekno ndase gede.
Muni kowe wes pelecehan.
Muni ku ngekek i, muni kowe dikek i ( wes endek to)
Sitok ndase gede, sitok dihinakno to nggih.
Tapi lak posisine nyebut Alloh? Duwite Alloh dititipno aku saiki, mboh sesuk, lak aman to nggih ora pati oka aku.
Ikhlas dengan Ilmu
Ilmu nggih ngoten. Kyai tanpa beban Lho kulo niku sering, kulo gak sombong, santri sarang niku tangklet kulo Gus sampeyan ki kyai nom, kok sawangane gak beban. Beban piye? Ra piye2. Konco kulo kan taksih katah, latihan ngiyai lak digetingi wong kepikiran. Lak kulo sak mitsqola dzarroh blas, ngoten. Mboten kepikiran blas, wong sopo nganti digetingi tak pikir. Lha sampeyan mikir menungso kabeh makhluk e alloh, kabeh menungso dikersakno pengeran. Wong wong do gething, menungso tak anggep ra ono ngono ae.
Sing penting
rodhiyallohu ‘anhum wa rodhu ‘an
Sing penting ridhane Pengeran, sampeyan digeting wong kepikiran mergo, nganggep menungso iku jek ono, jek penting.
Berarti maqom mu jek ndek, nganggep menungso nopoo? (ono). Mulane jare Pengeran
Ala bidzikrillahi tathma’inul qulub.
Sing marai ati kemrungsung mergo eling menungso. Digethingi wong tersiksa, lak disenengi wong beban, Disalami templek wong akeh beban, lak digetingi tersiksa, mergo kowe jek eling menungso, eling pengeran lak wis selesai. Nggih to eling Alloh lak selesai to? Kabeh kersane Alloh, sing geting kersane Alloh sing seneng yo kersane Alloh. Wis kulo njaluk mugo2 dadi apik sedanten, selesai.
Comments
Post a Comment