Kaifa Tathlubul Ajro Min Man Huwa Muhdihi ilaika Mulane jarene Hikam, kulo niku tak kenang jan hikam, coro hikam, wong ra ikhlas iku bento-bento ne uwong mergo coro hikam, logikane gampang. Dadi hikam nggo motivasi ikhlas, nganggo ilmu hakikat gampang, ngeten redaksine كَيْفَ تَطْلُبُ الاجر من من هُوَ مُهْديهِ إلَيْكَ Utek kem mbok deleh endi, kok njaluk opah kambek sing ngekek i hadiah, piye? Contone ngeten nggih, sampeyan tak kek i duwik 100 Juta, tak kek i, sampeyan tak kon dagang, bareng tak kon dagang sukses (terus) bati, bareng bati, njaluk opah neh ning aku. Kan lucu to nggih, wong sing ngekek i hadiah kok malah dijaluk i opah. Jare hikam, wong islam iku iman, iso sholat sebab taufiq e Alloh, Iso haji sebab taufiq e Alloh, kito iso ibadah sebab taufiq e Alloh, lha bar Alloh ngekek i taufiq kok dijaluk i opah. Lho kuwi lek nuntut opah kambek sing ngekek i hadiah? iku lucu to ra lucu? Masuk akal to ra masuk akal? Ikhlas pakai ilmu hakikat Dadi sak jane gampang, supoyo kowe sh